Taun Politik, Grebeg Sudiro Digawe Prasaja
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 68 kali

Saben taun warga kampung Sudiro­prajan ngleksanakake tradhisi kirab buda­ya Grebeg Sudiro. Rerangken acarane pan­cen di barengake kelawan perayan Imlek minangka wujud akulturasi budaya Jawa Tionghoa ing kutha Solo. Taun 2019 iki, perayaan grebeg di leksanakake ngan­cik gunggung kaping rolas. Mung wae pe­laksanakane luwih prasaja tinimbang taun taun kepungkur, jalaran cedak ke­lawan taun politik. Saengga ketertiban lan keamanan kudu dijaga bebarengan.

Kirab Grebeg Sudiro taun 2019, panitia grebeg nyawisake kue keranjang gung­gung cacah patang ewu ana ing jodhang awujud klenteng. Sabubare jodhang di kirabake muter ana sapiturute dalan pro­tokol, kue keranjang kang ana ndhuwur jo­­dhang banjur di andumake dening war­ga kang padha mirsani. Rute kirab taun iki beda kelawan taun taun kepungkur, ora ngliwati dalan sapiturute kidul Beteng Vasternburg.

Kawiwitan saka tugu jamPasar Gedhe, pasarta luwih dhisik diwenehi wektu ku­rang saka limang menit kanggo ngetokake keseniane ana ngarep panggung kehor­matan. Anggone panitia menehi wektu cendhak jalaran pasarta kirab taun iki luwih akeh tinimbang ndhisik. Ana gunggung cacah seket papat paguyuban lan komu­nitas seni budaya kang melu kirab Grebeg Sudiro.

“Total kabeh pasarta kirab udakara 1500 pawongan,” kandhane Ari minangka pa­ngarsa tradhisi budaya Grebeg Sudiro.

Kawiwitan saka tugu jam Pasar Gedhe mangi­dul tumeka perempatan Telkom, mangetan tu­me­ka loji wetan, banjur mangalor tumeka pra­patan Ketandan, di tu­tukake mlaku mengetan tumeka kalurahan Sudi­roprajan, banjur manga­lor tumeka dalan Sugiyo­pranoto, di lanjutake ma­ngulon tumeka bangjo warung pelem lan di tu­tup mangidul tumeka tu­gu jam Pasar Gedhe. Tumeka tugu jam Pasar Gedhe, gunungan kue keranjang banj­ur di andumake rayahan kanggo war­ga masyarakat kang padha mirsani.

Iring-iringan kirab antarane dieloni kelompok lan komunitas budaya ing Ka­lurahan sekutha Solo. Ana uga paguyuban wirausaha UKM sarta kuliner duweke war­ga kampung Sudiroprajan. Komunitas seni budaya sekolah dasar sekutha Solo, pa­guyuban reog, musik bamboo lan sapa­nunggalane. Kanthi ngusung tema persa­tuan ana ing keragaman, warga keturunan Tionghoa lan masyarakat lokal nyawiji dadi siji.

Keragaman miturut Ari dadi kekuwatan ana ing kebhinnekaan kang manunggal sak jroning kebudayaan, sosial lan ekonomi war­­ga masyarakat Sudiroprajan. Persa­tuan lan kesatuan kanggone warga kam­pung Sudiroprajan wigati, jalaran bisa ga­we tentreme warga. Masyarakat kang tentrem uripe temtu kepenak anggone go­lek pangan, ora kekurangan sarta kacu­kupan kebutuhane. Bisa nindakake pakar­yan gotong royong, sing abot dadi entheng, sing entheng sansaya luwih entheng.

“Amrih anggone kirab kaleksanan kanthi lancar lan ora gawe macete dalan, panitia grebeg lan panitia perayaan Imlek nyambut gawe bareng Dinas Perhubu­ngan kutha Solo, Satpol PP lan Satlantas Polresta Surkarta nggawe rekayasa lalu lintas aja nganti ana kemacetan ing simpul lalu­lintas,” ujare Ari.

Liwat Kasubdin, rekayasa lalu lintas Dinas Perhubungan kutha Surakarta, dalan sapiturute kirab di rekayasa kanthi cara situasional. Yen ana kelonggaran di bukak, nanging yen ana kemacetan di tutup. Jala­ran ana ing penjelasane, yen nganti sapi­turute dalan kirab di tutup total, di kha­watirake bakal gawe kemacetan ana ing simpul simpul liyane. Keamanan uga dadi kawigatenan pangarsa Satpol PP, Agus Sis, kang dadi jejibahane nggawe warga ayem tentrem mirsani kirab.

Bakul jajanan ditata lan dipapanake ana papan panggonan kang uwis dicawisake dening Satpol PP pinangka penegak per­aturan daerah. Yen nekad nerak larangan bakal di kukut, ora entuk dodolan ana ing sakupeng Pasar Gedhe. Ramene para bakul kang padha dodolan, jalaran akeh wisa­tawan neneka mirsani perayaan Imlek lan Grebeg ing kutha Solo. Apa maneh mapak taun anyar Imlek, prasasat kawasan Pasar gedhe ora bisa diwiyak, kebak pawongan mirsani.

“Ora ketinggalan bakul dolanan liong lan barongsai saka njaban kutha Solo asal Cirebon, padha melu neneka golek rejeki ing malem Imlek lan Grebeg. Sansaya nda­dekake papan panggonan perayaan tam­bah rame,” wuwuhe pangarsa Satpol PP nerangake.

Di tambahake, nalika didata dening Sat­pol PP, gunggung cacahe bakul barong­sai satus pawongan. Aturane Satpol PP, diolehake golek rejeki ana ing perayaan Imlek lan Grebeg, nanging kudhu manut aturan, dipapanake ana sisih wetan Beteng Vasternburg.

Perayaan Imlek lan Grebeg ing kutha Solo uwis dadi salah sijine destinasi utama perayaan Imlek ana Indonesia. Akeh re­rangken acara ritual sadurunge Grebeg lan Imlek dileksanakake. Salah sijine ritual umbul mantram kang saben taun di leksa­nakake wengi sadurunge kirab Grebeg Su­diro, kanggo ngelingake lan naluriake bu­daya para leluhur anggone ngaturake puji syukur marang Gusti, alam lan nyuwun pangestune para le­luhur.

“Pangestu miturut kapre­ca­ya­ne warga kampung, bisa gawe kelancaran anggone nggolek sandhang pangan, di­adohake saka bebaya,” ujare mbah Tejo, budayawan kang mangarsani Umbul Mantram Grebeg Sudiro 2019.

Umbul mantram di leksa­nak­ake ana pelataran Kalu­rahan Sudiroprajan. Maneka­werna sesaji asil bumi diusung kanthi cara kirab saka njero kampung tumeka pendhapa Kalurahan Sudiroprajan. 

Tata cara mlakune kirab kawiwitan muter mangiwa ngetutake lakune alam semesta, alam kosmik kang me­nehi sumber pa­nguripan ma­nung­sa lan ma­hkluk urip liyane. Sumber pangu­ripan mawujud banyu, geni, bu­mi lan angin kang dadi pawujudane jagad ageng.

Jagad ageng dadi papan pang­gonane manung­sa, kewan lan mahkluk liya kang ora kathon kasad mripat. Mula dikarepake te­rang  mbah Tejo, pan­donga umbul man­tram bisa dadi sarana memayuhayuning bawana.

Makna sesaji umbul mantram dibabar­ake, jodang awujud gunungan woh- wohan, panganan lan palawija minangka sim­bol asil bumi.  Kabeh asil saka alam pinangka sumber berkah  kanggo manungsa saka Gusti Allah. Mula anggone mu­judake rasa syukur, asil bumi didadekake gunungan kang nduwe­ni karep, menawa ka­nu­gerahan iku tumurun saka ndhuwur, saka Gus­ti Kang Maha Kuwasa. Pucuk gunungan ndu­weni kekarepan kabeh titahe Gusti kang ana jagad kudu manembah sujud marang Gusti.

Sesaji palawija tetanen kang isine ron alang alang, ron kluwih, ron dedel, ron ringin lan sak panunggalane, siji lan sijine nduweni kekarepan dhewe dhewe. Kaya dene alang alang, maknane, bisa diadohake saka pepalang. Urip tansah direksa dening Gusti Allah. di gampangake anggone golek rejeki, dituntun anggone nggulawenthah keluwargane, sarta di adohake saka tumekane balak lan sengkala.

Ron Kluwih nduweni kekarepan diwenehi keluwihan, dimurahake rejekine, di gampangake kabeh pakaryane lan diluwihake sedhekahe sarta keihklasane. Ron dedel saka tetanen pisang nduweni kekarepan, ndedelake rejeki, ndedelake pengarep arepe, ndedelake gegayuhane lumantare pandonga umbul mantram ma­rang Gusti.

Ron ringin nduweni makna kamulyan lan pangayoman kang digayuh warga kampung Sudiroprajan. Tansah diayomi lan diwenehi katentreman dening Gusti Allah. Kewan pitik, bebek, menthok kang ana iring iringan sesaji kaceluk sesaji iwen iwen amarga cacahe sajodo minangka simbol harmonisasi alam semesta. Ana rina ana wengi, ana padhang ana peteng lan sapanunggalane kang sajodho.

Pacul, linggis, wesi lan peralatan pa­karyan liyane duweni makna tatag lan teguh. Manungsa ora entuk sambat ma­rang kedadeyan urip kang dileksanakake. Ora entuk bebungah yen ketaman berkah, ora entuk sambat yen ketaman masalah. Kabeh lelakon urip kudu tansah disyukuri, jalaran ora ana masalah lan berkah ne­neka kajaba kanggo ngelingake marang Gusti Kang Maha Kuwasa.

Ana ing acara umbul mantram, sese­puh kang jejibahan nyebarake winih teta­nen kasebut aran upacara urip urip. Kang maknane pawongan ora mung bisa urip nanging kudu bisa nguripi. Nguripi mbalek­ake keselarasan alam semesta, saengga tansah lestari.

“Purnane acara umbul mantram, di tutup kanthi acara pegelaran ringgit wa­cucal ana pendhapa Kalurahan Sudiro­prajan,” jlentrehe Mbah Tejo.

 

Rebutan sesaji.

Akeh pawongan nduweni kaprecayan, sesaji umbul mantram kang dijupuk saka gunungan migunani tumrap kemakmuran tetanen. Kaya sing di kandhakake mbah Sa­kino, simbah kang yuswane ngancik wolung puluh taun iki saben ana perayaan Grebeg asring neneka mirsani. Kekarepane siji, melu ngrayah tetanen gunungan kanggo syarat tetanen pari ana ing sabine. Jalaran uwis telung taun kepungkur wiwit dheweke entuk sesaji saka umbul man­tram, diwenehake ana ing sabin, asile tetanen subur makmur.

Ora ana ama tetanen kang wani nye­dhak. Asile pari akeh, ora kaya adat sa­bene nalika panen luwih sithik asile. Taun sepisan mbah Sakino ora precaya yen mak­mure tetanen jalaran saka menehi sesaji umbul mantram ana tetanene. Nanging, banjur kelakon kaping telu mbah Sakino precaya yen ana babagan liya kang bisa gawe asile tetanen subur makmur. Rabuk lan kualitas bibit apik sejatine mung sadrema syarat usaha tetani, jalaran ba­bagan sing wigati sejatine kepiye ma­nungs­a nduweni rasa syukur marang Gusti kanthi cara menehi sedekah menyang alam semesta.

Rayahan sesaji gunungan kanggo ngga­yuh kesuburane tetanen ora mung ana ing umbul mantram, nanging saben ana perayaan tradhisi gunungan akeh warga padha rayahan njikuk sesaji. Keka­repane ora mung kanggo syarat tegal tetanen, nanging ana uga kanggo tolak bala, bakulan lan usaha liyane. Anggone sesaji bisa ndayani nduweni keluwihan ora amarga di obongi menyan lan diewangi bangsa ghaib kang ora kathon, nangging saka dedayane pandonga marang Gusti.

“Uga ihklase pawongan nalika sedhe­kah, ndadekake Gusti menehi berkah keluwihan saka apa kang uwis disajiake,” tutup mbah Tejo.

(Mas Djoko)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe mapan ing wayah sore, aja ngenteni wektu esuk lan yen kowe ana ing wayah esuk, aja ngenteni wektu sore.

Klik

KAMPUNG INDIA

Kampung Madras mujudake sawijining kampung ing kutha Medan kanthi surasa India kang kenthel banget. Mayoritas pendhudhuk ing kene pancen keturunan wong India Tamil kang agamane Hindu. Ing kampung iki, kita bakal ngawruhi sakehing wong praen India, pakaian khas India, panganan India, perayaan agama Hindu, nganti jeneng dalan kang sarwa India kayadene Jl. Mahayana, Jl. Kalingga lsp. Saengga kaya-kaya kita lagi ora ing Indonesia. Mula ora nggumunake yen kampung iki banjur dijuluki Little India. (d/ist)

Pethilan

Parpol-parpol rebutan mlebu kabinet Jokowi

Lomba nodhong jabatan diwiwiti….

Pascapilpres, koalisi oposisi isih durung jelas

Sing jelas isih padha ‘galau’

Joko Widodo-Ma’ruf Amin disengkakake minangka Presiden-Wapres RI 2019-2024

Sugeng makarya…