Werdine Zuhud lan Ati Kang Lembut (14)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 115 kali

(Allah kepareng nglonggarake rejeki  tumraping pawongan kang dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira atine kanthi panguripan ana ing  donya. Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa ditandhing karo panguripan akhirat.) (Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).

 

Ad. Andulu Malaikat Maut  

Nalika musibah kang kapindho iki tumapak, yaiku ndulu Malaikat Maut, sing nyabut nyawa. Kahanan (fenomena) kang kaya mangkono mau dialami dening pa­wongan kang duraka, ora dialami dening pawongan Mukmin. Kematian mono ana sing dipasrahake (disandarkan) marang  Ma­laikat Maut, krana dheweke sing ngurusi langsung babagan iku. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Dhawuha sira Muhammad! Sira kabeh bakal di­pateni dening Malaikat Maut (Pati). Kang kawogan njabut nyawanira ka­beh. Nuli ing ngarsanIngsun (Pa­nge­ra­nira) sira kabeh bakal padha disowanake.” (Q.S. Sajdah (32):11). Kajaba saka iku, ana kalane dipasrahake (disandarkan) marang Malaikat liyane. Mangkene maksud dhawuhe Allah: “Lan PanjenenganE iku kang murba wa­sesa sandhuwure para kawulane, lan ngutus marang Malaikat njaga ing sira, ing nganti yen salah sijinira ke­tekan ing pati. UtusanIngsun mau ban­jur njabut nyawanira lan para Malaikat iku ora ana sing tledhor.” (Q.S. Al-An’Aam (6):61). Gegayutan karo babagan kasebut Al’Kalabi banjur nerang­ake, manawa Malaikat kang njabut roh (ruh) saka manungsa, banjur masrahake marang Malaikat Rahmat yen ta dheweke iku kalebu wong Mukmin. Lha yen pawo­ngan iku kalebu wong kafir, Malaikat Maut mau masrahake marang Malaikat sing ndarbeni jejibahan nyiksa. (HR. Iman Ahmad, biwarakake saka Barra bin Azib). Mangkene ujare: Nalika iku aku ndherek­ake Njeng Nabi Muhammad ngiring jena­zah sahabat saka Ansor. Nalika tumapak (tekan) ing maqam (kuburan), Njeng Nabi lenggah, dene aku ana ing sacedhake pan­jenengane. Wusana Njeng Nabi paring dhawuh: “Sira kabeh padha nyuwuna pangayoman marang ngarsaning Allah saka siksa kubur. Pangandikane mau nganti ambal kaping telu. Wu­sana Njeng Nabi nuli nerusake pa­ngandikane: “Satemene sawijining pawongan Mukmin, yen wus arep tu­mapaking pati, Malaikat saka langit tumurun nyedhaki pawongan mau kan­thi praupan (wajah) katon putih pindha srengenge. Malaikat mau ngga­wa kain kafan sarta lenga wangi saka suwarga. Nuli lungguh ana ing sacedhake sirahe pawongan mau, nuli ngucap mangkene:

“He jiwa kang tentrem (tenang), sira trima (sambut) pangapura sarta ridlaning Allah.” Njeng Nabi banjur dha­wuh maneh mangkene maksude: “Banjur jenazah mau mili pindha tetesing ba­nyu sing mili saka (cucuking) kendhi, sarta Malaikat mau banjur njabut nyawane pawongan kasebut. Sigra (ma­gita-gita) sawuse nyawa mau di­ja­but, nuli enggal dilebokake ana ing kain kafan kang wus pinaringan lenga wangi, kang wangi banget. Malaikat mau banjur nggawa jenazah mau men­­dhuwur ing ngawiyat nyamut-nya­­mut, saengga ngliwati sawatara segolongan Malaikat. Para Malaikat sing diliwati padha pitakon, Lha iki ruh (rohe) sapa kok wangi banget gan­dane? Para Malaikat aweh wangsu­lan: Manawa ruh iku, ruh (rohe) si Fu­lan bin Fulan. Nganti tumapak ing langit donya, lan Malaikat sing ngga­wa je­nazah menehi isyarat, supaya dibu­kak­ake lawang langit, mangkono mau nganti tumapak ing langit kang ka­pitu.” Wusana Allah paring dhawuh, mang­kene maksude:“Sira tulis cathe­tan kawulanIngsun iki ing Illiyyin (suwarga ing papan sing dhuwur), sira balekna maneh menyang donya (bumi), krana hiya saka ing kono Ing­sun nyipta lan mbesuk yen wus titi­mangsane uga bakal Ingsun tangek­ake maneh. Njeng Nabi ngendika maneh, manawa ruh (roh) wong mau dibalekake menyang jasade.” Wusana banjur ana Malaikat loro sing padha teka sarta mernahake lungguh marang jasade pawongan kang wus diba­lekake ruhe mau, banjur ditakoni, mang­kene: Sapa sing dadi sesembahanmu? Mayit mau mang­suli, manawa sing dadi sesem­ba­hane, yaiku Gusti Allah. Banjur ditakoni maneh apa Agamamu? Mayit iki mangsuli, manawa Agamane yaiku Islam. Nuli ditakoni maneh, ke­priye panemumu marang pawongan lanang sing diutus marang awakmu? Mayit mau wangsulan, manawa sing diutus mau, yaiku Rasulullah, Muham­mad s.a.w. Nuli ditakoni maneh, saka ngen­di kowe kok ngerti? Wangsulane mayit kasebut, manawa dheweke mangerteni saka kitab Al-Qur’anul ka­rim, saengga dheweke iman sarta mbenerake.

Sawuse iku banjur ana swara saka la­ngit nerangake, manawa wangsulan de­ning kawulane Allah iku bener. Cepakna (hamparkan) suwarga tumrap dheweke lan wenehana panganggo suwarga. Bu­kakna lawang kanggo dalan dheweke mle­bu suwarga. Wusana Njeng Nabi ngendika maneh: Kawula mau pikoleh ganda kang wangi suwarga sarta kuburane dijembar­ake. Ora antara suwe banjur ditekani dening pawongan kang pasuryane bagus banget, panganggone sarwa endah sarta gandane wangi, banjur ngucap mangkene: Ana kabar kang ngresepake sarta nye­ne­ng­ake marang sliramu (mayit). Ing dina iki, mujudake dina kang wus dijanjekake marang sliramu. Si Mayit bali takon ma­rang pawongan mau: Lha iki sapa sate­mene sliramu iku? Pasuryanmu katon en­dah dinulu, sarta tumeka kanthi nggawa ka­bar gumbira (kebagusan)! Pawongan kang pasuryane endah mau aweh wang­-su­lan, mangkene: “Ngertia, aku iki amalan shalehmu sing nate kok tindakake nalika ana ing donya. Wusana kawula (mayit) mau banjur ngaturakle panyuwunan: “Dhuh Gusti Allah sesembahan para ka­wula. Mugi Paduka karsa ndadosaken din­ten Qiyamat sak punika, saengga kula sa­ged wangsul pinanggih kaliyan keluarga kula.

Suwalike, manawa kawula mau kafir, nalika tumapaking palastra, ditemoni de­ning Malaikat langit sing praupane sangar, rupane ireng nggawa kain kafan sing wer­nane uga ireng. Malaikat Maut mau  lung­guh ana ing sacedhake sirahe wong kafir iku, banjur nyentak (nggetak): “He wong kang bosok (busuk)! Adhepana lan papa­gen kamurka­ning Allah. Njeng Nabi nuli nerusake pa­ngan­dikane: Banjur jisime pa­wongan kuwi disuwek-suwek. Malaikat Maut mau nyabut rohe pawongan iku pin­dha garu utawa gan­cu, akeh untune sing nyuwek-nyuwek kain teles. Malaikat Maut mau nuli njabut nya­wane pawongan ka­sebut.”

Sawuse Malaikat maut njabut rohe (ruhe) pawongan iku, sigra dibungkus de­ning kain ireng. Gandane banger lan nye­grak. Para Malaikat nuli munggah ing nga­wiyat (mendhuwur). Para Malaikat sing diliwati padha asung pitakonan. Lha iki rohe (ruhe) sapa kok gandane badheg (banger banget)? Para Malaikat liyane aweh wang­sulan, manawa iki rohe (ruhe)  Fulan bin Fulan. Tumapaking langit donya Malaikat aweh sasmita, supaya dibukake lawang langit. Nanging tumraping roh mau ora dibukake. Wusana Rasulullah maos ayat Q.S. Al-A’raf (7):40, sing maknane (mak­sude) mangkene :

(a) “Sanyata wong-wong kang pa­dha anggorohake ayat-ayat Ing­sun, lan padha gumedhe saka ayat-ayat mau, mangka ora bakal (yen) la­wang ing langit binuka tumrap wong-wong mau. Lan dheweke ora bakal padha mlebu ing suwarga, kajaba manawa ana unta sing bisa mlebu menyang bolonganing dom. Kaya mangkono mau Ingsun (karsa) males marang wong kang padha nganiaya.” (Q.S. Al-A’Raf (7):40).

(b). “Dhawuhe: Tulisen, cathetane ana ing dalan sijjin, ing bumi sing paling endhek. Banjur roh mau dibuang sak adoh-adohe. Wusana Njeng Nabi nuli maos  Q.S. Al-Hajj (22):31, mangke­ne maksude: “Sarana padha pasrah ikh­­las marang Allah tur ora padha musyrikake utawa nyekuthokake Pan­jenenganE. Dene sapa sing mu­syrik­ake (nyekuthokake) Allah mesthi seng­sara kaya dene wong kang ke­jung­kel saka langit banjur disamber dening manuk utawa tiniup barat (angin) gedhe tinibakake ana ing pa­pan panggonan kang adoh banget.” (Q.S. Al-Hajj (22):31). Rohe mayit mau nuli dibalekake menyang jasade. Malaikat loro mau padha nekani lan nglungguhake marang mayit kuwi sarta pitakon mangke­ne: Sapa sing dadi sesembahanmu? Wang­sulane mayit: He aku ora ngerti. Nuli dita­koni maneh: Apa Agamamu?. Wang­sulane mayit kasebut, manawa dheweke ora nger­ti. Kepriye panemumu marang priya kang diutus menyang kowe kabeh? Wangsulane uga dheweke ora ngerti. Ban­jur ana swara saka langit sing nerangake, manawa mayit mau bener-bener goroh (dusta). Cepakana karpet saka neraka sarta bukaken lawang sing bakal ngeterake menyang neraka. Lawang dibukak, banjur tumapak marang mayit mau panas sarta umobe neraka. Ku­bure diciutake, lan ba­lung-balunge remek-remuk. Wusana dhe­weke ditekani dening pawongan lanang sing praupane medeni (sa­ngar), pangang­gone sarwa reged, gan­dane tengik (le­dhis). Pawongan lanang mau ngucap mang­kene: Hayo! Seneng-sene­nga awak­mu kanthi kabeh lan seka­behing samubarang sing nyusahake awak­mu. Hiya dina iki sing wus dijan­jekake kanggomu. Banjur mayit mau pitakon, Sapa kowe iku satemene?

Rupamu kok sangar nggegilani? Lan kowe teka mrene kanthi nggawa kabar ala! Pawongan mau banjur aweh wang­sulan: Aku amal jahatmu sing wus nate kok tindakake nalika ana ing donya. Mayit mau banjur ndonga: Dhuh Gusti Allah sesembahan para kawula, mugi Paduka kepareng mboten nje­jeg­aken!(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)