Perang Dipanegara Taun 1825-1830 Miturut Penulis Eropah lan Sastra Babad
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 64 kali

Sawatara taun sawise Sultan Hamengku Buwana I (1755-1792) murud ing kasidan jati, garwa padmi Gusti Kang­jeng Ratu (GKR) Ageng banjur ora lenggah ing lebet Kraton Ngayogyakarta maneh, nanging manetep ing puri Dalem Tegalreja ing desa Tompeyan sakulon Kali Winanga, udakara 5 kilometer salor kulon Kraton Ngayogyakarta. Wiwit kuwi garwa pra­mes­wari kasebut kawentar sinebut Gusti Kang­jeng Ratu Tegalreja. Dene buyut dalem GKR Ageng kang asma Raden Antawirya (Pangeran Dipanegara) kawit cilik ndherek lan dimong GKR Ageng. Bab iku mahanani kapribadene Pangeran Dipanegara iku dadi lembah manah, andhap asor, caket ma­rang kawula, sarta seneng nggegulang kawruh agama dalah duweni kapribaden minangka muslim kang saleh.

Kajaba saka iku, Pangeran Dipanegara uga nyinau Kitab Al-Qur’an, Kitab Tuhfat al-Muhtadjli Syarkh al-Mihadj kang ngamot ukum-ukum Islam adhedhasar Al-Qur’an, uga Kitab Nasihatul Muluk, kalebu Kitab Suluk lan Buku Primbon Kejawen. Iku sebabe Pangeran Dipanegara bisa ngra­sakake nasibe para kawula ing pade-san kang urip re­kasa ka­bawah pa­ngu­wasa-ne Re-siden Yog­ya-karta Nahuys. Malah saka tu­mindak­e Na-huys iku, akeh para bangsa-wan lan nara-praja Kraton Ngayog-yakarta kang kaperbawan adat lan pakulinan Eropah kang ora jumbuh karo ajaran Islam.

Bakune, penja­jahan Walanda ing Yogyakarta jaman pemerentahan Residen Nahuys lan uga para penggan­tine, kayata De Salis lan banjur disulihi Smissaert, pa­ngu­rip­ane kawula Yog­yakarta iku banget anjlog lan kaluhuraning agama Islam dadi cacat sarta ngandhut ciri-ciri kang kurang prayoga. Iya pawadan kasebut kang ma­hanani panjebluge ontran-ontran Dipane­gara kang kawiwitan ing tanggal 20 Juli 1825.

 

Perang Dipanegara Miturut Tafsir Penulis Eropah.

Prastawa Perang Dipanegara kang dumadi 5 taun (1825 tekan 1830) iku pra­nyata akeh ditulis dening para penulis sejarah, becik penulis Barat (Eropah) uta­wa penulis Indonesia. Miturut para penulis Eropah perang Dipanegara iku bisa njeblug jalaran dumadi saka pirang-pirang per­kara, ing antarane 1. Pangeran Dipanegara rumangsa gela penggalihe amarga ora kajunjung minangka Sultan Ngayogyakar­ta, 2. Laladan panguwasane Kraton Nga­yogyakarta kang tansaya sempit, 3. Du­madine perkara sewan lemah ing dhaerah Vorstenlanden (Kasultanan), 4. Muncule mawarna-warna pajeg kang gawe abote rakyat, 5. Akeh para panggedhe Walanda ing Yogyakarta kang egois (bodho) lan nggugu karepe dhewe.

Apa bener yen alesan kang mahanani mbledhose Perang Dipanegara iku kaya kang dicritakake dening para penulis Eropah? Mungguh yen alesan kasebut ditlesih maneh mbaka siji, mula banjur bisa diandharake mangkene:

1. Taun 1812 Sultan Hamengku Bu­wana III (1810-1814) iya rama dalem Pangeran Dipanegara kagungan pangajab, supaya putrane kang banget ditresnani iku kersa kajumenengake minangka Pangeran Adipati Anom Amangkunagara kang ing tembe bakal nggumanteni ingkang rama minangka Sultan. Nanging pranyata Pa­ngeran Dipanegara matur yen “ora kersa” kanthi pawadan, sanadyan dilairake dha­wah sepuh Pangeran Dipanegara ora lair saka garwa padmi, nanging saka garwa am­peyan (selir). Malah Pangeran Dipa­negara matur amrih GRM Jarot (putra sepuh saka garwa padmi) bae kang bisa katetepake nglenggahi kaprabon ing Kraton Ngayogyakarta.

Mung anehe Pangeran Dipanegara uga ora kersa nalika bakal pinaringan ganjaran kang wujud rajabrana sarta pasiten kang cukup bawera. Kanthi pawadan, Pangeran Dipanegara kepingin urip prasaja sarta ora nengenake perkara kadonyan. Panolakan kasebut disekseni para panggedhe Kraton Ngayogyakarta sarta para pejabat Inggris ing jaman panguwasane Gubernur Jendral Letnan Thomas Stanford Raffles (1811-1812). Kanthi mangkono tudingan yen Pangeran Dipanegara iku madeg kraman lan ngurubake perang jalaran kepengin lenggah minangka Sultan Ngayogyakarta iku cetha ora bener.

Pancen ing wiwitan dumadine papera­ngan, Pangeran Dipanegara ing papan pasingidane ing Deksa (Kulon Praga) nga­gem gelar Sultan Abdul Hamid Herucakra Kabirul Mukminin. Nanging julukan iku ora saka kersane pribadi, kajaba nuruti kekarepane para kawula lan panyuwune para alim ulama supaya Pangeran Dipanegara kersa winisuda minangka Sultan. Sebab yen kekarepan kasebut ora dituruti, ateges Pangeran Dipanegara kudu kelangan para pandhereke kang sapera­ngan gedhe dumadi saka para kawula ing padesan lan para alim ulama. Mula apa kang dadi kekarepane para kawula iku kanggo sawatara wektu kudu dituruti. Bab iki minangka cara kanggo nggrengsengake marang gumregute perjuwangan rakyat kang bakal ngusir penjajah Walanda saka bumi Yogyakarta.

2.  Ing jaman panguwasane Gubernur Jendral Herman Willem Daendels (1808-1811) lan Letnan TS Raffles, laladan Kedu, Demak, Jepara, Grobogan, Wirasari, Sela, Bojonegoro, Majakerta, lan Pacitan kang awale kalebu wilayah Kasultanan Ngayog­yakarta, nanging dicaplok kanthi peksan lan dilebokake ing dhaerah panguwasane Guberneman. Mangkono uga ing awal taun 1825, saperangan dhaerah Karangkobar lan laladan Jabanrangkah kang kalebu wilayah Ngayogyakarta uga disebrot Walanda lan digamblokake karo Karesi­denan Kedu, Pekalongan lan Semarang. Kepriyea bae panyebrotan dhaerah kasebut nuwuhake rasa jengkel lan gawe mangkele kawula lan pehak Kraton Ngayogyakarta.

3. Sawise taun 1816, lemah pasiten kagungan Kraton Ngayogyakarta kang di­sewakake kanggo wong-wong sipil (Wa­landa lan Cina) gunggunge tansaya akeh. Pasiten kang disewakake iku umume kang­go wektu punjul saka 30 taun, lan akeh-akehe lahan kang ditanduri tebu, teh, lan kopi kang mujudake komoditi ekspor kang banget laris ing pasaran donya. Nanging amarga pehak swasta iku dianggep nandhingi usaha onderneming duweke pemerintah Belanda, mula wiwit taun 1823 Gubernur Jendral Van der Capellen ngla­rang lumakune sewan lemah saka pihak Kraton Ngayogyakarta marang pihak swasta. Larangan kasebut tundhone banget gawe kapitunane pihak panyewa (swasta) lan pihak kang nyewakake (Kraton Ngayogyakarta).

4.  Ing jaman pemerintahan Gubernur Jendral Van der Capellen iku uga, pajeg lemah tumrap masyarakat Yogyakarta banget dhuwur. Kajaba saka iku, masya­rakat isih digandhuli maneka-warna pajeg liyane, kayata pajeg panyumpleng (pajeg lawang omah), pangawang-awang (pajeg pekarangan), pajigar (pajeg sato iwen), wilah-­welit (pajeg pari), bakti utawa sur (pajeg tukar pasiten) lan pajeg regal uta­wa gapura. Kang dimaksudake pajeg regal yaiku pendhak wong kang nggawa ba­rang, nalika ngliwati regol kang dibangun liwat pasar lan ing sandhuwur kreteg kudu sinartan kanthi mbayar pajeg. Malah bocah cilik kang liwat regal kasebut uga kudu mbayar pajeg minangka “dhuwit bokong”. Sebab bocah kasebut kagolong barang gawan kang kudu dipajegi.

5. Saperangan gedhe pejabat pa­marentah Walanda ing Yogyakarta iku duweni watak “tukang cathut”, kalebu Residen Yogyakarta lan para punggawane. Umume para pejabat iku luwih ngutamak­ake perkara obyekan minangka ordenemer lan pedagang. Malah mung jalaran perkara krambil bae, antarane Residen Smissaert karo Asisten Residen Chevalier (sekretaris/wakile) kelakon dumadi udreg-udregan. Amarga dianggep luput dening Pemerintah Belanda, sabanjure penjabat loro iku, becik Smissaert utawa Chevalier, kabeh dipocot saka kalungguhane. Pungkasane, pejabat Walanda loro iku padha nganyut tuwuh ja­laran wirang.

 

Perang Dipanegara Miturut Babad Dipanegara.

Riwayat Perang Dipanegara kang tinulis ing basa Jawa ing madyaning abad 19 iku akeh-akehe awujud sastra babad kang tinulis mawa aksara Jawa Pegon (Arab Gondil) kanthi tembang macapat. Seratan kang paling kawentar yaiku Babad Dipanegara karangane Tumenggung Cakranegara (supati Purworejo kang uga satru bebuyutane Pangeran Dipanegara) Babad Dipanegara karangane Tumeng­gung Jayaningrat (Bupati Karanganyar kang uga pandhereke Pangeran Dipane­gara kang setya), sarta Babad Dipanegara seratane Pangeran Dipanegara pribadi. Buku kasebut kajaba sumimpen ing Kraton Ngayogyakarta uga sumimpen ing kapus­takan/museum ing Jawa lan Eropah.

Dene kang kagolong ndudut kawigaten yaiku buku Babad Dipanegara karangane Tumenggung Cakranegara. Senadyan Tu­menggung Cakranegara iku mehak ma­rang Pemerintah Walanda, nanging kanthi jujur Bupati ing jaman kolonial iku ngakoni marang jejering kepahlawanane Pangeran Dipanegara. Ing buku iku Bupati Purworejo ngandharake yen Pangeran Dipanegara iku sawenehing bangsawan kang saleh lan uripe prasaja. Pangeran Dipanegara nate nolak nalika bakal kawisuda minangka Pangeran Adipati Anom dening Sultan HB III (ramane) kang ing besuke bakal duwe wenang lenggah dhampar kaprabon. Kanthi mangkono tudingane penulis Eropah yen Perang Dipanegara iku murub jalaran saka sikepe Pangeran Dipanegara kang kepengin lenggah minangka Sultan iku babar pisan kleru.

Mungguh Babad Dipanegara karanga­ne Pangeran Dipanegara pribadi iku sinerat nalika Pangeran Dipanegara kakebonake sarta kinunjara ing Manado, banjur dipindhah ing Makasar. Panyerate mawa huruf Pegon (Arab Gondil) kanthi tembang Macapat. Gedhe cilike, Babad Dipanegara kang asline dumadi saka 700 kaca iku ngungkapake bab-bab kang nyurung marang pambledhose perang Dipanegara sarta lumakune paperangan, engga Pangeran Dipanegara kasil diblithuk lan ditangkep Walanda dalah gesang minangka tawanan ing Menado lan Ma­kasar. Dadi buku Babad Dipanegara iku mujudake saperangan saka riwayate Pa­ngeran Dipanegara, utamane crita nalika Pangeran Dipanegara perang mungsuh Walanda .

Babad Dipanegara uga nyenggol bab kajayane Krajan Majapahit kang mraba­wani saindenging Nuswantara lan negara manca. Dene suwalike Krajan Mataram miturut Pangeran Dipanegara sinawang ora bisa gawe eram, amarga ora darbe pengaruh gedhe kaya Krajan Majapahit. Nanging Pangeran Dipanegara uga eram marang kemajuane Krajan Mataram jaman panguwasane Sultan Agung. Mung emane, Sultan Agung lan prajurite iku tetela ora bisa ngasorake Walanda, malah panguwasane Walanda samsaya suwe samsaya ngrembaka.

Ing buku seratan, Pangeran Dipane­gara uga ngandharake yen panjenengane iku ora remen cawe-cawe ing babagan kadonyan, nanging luwih remen ngumbara lan mertapa ing papan-papan sepi, kayata ing tlatah Gunung Kidul kang cedhak karo laladan Samodra Kidul. Nalika Pangeran Dipanegara tumuju mangun tapa ing Guwa Langse dumadakan kahanan guwa kang maune peteng dadi padhang trawangan kaya ing wayah awan. Wektu kuwi, kang kang kinocap ing buku kasebut, Pangeran Dipanegara kober wawan pangandikan kalawan Kangjeng Ratu Kidul kang ngandharake yen saguh paring bebanton apa bae marang Pangeran Dipanegara.

Pungkasane Pangeran Dipanegara mratelakake rasa kuciwane jalaran perang kang dilakoni nganti limang taun iku tetela ora kasil ngusir Walanda saka Bumi Jawa. Malah amarga kena apus kramane Wa­landa, Pangeran Dipanegara kepegsa dadi tawanan sarta kabuwang menyang njaban Pulo Jawa. Nanging kabeh pana­langsane, becik ing Manado utawa ing Makasar iku katampa kanthi kebak tang­gungjawab dening Pangeran Dipanegara.

Sawise Pangeran Dipanegara seda ing taun 1855, saperangan barang-barang kagungane diusung menyang Nederland, kalebu buku Babad Dipanegara seratane Pangeran Dipanegara kasebut. Ing jaman pemerintahan Sultan Hamengku Buwana VII (1855-1877), nalika kahanan dhaerah Vorstenlanden (Kasultanan Ngayogya­karta) wis kapetung aman, sawatara pe­tugas (pujangga) ing Kraton Ngayogya­karta diwenehi kalodhangan dening Pemerintah Belanda kanggo nedhak buku Babad Dipanegara seratane Pangeran Dipanegara iku saka aksara Pegon (Arab Gondhil) menyang aksara Jawa, kanthi tanpa ngowahi isi lan tetembungane.

Buku Babad Dipanegara seratane Pangeran Dipanegara, saiki sumimpen ing Museum Pangeran Dipanegara, Sasana Wiratama, Tegalreja, Yogyakarta. Buku kasebut katedhak Raden Tumenggung Mangunkusuma ing taun 1875. Miturut Ma­­nguncaraka juru penerang (jupen) ing Museum Sasana Wiratama Tegalreja Yogyakarta, ing taun 1978 barang-barang peninggalane Pangeran Dipanegara kang sumimpen ing Nederland iku wis kapasrah­ake bali marang Pemerintah Republik Indonesia lan saiki sumimpen ing Museum Kepresidenan Jakarta. Kayata peninggalan kang arupa tumbak, songsong (payung), lapak (pelana) kuda, kalebu gambar lukisane Raden Saleh kang nggambarake nalika Pangeran Dipanegara bakal mangkat menyang dhaerah pengasingan ing Manado, Sulawesi Utara.

(Cuthel)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Minterna wong bener kuwi luwih gampang katimbang mbenerake wong pinter. Nanging mbenerake wong pinter kuwi mbutuhake beninge ati lan jembare dhadha ...

Klik

SUMUR RAHASIA ING PORTUGAL

Bangunan kang kaya sumur iki arane Quinta da Regaleira, yakuwi sawijining taman kang dumunung ing kutha Sintra, Portugal. Taman iki dumadi saka istana lan kapel, sarta pekarangan kang ana tlagane, guwa, sumur, air mancur, lan lurung kanthi konstruksi kang endah. Nanging perangan paling endah saka taman iki ya kuwi Sumur Inisiasi. Sumur iki cukup jeru lan nduweni undhag-undhagan spiral amrih bisa tekan panggonan ngisor dhewe. Ujare ngakeh, ndhisike sumur iki minangka papan ritual masonis. (d/ist)***

Pethilan

Listrik mati nganti dina senen

Kari njaluk ngapura…

Blackout, PLN bakal menehi kompensasi marang langganane kang rugi.

Muga-muga janji iki ora ujug-ujug peteng maneh.

Listrik mati total ing ibukota lan sawenehing kutha.

Peteng, sing katon mung ‘wedhus ireng’.