(Allah kepareng nglonggarake
rejeki tumraping pawongan kang
dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira
atine kanthi panguripan ana ing donya.
Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa
ditandhing karo panguripan akhirat.) (Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).
Abdullah
bin Amr bin Ash. Ngucap marang para sahabat (jama’ah), sira padha nangisa.
Yen sira ora bisa nangis, coba ethok-ethok (berpura-pura) nangis. Upama sira
kabeh mangerteni sawijining ilmu, tamtu sira kabeh bakal nangis, saengga swaranira
magep-magep, lan sira kabeh bakal nindakake ibadah shalat nganti gegerira
benthet. Mangkono ungkapan sing diucapake
Sahabat Abdullah bin Amr bin Ash. Hiya mangkono iku mau, tuladha sing
padha ditindakake dening para sahabat laku zuhud krana wedi marang Allah. Sing
njurung laku zuhud iku, yaiku iman kang kukuh bakuh, sarta binarung (diiringi)
dening amal shaleh sarta linandhesan dening ilmu, saengga iman lan ilmu iku
nyawiji.
(16). TAWAKAL MARANG
ALLAH
Sing
dimaksud tawakal, yaiku gumantunging
ati kang tulus marang Allah, krana nggayuh kemaslahatan sarta nulak
marang kemadharatan, becik urusan donya lan urusan akhirat. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:
(a).
“Sok sapa wonge kang sumarah (tawakal) marang Allah, Allah
bakal nyukupi kabeh keperluane
marang dheweke.” (Q.S. Ath’Thalaq (65):3).
(b).
“Sok sapa wonge sing taqwa (wedi) marang Allah, Panjenengane bakal kepareng nggampangake
dalane (jalan keluar) wong iku.” (Q.S. Ath’Thalaq (65):2).
(3).“Sok sapa wonge sing to’at marang Allah lan
to’at marang utusanE (Rasulullah), hiya wong kang mangkono mau bakal
kagolongake karo wong-wong kang wus padha kaparingan nikmat dening
Allah, kaya dene para Nabi, para wong kang padha temen-temen, para wong kang
padha mati syahid, lan para wong kang padha becik-becik, becik
tumindake. Wong kang kasebut iku kabeh dadi becik-beciking mitra.” (QS.
4:69).
Perlu
dimangerteni, manawa tawakal iku mujudake af’al (perbuatan) ati, dudu kagolong laku tumindake badan. Mula ora lelawanan
antara tawakal lan nindakake usaha (ikhtiyar). Njeng Nabi iku mujudake pribadi
sing paling tawakal marang Allah. Jlentrehe mangkene: Tawakal iku sipate. Dene
ikhtiyar iku mujudake sunnatullah. Tumraping wong kang tawakal iku ora kena
ninggalake sunnahe, yaiku nindakake ikhtiyar (usaha). Contone mangkene. Njeng
Nabi lagi miyos mbeneri perang Uhud ngagem ageman perang (baju besi pada masa itu). Sarta ora
nate, sanajan ta mung sepisan, nalika ngrawuhi barisan perang tanpa ngagem
ageman perang (baju besi). Yaiku nalika Njeng Nabi arep nindakake jihad
sabilillah, ibadah haji utawa umrah, panjenengane tansah ngasta sangu
(perbekalan, uba rampe).
Gegyutan
karo apa kang wus katur ing ndhuwur, bisa dimangerteni lan dipahami, manawa
hakekat tawakal, yaiku gumantunge ati marang ngarsa Allah, rumangsa seneng
tentrem atine, adhem ayem marang Allah, lelandhesan karo ilmu, manawa
sekabehing kaperluwan (kebutuhan),
kafakiran lan liya-liyane, iku gumantung marang Allah, ora gumantung marang
tangane liyan.
(17). RIDLA
Para
Ulama sarujuk, manawa ridla iku mujudake
sikep sing disunnahake, malah sunnah sing muakkadah (yang ditekankan). Rasulullah paring dhawuh,
mangkene maksude: “Tumraping wong kang ridla, Allah minangka sesembahanE,
Muhammad minangka UtusanE, Islam minangka agamane, ateges wong iku wus
bisa ngrasakake nikmate iman.” (HR. Muslim, Turmudzy). Nalika
swijining wong keprungu swara adzan nuli ngucap, aku ridla Allah minangka sesembahanku, Muhammad iku
minangka Utusane Allah, Islam dadi Agamaku insya Allah dosane bakal dingapura.
(HR.Muslim). Kekarone hadits kasebut wus ngliputi keridla-an Rububiyah lan Ilahiyah, ridla
marang
Rasul minangka UtusanE, Islam Agamane sarta pasrah (sumarah) marang Allah,
PanjenenganE. Gemblenge, tumrap pawongan kang ndarbeni sikep (sipat) papat kang
katur ing ndhuwur mau, ateges pawongan iku bener-bener tulus-ikhlas. Sipat
papat iku gampang diucapake, nanging ora gampang utawa angel diamalake. Apa
maneh manawa babagan iku lelawanan karo hawa nepune lan kekarepane.
Keterangane
mangkene: Ridla Ilahiyah iku nyakup marang PanjenenganE, ora ana sesembahan
kang pantes sinembah, kajaba mung marang Gusti Allah Dzat Kang Hamurbeng Dumadi
Jagat Raya dalah sak isine iku, yaiku kang Maha Esa sarta rila (ridla)
nindakake amal ibadah marang PanjenenganE. Maknane, tumraping wong kang laku
ridla iku, bakal nindakake sekabehing
marang Dzat kang Maha Kuwasa.
Dene ridla tumrap Rububiyah iku ngliputi
ridla ketetepanE marang kawulanE. Ora mangro tingal (meng-esakan) marang
Allah kanthi cara tawakal marang Allah., nyuwun pitulungan sarta sekabehing per-kara
gumantung marang Allah. Ridla marang Muhammad minangka UtusanE, sumarah
utawa pasrah kang ngabehi marang panjenengane. Ora nganut pituduh, kajaba saka
apa sing dingendikakake, sing ditetepake (taqdir) Njeng Nabi Muhammad saw. Dene
ridla marang agamane (Islam), kang wus ditetepake dening agamane (Islam), sing
diperintahake kudu ditindakake, lan sing di larang, kudu ditinggalake. Lha sing
sunnah lan mubah bakal ditindakake kanthi ridla, sumarah (pasrah) kanthi ati
kang tulus.
Sikep
utawa laku ridla iku ora diwajibake marang kawulanE. Allah mung jurung sarta
kepareng paring pangalembana (memuji) marang pawongan kang nindakake laku
ridla (rila). Allah kepareng paring pituduh, manawa piwalese (ganjarane)
laku ridla iku, yaiku Keridla-anE. Sing satemene Keredla-ane Allah iku luwih
agung lan luwih mulya katimbang swarga dalah sak isine. Mula sok sapa wonge
kang laku ridla marang Allah, Allah bakal
ridla marang KawulanE. Ridla lan sabar iku af’al qalbu (pekerjaan
ati). Ana pitakonan apa bedane sabar lan ridla? Mangkene ketera-ngane:
(a).
Sabar iku maknane nahan dhiri (mengendalikan nafsu) sarta nyegah amarah
(marah), nalikane kataman lara utawa pacoban saka ngarsaning Allah, binarung
(diiringi) pangarep-arep uwale (ilange) rasa lara utawa kuciwa mau. Kajaba saka
iku ngendhaleni nepsu, ora nganti nindakake samubarang kang dilarang.
(b).
Dene ridla, iku ateges jembar dhadhane (berjiwa besar), nalika kataman musibah
(pacoban) saka ngarsaning Allah tanpa ngarep-arep uwale (ilange) rasa lara uwa
kuciwa (krana pacoban mau). Nanging ridla mau njalari entheng, krana kapitayan
(keyakinan) dalah ilmu sing ngendhaleni
atine. Malah manawa ridla iku saya mantep, kadhang kala rasa lara, kuciwa iku
bisa sirna, ora rinasa. Ridla miturut para Ulama, sumarah (pasrah) kanthi
tulusing ati, manawa kataman musibah saka ngarsaning Allah, Allah bakal
paring pituduh. Dhawuhe Allah mangkene
maksude: (a) “Ora ana wong kataman pacoban, musibah (ujian), mesthi
kalawan idine Allah. Dene sok sapa wonge kang iman marang Allah, Allah
bakal nuduhake atine wong iku. Allah iku nguningani ing sekabehing
perkara.” Mangkono Ibnu Mas’ud ngucap.
(Ana Candhake)
Yen kowe weruh semut kepleset lan
ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke... Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan
tumrapmu ing akherat mengko.
FESTIVAL CAGANARES
Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***
LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur
Sapa
sing betah nang pakunjaran?
Cawe-cawene guru ora bisa digenteni
Apamaneh
sing jenenge Pak Google
600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak
Aparat
lagi asyik ngetung dina mbokmenawa