Upacara Adat Masyarakat Jawa Brang Wetan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 121 kali

Kultur area Brang Wetan, residu budaya punjere Majapahit kanthi ciri khas wujud dialek basa Jawa antarane liya: arek-arek, koen, rika, cacak, wak ning (dialek Surabaya lan Malang), keselipan dialek khas Tengger kanthi ciri kultur kena pengaruh agama Hindu lan Budha. Sacara geografis ngliputi dhaerah Jombang, Malang, Mojokerto, Surabaya, Nganjuk lan Sidoarjo. Lha sing arep penulis aturake ing kene mung upacara adat ing Nganjuk, Mojokerto, lan Malang.

Tingkeban

Rong ewu taun anane manungsa ing bumi Jawa nekakake maneka tradhisi kang ana ing tata cara peradaban kang sinebut kabudayaan Jawa. Wiwit leluhur bangsa iki ngrasuk faham animisme, dinamisme, banjur kenter ing perjalanan sejarah pi­kantuk ilham saka agama Syiwa. Budha lan Hindhu, banjur nyusul pengaruh Islam, Kristen lan ngleboni peradaban modern, mula banjur nyawiji ana werna lokal bu­daya kang “Bhineka Tunggal Ika”. Upacara tradhisi “slametan” maneka ragam akehe, lan salah siji ing antarane yaiku “slametan wong meteng”. Upacara slametan iki di­sam­bung rapetake karo lokal wilayah Nganjuk, kang nyimpen maneka crita, se­jarah kang wis tinulis ing maneka buku, sar­ta crita liyane kang durung sempat didadekake buku.

Mligi upacara slametan kanggo wong meteng, tuladhane ing buku “Kitab Prim­bon Betaljemur Adammakna” (Soemodi­djojo Mahadewa, 1978). Ing kitab primbon kasebut tinulis yen slametan kanggo wong meteng dileksanakake kaping sanga. Slametan wulan kapisan nalika ngandhut sinebut “Jenang Sungsung”, slametan wu­lan kaloro “Sega Janganan”, slametan wu­lan katelu padha karo wulan kaloro, sla­metan wulan kapapat “Sega Punar”, apem lan kupat, slametan wulan kalima “Sega Janganan” uler-uleran lan ketan manca warna, slametan wulan kaenem, “Apem Kocor”, slametan wulan kapitu “Tingke­ban” kanthi upacara mligi, slametan wulan kawolu “Bulus Angrem”jajan klepon ditu­tupi serabi, lan pungkasane sla­me­tan ing wulan kasanga “Jenang Procot”.

Sacara konvensional slametan “tingke­ban” kang lelandhesan marang tradhisi Jawa kultur Solo-Yogya kanthi ubarampe sesaji sega jangan lan jajan pasar, jenang abang-putih, sega garing, amping ketan, tumpeng robyong, penyon, sempora (gle­pung beras dijuri santen), lan pring se­dhapur.

Banjur ana pitakonan, kepriye upacara tingkeban ing Nganjuk? Upacara tingkeban ing Nganjuk uga sinebut “mitoni” (pengetan ing wulan ka-7) utawa “ngrujaki” krana ing upacara kasebut disiapake “rujak”. Tem­bung tingkeban dipiterangake sacara etimologis, disejajarake karo akronim (sing­katan tembung) saka tembung “titi wancine jangkep” (wis ganep wektune). Ing walike pitakonan kasebut kanthi maksud yen ing wulan ka-7 bayi ing kan­dhutan bisa lair (sinebut “lair-metu pitu”). Mula saka iku wanita kang ngandhut ing wulan ka-7 kudu ngrumat awake, ora oleh kerja abot utawa lunga adoh.

Ciri khusus ing Nganjuk yaiku anane upacara siraman (wanita kang ngandhut disiram banyu kembang), tumpeng di­kumpliti karo cengkir gadhing cacah loro, lan sapungkure iku ngedum “rujak” me­nyang sanak kadang lan tamu undangan kang rawuh. Asring cengkir gadhing iku di­gambari tokoh wayang kang diidolakake, tuladhane tokoh “Kamajaya-Dewi Ratih, Arjuna-Sembadra utawa Panji-Candra­kirana” kanthi pengarep-arep yen bayi lair kakung nduweni watak satriya kaya Dewa Kamajaya (kang watake bagus), Arjuna utawa pahlawan Panji, suwalike yen bayi lair putri nduweni karakter kaya Dewi Ratih, Sumbadra utawa Dewi Sekartaji Candrakirana (epos cinta abadi Panji lan Sekartaji saka Kediri).........sapepake

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang MITUHU mring GUSTI ALLAH, dudu ateges ora ana KEKURANGANE maneh.

Klik

ADOL KASET LAWAS

Ondi Turiyat, 78, ngramut koleksi kaset-kasete kang didol ing Jalan Cihapit, kutha Bandung. Sajege 1980-an, pensiunan PT. KAI iki pancen ngumpulake maneka kaset pita kanthi maneka jinis genre musik. Total koleksine ana 2.000-nan kaset pita. Pak Ondi banjur ngedol kaset-kaset mau kanthi rega Rp 5 ewu nganti Rp 100 ewu saben kaset, gumantung tingkat langkane. (d/ist)***

Pethilan

Presiden dhawuh susunan kabinet wis rampung

Sinyal, partai isih oleh nglobi ma­neh

Ayomi situs kanthi data kang akurat

Data ana, sertifikat duweke negara sing ora ana

Surya Paloh ngaku duwe pandulu kang padha karo Prabowo

Padha-padha ndulu duwe kalo­dhangan