Rengginang Rempeyek
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 44 kali

Riyanti lungguh ngarep kaca. Rupane katon bungah. Riasan kang dienggo tipis nanging pantes kanggo kondha-ngan. Ya, awan iki Riyanti bakal nekani undangan nikahan. Kabar bab nikahan iki wis dirungu Riyanti sadurunge nampa undangan kuwi dhewe.

Sore wingi, ing pinggir pantai, kabar nikahe Adit dadi ganjelan atine Riyanti. Perasaan secuwil kang ing njero atine sing disimpen rapet kaya wis ora ana pangarep-arep maneh. Riyanti mung nyawang angslupe srengenge ing sebrang segara kang nggowo perasaane. Riyanti kelingan jaman semono, rakete kekancanane karo Adit. Riyanti lan Adit wis cedhak wiwit SMP. Bocah loro iku kanca raket tanpa ana tembung tresna, nganti dadi kanca nganti seprene. Bedane, Adit isa cedhak karo cewek-cewek liya, yen Riyanti…mung anaAdit ing njero atine. Bocah lanang kang nyedhaki tansah ditolaki. Riyanti mesthi kandha yen wis ana bocah lanang sing disenengi Riyanti. Rasa tresna kanggo Adit terus disimpen ana njero ati.

Satemene kanca-kancane wis ngandhani, enggal ngomong wae marang Adit yen dheweke seneng. Nanging Riyanti emoh ngomong dhisik.

 “Yan, aku ora isa ngapusi yen aku ya seneng karo Adit. Kowe ikhlas to yen aku karo Adit?” pitakon jujure Dewi marang Riyanti kang ora bisa dijawab dening Riyanti. Riyanti dhewe ora ngerti.

Sak bubare iku, Riyanti wiwit ngerti yen kudu ikhlas dening perasaane dewe. Riyanti wiwit ngerti yen tresna iku saya digegem malah keprucut. Riyanti wiwit pasrah karo Sing Nggawe Urip.

Dina iki, Riyanti wis mantep arep nekani nikahane Adit. Ora ana galau maneh ing njero atine. Mula, wiwit esuk Riyanti wis dandan. Disawang maneh praupane ing kaca, ana esem satlemik ing wajahe Riyanti. Riyanti banjur lungguh ing emper ngenteni Ayu. Riyanti lan Ayu janjian teka bareng ing nikahane Adit.

“Kok suwe ta Yu,” kandhane Riyanti pas Ayu teka.

“Byuh…byuh…byuh lagi telat seprapat jam wae wis diomong suwe. Aku mau ngeterne adhikku sik. Apa kowe wis ora sabar pengen ngerti bojone Adit?” godhane Ayu.

Lengene Ayu dijiwit.

Tekan panggonan temanten wis rame tamu undangan.  Riyanti lan Ayu kepethuk kanca-kanca lawas jaman SMP. Dadi malih kaya reunian wae. Riyanti dicedhaki dening Yudho, kanca cedhake Adit jaman semono nganti seprene.

“Suwe ora kepethuk, Yan,” Yudho uluk salam karo nyemil rengginang, suguhan ndhuwur meja.

“Iya ya, kapan to awake dhewe terakhir ketemu? tambah subur wae awakmu Yud,” jawab Riyanti sakecandhake.

“Hehehehe,” Yudho ngguyu karo ngelus-ngelus weteng gedhene sing kayak wong mbobot. “Hora, kok kowe ora sida karo Adit ki piye critane?” takone Yudho ujug-ujug.

“Aku? Karo Adit?” Riyanti balik takon marang Yudho. Ayu kang ono sisihe Riyanti lan lagi nggadho peyek mengo nggatekne Yudho.

“Lho, kowe karo Adit kan padha senenge kawit mbiyen” guneme Yudho.

Riyanti meneng, sajak isih nerjemahne omongane Yudho.

“Sik, sik, dadi… Adit iku sakjane ya seneng ta karo Riyanti, Yud?” Ayu melu-melu takon marang Yudho amargo saking penasarane.

“Lho, iyo! Deweke sering kandha menyang aku kuwi. Tapi amarga Riyanti pindhah lan katon sibuk, dheweke ora gelem takon maneh, jare wedi yen ngganggu awakmu Yan” jawabe Yudho karo isih nyamuk-nyamuk mangan rengginang.

Kreek…suara cuwilan rengginang lan peyek kang dipangan kanca-kancane Riyanti iku padha kaya suara atine Riyanti kang remuk keprungu crita iku. Nanging kahanan wis ora bisa diowahi.

Ing ngarepe, Adit lungguh ing kuwadhe karo sisihane. Riyanti meneng wae. Ngrantes krungu suara renyahe rengginang lan peyek mau. Keprungu pranata cara nyeluki jenenge kanca-kanca SMP temanten seperlu foto bebarengan ing kuwadhe.

“Heh, ayo foto!” jawile Ayu ngagetne Riyanti.

Atine Riyanti kang sakawit wis ditata kanthi premati krasa  remuk lan ambyar kaya gogrokane rengginang.

Dheweke ngadeg banjur jumangkah tumuju kuwadhe. Sikile krasa abot kanggo mlangkah. Nanging pas ing ngarep undhag-undhakan, Riyanti sadar yen tresna iku pancen ora bisa milih obyek. Limang jangkah tekan panggonane Adit, atine Riyanti wis ora kaya rengginang utawa peyek kang ajur maneh. Riyanti ngadeg jejeg, nggawe janji ing jero atine. Ikhlas iku pancen abot dilakoni. Riyanti mlaku kanthi mantep nyalami Adit lan sisihane, ora lali foto bareng temanten sarimbit kuwi.

l (R.a. Kusuma)***

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang MITUHU mring GUSTI ALLAH, dudu ateges ora ana KEKURANGANE maneh.

Klik

ADOL KASET LAWAS

Ondi Turiyat, 78, ngramut koleksi kaset-kasete kang didol ing Jalan Cihapit, kutha Bandung. Sajege 1980-an, pensiunan PT. KAI iki pancen ngumpulake maneka kaset pita kanthi maneka jinis genre musik. Total koleksine ana 2.000-nan kaset pita. Pak Ondi banjur ngedol kaset-kaset mau kanthi rega Rp 5 ewu nganti Rp 100 ewu saben kaset, gumantung tingkat langkane. (d/ist)***

Pethilan

Presiden dhawuh susunan kabinet wis rampung

Sinyal, partai isih oleh nglobi ma­neh

Ayomi situs kanthi data kang akurat

Data ana, sertifikat duweke negara sing ora ana

Surya Paloh ngaku duwe pandulu kang padha karo Prabowo

Padha-padha ndulu duwe kalo­dhangan