Werdine Zuhud lan Ati Kang Lembut (13)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 130 kali

(Allah kepareng nglonggarake rejeki  tumraping pawongan kang dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira atine kanthi panguripan ana ing  donya. Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa ditandhing karo panguripan akhirat.) (Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).

 

(19).  ELING MARANG PATI

Sawijining kalodhangan Rasulullah  paring dhawuh marang para sahabat! Apa sira kabeh mangerteni marang pawongan kang paling cerdhas? Para sahabat matur, manawa ora mangerteni. Rasulullah saw. banjur nerusake pangandikane, manawa pawongan kang paling cerdhas, yaiku pa­wongan kang tansah eling marang pati.(Al Hadirs shaheh). Apa sing perlu kita pikir­ake, manawa kita bakal ngadhepi tume­kaning pati iku? Kita mangerteni, manawa urip ana ing alam donya iku ora suwe. Para leluhur kita dhawuh, manawa urip ana ing alam donya iku yen ditandhing karo urip ana ing akhirat, pindha pawo­ngan kang lunga munyang pasar mapir ngombe. Aja nganti keduwung, manawa kita sak wayah wayah katimbalan sowan marak ana ing ngarsaning Allah, ora ndar­beni sangu babar pisan. Mula mumpung isih ana wektu, masigra (enggal-enggal) nindakake amal shaleh, ngedohi marang maksiyat sarta tobat kang bene-bener, yaiku taubatan nasuha. Kanthi panuwun, muga-muga kita ana ing pungkasning urip iki bisoa husnul khatimah lan tinebihna saka su’ul khatimah. Mula saka iku, mi­nang­ka kanggo sanguning akhirat kita ngudi:

(a). Aja lali tansah eling marang pati, kita ora bisa  tinggal glanggang colong playu, ngendhani tekaning pati. Dhawuh­ing Allah, mangkene maksude:

Muhammad sira dhawuha! Sa­nya­ta tekaning pati iku, kang  padha sira mlayu ngendhani iku, mesthi bakal methuki ing sira. Ing kono ban­jur sira disowanake marang ngarsa­ning Allah kang Nguningani  barang ghaib lan kanyatan. Hiya Panjene­nga­ne Allah iku banjur njlentrehake samubarang kang wus padha sira tindakake.” (Q.S. Jum’at (62):8).

Eling marang pati. Ana telung golo­ngan manungsa kang mikir marang tume­kaning pati. Yaiku:

(b-1). Wong sing kebandhan (kepen­cut urip ana ing donya). Dheweke lali ma­rang bakal tumapaking pati. Yen dieling­ake, wong mau wangsulane, kuciwa atine krana bandha-bandhune (raja branane) sing brewu (sugih mblegedhu) sing didar­beni. Aweh pepeling (ngelingake) marang wong-wong kang sikepe mangkono iku, malah ngedohake marang Allah. 

(b-2). Tumraping wong kang tobat (tobat nasuha), tansah eling marang pati, supaya tuwuh rasa wedi, khuwatir, sa­engga dheweke bisa nggayuh tobat kang sampurna, yaiku tobat nasuha. 

Bisa dimangerteni, dimaklumi mana­wa dheweke ora seneng (benci) marang kematian, amarga dheweke kepengin nangguh (menunda) sapatemon kalayan kekasih (mahabbah), saengga wus sam­purna sangune bakal sapatemon (nga­dhep) karo kekasihe.

(b-3). Mungguhing wong kang aris (wicaksana), mangerteni paringe Dzat kang Maha Kuwasa, dheweke tansah eling marang pati. Sebabe, uwaling ruh saka jasad (tumapaking palastra), iku mujudake wektu perjanjian bisane kete­mu karo mahabbahe (Allah). Hiya pawo­ngan kang mangkono iku, biasane sing kepengin lan ngarep-arep tekane pati, supaya enggal uwal (bebas) saka donya papane wong-wong sing duraka lan pin­dhah utawa hijrah marang ngarsane Allah. Ing babagan iki  Abu Hurairah ne­rangake, manawa Rasulullah  s.a.w. paring dhawuh, mangkene maksude: “Sira kabeh padha angakeh-akehake eling marang sing medhot kanikmatan (tumapaking pati)”. (HR. Turmudzy, Nasai, Ibnu Majah, Hakim).

(b-4). Saka Ibnu Umar ngunandika, manawa dheweke sowan ana ing ngar­sane Rasulullah s.aa.w. Panjenengane bebarengan karo sawatara sahabat (pa­wongan 10), Salah sijine sahabat sing ka­ran Ansor nyuwun priksa:

“Dhuh Rasulullah! Sinten tiyangi­pun ingkang paling cerdhas utawi lantip saha paling mulya? Rasulullah paring wangsulan: “Hiya iku pawo­ngan kang akeh elinge marang pati sarta temen-temen anggone nyiap­ake sangu (bekal) kanggo ngadhepi tekane pati.  Hiya wong-wog iku sing paling cedhas (lantip). Wong-wong mau ngudi kamulyan donya lan akhi­rat.” (HR. Ibnu Majah, Ibnu Abi Dunya). Kajaba saka iku Qurtubi uga nerangake, manawa paedah eling marang pati iku antara liya, yaiku nyegah marang tu­mindak maksiyat sarta nganggep entheng marang masalah donya.

 

(20).  MUSIBAH

Miturut Al-Qur’an, mati iku mujudake musibah. Dhawuhe  Allah mangkene mak­sude:

He para wong Mukmin! Manawa salah sawijinira meh ketekan pati (mu­sibah), ing mangka dheweke arep wasiyat, mangka katetepna pa­seksen ing antaranira wong loro kang adil… al ayat. (Q.S. Al Maidah (5):100). Musibah sing dimaksud ing ayat kasebut, yaiku:

(a) Sakaratul maut. (b) Andulu Malai­kat Maut.  (c). Wedi marang Su’ul khati­mah sarta wedi dipitontonake neraka, tumraping pawongan kang duraka.

Mangkene  keterangane :

Ad: Sakaratul maut. Nalika sakara­tul maut tumapak. Diwiwiti, manawa sa­wi­ji­ning pembuluh darah (getih) cinabut, rasa larane banget abote (lara banget). Lha yen sing dicabut iku ruh (roh), ora mung pembuluh getih siji, nanging seka­behing pembuluh getih. Wusana binarung  (bebarengan) karo matine anggota ba­dan mbaka sethitthik. Diwiwiti saka anyepe dla­makan kekarone, sikil kekaro­ne, banjur pupu kekarone. Lan saben ang­gota badan ndarbeni rasa lara dhewe-dhewe, nganti  tumapaking kerongkongan (tenggorokan). Hiya ing nalika iku pawo­ngan wus ora eling marang donya dalah masyarakate. La­wang tobat wus ditutup. Ateges, rasa kuci­wa utawa rasa getun temu mburi. Trep ka­ro dhawuhe Allah mang­kene maksude:

(a). “Dene tobat iku dudu wong kang padha nindakake laku ala, nganti bareng salah sijine katekan pati lagi ngucap, “Sapunika kula sampun to­bat”. Lan ora kalebu tobat tumrap wong kang mati, mangka dhe­weke iku tetep kafir, wong-wong kang kaya mangkono iku padha Ingsun cawisi siksa kang banget nglarani (Q.S. An-Nisaa’ (4):18). Kajaba saka iku Rasulullah uga paring dhawuh, mangkene maksude:

(b). “Satemene Allah kepareng narima tobate pawongan (kawu­lanE), sasuwene nyawane durung tu­mapak ana ing tenggorokan (ke­rongkongan). (HR. Turmudzy, Ibnu Majah lan Ahmad). Rasulullah uga paring dhawuh mangkene maksude:

Ana ing ngarsane Rasulullah ana wa­dhah banyu saka kulit, sing ana banyune. Nuli Rasulullah kepareng nyelupake astane (sing kebak barakah), marang banyu mau, banjur ngusapake marang pasuryane mawa astane,  banjur ngendikan:

La Ilaha Illallah, satemene kema­tian iku binarung (diiringi) dening sekarat (sakaratul maut). Wusana pan­jenengane banjur njejegake as­tane sarta ngendika: “Dhuh Gusti Allah sesembahaning para kawula! Dzat ingkang Maha Agung. Wusana panjenengane (nalika seda) lan asta­ne katon lemes.” (HR. Bukhari)

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)