» Kategori : Padhalangan

Parta Krama (6)

Trampil trengginas tandange Sang Kacanegara ngayuni pangrubuting Kurawa. Ditya Dhadhungawuk kang ana wurine kebo ndanu, mulat gustine sajro­ning bebaya, asung bebantu kanthi nggero aweh aba-aba parentah marang sakehing kebo ndanu kang supaya bebantu yuda. Kebo ndanu cacah satus patang­puluh dupi antuk sasmitane Dhadhungawuk pa­dha pating jenggirat sajak ngerti ing wigati, murina ... Sapepake

Parta Krama (5)

Mangko ta titah ulun kulup Kacanegara, racuten bramantyanira, ulun pribadi kang rawuh nedya paring nugraha marang jeneng sira. Apa marmane dene sira tumeka imbanging Mahameru lan andon yuda kalawan Dhadhungawuk iki mau kulup?” Matur anoraga Sang Gathutkaca, “Dhuh Pukulun, wontenipun titah pujangkara pun Gathutkaca kumawantun ngambah sukuning Mahameru sarta padudon kalihan ... Sapepake

Parta Krama

Trawaca ature Ki Lurah Badranaya, suka jroning galih Satriya Andananjaya. Nuli gegancangan sumengka Suralaya Ki Lurah Semar miwah Risang Pamadya. Dene Nala Gareng, Petruk lan Bagong keri tunggu padhukuhan. Ngambali carita ing ngayun, lampahe Raden Harya Wrekudara tumeka gisiking samodra. Mangu-mangu denira ngulati gumelaring samodra kang nglangut tanpa tepi, ginalih dadi pepalanging ... Sapepake

Parta Krama (3)

“Bageya sapraptanira  ana ngarsane pun wa, kulup? Sawuse aring napasira daya-daya pun wa mun­dhut priksa, kadi paran ing nguni jeneng sira ingsun utus lumawat marang Praja Dwarawati saperlu negesake rembug prakara dhaupe pamanmu Madukara, Kaki Prabu?” Matur aris Dyan Kacanegara, “Awit saking pangestu paduka, ingkang putra sampun kalampahan sowan wonten ... Sapepake

Parta Krama (2)

Legeg Sri Padmanaba dupi mireng pangandikane ingkang raka  Mandura. Tri pandurat datan ngandika labet ewuh aya  jroning galih. Riwusnya an­tuk wewengan, nuli ngandika wong agung ing Dwarawati kanthi raras aris. “Dhuh Kaka Prabu jimat sesembahan kula, inggih kadang kula wredha sulihing su­darma. Sewu mboten nyana teka maka­ten ingkang ... Sapepake

Parta Krama (1)

Kang sinambat mung ku­sumeng wukir, Rara Ireng sapa ingkang nyana, bakal mangkono dadine, dene duk larenipun, ireng kusi rada mbesisik, rambute arang abang, sasolahe kidhung, kareme sok matun gaga, wus tumrecep wae dadi rara wukir, dhoso wagu tenaga. Lamun ana tabete sethithik, yen rembesing madu trah kusuma, amung kocaking tingale, kalawan senenipun, lawas-lawas saya ... Sapepake

Hal:

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…