Nglebur Dosa Kanggo Nggayuh Urip Mulya
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 99 kali

Dhawuha sira Muhammad! “He para kawulanIngsun! Kang (tansah) padha lelumban  marang tingkahe (dosa), sira aja entek ing pangarep-arep  marang Rahmat Paringaning Allah. Sanyata Gusti Allah iku kepareng ngapura sekabehing dosa. Satemene Panjenengane iku  rena paring pangapura tur Maha Welas lan Maha Asih.” (Q.S. Az-Zumar (39):53)

 

3. Nglebur dosa kepungkur lan kang bakal tumama

(1) Nyampurnakake wudlu. Wudlu sing kepriye sing bisa nggugurake utawa nglebur dosane sawijining wong? Hiya wudlu kang sampurna (fa asbighul wudlu) sing ndarbeni pengaruh (manfa’at) bisa nggugurake dosane, becik dosa kang ke­pungkur utawa dosa kang bakal tumama. Ana sawijining riwayat nerangake, Hamran Ibnu Hibban kang kepungkur dadi abdine Khalifah Usman bin Affan, Hamran kadha­wuhan nyedhiakake banyu wudlu, sing arep kanggo wudlu dening Khalifah Us­man. Usman nyampurnakake wudlune, kan­thi mbaleni masuh pasuryane lan asta­ne. Wusana banjur ngendika marang Ham­ran, manawa Rasulullah s.a.w nate ngen­di­kakake “Sok sapa wonge sing nyampurnakake wudlune (fa asbighul wudlu), dingapura dosane dening Allah, becik dosa kang wus kepungkur utawa dosa kang bakal klakon (tumama)”. (HR. Al-Bazzar).

Supaya luwih mantep tumraping pa­wo­ngan kang nindakake wudlu,  ing ngisor iki bakal diaturake pituduh-pituduh Rasu­lullah s.a.w. nindakake wudlu (sesuci) kang sampurna. Yaiku:

(a). “Sok sapa wonge nindakake wudlu (sesuci) banjur nyampurnak­ake (bagusake) wudlune, kesalahan-kesalahan (dosa-dosane) bakal metu saka anggane, saengga uga metu saka ngisoring kuku-kukune.” (HR. Muslim).

(b). “Sok sapa wonge nindakake sesuci (wudlu), sekabehing kesalah­an (dosa-dosane) bakal metu saka pangrungune, saka pandulune, ta­ngan kekarone, sikil kekarone. Lha yen dheweke lungguh, ana ing swa­sa­na dingapura.” (HR. Ahmat dan Tabrani).

(c) “Sok sapa wonge wudlu (se­suci) kang sing diperintahake dening Njeng Nabi Muhammad s.a.w.sarta nindakake ibadah shalat kaya kang didhawuhake Njeng Rasul, dingapura dosane kang kepungkur.” (HR. Ahmad, Ibnu. Majah lan Ibnu Hibban).

Ing babagan iki Al-Hafidz Ibnu Hajar ana ing kitabe Fathul Bari (1/33), ngendi­kan bab wudlu sarta pangapura dosa, mangkene jlentrehe: Miturut tata lahire, sing dingapura iku becik  dosa gedhe utawa dosa cilik. Nanging para Ulama ndarbeni panemu (khusus), marang dosa-dosa cilik. Amarga ana riwayat liya sing nerangake, diterangake kanthi khusus, kajaba dosa-dosa  gedhe. Ing bab iki, tumraping wong kang ndarbeni dosa gedhe lan dosa cilik. Tumrap pawongan kang mung ndarbeni dosa cilik dosa mau dingapura. Dene pa­wo­ngan kang mung ndarbeni dosa gedhe, bakal dienthengake, sak ukur karo dosa-dosa sing didarbeni dening wong-wong kang ndarbeni dosa cilik. (DR. Sayyid Husein Al-Afani/75/Aqwam/2013).

 

(2). Shalat tasbeh.

Lelandhesan karo dhawuhe Rasulullah s.a.w. sing diterangake dening Ibnu Abbas, Njeng Nabi ngendikan: “He Abbas, pa­man­ku! Punapa paman kersa dak caosi hadiyah kang mirunggan (isti­mewa). Paman badhe kula aturi 10 kasaenan. Manawi Paman kersa nin­dakaken, insya Allah, Allah badhe paring pangapura dosa Paman ing­kang kawitan kalayan dosa ingkang pungkasan, ingkang kapengker utawi ingkang enggal, ingkang dipun se­ngaja utawi mboten dipun sengaja, ingkang ageng tuwin ingkang alit, ingkang samar utawi ingkang terang. Mugi sedaya kasaenan punika panje­nengan tindakaken shalat tasbeh se­ka­wan rekangat. Saben rekangat panjenengan maos Fatehah, lajeng maos surat. Manawi sampun ram­pung ing rekangat kapisan, dene pan­jenengan taksih ngadeg, mugi paman lafalaken (ucapkan) kalimat “Subha­nallah wal hamdu lillah wa la ilaha illallah wallahu akbar, kaping 15. La­jeng rukuk panjenengan waos kaping 10. Wusana i’tidal (angkat kepala saka rukuk) panjnenengan waos kaping 10. Wusana sujud panjene­ngan waos kaping 10.  Wusana bang­kit saking sujud (ing swasana leng­gah) panjenengan waos kaping 10. Dados gemblengipun saben sak re­kangat maos subhanallah sak terus­ipun … (kados ing nginggil) kaping 75. Panjenengan tindakaken ing dalem 4 rekangat. Senajan dosa panjene­ngan punika (sanepanipun) kados dene unthuk segara utawi kados redi pasir, Allah kepareng badhe paring pangapunten dhumateng dosa-dosa Paman. Manawi panjenengan saged nindakaken shalat tasbeh kasebat sepisan saben dintenipun panjene­ngan tindakaken. Manawi mboten saged, mugi saben Jum’atipun. Lha. manawi saben Jum’at mboten saged, mugi saben sewulan sepisan panje­nengan tindakaken. Dene manawi se­wulan ugi mbote saged, mugi setaun sepisan paman tindakaken. Menawi saben taun sepisan taksih mboten saged, mugi katindakaken sepisan

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)