Wahyu Cakraningrat sarta Hasta Brata (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kebatinan - Dibaca: 171 kali

Ing PS 35 sampun katur, Hasta Brata mujudaken lampah (laku) warni wolu. Ing seratan  punika, ingkang kula tedhak saking sawatawis buku, nanging ingkang utami seratanipun kadang Pardi Suratno, ingkang irah-irahanipun Sang Pemimpin. Dipun gambaraken kanthi personifikasi (wujud) para Dewa, inggih punika Ba­tha­ra Surya, Bayu, Baruna, Candra, Bra­ma, Endra, Yama sarta Pertiwi. Ing museum Purna Bhakti Pertiwi Bathara Can­dra, dipun gambaraken ngangge paraga wanita, inggih punika Dewi Ratih. Inggih namung setunggal punika personifikasi Dewa ing Hasta Brata wujud dewi, utawi dewa wanita. Hasta Brata, kacihna ugi di­pungambaraken kanthi simbul samu­ka­wis ingkang ngrenggani alam saisini­pun, inggih punika surya(srengenge), bu­mi, angin, seganten, rembulan, latu, lintang, sarta mendhung.

Miturut kadang  Pardi Suratno, watak wolu kasebat kedah kasandhang dening satunggaling pangarsa utawi pemimpin, kanthi manunggal. Dados mboten saget bilih namung nglampahi namung se­tung­gal, utawi kalih laku, dene sanesipun mboten dipunlampahi.

Salajengipun dipunwedharaken maka­ten,

1). Pangarsa awatak Surya.

Yektos, bilih surya mujudaken sum­bering agesang. Menawi mboten wonten surya, tartamtu bumi peteng ndhedhet tan­pa tandha-tandha wontenipun ge­sang. Sunaring Surya, murugaken teta­ne­man ngawontenaken proses foto sin­tetis. Ingkang salajengipun mahanani ge­sangipun sadaya mahluk ing salumah­ing bumi. Surya ugi mujudaken lambang kasetyan dhumateng kuwajiban. Surya mboten nate lirwa ing janji, saben en­jang mlethek ing imbang wetan, lajeng angslup ing sisih kilen. Mboten nate culika sarta mblenjani janji.

Wataking surya ingkang sepisanan inggih punika madhangi donya tanpa pilih kasih. Ingkang kaping kalih, surya nyu­nari sadaya gesang. Mila pantes yen ta pangarsa kedah mbudidaya gesanging sadaya kawulanipun, kados ingkang dados pambukaning bukunipun Pak Su­yamto “Sabda Pandhita Ratu” makaten,

Dene utamaning Nata/Berbudi bawa laksana/Lire ber budi mangkana/Lila le­gawa ing driya/Agung dennya paring dana/Anggeganjar saben dina /Lire kang bawa laksana/Anetepi pangandika

Satunggaling Nata, kaajab tansah paring dana-driyah dumateng kawulani­pun, sarta tansah netepi pangandika, setya ing ubaya sarta ngantebi janji. Dene ingkang kaping tiga, kados dene surya, ratu utawi nata kedah sabar nye­dhot toya, ingkang salajengipun dipun dhawahaken malih awujud jawah ing­kang sung kasuburan. Dene ingkang ka­ping sekawan, satunggaling nata kedah rila ekhlas nularaken kawruhipun dha­teng pra kawula dasih.

2). Pangarsa awatak bumi.

Bumi punika awatak momot lan ka­mot. Liripun, mboten nate nampik sa­mukawis ingkang cumondhok ing bumi. Watakipun bumi punika ngenggeni tigang perkawis, (1) saget nampi sakathahing isen-isening donya, (2) bumi punika kiyat santosa sarta (3) bumi punika awatak suci, ingkang liripun linepat saking tindak candhala sarta culika. Kamangka punapa kemawon ingkang gesang ing salumah­ing bumi watakipun yektos mboten sami, wonten ingkang sae, wonten ingkang candhala, wonten ingkang wasis, ugi mbo­ten kirang-kirang ingkang cubluk sar­ta mboten ngaosi sarta nresnani bumi. Sa­engga, bilih kita raos-raosaken, kasae­nanipun bumi, kawales kanthi culika de­ning para manungsa. Lepen sa­mi reget ke­bak uwuh, nanging menawi ketaman bena sami ngresula. Punika na­mung sa­tunggaling tuladha, bilih yektosipun, ma­nungsa punika mboten gadhah panari­mah sarta atur panuwun dhateng bumi.

3). Pangarsa awatak candra

Candra utawi rembulan, mujudaken lambang kaendahan. Awit punika, ing wanci wulan purnama, kathah ingkang nyandra wulan kangge nggambaraken ka­sulistyaning wanita, pasuryane men­corong kaya wulan purnama. Rembulan anggadhani watak sarta jejibahan, (a) asung pepadhang ing wanci dalu ingkang peteng, (b) cahyanipun alus sarta kraos adum, (c) nyunaraken cahyanipun tanpa pilih kasih, (d) tansah dipuntengga, awit saget asung suka parisuka, sarta (e) rem­bulan asring dipunpersonifikasi saget mesem ingkang ndayani raos tresna dhateng rembulan.

4). Pangarsa awatak angin

Kados pundi kawontenanning donya bilih mboten wonten angin, mliginipun ingkang silir-silir karaos resep sarta se­keca? Ingkang wigatos, angin utawi sa­mirana punika saget nggayuh sarta nge­lus sinten kemawon, sarta mapan ing pundi kemawon. Sedaya punika mrate­lak­aken bilih angin punika saget nyaketi sinten kemawon tanpa milah sarta tanpa milih. Punika nggambaraken tindak-tan­duking pangarsa ingkang saget manger­tosi punapa kemawon ingkang kasan­dhang kawulanipun, awit saget nyelaki para kawula sarta mirengaken panan­dhangipun, lajeng paring pitulungan.

5). Pangarsa awatak samodra.

Samodra utawi segara punika wiyar tanpa wangenan. Pramila, ing bebrayan jawi asring kasebat, jembar segarane, ingkang tegesipun sabar. Awit samodra dumados saking toya, pramila yektosipun seganten punika asung pagesangan dumateng sakathahing janma. Mboten benten kaliyan bumi ingkang purun nam­pi sawarnaning sedaya ingkang gesang, seganten makaten ugi. Mboten nampik samukawis ing manjing dhateng ang­ganipun, klebet uwuh, ingkang yektosi­pun njalari rereget ing samodra. Miturut kadang Pardi Suratno, pangarsa ingkang awatak samodra, tansah, (a) paring te­dha dumateng kawula ingkang kaluwen, (b). paring sandhang dhateng kawula ingkang kekirangan, (c). paring song­song dhateng kawula ingkang kejawah­an, sarta (d) paring teken dumateng ka­wula ingkang kalunyon. Sedaya wau mratelakaken bilih wataking samodra, kados dene pangarsa ingkang tansah mi­gatosaken supados sedaya kawulani­pun tansah raharja.

6). Pangarsa awatak latu(geni).

Cobi dipungatosaken obahing latu nalika murub lajeng ngengingi punapa kemawon ingkang wonten sacelakipun. Pramila latu, yektos mralambangaken watak adil, utaminipun nalika paring pidana. Latu punika boten betah arta, pramila mboten kenging dipunbeseli, latu ugi mboten gadhah besan, pramila tumapaking ukum ingkang adil sedaya sami tumraping ingkang nandhang lepat. Emanipun jaman samangke, agni radi bodho, menawi nuju ngrabaseng wana, mboten saget mbedakaken pundi wana produktif sarta wana ingkang dikpun ayomi, senaosa ing mangkenipun saget nuwuhaken kapitunan tumraping kawula utawi negari.

7). Pangarsa awatak lintang, utawi kartika.

Ing bebrayan jawi, lintang utawi kartika, dipunanggep sung kaendahan, awit kumelip ing akasa. Kejawi punika, lintang ugi saget dipunginakaken kangge tandha kiblat, pundi eler, kidul, wetan sarta kilen. Punika sanget migunani tumraping para misaya mina(nelayan), ingkang lelayaran ing wiyaring samodra. Kajawi madosi kiblat, ugi kenging kangge tengara wayah. Medalipun lintang seroja mratandhani parak enjang. Lajeng ingkang saget dipuntuladhani saking endahing lintang tumrap para pangarsa punika menapa? Pangarsa saget dados sumbering kaendahan, dados tulada ing bab kasusilan, dados pribadi ingkang nyandhang watak adiluhung, saget dados panutan, sarta pangarsa ingkang saget tumindak sae.

8). Pangarsa awatak mendhung.

Mendhung utawi irawan, asring ketingal nggameng cemeng ing akasa, nuwuhaken raos ajrih. Nanging senaosa ngajrih-ajrihi, menawi sampun dhawah dados toya(jawah), yektos sung kesuburan. Minangka ageming pangarsa, mendhung saget dipun werdeni kawibawan tumraping pangagenging praja. Dados, yektosipun mendhung punika mboten namung budidaya supados dipun ajrihi para kawula, nanging supados kawibawanipun tansah kajagi.

 

Dudutan

Serat Asta Brata utawi laku cacah wolu, yektos m ujudaken piwucal utami, ingkang langkung prayogi bilih saget dipuncakaken dening pangarsa sarta para kawula. Upaminipun laku kaping kalih pengecaking pangarsa kados bumi, lajeng ugi dipunngertosi dening para kawula, mbokmenawi kawontenaning lingkungan kita mboten risak kados samangke. Nyatanipun risaking lingkungan mliginipun lepen, menawi pinuju bena ingkang nandhang sisah ugi para kawula piyambak.

Ngemuti bab punika, mendah iba prayogi sarta saenipun bilih Hasta Brata punika saget kawedharaken dhateng para pangarsa sarta kawula, lajeng dipun cakaken ing sabendintenipun,  saengga saget nuwuhaken karaharjaning negari. Nuwun. (Kushartati Borotodihardjo).

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane