Didi Kempot, Bapak “Patah Hati” Nasional
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 84 kali

Didi Kempot durung suwe iki ditah­bisake minangka Bapak Patah Hati Na­sional dening para pandhemene. Julukan mau ora mung waton dipisung­sungake kanggo sekadar sensasi kare­ben jenenge penyanyi campur sari asal Sala sing wis kaloka kuwi mumbul luwih dhuwur maneh. Nanging diputusake kan­thi tetimbangan gumathok liwat pangu­darasa – yen emoh disebut diskusi – kang maton.

Awale dhek Setu bengi, 15 Juni 2019 kepungkur, watara 30-an kanoman nglumpuk nekani acara Musyawarah Nasional Pengukuhan Awal Solo Sad Bois Club ing Rumah Bloger Indonesia, La­weyan, Sala. Club sing diresmekake ka­se­but mujudake wadhahe para kano­man penggemare Didi Kempot. Krana kuwi Solo Sad Bois Club (SSBC) uga ngistilahake dhirine minangka Umat Lara Ati Lord Didi.

Mungguhe sakehing fans, Didi Kempot kena diumpamakake pangeran (lord). Sakehing lagune kang ajeg ngenes kebak penggrantes, rinasa bisa aweh penglipur ngentheng-enthengake sesanggan ma­rang sapa wae sing lagi kapedhotan tresna. Kasunyatane pancen mengkono. Najan cakepan tembang-tembange ra­cak nggambarake kesedhihan, nanging wirama musike – apa maneh yen diga­rap versi dhangdhut koplo – kuwawa ngundang sadhengah wong njoged lunjak-lunjak nglalekake panandhang.

Lakune musyawarah tambah urip rikala Didi Kempot, sing sakawit dikha­barake mbarengi manggung neng Jawa Timur, dadakan bisa teka. Wis mesthi wae kuwi ndadekake surprise. Pasarta musyawarah bungah kepati bisa adhep-adhepan langsung, cecaketan tanpa jarak klawan idolane. Acara wekasane didominasi dialog nyumedulur. Maneka pitakonan diajokake tanpa pedhot dening para pandhemen.

“Om Didi kayane seneng njupuk tembung-tembung Jawa sing arang keprungu ing pacelathon padinan. Aku dadi kerep kodheng negesi diksi lirik lagu-lagu mengkono mau,” ucape sawe­neh anggota SSBC.

Jare Disi Kempot, kabeh mau ana sejarahe. Jaman cilikane seneng nginthil bapake, Ranto Edi Gudel, seniman tra­dhisi gamben lan pelawak kondhang. Sugenge suwargi bisa disebut saka pen­tas trontonan siji pindhah menyang pen­tas liyane. Wekasan, sadurunge dikenal minangka Petruk Wayang Wong Sri­wedari, Ranto Edi Gudel luwih dhisik dadi pemain kethoprak. Kajaba iku tau nggabung ing Srimulat Balekambang, Sala. Kepara kober rekaman kaset ba­reng karo grup lawak kasusra asal Su­rabaya kasebut. “Ya tembung-tembung sing tak rungu saka ndhuwur panggung mau asale cakepan utawa lirik laguku,” jawabe.

Didi nambahake, terkadhang dhe­weke pancen gawe ukara anyar sing durung tau tinemu jroning kosakata Ja­wa. Tembung ‘koder’ ing lagune  Cintaku Sekonyong-konyong Koder, umpamane. “Kuwi mung merga tuntutan guru lagu sing akhirane kudu tiba er,” kandhane. Lire, koder mono asipat tembung ima­jinatif. Mula maknane ing kene dadi ora penting maneh, awit pemahamane luwih nyangkut rasa. Sing cetha, lagu kang mujudake salah sijine tembang ing album Stasiun Balapan iki – rekaman PN Lokananta 1998 – dadi awal debut per­danane Didi kang kuwawa ngumbulake jenenge menyang puncak ketenaran.

 

Patah Hati Tanpa Jatuh Cinta

Anggota Sad Bois liyane nyoba nlesih bab sesebutan Kempot. Kamangka pipine ‘raja’ campursari kasebut katone normal-normal wae, babar pisan ora kem­pong peyot kaya pipine kaki-kaki.

“Jeneng asliku Didi Prasetyo. Kelairan Sala, 31 Desember 1966,” wangsulane. Dene Kempot akronim saka Kelompok Penyanyi Trotoar, grup pengamen saka Sala. Didi dhewe ngaku suwe tau troba­dor mbarang sadalan-dalan ing Yogja­karta. Tembang kang dinyayekake keh-akehe karangan dhewe. Senthir Lenga Patra mujudake lagu sepisanan rerip­tane. Nalika hijrah menyang Jakarta saweneh industri musik ketarik ngajak Didi rekaman. Nganti dinane iki ana yen mung 800-an lagu karyane, lan akeh ing antarane  kang dadi hit.

“Saka lagu-lagu semono akehe apa kira-kira ana sing nggambarake swasana gumbiraning ati? Maksudku, tanpa nda­dak nganggo nelangsa, ngenes-ngenes­an barang kapedhotan asmara ngono lho,” cluluke saweneh anggota Sad Bois.

Didi Kempot katon kecipuhan aweh wang­sulan. Dheweke nuli njaluk pambi­yan­tu ngeling-eling sarta njingglengi mbaka siji lagu-lagu ciptaane. Para fans-e saur manuk nyebutake judhul-judhul tembang. Pranyata kabeh luput. Akhire Fajar ‘Jarkiyo’ Romadona, koordinator SSBC mupus. “Yen ora nemokake ya wis lah. Kanggoku iki malah saya mikuwati menawa Om Didi pancen temen-temen pantes nyandhang gelar Bapak Patah Hati Nasional,” ujare. Ing kono uga muncul usulan jejuluk-jejeluk sairip liyane, kaya ta Bapak Lara Ati, Lord Didi, sarta Godfather of Broken Heart.

Diunggah ing jagad maya, acara kang digelar Solo Sad Bois Club kober di-retweet warganet kaping maewu-ewu. Lewat akun twitere dhewe-dhewe para nitizen ketarik urun komentar. Ana sing nulis, “Pendhak ngrungokake tembang-tembange Lord Didi, aku bisa melu ngra­sakake larane patah hati tanpa kudu ndadak jatuh cinta luwih dhisik”. Liyane kandha, “Matur nuwun Om Didi Kempot, najan lagu-lagumu kebak kasedhihan, parandene ora nganti ndadekake sing krungu netesake luh”. Sijine maneh ngu­cap, “Lord Didi ngajarake kapedhotan tres­na ora perlu didhelikake. Suwalike kasedhihan mono malah patut dirayak­ake. Mula ayo tak ajak ngrayakake patah hati bareng-bareng karo Didi Kempot”. Dudutane, komentar-komentar iki sajake mujudake pembelaan yen tembang-tembange Didi dudu jinising nyanyian cengeng.

Pepindhane gayung bersambut, pas sesasi candhake – tiba dina Minggu bengi, 14 Juli – digelar keklumpukan seri loro. Ora kurang sewunan kanoman saka maneka daerah, kalebu Solo Sad Bois Club sarta Sad Gels, tumplek bleg nge­baki  Wedangan Gula Klapa ing Katasura, Kabupaten Sukoharja. Dikemas kanthi tajuk #Ngobam bareng influencer Jakarta Gofar Hilman, acara talkshow ngrayakake patah hati bebarengan karo Lord Didi iki lumaku regeng nganti manjing Senen parak esuk.

 

Ger-geran

Gofar liwat guyonan-guyonan seger kasil mblejeti Didi Kempot. Tanpa tedheng aling-aling, kegawa swasana santai kebak ger-geran, Didi nyritakake lelakon uripe, kisah asmarane, sarta pro­ses kreatipe engga sukses dadi pangripta lan penyanyi campur papan atas kaya samengko.

Diakoni, pendidikan formale mung trima endhek-endhekan. SMA wae ora nganti tamat. “Aku isih eling banget we­linge bapakku, sawargi Ranto Edi Gudel. Le, seniman kuwi ora mbutuhake sekolah dhuwur. Sing penting prakteke,” ucape Didi. Wareg urip rekasa, jaman jema­gare watara taun 1984-an, ngawali ka­rier dadi pengamen ing Sala. Bacute hijrah menyang Jakarta. Sadurunge kuwi luwih dhisik njajal kutha Yogjakarta, mbarang neng terminal, munggah-mudhun bus adhang-adhang kawelasan dhuwit receh saka para penumpang.

Ing Jakarta, Didi dilantarake kakange, Mamiek Prakoso (pelawak Srimulat), kober nyoba nawakake lagu nggrantes karyane “Cidra’ marang Pompi, anggota grup band-e Nomo ‘Koes Plus’ Koeswojo. “Mas Pompi aweh saran, aku dipenging adol lagu. Nanging sabisa-bisa dinya­nyekake dhewe.,” kandhane. Akhire Didi Kempot pancen kasil nembus rekaman, najan kudu adol motor kanggo nambeli ragad rekaman.

Titik balik uripe nembe dumadi rikala album Stasiun Balapan dilaunching taun 1998. Album rekaman PN Lokananta, Sala kang sawutuhe isi lagu-lagu cip­taane iki –  sithik akeh uga ora uwal saka perane Is Haryanto, musisi pop kaloka, dedengkot Band Favorite – pranyata kasil booming. Didi Kempot dhewe melu terjun langsung masarake kaset albume kase­but menyang saindenge kutha numpak Vespa tuwa.

Giliran tumapak acara tanya jawab swasanane tambah gayeng. Nitizen – umume milinial follower – bisa bebas melu partisipasi liwat akun Twitter lan Instagram Gofar. Pitakon-pitakon serius, lan uga akeh sing lucu, mlebu mbanyu mili. Mbokmenawa sing siji iki kena disebut pitakon paling konyol saka follower, ”Kepiye carane dadi pe­nyangi nanging ora duwe swara?”

“He, piye? Tips dadi penyanyi ning ora duwe swara? Nek ngono ya ngaranga lagu kang bisa dirungokake dhemit utawa jinise bangsa alus,” wangsulane Didi Kempot ndhagel. “Geeerrr…,” ewonan kanoman pasarta Ngobam Bareng kon­tan nyekakak.

 (Pakne Puri)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Minterna wong bener kuwi luwih gampang katimbang mbenerake wong pinter. Nanging mbenerake wong pinter kuwi mbutuhake beninge ati lan jembare dhadha ...

Klik

SUMUR RAHASIA ING PORTUGAL

Bangunan kang kaya sumur iki arane Quinta da Regaleira, yakuwi sawijining taman kang dumunung ing kutha Sintra, Portugal. Taman iki dumadi saka istana lan kapel, sarta pekarangan kang ana tlagane, guwa, sumur, air mancur, lan lurung kanthi konstruksi kang endah. Nanging perangan paling endah saka taman iki ya kuwi Sumur Inisiasi. Sumur iki cukup jeru lan nduweni undhag-undhagan spiral amrih bisa tekan panggonan ngisor dhewe. Ujare ngakeh, ndhisike sumur iki minangka papan ritual masonis. (d/ist)***

Pethilan

Listrik mati nganti dina senen

Kari njaluk ngapura…

Blackout, PLN bakal menehi kompensasi marang langganane kang rugi.

Muga-muga janji iki ora ujug-ujug peteng maneh.

Listrik mati total ing ibukota lan sawenehing kutha.

Peteng, sing katon mung ‘wedhus ireng’.