Udan Ngrecih ing Sasi Nopember
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 135 kali

Gludhug jedhar-jedher meksa Niken minggirake motor golek papan iyup-iyup. Sanajan nganggo mantol dheweke tetep wedi lan kuwatir karo udan sing dikantheni gludhug kuwi. Kanthi spontan, motore distandar ngono wae ing sangarepe bengkel kang wektu kuwi ora patiya rame.

“Pak, ndherek ngiyup nggih,” kandhane Niken marang sing nduwe bengkel. Nanging saiba kagete nalika ngerti ing kono ana Adam sing lagi nunggoni tukang bengkel ndandani motore. Adam mujudake kanca sakelase Niken.

Niken ethok-ethok ora ngerti lan ora meruhi. Rasa jengkel sing kerep disebabake dening bocah lanang kuwi ndadekake Niken wegah omong-omongan malah kepara wegah tepung. Beda karo Adam, tekane

Niken ing bengkel kuwi kaya

ketekan Dewi Penolong. Lah piye

ora? Dheweke ora kena telat melu Pramuka merga Jemuwah minggu sadurunge wis mbolos ora mangkat merga oleh sanksi saka DK-ne. Adam ngadeg nyedhaki Niken sing isih madhep ratan karo sepisan-pisan nyawang udan sing isih panggah deres.

“Hallo Ken, kowe arep Pramuka ya?” sapane ora rumangsa nyengiti, Adam nyedhak-nyedhak takon. Bocah wadon sing ditakoni kuwi mung meneng ethok-ethok ora krungu. Dheweke babar blas ora nggatekake Adam.

“Aku nunut ya, motorku durung bisa dadi saiki. Nek aku telat aku diukum maneh, kowe ngerti dhewe ta DK-ne awake dhewe galake ngungkuli macan weruh mangsa,” ujare Adam ngecuwis ngrayu Niken, ora preduli sing dirayu mung nglirik banjur mlengos lan menjeb. Ing batin, Niken nyokurake nasibe Adam. Rasakna saiki! Mangkono isi atine Niken.

“Ayolah Ken, please... aku nunut,” panjaluke Adam ngrayu. Dheweke tetep wae ora rumangsa digethingi. Tansaya Niken nesu dheweke tambah seneng, rumangsa yen olehe mbebeda kasil. Niken tambah sumpek karo pambujuke Adam. Sanajan isih rada deres dheweke siap nyetarter motore karepe arep lunga saka papan kono. Nanging atine gojag-gajeg antarane ninggalake utawa dinunuti Adam. Yen ditinggal kok ya mesakake mengko yen diukum maneh, yen dinunuti kok ya njengkelake banget bocah kuwi. Niken dadi bingung. Wusana dheweke mudhun karo sewat-sewot menehake kunci motore marang Adam. Sadurunge nylingkrik, Adam njupuk mantol ing bagasi motore sing lagi didandani karo aba marang tukange yen motore arep diparani sabubare Pramuka. Ing batin dheweke seneng banget oleh tunutan lan luwih seneng maneh merga bisa boncengan karo Niken, kanca kelase sing sejatine disir wis sawetara.

“Cepet ta.. ngko nek telat aku melu-melu diukum!” Niken meksa Adam nyepetake playune motor. Pancene Adam sengaja nglakokake motor kanthi alon sanajan udane durung mendha. Dheweke kepengin nggunakake kalodhangan kuwi kanggo mbeber isi atine. Meruhi lakune motor tetep wae alon, Niken tambah muring-muring. Adam mung mesam-mesem ora nggatekake lan ora nglegewa panjaluke Niken.

“Bisa banter ora ta?! Kowe mudhun kene waelah, aku takmangkat dhewe! Diukum ya karepmu, aku ra arep melu-melu,” karo nesu Niken nggablegi gegere Adam. Senajan ngono Adam ya ora banjur mbanterake motore.

“Tenang kekasihku... mengko nek awake dhewe diukum ben bareng-bareng. Kanthi mengkono kan romantis….” sumaure Adam sakenane.

“Apa? Kekasihmu? Ih! Ngimpi kowe! Nek ora kepeksa wegah aku dinunuti!”

“Aja nesu-nesu ta, aku mundhak tambah ngesir lo. Kowe ora rumangsa pa? Sasuwene iki olehku nggarapi kowe kuwi merga aku seneng karo kowe. Nek kowe bola-bali kon maju ning ngarep kelas, kuwi tegese kesempatanku bisa nyawang cewek sing taksenengi,” tanpa mamang Adam mblakakake isine ati.

“Gombal kowe ki Dam! Seneng kok malah nyilakani. Coba delengen, merga kowe aku dadi kerep diseneni Guru nalika ora bisa mangsuli pitakonan!” Niken uga mblakakake rasa mangkele marang Adam. Bola-bali saben piwulang apa wae yen ana tugas nggarap soal ing ngarep kelas ora keri-keri Adam mesthi ngajokke dheweke. Kamangka Niken rumangsa yen kapinterane mung pas-pasan. Emane meh kabeh kanca sakelas padha ngombyongi pokale Adam.

“La kuwi..., nek kowe diseneni, aku tambah seneng merga rupamu tambah manis!” Adam tansaya mbebeda.

“Dhasar kelainan...,” Niken grenengan. Ing jroning ati dheweke uga ora selak yen sejatine nyimpen rasa tresna marang Adam.

Ora krasa lakune motor wis tekan ngarep sekolahan. Adam nglebokake motor ing papan parkir.

“Kuncine takgawa ya.. mengko nek mbokgawa gek-gek aku mbok­tinggal…,” guneme Adam karo isih nyekel kunci motore Niken. Niken pranyata bisane mung manthuk wae…. Kekarone banjur pisahan mlebu ruwang kegiyatan Pramukane dhewe-dhewe sing dina kuwi kapeksa dianakake ing njero kelas merga udane durung tingkas. Udan wulan November dadi seksi antarane Adam lan Niken ngakoni isi atine dhewe-dhewe. (Yanifzal)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang MITUHU mring GUSTI ALLAH, dudu ateges ora ana KEKURANGANE maneh.

Klik

ADOL KASET LAWAS

Ondi Turiyat, 78, ngramut koleksi kaset-kasete kang didol ing Jalan Cihapit, kutha Bandung. Sajege 1980-an, pensiunan PT. KAI iki pancen ngumpulake maneka kaset pita kanthi maneka jinis genre musik. Total koleksine ana 2.000-nan kaset pita. Pak Ondi banjur ngedol kaset-kaset mau kanthi rega Rp 5 ewu nganti Rp 100 ewu saben kaset, gumantung tingkat langkane. (d/ist)***

Pethilan

Presiden dhawuh susunan kabinet wis rampung

Sinyal, partai isih oleh nglobi ma­neh

Ayomi situs kanthi data kang akurat

Data ana, sertifikat duweke negara sing ora ana

Surya Paloh ngaku duwe pandulu kang padha karo Prabowo

Padha-padha ndulu duwe kalo­dhangan