Tujune Wiwit SR Kelas 3 Aku Wis Seneng Maca PS
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 94 kali

Ngudi lestarine basa Jawa pancen ora cukup kanthi seminar lan konggres sing isine mung teori. Pemakalahe wae ora wani nganggo basa Jawa. Paling mathis, praktis lan ekonomis kudu digegulang wiwit bocah. Sokur bage yen kerep maca wacan Jawa, klebu buku-buku Jawa ing sekolahan sarta kalawarti basa Jawa. Mula aku muji sukur, tujune aku wiwit kelas 3 SR wis seneng maca PS lan TP.

 

TAUN 1966-an, nak dulurku Dik Tutik jaman sekolah ing SKP Purworejo yen mulih ndesa ing Ngombol kerep nggawa majalah TP (Taman Putra) “anake” PS. Wujude cekli, berwarna, ukuran buku sekrip. Isine pancen donyane bocah, ke­bak dongeng, sejarah, crita bocah, klebu pariwisata. Ning kala semana sing nggu­lawenthah TP dudu Pak Soebagijo IN (mun­dur saka Wapemred PS taun 1956), na­nging wis Pakdhe Dar. Iku asma sesing­lone Satim Kadaryono, ya penulis cerkak lan cersam ing PS jaman semana.

TP tekan Purworejo, merga Toko  Bu­ku “Mer­deka” Jl. Ahmad Yani ngagen TP bareng karo PS-e. Ing agen TB “Holopis Kuntul Baris” Purwodadi, ora ana merga mung ngageni PS, Jaya Baya, Waspada, Me­kar Sari, lan Go­tong Royong. Aku ma­ca TP katog ing Per­pus­takaan Ne­gara Yogya­kar­ta (1966-1970) ngarep Hotel Garuda. Sing aku isih keli­ngan, cri­tane ing TP taun-taun iku antara liya: Do­lan me­nyang Tlaga Ngebel, Gara-gara Cemoe Ro­ti, sarta Go­reng TP (nyri­tak­­ake TP sing kuda­nan, banjur dipang­gang).

 

Saka lenggare siwa Dono

Yen PS mono, sing dhek 2 September wingi mengeti tanggap warsane sing ka-86, aku wis akrab wiwit umur 5 ta­unan, senajan kala semana mung nde­lengi gambare thok. Upamane Mas Klom­brot (Indri Soedono) utawa Pak Begog (SNS). Rumangsaku aneh, wong kok ram­bute njegrak kaya sapu duk, kaose lorek-lorek. Nanging kadhang, senajan durung bisa maca, gambare wae wis crita dhewe,  marahi ngguyu!

Bapakku suwargi, Pak Tjokrosutikno, pancen santri lan wong tani sing seneng maca. Yen lagi lodhang gaweyan, aku di­gendhong mburi, dijak dolan ana nggo­ne Siwa Donomihardjo sing kagungan langgar. Bapak lan Siwa Dono padha ngobrol, aku mbiyaki PS lawas, nonton gambare Pak Klombrot. Dening Mbak Suhul putrane siwa Dana sing wis ABG, aku kerep ditanggap, “Wis madhang durung, mbokmu lagi apa?” Keri-kerine mengko dicekeli panganan, kadhang pelem mateng.

Bapakku mono santri ndesa kang mer­sudi marang kasusastran Jawa. Ka­ro ngemong aku, lan uga adhi-adhiku, ke­rep ditembangi Dandhanggula kara­ngane dhewe, sing cakepane aku isih kelingan: Pancasila dhasaring negari, kang kapisan nembah Gusti Allah...... Malah yen makili kulawarga jroning aca­ra mantenan, bapak anggone nyambut kerep nganggo tembang Jawa spontan, tanpa dikonsep lan nekuki driji.

Kala semana pancen kaya ana se­pakatan, bapak, Siwa Dono, Pak Siswo­subroto mantri guru ya paklikku dhewe; padha lengganan majalah Jawa. Pak Sis PS, Siwa Dono Jaya Baya, dene bapakku Waspada. Wekasane majalah tetelu mau muterrr wae, genten-gentenan anggone maca. Aku bisa maca dhewe sawise ke­las 3 SR (Sekolah Rakyat), saengga bo­thek­an tembung Jawaku saya akeh, ora mung saka basa caturan sedina-dina.

Crita sambung PS taun 1960-an sing aku isih kelingan antara liya : Timbreng (S. Kadaryono), Sinta (Hardjono HP), Ka­durakan ing Kidul Dringu (Suparto Bra­ta), Randha Kasmaran (Hardjono HP), San­ja sangu trebela (Peni = Suparto Brata), Sala lelimengan (Suparto Brata), Lara lapange kaum Republik (Suparto Brata). Sadurunge taun 1960, kayata: Dawet Ayu (Widi Widayat), Wahyaning wahyu jatmika (Sri Hadidjojo), Puspita Sinarodja (Is Djon), Kenya Tirta Gangga (Any Asmara), Tjandikala (Andanawarih = Basuki Rachmat), Tugas Luhur (Sri Hadidjojo).

Crita pedhalangan uga sumbere ngangsu basa Jawa. Kejaba nonton tang­­gapan dhalang suwing Sukrowo Pudjo Suwarno, Ki Hadisugito lan Ki Tim­bul Hadiprayitno, akeh-akehe maca saka PS karyane Ki Surohamidjojo sing di­reng­g­ani gambar S. Ratmoyo. Critane cekak aos, paling akeh rong seri tamat, nanging banjur ngerti sejarah kuwaya­ngan. Beda karo PS saiki, saklakon crita wayang bisa diulur-ulur nganti 10 nomer, basane wis ora beda karo buku Tuntunan Pe­dhalangan Ringgit Purwa karyane Ki Sis­wa Harsoyo. Soale ana sing dipurwani nganggo ukara : swuh repdata pi­tana (Su­rakarta) utawa hong wi­laheng awig­nam astu (Yogyakarta).

 

Wacan SR taun 1960-an

Ora kalah wigati, buku wacan ing sekolahan, sing jaman SR taun 1960-an kelaku kanggo wilayah Ja­teng, Jatim, lan DIY, bukune meh se­ragam. Kayata Siti karo Slamet, Mar­di Maryam, Nyamikan, Waosan Dja­wi, Campur Bawur, Tataran (Kuncung-Bawuk). Ana maneh buku loro sing jenenge aku lali, nanging siji siji tokohe Jatmiko, mula ana crita sing mawa irah-irahan: Jat­miko Ngrokok, Gledegan kembang tebu. Sijine maneh tokohe Budiyah-Maryati karo Sardjono lan Paimin. Sing genah sing nggambari Indri Soedono ya pelukis Mas Klombrot.

Buku Siti karo Slamet jaman se­ko­lahku wis aksara latin, amarga dhek jaman Landa tulisane Jawa. Critane ya bab rukune kulawarga Ja­wa, mligine ngenani panggula­wen­tahing bocah. Tokohe kejaba Siti karo adhine sing jenenge Sla­met, ana adhine maneh sing jene­nge Kecuk.

Yen Nyamikan karyane Samoed Sastrowardoyo, kejaba isi dedongengan Jawa uga wacan kawruh umum klebu wayang lan sejarah. Mula jaman maca giliran ing kelas V, adegan Damarwulan karo Sabdapalon-Nayagenggong tak bedakake suwarane, nganti guruku Pak Ismadi komentar, “Wah jan kaya dhalang Gito....!”

Semono uga buku Waosan Djawi kar­yane L. Tedjosusastro, isine mirip Nya­mikan. Critane sing paling cumithak ing ati, bab Biyung Utami sarta bah Giok Po, bakul kacang goreng bangsa Cina sing kerep dibebeda bocah. Yen tawa, “Ka­cang goleng, kacang goleng.....!” Kebe­neran bareng aku glidhik ing Ariwarti Parikesit Solo (1972-1976), aku dadi anak buahe Pak Tedjo, bareng karo Any Asmara.

Yen buku Tataran karyane Wignya­disastro, dienggo murid-murid SR taun 1950-an. Aku maca ana perpustakaan. Jebul buku sing mawa tokoh Kuncung-Bawuk kuwi ana rong edisi. Edisi jaman Landa, gangsir dienggo lawuh mangan. Bareng edisi sawise merdika, gangsir dienggo pakan pitik. Semono uga gam­bar Ratu Wilhelmina ing edisi sawise mer­dika uga diilangi.......sapepake

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kabeh kang kita karepake kudu kita DUWENI, saka ngendi kita ajar IKHLAS.

Klik

ADU DARA

Sawijining petugas lagi naliti dara pos ing Kandhang Nasional Ra¬jamandala, Jl. Mandalawangi, Cipatat, Bandung Barat. Ana 706 manuk dara padha dipasangi cip kanggo persiapan melu Lomba One Loft Race kanthi total jarak 1.750 km. Lomba adu dara iki dibagi jroning 6 tahap kanthi jarak paling adoh 450 km saka Kandhang Nasional Rajamandala mau. Sing dibiji bantere dara nalika tekan dhisik ing kandang kanthi ndeleng sistem radio frekuensi kang dipasang ing cip ing sikile dara mau. (d/ist)***

Pethilan

Partai sarujuk pimpinan MPR ditambah

Dundum kursi ora ana mandhege

Ancaman pidana marang masyarakat ningkat

Sawise suwarane dijupuk saiki rak­yat diancam

Ancaman pidana marang masyarakat ningkat

Sawise suwarane dijupuk saiki rak­yat diancam