Warung Pasar Ikan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 98 kali

Warung Pasar Ikan

 

IKI critane mitraku kang jenenge Pak Untung. Panje­ne­ngane kuwi nyambut gawe ing Kantor Pengairan wilayah Sle­man. Sawijining dina garwane Pak Untung nduweni pepe­nginan  bukak warung mangan kanthi jinis-jinis masakan iwak loh. Pak Untung nyengkuyung banget marang lekase garwane iku.

Murih ndudut atine wong kang padha tuku, dening Pak Untung warunge Bu Untung mau banjur dijenengi Warung Makan “Pasar Ikan”. Nanging lagi bae plakat dipasang ing ngarep warung, ora nganti gantalan dina akeh wong kang pa­dha mara. Ora padha arep njajan, nanging mung padha nakokake jinis-jinis iwak apa bae kang didhasarake. Ana kang nakokake jinis-jinis iwak hias, uga ana kang nakokake jinis iwak urip kang lumrah didol kilonan minangka bibit lan arep diingu maneh.

Mesthi wae Bu Untung kang lagi anyaran tunggu warung dadi rumangsa bingung lan kecipuhan. Bu Untung banjur nyedhaki wong-wong kang padha teka ing warunge karo kandha, “Sepurane, Mas, kula niki mboten sadeyan iwak urip, nanging dodolan iwak mateng,” kandhane.

“Lha niku kok ana tulisane Pasar Ikan,” cluluke wong-wong kang padha teka. Bu Untung blangkemen lan ora bisa wang­sulan maneh.

Sorene perkara iku banjur dicritakake marang Pak Untung.

“Lha karepku ki ben ketok nyeni je, Bu,” Pak Untung wang­sulan nggleges.

“Iki jan ora mung nyeni maneh Pak. Nanging ndhagel,” Bu Untung ngegongi karo sewot ulate.

Sabanjure murih ora kedawa-dawa lan kanggo ngawekani wong kang padha kecelik, plakat warung iku dening Pak Untung banjur dicopot lan diganti plakat anyar kan­thi tulisan Warung Makan “Ikan Ba­kar”. Wiwit kuwi ora ana wong kang padha ke­celik maneh, ke­jaba mung wong kang padha arep mangan. Apa tu­mon, karepe su­paya warunge la­ris, nanging malah dikira dodolan iwak urip.

Ismadi-Bantul

 


Njupuk Honor Tulisan

 

Taun 1985 aku nate dolan me­nyang Jakarta, mangka aku ora du­we sangu. Mula aku banjur adol jago siji lan babon loro, takenggo tuku tiket bis ekonomi. Aku mudhun ing Terminal Pulo Gadung jam 5 esuk.

Aku banjur golek wedang kopi lan sarapan ing warteg (warung Tegal) cedhak terminal kono wae. Kala semana, ngopi lan sarapan entek Rp 5.000. Klebu murah. Merga yen ing Malio­boro, Yogyakarta,  regane bisa nganti Rp.15.000. Sawise weteng wareg, aku banjur golek bis kota sing liwat Jalan Gajah Mada, Jakarta pusat.

Saka Jalan Gajah Mada banjur oper  bis sing ngliwati dalan Tanah Abang. Kala semana naskahku crita bocah ana loro kang kapacak ing surat kabarBuana Minggu. Judhule  Pangeran Antasari lan Kerta Negara.

 “Permisi, Bu,” clulukku marang resepsionis ing kantor redhaksi Buana Minggu.

“Mari, Mas, ada perlu apa?”

Aku banjur nerangake keperluwanku. Cekak cukupe, aku oleh honor Rp 30.000 kanggo naskah crita cacah loro mau. Sorene, aku mulih menyang Yogya. Tiket bis regane 10.000.

  Nalika isih ing kantor redhaksi Buana Minggu mau aku ninggali alamat marang redhaktur. Samangsa-mangsa ana naskahku sing diemot maneh, honore supaya diweselake wae. Mengkono pengalamanku njupuk honor tulisan ing Jakarta.

Agung Wicaksana-Sleman

 


Ngurus BPJS

 

Kadidene lansia,  aku asring kontrol kesehatan ing klinik apadene puskesmas. Anggonku kontrol rutin, utamane ngecek tensi, seminggu sepisan nganggo fasilitas BPJS. Priksa tensi rutin mau lumaku nganti telung sasi. Bubar kuwi aku kudu ngga­we surat rujukan kanggo pindhah priksa ing rumah sakit gedhe. Nanging surat rujukan sing wis takurus kuwi ora sa­nalika bisa ditampa dening pihak rumah sakit merga dianggep isih ana persyaratan sing kurang.

Persyaratane antara liya foto copy KTP, Kartu Keluarga, foto copy Askes lan foto copy surat rujukan. Syarat-syarat sing rumit mau ora diterangake sadurunge dening puskesmas utawa klinik lenggananku kontrol. Satemah aku kudu bali mulih maneh saperlu njangkepi persyaratan. Sawise persyaratan komplit, aku bali menyang rumah sakit maneh.

Ing rumah sakit kuwi aku kudu antri nomer sing kanggo ngurus rujukan. Gek pasiene akeh banget. Ora enom ora tuwa, kabeh padha golek rujukan ing rumah sakit iki. Aku lingguh jejer karo lansia kang uga lagi antri nomer.

“Bapak nggih nunggu nomer antrian kangge rujukan?” pitakonku.

“Inggih, Pak. Kula wau inggih bolak-balik ngurusi persyaratan rujukan BPJS niku. Mangka griya kula tebih, du­mugi ngriki taksih kedah antri,” wangsulane lansia mau angluh.

Rampung ngurus persyaratan rujukan, aku ora bisa lang­sung dipriksa dhokter spesialis merga wektune wis entek kanggo antri. Kejaba kuwi jadwal lan dinane praktek dhokter spesialis uga durung dakmangerteni. Aku ngelus dhadha. Kaya ngene rekasane lansia yen arep berobat nganggo asuransi BPJS.

Gunarso Wiyono-Bantul

 


 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Minterna wong bener kuwi luwih gampang katimbang mbenerake wong pinter. Nanging mbenerake wong pinter kuwi mbutuhake beninge ati lan jembare dhadha ...

Klik

SUMUR RAHASIA ING PORTUGAL

Bangunan kang kaya sumur iki arane Quinta da Regaleira, yakuwi sawijining taman kang dumunung ing kutha Sintra, Portugal. Taman iki dumadi saka istana lan kapel, sarta pekarangan kang ana tlagane, guwa, sumur, air mancur, lan lurung kanthi konstruksi kang endah. Nanging perangan paling endah saka taman iki ya kuwi Sumur Inisiasi. Sumur iki cukup jeru lan nduweni undhag-undhagan spiral amrih bisa tekan panggonan ngisor dhewe. Ujare ngakeh, ndhisike sumur iki minangka papan ritual masonis. (d/ist)***

Pethilan

Listrik mati nganti dina senen

Kari njaluk ngapura…

Blackout, PLN bakal menehi kompensasi marang langganane kang rugi.

Muga-muga janji iki ora ujug-ujug peteng maneh.

Listrik mati total ing ibukota lan sawenehing kutha.

Peteng, sing katon mung ‘wedhus ireng’.