Werdine Zuhud lan Ati Kang Lembut
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 529 kali

(Allah kepareng nglonggarake rejeki  tumraping pawongan kang dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira atine kanthi panguripan ana ing  donya. Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa ditandhing karo panguripan akhirat.)

(Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).

(6). MAKNA LAN HAKEKATE SABAR.

Miturut pangerten basa, makna sabar iku nyegah dan nahan dhiri. Dene miturut syar’i, sabar iku nahan dhiri saka  rasa se­dhih (susah), nahan dhiri saka sesambat sarta nahan dhiri ora nganti tumindak kang ora prayoga (napuk pipi utawa nyuweki panganggo). Sawatara panemune para Ulama ana sing nganggep, manawa: (a). Sabar iku, mujudake akhlak kang pinuji (teruji). Kanthi mangkono jiwa bisa uwal saka tumindak kang ora bener. Jlentrehe, sabar iku mujudake potensi (kekuwatan) saka kekuwatan sing didarbeni dening jiwa. (b). Sabar iku, mujudake sikep nge­dohi tumindak sing nyimpang utawa nalisir saka paugeran sarta asikep tenang nalika ana bebaya sing bakal tumapak. Gem­blenge, adhedhasar karo ide (panemune) para Ulama kang katur ing ndhuwur, bisa dipahami, manawa sabar iku mujudake sikep kang tenang (ora gupuh) nalika nga­dhepi bebaya, pacoban (ujian), sarta ora sambat marang liyan. Atine manther, ma­nawa sekabehing kang dumadi, iku krana kudrat lan iradate Allah. Isih miturut pane­mune para Ulama, manawa jiwane ma­nungsa iku mujudake tumpakan sing di­tum­paki dening pawongan kang tumuju menyang suwarga utawa neraka. Dene kesabaran iku ndarbeni jejibahan utawa fungsi minangka tali kekang sing ngendha­leni tetumpakan mau. Lha yen tumpakan kasebut ora dikendhaleni dening kekang, tetumpakan  iku bakal mlayu ngethipret menyang ngendi-endi, tanpa kendhali.

Dene Ulama liyane darbe panemu, ma­nawa jiwa-jiwane manungsa iku nduweni pa­datan (tabiat) condhong (cenderung) nin­dakake  pakarti ala  (maksiyat). Muga-muga Allah kepareng paring rahmat ma­rang wong-wong kang ndarbeni kesabaran (ati kang sabar) sing dadi kendhali ngekang tumpakan (jiwa) mau. Kajaba saka iku, uga ana Ulama sing kagungan panemu, manawa jiwa iku ndarbeni rong kekuwa­tan, yaiku kekuwatan (potensi) kanggo nin­dakake samubarang sing didarbeni, kang­go nindakake samuba­rang kang mupangati tumrap dheweke. Ka­jaba saka iku uga bisa ngarahake utawa nuntun nahan dhiri saka perkara-perkara sing bisa nuwuhake mu­darat.

Sabar iku kalebu akhlaqul karimah (be­buden kang luhur). Sepira elok lan endahing kesabaran iku, bisa dipriksani ma­nungsa iku bisa sabar, nalika ibadah shalat wengi (tahajjud), ibadah pasa, nanging dhe­weke ora bisa nahan dhiri yen ndulu ma­rang sa­mubarang kang dilarang (diha­ramake). Ana uga wong sing bisa nahan dhiri, ora  ndulu samubarang kang dilarang (diharamake), nanging dheweke ora bisa sabar anggone nindakake amar makruf sarta nahi mung­kar, uga ora sabar anggo­ne nindakake jihad fi sabilillah. Dhawuhe Allah, mangkene maksude:

Lan dheweke padha metu ju­medhul saka kubure, kabeh ana ing (oro-oro) mahsyar padha sowan ngadhep ma­rang ngarsaning Allah, nuli wong-wong kang apes ngucap marang wong-wong kang adigang-adigung; satemene aku wus nggugu mring sira, kena apa saiki sira selak ora bisa mbengkas siksaning Allah iku marang aku?” Wangsu­lane: Manawa Allah (kepareng) paring pituduh marang aku yaiku aku ngajak sira marang dalan pituduh. Padha bae tumrap aku, sambat (sesambat) utawa sabar, aku ora bisa oleh pangung­sen.” (Q.S. Ibrahim (14):21).

 

(7). KAUTAMANE SABAR MITURUT RASULULLAH.

Kautamaning kesabaran kaya sing didhawuhake dening Rasulullah, sing mak­sude mangkene: (a). “Sok sapa wonge sing ngudi laku sabar, Allah bakal kepareng paring kesabaran. Ora ana samubarang pe­paringaning Allah sing kaparingakE ma­rang kawulanE, luwih becik utawa luwih bawera (jembar) katimbang kesabaran. Rasulullah paring conto utawa tuladha si­pat sabar kaya sing dialami dening wong wadon kang diuji dening Allah, mangkene maksude laku sabar mau. Saka Atha bin Abu Rubah nerangake, manawa sawijining wektu Rasulullah nate ngendika: “Apa sli­ra­mu gelem dak tuduhake sawijining wanita ahli suwarga? Hiya gelem. Atha nerangake, manawa wanita kulit ireng iku, nate sowan ing ngarsane Njeng Nabi Muhammad saw, banjur matur mangkene genahe:

“Estunipun kula punika nandang epilepsi sarta aurat kula sering si­ning­kap (nalika nedhenge kumat). Pramila kepareng panjenengan (dhuh Njeng Nabi) suwunaken (ndo­ngak­aken) dhumateng Allah kangge ka­wula. Njeng Nabi karsa (kepareng) paring dhawuh: “Yen sira gelem sa­bar, tumrap sira bakal  pinaringan su­warga. Lha yen sira sumadya (saguh laku sabar), bakal dak suwunake do­nga (dak dongakake) marang Allah, muga-muga  Allah paring kasarasan. Wanita mau nuli matur maneh “Ka­singgihan Njeng Nabi”, kula ngestok­aken badhe lampah sabar. Wanita iki matur maneh, prayogi panjenengan ndonga dhumateng Allah, mugi-mugi aurat kawula mboten kesingkap ma­lih. Wusana Njeng Nabi kepareng ndonga (ndongakake) kanggo wanita kasebut.”  (HR. Bukhari, Muslim). 

 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!