Werdine Zuhud lan Ati Kang Lembut (9)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 123 kali

 (Allah kepareng nglonggarake rejeki  tumraping pawongan kang dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira atine kanthi panguripan ana ing  donya. Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa ditandhing karo panguripan akhirat.) (Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).

 

(12). WEDI MARANG ALLAH.

Pangerten wedi marang Allah, iku  mu­judake cemethi sing digunakake dening Allah kepareng kanggo nggiring  kawulanE supaya padha ngudi ilmu lan amal. Kanthi kekarone, sawijining pawongan bisa luwih taqarrub (cedhak sarta dhedhipe) marang Allah. Hiya kanthi ilmu iku dheweke bisa mangerteni sarta mengenal Allah dalah sipat-sipatE, banjur tuwuh rasa wedi. Wedi nindakake laku maksiyat, krana wedi bakal nampa piwales arupa adzab saka ngarsan­E. Wedi uga bisa tuwuh, manawa  sekabe­hing manungsa bakal nanggung jawab marang sekabehing akibat polah tingkahe ana ing donya. Dene wedi kang bagus, yaiku krana ilmu, mangerteni sekabehing akibat kang bakal ditampa krana tindak lakune.

Sing paling wedi marang Allah, yaiku para Rasul Allah. Dhawuhe Rasulullah s.a.w, kang maksude mangkene: “Demi Allah, satemene panjenegane iku mujuda­ke titah (manungsa) sing paling wedi ma­rang Allah”. (HR. Bukhari, Muslim lan Ahmad). Semono uga Allah uga paring dhawuh, mangkene maksude:

“Lan mangkono uga saweneh ma­nung­sa, gegremetan ing bumi, lan raja­kaya, mawerna-werna rupane (jinise). Sa­nyata kang padha wedi marang Allah iku mung para Ulama (wong-wong kang ka­gungan ilmu) saka kawulaning Allah. Sate­mene Allah iku Maha Gagah Prakosa lan Maha Ngapura.” (Q.S. Fathir (35):28).

 

(13).  TATARAN (UNDHA-USUK)

Umume rasa wedi iku didarbeni dening sekabehing manungsa. Ana sing rasa wedi iku mung sethithik. Kaya ta  rasa wedi sing mujudake elembutan sing di darbeni  de­ning wanita. Upamane, nalika dheweke ke­prungu ayat-ayat Al-Qur’an sing dideres (diwaca). Krana mangerteni maknane sing bisa notog (menyentuh) atine, banjur tu­metes  banyu wening saka pojok mripate, nuli diusapi. Utawa bisa tuwuh rasa wedi, manawa pawongan nemoni samubarang sing mbebayani. Lha yen samubarang sing mbebayani iku wus ora ana, dheweke ban­jur lali. Mangkono iku rasa wedi sing sethi­thik. Kajaba saka iku ana rasa wedi sing sipate madya, tengah-tengah. Iki sing di­darbeni dening insan (manungsa) umume kajaba para Ulama sing bener-bener ma­ngerteni utawa ngenal marang Allah. (man ‘arafa nafsahu, arafa Rabbahu). Fudlail bin Irsyad ngunandika marang sahabate, pita­kone mangkene: Apa sira padha wedi ma­rang Allah? Yen sliramu mangsuli ora, ate­ges sliramu kufur. Lha yen sliramu mangsuli iya, cetha satemene sliramu iku duraka (ber­dusta). Sing dimaksudake dening dhe­weke, yaiku rasa wedi iku, sing bisa nyegah awake tumindak maksiyat sarta binarung (diiringi) toat (ndhedhipe) marang Allah sarta nindakake amal shaleh. Dene wedi sing kliwat (ngluwihi) wates, yaiku sing ngluwihi wates  madya, saengga pawo­ngan kang kaya mangkono mau, bakal tu­wuh rasa nglokro (putus asa), saengga bisa ngendheg lan nyecegah nindakake amal shaleh.

 

(14). KAUTAMANING WEDI

Ngrembug babagan kautamaning wedi marang Allah, tumraping pawongan kang wedi marang Allah, iku ateges dheweke (pawongan mau) begja kemayangan, kra­na Allah wus kepareng nglumpukake hida­yah, rahmat, ilmu sarta ridla marang  wong kang wedi mau. Patang tataran  iku mujudake tataran ahli suwarga.Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:

(a). “Lan sawuse Nabi Musa lerem anggone duka, panjenengane banjur mundhut sabake (batu tulis), lan ing kono wus ana tulisan kang dadi pitu­duh, minangka rahmat tumraping wong-wong kang padha wedi lan ndhedhipe marang Allah, Pangeran sesembahanE “. (Q.S. Al-A’raf (7) : 154).

(b). “Mangkono uga wong-wong, saweneh manungsa, gegremetan bu­mi, lan rajakaya mawerna werna jinise. Sanyata kang padha wedi marang Allah iku mung  para Ulama, hiya iku (wong kang ndarbeni ilmu), saka kawulaning Allah. Satemene Allah iku Maha Gagah lan Prakosa tur Maha Ngapura.” (Q.S. Al-Fathir (35) 28).

(c). “Ing tembe ana ing ngarsa dalem Allah PangeranE, wong iku bakal kaparingan nganjaran uwarga Aden (tingkatan suwarga kang dhu­wur), kang ing ngisore ana kali-kaline mili, dheweke padha manggon tetep langgeng, selawase ana suwarga kono. Allah karenan (rena) marang wong-wong mau kabeh, sarta wong-wong mau kabeh padha ridla marang PangeranE. Ganjaran iku kacawisake  marang wong kang taqwa mring Allah, sungkem ndhedhipe ing Pange­ranE”. (QS. Bayyinah (98):8).

Nyimak ayat-ayat kang wus katur ing ndhuwur bisa dimangerteni, manawa ayat-ayat kang nuduhake marang kauta­man ilmu, mesthi nuduhake marang kau­taman saka sipat wedi, krana satemene sipat wedi iku mujudake woh sing diasilake dening ilmu. Kajaba saka iku Allah uga paring dhawuh marang kawulanE, sebab wedi iku mujudake syarat anggone iman. Wus mesthi bae kurang kuwate utawa ringkihe rasa wedi sing didarbeni dening wong-wong iku gumantung saka kurang kuwate ilmu sarta keimanan sing didar­beni.  (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)