Werdine Zuhud lan Ati Kang Lembut
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 172 kali

(Allah kepareng nglonggarake rejeki  tumraping pawongan kang dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira atine kanthi panguripan ana ing  donya. Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa ditandhing karo panguripan akhirat.) (Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).

 

(4). KEPENCUT MARANG KADONYAN.

Umume wong urip ana ing donya iku padha seneng marang bandha donya, nanging manawa senenge marang do­nya mau wus ngliwati wates, utawa pe­ngin (kepencut) kang kebacut, saengga lali marang akhirate, wong kang tumin­dak mangkono mau, hiya iku sing diarep-arep dening  neraka, sing bakal dumu­nung ing kono. Iki beda karo pawongan kang senenge marang donya mung sa­madya, nanging tansah nengenake amal shaleh, eling marang Allah Dzat kang Ha­nyipta Jagad Raya dalah sak isine iku  Ka­pan bae lan ana ing ngendi bae, becik ing papan kang sepi utawa ing papan  kang rame, becik disekseni dening wong akeh, utawa laku sesingidan. Apa kang ditindakake iku mesthi dipriksani dening Allah. Mula apa kang ditindakake tansah nyadhong marang ridlaning Allah. Wedi marang siksaning Allah sarta sabar ma­na­wa ketaman musibah. Ing babagan iki Ibnu Mas’ud wus nerangake, manawa urip ana ing donya iku sanepane pindha tamu, sarta bandha sing didarbeni iku mujudake titipan saka ngarsane Allah. Tamu iku mesthi enggal bali menyang papan dununge (omahe). Iki ngandhut pa­ngerten manawa urip ana ing donya iku ora suwe, pindha pawongan kang lunga meyang pasar mampir ngombe. Dene bandha sing didarbeni iku sak te­mene kagungane Allah. Krana urip ana ing donya iku ora suwe, mula mumpung isih ana kesempatan, kita ngudi nindak­ake amal shaleh, kanggo sangu ana ing akhirat, jaman kelanggengan. Aja nganti keduwung, bakal kapitunan tembe buri (pintere tiba mburi). Kepencut kang ke­bacut marang bandha donya (rajabrana) kang dadi rerenggane donya, iku muta­watiri banget (mbebayani). Amarga pakarti kang kaya mangkono mau bias njalari rusaking keyakinan. Pikolehe hiya mung bandha bandhu (rajabrana) sing dadi tujuwan uripe ana ing donya, ora eling marang akhirate. Trep karo dha­wuhe Allah mangkene maksude:

“Sok sapa sing ngarepake panguri­pan ana donya lan moncere (kemoncer­ane) ana ing donya, Ingsun bakal maringi wohing amale genep marang dheweke. Tumrap dheweke ana ing donya iku ora padha dikurangi ganjarane. Nanging wong-wong mau ana ing akhirat, ora oleh apa-apa, kajaba mung neraka, lan sir­na kabeh ing samubarang kang ditan­dangi ana ing donya dening wong-wong mau, sarta samubarang kang wus padha ditindakake bakal muspra.” (Q.S. Hud (11) : 15-16). Sawatara Hadits neranga­ke, antara liya sing diriwiyatake dening Abu Hurairah, iku maksude mangkene:

Mbesuk ana ing akhirat ana  pawo­ngan telu, sing kapisan disiksa (dibakar) dening neraka, yaiku pawongan sing perang ing sabilillah, wong-wong kang sedhekah lan pawongan sing tansah nderes Al-Qur’an. Kabeh apa kang padha ditindakake iku ndarbeni maksud kanggo ngupadi bandha-bandhu saka tumindake iku, ora krana nyadhong ridlaning Allah. Dadi krana ngudi pamrih ing sajeroning atine kang sinandi sarta pangalembana saka wong liya (Al-Hadits)”.

Bisa dimangerteni, manungsa kang kepencut seneng bandha-bandhu bakal lali marang kuwajibane (shalate ora ko­ber amaliyahe keblinger, krana nuruti kri­dhane hawa nepsu kang ndeder) lan se­tan sing dadi manager (panutan). Kajaba saka iku, uga ana manungsa kang adreng kepencut (nresnani) marang do­nya, nanging mung samadya, akeh elinge  marang Allah, tansah ngudi ngosongake qalbune kanggo dzikir marang Allah (takhalli). Dadine yen kepencut marang panguripan donya hiya kena, nanging aja nganti njalari lali marang akhirate. Lha yen nepsu kadonyan iku ora dipeper (ditekan) bakal keblinger, kapitunan mbesuke ing dina Qiyamat (akhirat).

Sebagiyan Ulama Salaf nyanepakake tumraping pawongan kang kesengsem  marang panguripan  (kanikmatan) kado­nyan sing ngluwihi wates, iku mangkene ujare:

“He wong-wong kang ahli  nikmat donya! Satemene kanikmatan  donya iku ora bakal langgeng.”

Iku satemene (mu­judake) wong-wong kang kebujuk de­ning angen-angen (fatamorgana) sing bakal sirna. Iku mu­judake laku tindak kang bodho. Babagan iki trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude: Lan wong-wong kafir iku ka­beh tumindake kaya dene lelamunan fata­morgana (amun-amun) ana ing ara-ara kang wra­ta, dikira dening wong-wong kang nge­lak yen iku banyu. Nanging ba­reng dhe­weke teka mrono, ora nemu  apa-apa, malah dheweke ana ing ngar­saning  Allah nemoni siksa. Allah banjur kepareng nyampurnakake piwales kabeh amale. 

Allah iku kang rikat pangetunge. (Q.S. An-Nur (24):39). (Subhanallah, Allahu Akbar).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)