Tosan Aji yen Kawawas saka Metalurgi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 155 kali

Tekan saiki tosan aji utawa wesi aji  akeh kang diaji-aji, merga dianggep kramat (sakral) lan malati. Uga dianggep warisan leluhur run-temu­run kang kudu diopeni lan dipepetri. Kang klebu golonganing  tosan aji yaiku keris, tumbak, pedhang, kudhi, cundrik lan me­nur.

Ing Indonesia tosan aji mligine keris dadi barang klangenan kang populer tum­rap masyarakat Jawa, Bali, Sumate­ra, lan Su­lawesi Selatan. Dene ing man­ca ne­ga­ra kaprah ing masyarakat Ma­lasyia. Je­neng liya keris yaiku dhuwung, curiga, wangkingan lan wilahan.

Miturut wujude, keris uga sinebut ma­­lela (keris waja tanpa pamor), sem­purna (keris sing luk-e ganjil) lan sepukal (keris sing tanpa luk). Senajan padha-padha digawe saka bahan wesi, nanging mena­wa dijingglengi tenan, panggawe­ne pan­cen akeh bedane karo pangga­wene pi­ran­ti (gegaman) liyane kayata pacul, arit/cengkrong, bendho, golok, pe­dhang, badhik, lsp. Yektine bahan (wesine) sing kanggo nggawe tosan aji kuwi ora padha. Marga tosan aji iku di­gawe saka campu­ran wesi kang asale saka bumi (miturut buku pakem keris di arani ibu pertiwi) lan Pamor (bapa angkasa).

Miturut Kapustakan Jawa, keris kang digawe sepisanan ing Tanah Jawa du­ma­di taun 152 saka yasane Empu Ra­mayadi. Sawise iku sangsaya akeh Em­pu kang yasa keris mirunggan nalika Tanah Jawa ngancik jaman kabudayan. Jaman semana para Empu kabeh  per­ca­ya, yen ana jinis wesi kang nduweni kasiat gedhe utawa  nduweni daya kang linuwih. Ora kabeh wesi bisa digawe tosan aji, upamane, wesi Karang Kijang. Wesi jinis iki yen dithuthuk swarane mbe­ngung kaya kumbang (tawon). Serate alus. Kasiate ampuh. Watake sabar lan wicaksana. Wesi Pulosari, yen dituthuk swarane kaya gong. Rupane semu ijo. Se­rate alus. Watake slamet santosa, akeh rejeki lan bisa nulak kadurakan.

Wesi Mangangkang, yen dituthuk uni­ne mbrengengeng kaya tawon. Rupane rada ireng semu wungu, lumer. Kasiate yen perang medeni mungsuh, ditresnani wong, nggawa rejeki. Wesi Kamboja (Sem­boja) yen dituthuk  swarane ngong-ngong lan nging-nging. Rupane putih. Kasiate ampuh. Yen sing nganggo wong becik atine bakal ditresnani wong akeh. Wesi Malelala Kandhaga, yen dituthuk unine thung-thung. Rupane rada kuning. Kasiate ditresnani wong akeh. Wesi Wa­lulin rupane rada biru. Serate padhet.  Kasiate ampuh. Yen kesrempet awake (ta­tu setithik) rasane panas. Wesi Wela­ngi yen dituthuk swarane ngeng ngeng. Rupane rada kuning semu ijo. Kasiate, murah rejeki lan akeh mitra kancane.

 

Carane nliti

Sing diarani metalurgi iku ilmu kang nyinaoni thek-kliwer babagan logam (me­tal), yaiku kepiye carane anggone ngga­we lan sepira campurane kanggo ngasil­ake logam kang unggul lan becik (upa­mane logam sing wulet, kuwat, tahan karat naning entheng alias ora abot).  Mula cara nliti tosan aji iku sejatine bisa migunakake cara modern, yaiku nganggo metode NDT (non destructive dating) kang ora bakal ngrusak marang  wesi aji kang ditliti. Ancase kanggo nliti anane cacat Piranti sing digunakake yaiku sinar X (X-ray fluorescencx spektroscopy). Cara iki lelandhesan ilmu pengetahuan lan teknologi atom (nuklir) kang bisa kang­go ngawuningani kandhutan unsur kimia tosan aji wiwit seka  0,01 - 100% kanthi kandel maksimal 2 mm. Perlu ka­wuningan menawa sawijine atom iku mujudake salah sijine unsur kimia kang duwe komposisi beda yen ditandhingake karo unsur atom liyane.

Bedaning kom­posisi bisa dipriksani ing cacahing neutron, proton lan elektron kanthi te­naga (lintasan) kang ora padha. Kajaba iku, ilmu atom uga nyebutake menawa elektron iku bisa mundhak lan suda tenagane menawa pindhah saka unsur atom siji menyang unsur liyane. Nalika elektron iku pindhah, ana  radiasi sunar X kang nyloroti, Gedhe cilike kekuwatan gumantung elektrone.

Cara NDT bisa digunakake kanggo nliti tosan aji. Sebab bahan tosan aji iku saperangan gedhe ngandhut unsur kimia wesi (Fe). Dene liyane akeh lan manca werna. Kabeh unsur ing sajrone tosan aji bisa kaweruhan. Contone :

1. Jinis tosan aji : Tumbak

    Tangguh    : Sendang Sedayu

    Dhapur      : Jejeg

    Pamor       : Tambal

    Unsur        : Fe, As, Ti, Sn,              Ag, lan Ca.

2. Jinis tosan aji : Pedang.

    Tangguh    :  ?

     Dhapur     : Sabet

     Unsur       : Fe, As, Ti, Cu,             Sn.

3. Jinis tosan aji : Keris.

    Tangguh    : Tuban.

    Dhapur      : Tilam Upih.

    Pamor       : Beras Wutah.

    Unsur        : Fe, As, Ti,

Sawatara conto iku kena kanggo aweh gegambaran. Sing cetha, tosan aji kang kasil dideteksi iku dudu tosan aji nom-noman.

Senadyan kurang akeh contone, na­nging bisa dijupuk dudutan menawa sa­ben tosan aji iku ngandhut unsur Fe (wesi) lan As (arsen utawa warangan). Kaping pindhone, akeh tosan aji kang ngan­dhut Ti (Titanium) kang saiki digu­nakake kanggo campuran (pelapis)  ba­dan pesawat terbang lan pesawat ulang alik (space shuttle), satelit, peluru ken­dhali utawa roket. Unsur titanium duwe sipat anti korosi (pengkaratan) lan tahan marang suhu panas kang dhuwur (ngan­ti ewon derajad Celcius). Unsur Titanium iki akeh kinandhut ing meteorit.

Biyen para empu durung weruh Nikel (Ni). Mula bahan Titanium iku digunak­ake kanggo gawe pamor, jalaran mineral ing Tanah jawa iku akeh. Lumrahe sinebut pasir besi.

Yen ditliti tenan, piranti tetanen ka­yadene arit, cengkrong, pacul kang diga­we dening pandhe besi ora ngandhut Ti. Mula panggawene bedha karo tosan aji. Tegese, para empu jaman kuna wis du­we ngelmu cara nyampur wesi amrih dadi tosan aji sing pethingan. Salah sijine cara yaiku migunakake pasir besi. Keris keris kang umure durung tuwa, lumrahe pamore digawe saka nikel (Ni). Keris ke­ris jaman Mataram kang sinebut “nom-noman” akeh kang pamore saka nikel (Ni). Kajaba iku, unsur Sn, Sb, uga wis digunakake dening para Empu kanggo ndandani mutune tosan aji. Ing jaman modern iki, Sn lan Sb digunakake kanggo nambahi, wuled lan atosing wesi. Unsur liyane kang uga tinemu ing saben keris kuna ing antarane unsur kimia  Cu, Ag, Ca lan Cn.

 

Tangguh

Kaya kang wis katur ing ngarep me­nawa salah sijine cara kanggo ngerteni wektu panggawene to­san aji, paraga kag ya­sa, lan bahan asale to­san aji, perlu anane tang­guh. Tangguh, se­ja­tine mujudake pangi­ra-ira sing dirasa pas karo ja­man panggawe­ne tosan aji, empu kang yasa, ba­han asale to­san aji lan ciri cirine to­san aji. Kanthi mang­kono ateges lamun tangguh bisa digawe pa­thokan kanggo nger­teni dhodhok selehe sawer­nane wesi aji, mligine ke­ris. Miturut urut urutaning tang­guh keris diwiwiti saka tangguh Pa­jajaran lan sabanjure nyandhak tangguh Majapahit, Blambangan, Tuban, Demak, Kuduss, Cirebon, Pajang, Ma­taram, Mataram Se­nopa­ten, Sultan Agung, Kartasura lan Su­rakarta.

Jumbuh karo alam piki­rane bebrayan Jawa ing wek­tu ka­pungkur, keris minangka tosan aji duweni daya panga­ribawa marang kang darbeni. Sawe­nehe wong dianggep duweni status sosial (kalung­guhan onjo ing masyarakat) lamun wus bisa kasembadan duweni wisma (omah), wa­ni­ta (sisihan), curiga (tosan aji), turangga (tetung­ga­ngan) lan kukila (manuk). Kanthi mangkono, kalunggu­h­an keris ing sajrone bebra­yan Jawa ora baen baen. Keris dadi simbol status sosial sing wigati ing wektu kapungkur. Wigatine ke­lung­guhan keris bisa dibuktekake sa­jrone stupa ing candhi Borobudur kang digawe  ing abad kaping VIII jebul uga wis dite­mokake keris sing saiki sumim­pen ing Museum Antropologi lan Etno­grafi Lei­den, Walanda.

Keris kang becik regane bisa nggayuh atusan yuta. Keris biasa diarani becik lamun wis bisa nyakup sebutan sepuh, wutuh, lan tangguh. Sepuh tegese ja­man panggawene lan campuran logam kang digunakake klebu tuwa, wutuh tegese keris tanpa cacad, dene sing dia­rani tangguh yakuwi keris kasebut diga­we dening Empu kang linuwih kanthi ciri wanci kang dianggep paling becik.

Lamun ditintingi, blegere keris nya­kup perangan-perangan wigati sing ngre­mit banget. Senajan mangkono, pera­ngan keris kang wigati nglimputi : ukur­an (sunggingan, mandhak, selut), wilah (klebu ricikane), rangka (klebu pen­dhok), dhapur lan pamor. Ukiran (sung­gingan) bisa disebut garan keris. Ing kene pesi utawa poke keris sing lancip ditancepake. Ukiran bisa digawe saka kayu, gadhing, sungu, emas lan wesi. Ukiran bisa diwangun werna werna ka­yata reca, kushup kembang, paraga wa­yang, manuk, lsp. Supaya tancepe pesi ing ukiran bisa kuwat lan katon peni, keris diwenehi karah kang sinebut men­dhak lan selut. Mendhak lan selur mujud­ake karah dobel (karah cacah loro) sing digawe saka logam (bisa emas) sing racak ditretes inten barleyan.

Perangan pa-ling wigati saka ke­ris yaiku kang si­nebut wilahan, ja­laran ya wilahan iki kang sejatine sine­but keris. Wilahan kedaden saka ba­ge­yan bageyan kang ngremit sing cacahe kliwat saka 30 bageyan.

Keris dadi ka­ton wutuh lamun diwenehi wrangka lan pendhok, jala­ran rangka lan pendhok mujud­ake sandhangane ke­ris. Merga mujud­ake sandhangan, ora mokal rangka lan pendhok diga­we endhah lan ngresepa­ke. Wrangka digawe saka kayu kang be­cik, kayata trembalo, adhem mati, gem­bol jati, mindi lan kayu sing becik liyane.

Dene pendhok utawa jlebrah racak digawe saka kuningan utawa emas kang diukir endah,. Rangka wujude beda beda yaiku gayaman (wujude kaya woh ga­yam), ladrang (uga sinebut branggah utawa lancap, wujude kaya prau kuna), tanggalan (kaya wulan tanggal sepisan), bancian (campuran gayaman lan la­drang), kacir (kaya ladrang nanging cilik) lan gayaman kagok (gayaman sing di­wenehi ponyolan). Dene pendhok ana werna 3 yaiku bunton (wangun selinder gepeng), topengan (wujude belahan na­nging ora ketug lambe ndhuwur), lan ble­wah utawa blengah (pendhok belahan ning sesisih).

Ditonton saka blegere, keris bisa dideleng saka rong werna, yaiku wangun lan dhapur. Wangun yaiku wujud sing bisa dipilah dadi luruh lan branggah. Luruh yaiku lamun keris didegake katon marikelu anteng, dene branggah katon brajag. Dhapur mujudake babaran keris lengkap karo ciri wancine.

Dhapur nyakup keris (lempeng) lan luk (ngeluk, mentiyung mentiyung). Dha­pur leres nyakup 53 werna, dene dhapur luk nyakup107 werna. Keris luk, cacahe luk bisa akeh banget kayata nganti 47 luk.

Ora kalah wigati tumrap keris yaiku kang sinebut pamor, yaiku gambar pa­jangan sing dumunung ing wilah keris sing dumadi saka emas, nikel, utawa watu pamor.

Biasane, kanggo nggambar pamor sawenehe empu perlu pasa lan sesirih dhisik, Istingarah gambar pamor kang tumemplek wilah keris duweni daya linuwih tumrap keris kang digawe. Pang­gawene pamor biasane nalika keris nengahi abang mangah mangah mentas dientas saka prapen/besalen. Ing kaha­nan mangkene pamor banjur dituthuk nganti madhet. Akeh crita sing narik ati bab pamasange pamor iki.

Ujaring kandha tumrap empu kang sekti, pamor dietrapake kanthi cara dipedeh nganggo driji lan anggone nye­puhi utawa ngedhem panase keris mung didilat nganggo ilat. Merga pamor wigati banget tumrap kalungguhane keris, ora aneh lamun regane keris uga guman­tung marang becike pamor. Akeh priyayi Jawa kagungan panganggep, becike pamor uga bakal duweni pangaribawa marang kang kagungan. Lire, ana pamor kang bisa nggawa nasib becik, nanging uga ana pamor kang nggawa nasib ala, Pamor kang becik kayata Gunturgeni, Ombaksegara, Sumur sinaban, Segara wedang, Sangga gunung, lan liya liyane. Dene pamor kang dianggep kurang becik yaiku buta ijo, pasiyungan, Bayu ngang­sar, Gendruwo, Gajah ngoling, lsp.**

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang MITUHU mring GUSTI ALLAH, dudu ateges ora ana KEKURANGANE maneh.

Klik

ADOL KASET LAWAS

Ondi Turiyat, 78, ngramut koleksi kaset-kasete kang didol ing Jalan Cihapit, kutha Bandung. Sajege 1980-an, pensiunan PT. KAI iki pancen ngumpulake maneka kaset pita kanthi maneka jinis genre musik. Total koleksine ana 2.000-nan kaset pita. Pak Ondi banjur ngedol kaset-kaset mau kanthi rega Rp 5 ewu nganti Rp 100 ewu saben kaset, gumantung tingkat langkane. (d/ist)***

Pethilan

Presiden dhawuh susunan kabinet wis rampung

Sinyal, partai isih oleh nglobi ma­neh

Ayomi situs kanthi data kang akurat

Data ana, sertifikat duweke negara sing ora ana

Surya Paloh ngaku duwe pandulu kang padha karo Prabowo

Padha-padha ndulu duwe kalo­dhangan