Gunung Muria, Tapak Tilas Siar Para Wali ing Pesisir Lor
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 86 kali

Gunung Muria ing wewengkon pesisir lor provinsi Jawa Tengah, dipercaya de­ning masyarakat isih wingit lan angker. Gunung kang nduweni dhuwur 1.602 Mdpl iki mapan ana wewengkon Kabupaten ca­cah telu yaiku Kudus, Pati lan Jepara. Gu­nung Muria ora bisa dipisahake gegayu­tane kelawan Raden Umar Syahid, salah sijine walisanga kang kawentar kasebut Sunan Muria. Ora akeh seratan sujarah kang ditilarake ngenani babagan kawiwi­tane Gunung Muria. Amung saka seratan geologi kang nerangake, Gunung Muria ing mangsa kepungkur, pinangka gunung aktif kang pisah kelawan pulau Jawa. Seratan iki pancen isih ana geseh panemu ig kalangane para ahli, senadyan ora klebu golongan gunung api aktif, nanging para ahli uga ora wani ngandhakake status Gunung Muria klebu gunung mati.

Pawongan kang padha neneka me­nyang Gunung Muria kawigatenane padha ziarah ngleluri  tapak lelakune walisanga, mligine Sunan Muria. Ora diselaki, we­weng­kon pesisir lor tanah Jawa jaman ndhisik dadi punjere siar para wali. Akeh tapak tetilasan para wali, ing antarane menara Kudus ing komplek maqom Sunan Kudus, maqom Sunan Muria, maqom Syech Jangkung lan tetilasan liyane. Pa­wongan kang padha neneka ziarah me­nyang Gunung Muria bisa katempuh saka kutha Kudus.

Pemerintah Ka­bu­paten Kudus nyawisake angku­tan kutha kanggo para wisatawan kang neneka arep ziarah menyang ma­kame Sunan Kudus lan Sunan Muria. Jarak kang kudu ditempuh para peziarah saka Kudus menyang Gunung Muria kurang luwih selawe kilometer. Mlaku ana sapiturute dalan tumeka Gunung Mu­ria, wisatawan disuguhi kaendahane pe­mandangan alam pegunungan. Pungkasa­ne lelaku tumeka pos terminal angkutan desa, wisatawan banjur nutugake lelaku mlaku munggah tumuju puncak Muria.

Ana pilihan cacah loro kang bisa digu­nakake para wisatawan mlaku tumeka ma­kame Sunan Muria,  munggah sapiturute dalan undhak undhakan utawa nitih ojek kendharaan rodha loro. Dhuwure dalan undhak undhakan munggah kurang luwih limang atus meter, rute iki luwih cendhak nanging abot tumrape pawongan lemu. Rute ojek luwih adoh nanging cepet, cukup ngethokake dhuwit sepuluh ewu kanggo mbayar ojek wisatawan lungguh sadel tu­meka makame Sunan Muria. Nanging kudu kuwat ati lan mentale, jalaran tukange ojek anggone ngen­dha­likake kendha­raan rodha loro mla­kune banter, kaya dene balapan ngoyak setoran. Mung wae pawongane prigel lan terampil jalaran pa­kulinan ngendhalik­ake setir motor rodha loro munggah mu­dhun gunung, se­nadyan sapiturute dalan ciut.

Wisatawan kang padha munggah li-wat dalan undhak undhak­­an menyang makame Sunan Muria bisa sinambi mirsani bebakulane kang ana sapiturute pinggir ndalan. Maneka werna dodolan didol dening para bakul antarane poster gambare para wali, kayu naga kang nduweni khasiat panulak kewan tikus. Kayu langensari kanggo panulak balak, woh delima wulung, parijata lan sapanungga­lane. Akeh dodolane para bakul mligi amung ana ing Gunung Muria. Tetanen Parijata nduweni khasiat pinercaya nda­dekake jabang bayi kang lair pasuryane bagus utawa ayu, menawa dikonsumsi dening biyunge nalika ngandhut.

“Kayu Naga nduweni khasiat kanggo ngusir tikus,” terange mbah Saimo, bakul souvenir kang mapan ana sacedake ma­kam Sunan Muria

Dikandhakake mbah Saimo, saben ndina Gunung Muria rame pawongan ne­neka ziarah. Wiwit dina Senin tumeka Ahad prasasat ora ana kendhate wisa­tawan sing teka. Babagan iki tamtu wae ndadekake warga desa sing ana sakiwa tengene Gunung Muria entuk berkah pakaryan lan sandhang pangan. Bab iki bisa dadi piwulang kanggo pawongan kang padha urip, senadyan uwis atusan taun seda, nanging tetep migunani lan bisa menehi pangan marang pawongan kang padha isih urip. Piwulang iki bisa kanggo conto, dene manungsa iku tetep nduweni manfaat senadyan seda, yen nalika dheweke isih urip tansah menehi manfaat marang liyan.

“Saapik apike pawongan iku yen ndu­weni manfaat marang liyan,” kandhane mbah Saimo nirokake filsafate para wi­nasis.

Pawongan kang neneka ana komplek makam Sunan Muria luwih dhisik adat sabene, nindakake wudlu banjur sem­bahyang sholat ana masjid. Adat saben iki di leksanakake amarga akeh wisatawan ana perjalanan ora kober nindakake sembahyang, saengga nalika tekan  ma­kam sing dijujug padasan wudlu lan masjid. Sarampunge sembahyang, wisatawan mlaku tumuju makame Sunan Muria saperlu nindakake ritual ziarah.

Saka masjid menyang makam jarake kurang luwih rong atus meter liwat lorong lorong dalan kang di tata dening pehak pengelola makam. Dalan mlebu lan metu menyang makam di gawe arahe beda beda, disengaja aja nganti peziarah kepe­pet mandheg ana ndalan. Kanggo njagani kapitunane peziarah aja nganti kelangan sandhal utawa sepatu, dianjurkake digawa mlebu menyang njero ana ngarep pelawangan makam, nanging luwih dhisik diwadhahi kantong plastic.

Atusan pawongan saben dina neneka ziarah ing makame Sunan Muria kang mapan ana sisih tengah komplek bangu­nan makam. Saliyane makame Sunan Muria, ana uga makam makam liya kang isih nduweni gegayutan kaluwarga. Pawongan kang neneka ziarah saram­punge ndedonga yasin tahlil adate banjur ngalap sawab ngombe banyu kang ana gentong sangarepe makame Sunan Mu­ria. Miturut katerangane para peziarah, akeh manfaat tumrap kasarasan kanggone pawongan sing padha precaya marang khasiate banyu.

“Bisa kanggo ngalap sawab sarana tamba lelara me­dis lan non medis,” kandhane mbah Saimo nerangake.

Akeh pawo­ngan kang ndu­weni lelara padha sehat maneh sa­bubare ngalap sawab  ngunjuk ba­nyu saka njero genthong ana makame Sunan Muria. Banyu genthong miturut mbah Saimo, amung kanggo lantaran saka  Gusti marang umate, anggone Gusti Allah menehi tamba lelara. Banyu salah sijine unsur alam semesta ing bumi kacipta dadi sumber panguripane mahkluk urip.  Mula saka iku temtu wae nduweni manfaat liya nalika diciptakake dening Gusti Allah. Manfaat iki asring dilalekake marang pawongan, saengga manungsa luwih precaya marang tetamba alternatif  liya kang njlomprongake.

“Tundhone nyekutokake Gusti Allah,“ terang mbah Saimo nandhesake

Simbah kang uwis diwenehi wayah cacah lima iki nambahi katerangane, golek banyu minangka sarana syarengat usahane manungsa kang di wenehi akal lan pikir ngupaya manekawerna cara. Banyu ora bakal nduweni daya manfaat tamba lelara yen ora diwenehi hakikat, ya iku pandonga nyeyuwun marang Gusti amrih diparingi bagas waras. Saampuh ampuhe obat ora bakal bisa marikake pawongan kang nandhang lelara, yen ora ana idine dening Gusti Allah.

Akeh pawo­ngan saiki ngla­lekake kasu­nyatan syarengat lan hakikat kang kudu dileksa­nakake sesare­ngan. Hakikat ora bisa kelakon yen ora ana syare­ngate. Semana uga syarengat ora bisa katekan sedyane yen ora ana hakikate. Manungsa ora bisa ngandelake usahane tanpa ana pandongane marang Gusti, semana uga manungsa ora bisa kelakon kekarepane yen tan ana usahane.

Akeh maneka werna cerita ngandhak­ake sujarahe Sunan Muria kang nduweni nama asli Raden Umar Syahid. Salah sijine diterangake, Sunan Muria putrane Sunan Kalijaga kelawan Dewi Saroh. Garwane Sunan Muria asmane Dewi Sujinah kang isih nduweni gegayutan keluwarga kelawan Sunan Kudus. Silsilah iki ka­precaya dening masyarakat Muria tumeka nganthi saiki. Anggone ngleksanakake dakwah kaya dene Kanjeng Sunan Kalijaga, kang nggunakake sarana seni budaya tetembangan lan wayangan. Mula ora nggumunake, tembang Sinom lan Kinanthi  pinercaya asil sangitane Sunan Muria nalika dakwah.

Sinom diartikake nom noman, ma­nungsa kang isih nggoleki proses jati diri. Ing proses iki nom noman tetakon marang awake dhewe, sejatine aku iki sapa ?. Ing proses pitakonan iki, panuntun panutan diperlokake kanggo proses gegayuhan nom noman tumuju kasampurnane urip. Mula ana ing tembang sinom akeh ditemokake wejangan lan tuntunan kanggo nuwuhake semangat nalika proses gegayuhan nggoleki jati diri.

Anggone nggoleki proses jatidiri pawongan nom noman kudu dikanthi kela­wan tembang Kinanthi kang nduweni mak­na panuntun. Kekarepane aja nganti nalika nggolek tuntunan kesasar susur entuk guru kang ora bener. Anggone nganthi ora cukup diwenehi wejangan lan pitutur, nanging uga ngilmu syarengat lan hakekat saengga manungsa bisa nemokake jatidirine, guru sejati.

Nalika ngleksanakake dakwah Sunan Muria asring menehi piweling kang unine, ‘ Pemalihe kahanan iku miturut kekarepane Gusti. Ora ana kasudibyan kang bisa nan­dhingi pepesthine Gusti, jalaran pepesthi iku ora ana kang bisa ngluputake. Bener kang asale saka Gusti iku yen tan ana angkara murka lan ngrekasakake marang liyan’. Anggone dakwah kawentar mi­gunakake ngilmu tapa ngeli, nyawiji ngle­bur ana satengahe masyarakat.

Ana ritual ngalap berkah unik tumrape para wisatawan kang padha neneka ziarah ana makame Sunan Muria. Ing dalan metu tumuju menyang njaba makam, ana teti­lasan watu ompak kang biasa digunakake kanggo ngalap berkah kabegjan. Pawongan kang padha lewat ana ngarepe asring kang pandha nguncali dhuwit receh, saengga ana sakiwa tengene watu katon akeh dhuwit recehan. Miturut kaprecayane peziarah bisa gawe kabegjan apa kang dadi kekarepane.

Watu ompak petilasan wewangunan asli makam Sunan Muria awujud watu andesit, dening dinas ginayut pelestari cagar budaya, dipapanake ana kamar mligi di wenehi kerangkeng wesi. Kekarepane aja nganti rusak utawa ilang di jamah tangan tangan jail.

Miturut Eko salah sijine peziarah saka kutha Solo, ngguwak dhuwit ana ompak minangka ngalap awab anggone nye­nyuwun marang Gusti amrih bebakulane laris. Eko nandhesake kekarepane, kang wigati ora babagan nguncali dhuwit, nanging binarengan donga panyuwunan marang Gusti. Anggone melu nguncali dhuwit amung ngetutake adat kearifan lokal kang uwis ana turun temurun ing Muria. Tumrape warga kang manggon ana pereng gunung, gunung Muria ora mung dadi salah sijine papan religi tetilasane para wali, nanging bisa gawe daya tetarik tumrap para wisatawan lokal lan man­canegara.

Mula saka iku kanggo mujudake rasa syukur,  warga desa saben taun ngleksa­nak­ake tradhisi sedhekah bumi kirab kupat sewu kang di arak saka makam Sunan Muria, banjur diandumake marang warga masyarakat sing neneka mirsani. (Judiantoro)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Minterna wong bener kuwi luwih gampang katimbang mbenerake wong pinter. Nanging mbenerake wong pinter kuwi mbutuhake beninge ati lan jembare dhadha ...

Klik

SUMUR RAHASIA ING PORTUGAL

Bangunan kang kaya sumur iki arane Quinta da Regaleira, yakuwi sawijining taman kang dumunung ing kutha Sintra, Portugal. Taman iki dumadi saka istana lan kapel, sarta pekarangan kang ana tlagane, guwa, sumur, air mancur, lan lurung kanthi konstruksi kang endah. Nanging perangan paling endah saka taman iki ya kuwi Sumur Inisiasi. Sumur iki cukup jeru lan nduweni undhag-undhagan spiral amrih bisa tekan panggonan ngisor dhewe. Ujare ngakeh, ndhisike sumur iki minangka papan ritual masonis. (d/ist)***

Pethilan

Listrik mati nganti dina senen

Kari njaluk ngapura…

Blackout, PLN bakal menehi kompensasi marang langganane kang rugi.

Muga-muga janji iki ora ujug-ujug peteng maneh.

Listrik mati total ing ibukota lan sawenehing kutha.

Peteng, sing katon mung ‘wedhus ireng’.