Werdine Zuhud lan Ati Kang Lembut (15)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 148 kali

 

(maneka werna sumber rujukan)

Nuwun.

Muga-muga kita kalebu ewoning wong kang zuhud lan ati lembut.

Ndulu pungkasaning urip lan mbesuk dina Qiyamat bakal pikoleh piwales kaya sing wus katur ning ndhuwur, para pa­wongan kang laku zuhud, ora rakus ma­rang kanikmatan donya, tansah nindak­ake amal shaleh, ngedohi tumindak mak­siyat, tansah ndhedhipe marang Allah (taqwa marang Allah), ana ing ngendi bae lan ana ing swasana apa bae, kabeh tindak lakune tansah dipriksani dening Allah. Apa sing ditindakake tansah nya­dhong ridlaning Allah. Mula saka iku pa­wongan kang laku zuhud atine dadi lem­but. Sak polah tingkahe dituntun dening Nur Ilahi, ora madal sya’i. Ing pangang­kah, mbesuke bisoa sapatemon karo Ma­habbah sing digadhang-gadhang (yang sangat dirindukan), yaiku Gusti Allah Kang Maha  Agung, kang Hanyipta Jagad dalah sak isine iki. Subhanallah, Allahu Akbar.

Wusana, sawuse kita nyimak lan njing­glengi keterangan-keterangan kang wus katur ing ndhuwur, sing syarat dalil Al-Qur’anul Karim sarta Hadits-Hadits shaheh, kang piguna kanggo ngukuhake masalah sing dirembug, bisa dimanger­teni, manawa sekabehing manungsa kang urip ana ing donya iki, mbesuk ing dina Qiyamat, bakal dhadha handhadha (mepertanggung jawabkan) sekabehing tumindake, becik sing arupa amal shaleh utawa tumindak maksiyat. Sing tumindak becik bakal pikoleh piwales becik, yaiku kabegjan, urip kang mulya, ana ing pa­pan kang wus dijanjekake dening Allah, yaiku suwarga Adnin, kang langgeng. Suwalike, tumraping pawongan kang ora pitaya marang bakal tumekane dina Qi­yamat, lelumban ing donyane makksiyat, ngumbar hawa nepune ngudi kanikma­tan donya, hiya bakal ngundhuh wohing pakarti, yaiku urip sengsara sarta nan­dhang adzab (siksa) kang langgeng ing neraka Jahannam (naudzu billah min dzalik).

(20). NGGAYUH ZUHUD ATI KANG LEMBUT

 

“Aja nganti ana salah siji saka antaranira kabeh tilar donya, ka­jaba dheweke tansah husnudzdzan marang Allah”. (HR. Muslim, Ahmad).

Saliyane saka iku atine  disunnahake tansah husnuddzdzan marang Allah, Ra­sulullah dhawuh (Hadits Jabir bin Ab­dullah): Aku keprungu Rasulullah paring dhawuh telung dina sak durunge panjenengane seda:

“Sira padha nekanana (hadlir) ma­rang pawongan kang ngadhepi (menjelang) pati ing antaranira. Elingna, krana wong mau ndulu samubarang kang ora biasa (kulina) ndulu sarta tuntunen ngucapake kalimah “Laa Ilaaha Illallah”. Kajaba saka iku,  tumraping para Da’i (Ustadz) sing kulina dakwah, prayoga hadlir uta­wa nekani pawongan kang ngadhepi nga­repake) pati. Bisa uga fenomena ing wektu iku banget pigunane kanggo dak­wah. Kajaba  saka iku uga disunnahake ora rembugan ana ing sacedhake  pawo­ngan sing lagi sakaratul maut, sebabe ing wektu iku para Malaikat ngamini dongane wong-wong sing padha donga ing kono.

Apa sing diucapake iki mujudake tandha husnul khatimah tumraping sang mayit. Kalebu tataran iki, yaiku tumrap­ing wong kang kukuh gegebengan ma­rang makna syahadat, sarta pawongan mau tansah tobat marang Allah lan nin­dakake amal shaleh. Umar Ibnu Khath­thab ngunandika:

“Sok sapa wonge sing ngucap Laa Ilaaha Illallah sak durunge tilar donya, dheweke bakal mlebu su­war­ga”. (HR. Abu Dawud, Hakim).

Dene sing disunnahake tumraping lisan, yaiku ngucap syahadat, trep karo dhawuhe Rasulullah s.a.w., mangkene maksude:

(b). He Muhammad! manawa sira ndeleng marang wong-wong kang padha tindak nganiaya mau ana ing sajeroning sakartul maut, ing kono Malaikat Pati banjur mbeberake ta­ngan-tangane kanthi ngucap mang­­kene maksude: “Dina iki sira pa­dha ngetokna nyawanira saka ra­ganira, sarta sira kabeh bakal pa­dha nampa piwales siksa kang ngi­nakake (menghinakan), jalaran saka anggenira padha gumedhe ma­rang ayat-ayat Allah.” (Q.S. Al-An’Aam (6) : 93).

(a). “Lan saupama sira iku weruh dhewe nalika Malaikat Pati njabut nyawane wong-wong kang padha kafir, Malaikat iku padha nggebugi saka ngarepe lan saka mburine, pang­ucape: “Sira padha ngrasakna siksa kang ngobong sarta nggo­song­ake.” (Q.S.Al-Anfal (8):50).

Dene tumraping wong-wong kafir, sarta pawongan kang wus duraka (dus­ta) marang Allah, dhawuhe Allah mang­kene maksude:

“Wong-wong kang dipateni de­ning Malaikat ing kahanane becik, wus resik saka dosa, bakal dise­neng­ake dening Malaikat tembunge, “Sami kasugengan mugi tetep ing panjenengan sedaya, mangga sa­miya mlebet ing suwarga sebab de­ning perkawis ingkang sampun pan­jenengan  tindakaken.” (Q.S. An-Nahl (16):32).

Sing disunnahake nalika Sakaratul Maut, yaiku tansah rilex lan tenang, ten­trem. Lathine tansah ngucap syahadat. Qal­bune tansah nyuwun pinaringan hus­nul khatimah. Kabeh mau  krana ndulu Malaikat Rahmat sarta diwenehi pituduh (informasi) kahanan (fenomena) ing su­warga. Dhawwuhe Allah mangkene mak­sude:

(19).  SING DISUNNAHAKE

 

(c). Minangka sugata (hidangan) panjenengan saking ngarsa dalem Allah, Dzat ingkang Rena paring Pangaksama tur Maha Asih.” (Q.S. Fushshilat (41):32).

(b). Tembunge para Malaikat: “Ku­la sedaya minangka mitra pan­je­nengan wonten ing donya ngriki lan wonten ing akhirat. Wonten ing suwarga punapa ingkang dados pe­penginan manah panjenengan sam­pun cumawis, saha punapa panyu­wun panjenengan badhe kaleksa­nan.” (Q.S. Fushshilat (41):31).

(a). Satemene wong-wong kang padha ngucap: “Pangeran kula pu­nika Allah. Ing sabanjuri padha ge­lem tumindak jejeg. Ing kono para Malaikat tumurun, tembunge: “Sam­peyan sampun sumelang, tu­win sampun sisah, kula aturi bingah kemawon wonten ing suwarga, ing­kang sampun kagadhangaken dhu­mateng sampeyan.” (Q.S. Fushshilat (41):30).

Dheweke ora seneng (benci) sapate­mon karo Allah. Semono uga Allah uga ora kepareng (benci) sapatemon karo ka­wulanE (pawongan mau).Kahanan utawa (fenomena) kaya mangkono mau trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

Tumraping wong Mukmin, manawa pati tumapak (menjemput), dheweke diparingi kabar gumbira kanthi keridlaan Allah sarta karamahE, saengga ora ana samubarang sing luwih ditresnani (dicin­tai) katimbang apa bae sing diadhepi. Mula dheweke dhemen (seneng) sapate­mon karo Allah (mahabbahnya). Sarta Allah uga (kepareng) karsa (dhemen) sapate­mon karo kawulanE iku. Suwalike, mung­guhing wong kafir, manawa pati (ke­ma­tian) iku tumapak (menjemput­nya), dhe­weke diwenehi kabar sedhih (ala), mana­wa siksa Allah dalah ukumanE, saengga ora ana sing luwih ora disenengi (dibenci) ka­timbang apa sing diadhepi.

Ad. Su’ul Khatimah lan Neraka

 

(Allah kepareng nglonggarake rejeki  tumraping pawongan kang dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira atine kanthi panguripan ana ing  donya. Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa ditandhing karo panguripan akhirat.) (Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)