Werdine Zuhud lan Ati Kang Lembut
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 102 kali

(Allah kepareng nglonggarake rejeki  tumraping pawongan kang dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira atine kanthi panguripan ana ing  donya. Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa ditandhing karo panguripan akhirat.) (Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).

 

(15).  WEDI IKU NGGEGIRIS      

Wedi marang adab (siksa) kang ngge­giris, ing bagan iki Allah kepareng paring pituduh:

(a).He para wong kang Mukmin kabeh! Sira padha ngreksaa awakira dhewe, lan ahlinira (keluarganira) saka adzab neraka kang urub-urube manungsa lan watu. Kang dijaga de­ning para Malaikat kang kereng lan buteng, ora tau padha nulayani dha­wuhing Allah, nanging padha nges­tok­ake apa kang kepareng didha­wuh­ake.” (Q.S. Fatir (66) : 6).

(b).“Kaya mangkono siksaning Pangeranira Muhammad, manawa pan­jenenganE nyiksa warga-warga Ngara kang padha aniaya. Satemene adzab (siksane) Allah  iku nglarani ba­nget. Satemene kang mangkono iku,  temen-temen dadi tandha yekti tumrap wong kang wedi adzab (sik­sa­ning) Allah. Dene qiyamat iku kang  dikumpulake kabeh manungsa, krana anane dina iku, lan dina mau disek­seni. Lan Ingsun ora ngakhirake dina akhir (qiyamat), kajaba ing wektu kang wus katamtokake. Lan ana ing tekane dina mau, ora ana badan kang bisa ngucap, kajaba kalawan izining Allah. Saweneh ana, wong-wong mau ana sing cilaka lan sawenehe maneh ana kang begja. Dene wong-wong kang cilaka ana ing neraka sarta wong-wong mau ana ing kono padha jejeritan paling gelero.” (Q.S. Hud (11) : 102-106).

Nyimak maksud dhawuhing Allah  kaya kang katur ing ndhuwur, babagan rasa we­di kang nggegirisi (krana siksaning Allah kang nglarani banget), Njeng Rasulullah s.a.w. paring pituduh supaya umate slamet saka adzabe neraka kang ngedab-edabe iku. Mangkene maksude:

“Sawijining wektu Rasulullah ma­ringi khutbah, sing durung nate ka­dha­wuhake sak durunge. Rasulullah ngendika: “Saupama sira kabeh pa­dha mangerteni apa kang dak weruhi, sira kabeh sethithik gumuyu sarta akeh olehe nangise (krana wedi). Anas (bin Malik) nerusake pangu­cape, para sahabat Rasulullah nuli pa­dha nutupi sirahe lan keprungu swara tangisan saka para sahabat mau.” (HR. Bukhari lan Turmudzy).

Ana ing riwayat liyane Rasulullah ma­ngerteni apa sing dialami dening para sa­-ha­bat. Wusana panjenengane banjur ju­meneng paring khutbah (dhawuh):“Sira pa­dha sumurupa, manawa suwarga lan ne­­ra­ka iku Allah wus kepareng ngatonake ma­rang aku. Aku ora nate ndulu kabecikan piala (keburukan) kaya mangkono ing dina iki. Lha saupama sira kabeh mangerteni apa sing dak weruhi, sira kabeh bakal (ming­­seg-mingseg) nangis lan ngguyu  se­thithik. Anas nerusake pangucape, “Ora ana dina kang luwih abot katimbang dina iki, sing dialami dening para sahabat Rasu­lullah. Para sahabat sahabat mau padha nutupi sirahe binarung karo suwara tangis mingseg-mingseg. Abdullah bin Asy-Sykhyr banjur nerangake, manawa Rasu­lullah mi­witi nindakake shalat, keprungu saka pan­jenengane suwara tangis pindha swarane banyu  umob sing digodhog ing kendhil. Iki ora liya krana rasa wedi kang dirasakake dening Njeng Muhammad. De­ne rasa wedi sing dirasakake dening para Malaikat trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude: (a).”Para Malaikat padha wedi marang PangeranE, sebab ana ing sa­ndhuwure, sarta padha toat nindakake kabeh apa kang didhawuhake.” (Q.S. Ra’d (16):50).

(b). Lan Malaikat Ra’d (kang baku ti­nanggenah ngurusi gludhug-mega), maha nucekake marang Allah, sarta memuji ma­rang Allah, PanjenenganE. Malaikat-malai­kat liya-liyane uga padha nucekake, me­muji, jalaran padha wedi marang Allah. Lan Allah nglepasake bledheg kang nyam­ber kapatrapke marang wong kang dadi kepareng karsanE. Lan wong-wong mau pinuju mbantah agamaning Allah. Dene Allah iku luwih banget siksane.” (Q.S. Ar-Ra’d (13): 13).

Pituduh-pituduh saka Al-Qur’an sarta Hadits kang wus katur ana ing ndhuwur, ban­jur kepriye bab sikepe para Ulama Sa­laf anggone nafsirake sarta mahami panger­ten Zuhud kasebut? Supaya luwih gam­blang, ing ngisor iki ora diaturake sikepe para Ulama Salaf, nanging langsung dia­turake pengalamane para sahabat Ra­sulullah (khulafa’ Rasyidin).

(a). Abu Bakar Ash-Shiddiqi (khalifah): ngendikan kanthi sanepan kang nerang­ake, yen panjenengane iku luwih seneng dadi sak ler rambut kang dumunung ana ing sakiwa tengening balung igane pawo­ngan  Mukmin. Nalika pawongan kang iman mau ngadeg nindakake ibadah shalat, dhe­weke pindha wit-witan sing jejeg krana wedi marang Allah.

(b). Umar Ibn Khaththab (khalifah): Sawijining wektu, nalikane panjenengane maos Al-Qur’an Surat At-Thur, nalika teka ayat “inna azaaba rabbika la wa qi’un” (sa­-te­mene adzab utawa siksane Pangeranira iku mesthi dumadi, bakal kelakon.) (Q.S. At’Thur (52):7). Wusana  panjenenane ban­jur muwun, saya suwe saya ngguguk mu­wune (tangise). Nganti panjengene (khalifah Umar mau) banjur gerah. Para sahabat padha niliki. Nalika Umar Ibn Khaththab dhawuh marang putrane, supaya enggal nempelake pipine ana ing lemah, kanthi panuwun, muga-muga Allah paring rahmatE. Ing liya wektu bengine, nalika Umar nderes Al-Qur’an akeh nangise nganti pasuryane katon ana garis-garis (geretan) sing ireng, amarga tangis.

(c). Usman bin Affan (khalifah). Nalika tindak ameng-ameng, panjenengane, nuli istirahat ana ing sawjining kuburan, banjur panjenegane muwun, nganti jenggote katon teles krana luh-e, amarga saka saking wedine nggambarake adzab (siksane) Allah kang banget nglarani.

(d). Ali Ibnu Abi Thalib (khalifah). Sa­wuse ngucap salam nindakake shalat fa­jar, penggalihe sedhih banjur ngendika: Temen aku ndulu sahabat-sahabat Njeng Rasulullah padha tangi esuk,  padha katon pasuryane  ana kerutan (guritan kuning) antara kekarone mripate pindha wong  sing kahanane lagi susah. Para sahabat (mau) kang wengine padha nindakake su­jud, ngadeg, maca Al-Qur’an. Nalika wektu esuk padha dzikir (eling marang Allah), aku kaya-kaya kalebu bagiane pawongan kang tangi bengi. (Subhanallah).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)