Tradhisi Metatah Masyarakat Bali
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 96 kali

Tembung metatah iku asale saka basa Bali kang tegese ngelongi. Sing jenenge ngelongi kuwi ora nugel. Yen mung didongi mung ketong sethithik, dene yen nganti nugel kelonge akeh. Salah sawijining upacara keaga­maan kang wis dadi tradhisi ing Bali yaiku ngelongi untu. Wong Bali mastani me­tatah, mapandes, utawa masangih. De­ne tradhis sing nganti saiki isih dilesta­rekake yaiku Tradhisi Metatah.

Ing Tulungagung uga ana upacara nge­longi untu. Wong Tulungagung mas­tani pangur. Saiki upacara kasebut mung kari crita. Biyen nalika isih ana kapitayan yen pangur untune malih rosa (ora gam­pang kelong), Tradhisi Pangur isih ngrem­baka. Nanging bareng kapitayan iki wis kalindhes jaman, tradhisi iki sethi­thik mbaka sethithik malih suda (ilang).

Ing taun 90-an, ing Desa Panggung­kalak, Kecamatan Pucanglaban isih ana upacara ngelongi untu. Krana adat lawas kang ing desa liya wis ditinggalake, ing kene isih diugemi. Upamane pakulinan kudu pangur tumrap prawan kang wiwit remaja putri. Pangur iku kudu ditindak­ake sadurunge si prawan nggarapsari sing sepisanan. Yen nganti kedhisikan nggarapsari mangka durung pangur, wah ... ora becik akibate. Kuwi kapitayan war­ga kene. Yen wis nggarapsari, adate lan manut kodrate, rak banjur kasusul tan­dha-tandha kadiwasaning si prawan. Upamane dhadhane malih mentheg. Nek wis ngene iki mesthi enggal payu rabi.

Ya jalaran iku angka putus sekolah ing desa kene wektu iku klebu dhuwur. Bocah wadon bisa tutug nganti tamat SD klebu ngelas. Rata-rata isih kelas enem, waton dhadhane wis mentheg, wis di­man­tu. Rumangsa isin kanggone warga kene yen nganti duwe anak prawan ge­dhe durung dimantu.

Suwalike karo ing Bali, yen ing Pang­gungkalak (Tulungagung) sing pangur tumrap prawan kang wiwit remaja putri, lha yen ing Bali sing metatah tumrap pra­wan utawa jaka kang wis remaja. Mula yen ing Panggungkalak pangur kudu di­tindakake sadurunge si prawan ngga­rap­sari sing sepisanan, lha yen ing Bali metatah kudu ditindakake sawise si pra­wan nggarapsari. Ana aturan kang ora tinulis, anggone pangur ing Pang­gung­kalak ora usah ngenteni dhadhane si prawan malih mentheg, dene anggone metatah ing Bali dadak ngenteni dha­dhane si prawan wis mentheg.

Apa merga kuwi, Tradhisi Metatah ing Bali nganti saiki isih lestari? Embuh! Sing cetha Tradhisi Metatah ing Bali minangka kuwajibane wong tuwa marang putra-putrane. Iki ana gandheng cenenge karo kuwajibane wong tuwa maringi ular-ular kang becik. Tujuane amrih sifat-sifat ora becik kang ana ing putrane bisa dikendhalekake. Ya mung ana aturane tumrap ibu kang ngandhut ora dikeparengake nindakake upacara ngelongi untu.

Ing kapitayan Hindu, wanita kang ngandhut ing umume ora dikeparengake kanggo nindakake prosesi metatah. Bab iki krana kapitayan masyarakat yen bayi kang dikandhut minangka sawijining  makhluk kang suci. Dene nalika metatah, wong bakal ana ing kahanan cuntaka utawa ora suci kanggo disucekake.

Perlu kawuningan, Upacara Metatah mbutuhake prabeya ora sethithik krana akeh perlengkapan sesajen kang diper­lokake. Biasane, ing upacara iki uga ngu­lemi sanak kadang lan tangga teparo sa­perlu rawuh kaya nalika ngrawuhi ule­mane wong duwe gawe mantu utawa sunatan. Mula saka iku, masyarakat Bali banjur nyiasati kanthi nindakake meta­tah sacara bareng-bareng (massal). Ter­kadhang uga dibarengake karo rerang­ken upacara adat liyane, tuladhane di­barengake karo Upacara Ngaben.

Ing wiwitane, wong kang metatah adate nganggo penganggo kain putih, kampuh kuning, lan slendhang samara ratih. Iku minangka simbol restu saka Dewa Semara lan Dewi Ratih (adhedha­sar lontar Semarandhana). Banjur uga nganggo benang pawitra werna tridatu (abang, putih, ireng). Iku minangka sim­bol pangiketan dhiri marang norma-nor­ma agama. Nanging, wektu iki wis akeh modifikasi busana wektu metatah.

Sapungkure untu dikikir, wong kang metatah disuwun supaya ngicipi enem rasa kanthi maneka makna ing njerone. Rasa pait lan kecut yaiku simbol amrih tabah ngadhepi prastawa panguripan kang terkadhang ora nyenengake. Rasa pedhes minangka simbol amrih ora nesu yen ngalami utawa keprungu bab kang njengkelake. Rasa sepet minangka sim­bol amrih taat marang peraturan utawa norma-norma kang lumaku. Rasa asin minangka simbul kawicaksanan, tansah ningkatake kuwalitas kawruh krana pem­belajaran dhiri. Rasa legi, minangka sim­bul panguripan kang mulya lair batin co­cog karo apa kang dikarepake. (*)

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang MITUHU mring GUSTI ALLAH, dudu ateges ora ana KEKURANGANE maneh.

Klik

ADOL KASET LAWAS

Ondi Turiyat, 78, ngramut koleksi kaset-kasete kang didol ing Jalan Cihapit, kutha Bandung. Sajege 1980-an, pensiunan PT. KAI iki pancen ngumpulake maneka kaset pita kanthi maneka jinis genre musik. Total koleksine ana 2.000-nan kaset pita. Pak Ondi banjur ngedol kaset-kaset mau kanthi rega Rp 5 ewu nganti Rp 100 ewu saben kaset, gumantung tingkat langkane. (d/ist)***

Pethilan

Presiden dhawuh susunan kabinet wis rampung

Sinyal, partai isih oleh nglobi ma­neh

Ayomi situs kanthi data kang akurat

Data ana, sertifikat duweke negara sing ora ana

Surya Paloh ngaku duwe pandulu kang padha karo Prabowo

Padha-padha ndulu duwe kalo­dhangan