Nglebur Dosa Kanggo Nggayuh Urip Mulya
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 152 kali

Dhawuha sira Muhammad! “He para kawulanIngsun! Kang (tansah) padha lelumban  marang tingkahe (dosa), sira aja entek ing pangarep-arep  marang Rahmat Paringaning Allah. Sanyata Gusti Allah iku kepareng ngapura sekabehing dosa. Satemene Panjenengane iku  rena paring pangapura tur Maha Welas lan Maha Asih.” (Q.S. Az-Zumar (39):53)

 

1.PANGERTEN:

Wus kinawruhan, manawa  manungsa kang urip ana  donya iku tumindak dosa. Becik disengaja utawa ora. Becik dosa sing gedhe utawa dosa sing samadya (cilik). Kabeh mau bakal ngundhuh wohing pakartine. Manawa bobot  amaliyahe sing becik yen ditimbang karo amal maksiyate, amaliyah sing becik iku luwih abot katimbang amaliyah maksiyate, pawongan mau bakal nampa cathetan amaliyahe ana  ing tangan tengene. Bakal kaparingan kanugrahan  urip kang mulya, yaiku Surga. Dene yen bobot amaliyah maksiyate yen ditimbang karo amaliyahe sing becik, iku luwih entheng katimbang amaliyah kabecikane, pawongan  mau bakal nampa cathetan amale ana ing tangane kiwa. Pawongan iki bakal kapatrapan  siksa (Nraka). Gusti Allah iku Maha Ngapura marang dosa para kawulane. Mula saka iku aja padha entek ing pangarep-arep (aja nglokro) marang Rahmating Allah. Enggal-enggala mertobat (taubatan nasuha), ora bakal nindakake maneh maksiyat.Nuli nyuwun ngapura marang  Allah, Dzat Kang Maha Ngapura sarta Maha Welas lan Asih. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

Dhawuha sira Muhammad! “He para kawulanIngsun!kang padha lelumban tumindake (dosa), sira aja padha entek ing pangarep-arep marang Rahmating Allah. Sanyata Gusti Allah iku kepareng (karsa) Ngapura kabeh dosa. Satemene Panjenengane iku rena  paring ngapura (pangapura) tur Maha Welas lan Asih. “ (Q.S. Az-Zumar (39):53.

“Lan padha taqwa (ndhedhipe) marang ngarsaning Allah, Pangeranira, lan padha sumaraha sarta taslim marang Pajenengane, sadurunge sira ketekan siksa (bendu), mula ora bisa ditulungi” (Q.S. Az-Zumar (39):54).

Aja nganti para manungsa banjur ngucap:

“Dhuh, getun banget aku!). Dene aku nglirwakake anggonku tha’at ngluhurake Agamaning Allah” (Q.S. Az-Zumar (39):56).

Kanggo ngawekani siksa kang banget nglarani iku, mula kita kudu nuli (enggal) mertobat nasuha, sarta nyuwun pangapura marang Allah, kanggo nggayuh urip kang mulya. Lha supaya luwih gamblang, ing ngisor iki bakal diaturake sipat Kaagungan lan Kautaman pangapuraning Allah sarta jinis dosa kang kudu kita tinggalake dalah amaliyah apa bae kang kudu ditindakake, supaya dosa kita bisoa dingapura (dilebur). Mangkene keterangane:

 

2.Sipat Allah maha pangapura.

Pangapura marang dosa iku sawijining rahmat sarta karunia (kanugrahane) Allah. Uga mujudake sipat saka  Asmaul Husna, yiku Al-Ghaffaaru (Maha Paring Pangapura). Ar-Rahmaan, Maha Welas. Ar- Rahiim (Maha  Asih). Qaabilut taubata (maha narima tobat). Mangkono sak teruse. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene meksude:

a). Nyaritakna sira Muhammad marang kawulanIngsun kabeh! Yen satemene Ingsun iku Maha Ngapura tur Maha Asih. (Q.S. Al-Hijr (15):49).

b). Lan Panjenengane iku Maha Ngapura tur kang Kagungan Welas lan Asih. Saupamane Panjenengane iku kersa nyiksa jalaran dosa kang wus padha dilakoni, temen Panjenengane mesthi ngenggalake (nyepetake) siksa mau tumraping dheweke (pawongan). Nanging wus ana katamtuan mungguing dheweke anggone dipatrapi siksa, kang dheweke ora padha bisa oleh (pikantuk) pangungsen saliyane saka Panjenengane. (Q.S. Al-Kahfi (18):58).

c). Dzat Kang Ngapura dosa lan kepareng narima tobat. Uga Kagungan siksa abot, sarta peparinge Kanugrahan agung. Ora ana Pangeran (kang pantes sinembah) kajaba Panjenengane, marang ngarsa dalem Pribadi para manungsa padha marak sowan (repepeh-repepeh). Q.S. Ghafir (40):3.

Lelandhesan karo dhawuhe Allah kaya kang wus katur ing dhuwur, sanyata Allah iku Maha Ngapura, Hiya Dzat Kang Maha Ngapura sarta Welas lan Asih. Tumraping pawongan kang wus nindakake dosa, becik dosa gedhe utawa dosa samadya (cilik), paribasane dosane sak gunung anakan, utawa nganti sundhul langit  sanepane, uger bener-bener gelem nyuwun pangapura kanthi ikhlasing atine, sarta ora bakal nindake maksiyat maneh,  insya Allah, Allah bakal paring pangapura lan bakal paring kanugerahan kang mulya. Iku mujudake taubatan nasuha mungguhing para Ulil Albab (wong kang padha nduweni pikiran). Mula tumraping pawongan kang nindakake laku dosa (maksiyat), enggal-enggal nyuwuna ngapura marang Allah sinartan nindakake amal shaleh. Sebab amal shaleh mono sing bakal ngganti marang dosa kang wus dilakoni. Genahe, saben nindakake amal shaleh, dosane diganti dadi amal kebagusan. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:

d). “Lan sira enggal-enggala ngu­payoa pangapura saka Pangeran sesembahan kita sarta ngupayoa sur­ga, sing jembare madhani jem­bare langit lan bumi kang dicawis­ake marang wong-wong kang taq­wa, wedi mring Allah.” (Q.S. Ali Imran (3):133).

Hiya iku wong-wong kang nan­jak­ake (ndermakake) barang dar­beke ana ing nalikane kecukupan lan ana ing nalikane nandhang karupe­kan sarta kang tahan ngempet nep­sune lan kang aweh pangapura ma­rang kaluputaning liyan. Allah iku demen (remen) marang wong-wong kang padha tumindak kabecikan. (Q.S. Ali Imran (3):134).

e). “Lan wong kang (manawa) tumindak laku ala, utawa wong kang nganiaya marang awake dhewe, banjur enggal eling (dzikir) marang Allah, tumuli padha nyuwun panga­pu­ra marang dosane. Ora ana kang bisa ngapura kabeh dosane, kajaba mung Panjenengane Allah piyam­bak. Lan ora padha nglestarekake olehe tumindak kaya kang wus dila­koni, ing mangka dheweke iku padha mangerti dosane. (Q.S. Ali Imran (3):135).

f). “He para wong Mukmin ka­beh! Sira padha tobata marang Allah, ka­lawan tobat kang becik (tau­ba­tan nasuha). Muga-muga Allah Pangeran­ira, kepareng nutupi alani­ra (kesa­la­han­ira), sarta nglebokake sira ing Surga.” (Q.S. At-Tahrim (66):8).

Mangkono Kaagungan lan Kautaman sipat-sipat Allah kang bawera, Maha Ngapura sarta Maha Welas lan Maha Asih marang para kawulanE.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)