KADURJJANAN
arupa tenung utawa santhet pranyata wis ana nalika jaman Hindia Belanda. Ana ing abad
16-17 sing jenenge santhet uga wis ana, lan dadi kawigaten aparat
hukum ing jaman iku. Arepa kanggo mbuktekake soal santhet
lan tenung uga angel. Ingga patine uwong kang kena tenung utawa santhet
mung madeg ana ing pangangen-angen. Pihak pamarentah kolonial Walanda mung gawe
anjuran supaya nanem wit kelor kanggo nyegah kiriman santet utawa tenung.
Ahli sejarah HJ De Graff mratelaake menawa
ing abad 16 Masehi kadurjanan santhet lan
tenung dadi pocapan warga masyarakat kang urip ing Batavia. Nanging ora ana
pelaku santhet utawa tenung kang diadili. Warga
masyarakat mung mandheg ing panganggep menawa kurban kang lara utawa malah
nemoni pati iku merga oleh kiriman santhet. Ingga
akeh kasus ‘main hakim sendiri’ merga katudhuh dadi dhukun
santhet.
Ing jaman Belanda temtu para pejabat
kolonial Belanda kang dadi sasaran santhet. Para
pengedhe Walanda dianggep wis ngadani penindasan, utawa siksaan marang warga
pribumi. Bisa dibayangake sereme politik wektu iku. Santhet
dadi bagian senjata kanggo males wirang marang kaum penjajah kang dianggep wis
gawe kawicaksanan kang nyengsaraake kalangan pribumi.
Sejarahwan De Graaf mratelakake
kutha Batavia ana ing abad 17 iku nyeremake. Merga kawicaksanan kang dianggep
ngrugekake kalangan pribumi. Akeh wong Walanda
kang kena santhet merga kawicvaksanan kang
sewenang-wenang. Para kurban santhet wiwit
saka pedunungan elite ing laladan Jembatan Batu tekan laladan Gunung Sahari.
“Kahanane banget nrenyuhake, wong kang kena santhet
matane metu. Nalika bebuwang ngetokake getih,
engga pori-porine metu getih,” critane ahli
sejarah kang akeh nulis ngenani Keraton
Mataram ing Jawa Tengah, wiwit madege, kuncarane Mataram ingga tekan ambruke
kerajaan kang mbiyen nduweni kekuwasaan ing Pulau Jawa.
Merga kanthi politik devide it
impera yaiku ngedu ing antarane para sentana Mataram. Kerajaan Mataram kang
kaloka iku mundur. Akhire Mataram kapecah-pecah ing pirang-pirang kekuwasaan.
Kanthi mangkono Walanda bisa njajah bumi nuswantara 350 taun lawase. Muswantara
akhire mardika sakwise ganti jeneng kanthi jeneng Republik Indonesia. Indonesia
mardika tanggal 17 Agustus 1945. Kanthi diproklamasiake ana ing Pegangsaan
Timur Jakarta tsmhhsl 1q7 Agustus 1945.
GODHONG
KELOR
Krenahe penjajah Walanda kanggo
ngawekani serangan santhet pihak Belanda nduwe cara kanthi nanem
wit kelor. Kandhane wit kelor isa kanggo penangkal kiriman santhet.
Mligine godong kelor. Merga iku ana ing pedudungan kang akeh warga Walandane
tuwuh wit kelor kanggo penangkal santet. Kalangan pedunung Walanda uga marani
dukun kanggo ngusadani serangan santhet.
Akeh-akehe para dhukun saka kalangan pribumi kang paham
marang kadurjanan santet.
Nanging ing abad 16 lan 17 iku arang
ana dukun santhet kang digawa menyang pengadilan. Merga
pihak Belanda angel mbuktekake menawa wong
iku kena santhet. Nganti saiki kadurjanan liwat santhet
angel dibukteake. Para penggedhe Walanda uga ora wani bales kanthi ngirimake
santhet. “Slamet saka kiriman santhet
kanggone kalangan warga Walanda uwis matur nuwun. Kena apa golek masalah kanthi
ngirimake santhet genti,” kandhane
ahli sejarah De Graaf.
Batavia maune jenenge Jayakarta.
Nanging diowahi dadi Batavia. Kanthi jupuk
asma Batav leluhure bangsa Walanda. Jaan Peter Coen lair iong Horn 1586 utawa
1587. Tanggal laire kurang jelas Kang
jelas nalika piyambakr dibaptis 5 Januari taun 1587. Nalika umur isih 13 taun
dheweke dikirim menyang Roma Italia ana kono dheweke ajar dagang
marang pedagang Belgia kang asmane Joost De Visser lan uga sinau bab basa.
Tanggal 22 Desember 1607 dheweke
ngumbara menysng Hindia kang mengkone dadi Hindia
Belanda. Dheweke tugas minangka juru tulis nalika ngadani pangumbaran ing Pulo
Banda Hindia. Ing kene dheweke aktif ana perundingan karo Rangkaya, sebutan
marang pemimpin ing pulo Banda. Pranyata prajanjen ora disepakati. Ana ing kono
pranyata bala tentarane ‘dibantai;. Udakara
wong Landa 27kang arep ngadani perundingan mati. Nanging JP Coen slamet.,
Ya merga iku dheweke dadi wong tegelan. Ingga minangka salah sijine penggedhe
Walanda kang kejem. Ingga kalebu salah sijining gubernur jenderal Walanda kang
disengiti kalangam pribumi.
Tanggal 18 April 1618 dheweke
diangkat minangka gubernur jenderal. Nanging lagi 21 Mei 1618 resmi njabat
minangka penggedhene VOC ing Hindia nalika umure lagi 31 taun. Dheweke tiwas 21
September 1629. Ana ing umur 42 taun. Saka arsip dikandhakake
Jaan Pieter Coen tilar ndonya merga lara kolera.
Nanging ana sing kandha patine merga penyakit misterius. Aja-aja tokoh kang uga
dikenal kanthi jeneng Murjangkung iki, merga pawakane kang kuru dhuwur iki merga
diracun. Aja-aja tiwase Jaan Pieter Coen iki merga disantet. Merga minangka
penggedhe dheweke kalebu disengiti. Merga asring mara tangan menawa apa kang
diprentahke ora ditindhakake.
Dheweke tegel mateni warga kepulauan
Banda kang jumlah wargane udakara17 ewu uwong. Kira-kira krungu jenenge Jaan
Pieyer Coen utawa Murjangkung iku wong pribumi pada nduwe panggigit. Arepa
mangkono kanggone warga kota Hoorn dheweke minangka pahlawan. Piyambake digawekake
patung ing salah sijine pojok kutha Hoom. Mangkono. (Hamid Nuri)
Nalika kowe anyel lan rumangsa gela, mula dina iku satemene kowe lagi ajar bab katumemenan.
DIGITALISASI WAYANG
Jroning upaya nylametake barang sejarah kayadene wayang, Keraton Yogyakarta wiwit 2019 iki nindakake digitalisasi jroning wujud foto. Kanthi anane wayang digital mula bakal nggampangake masyarakat ndeleng kanthi detail lan rinci Wayang Keraton iki. Dinane iki pihak Keraton Yogyakarta wis kasil nindakake digitalisasi rong kothak wayang kulit saka 14 kothak kang ana. Pancen rada rendhet, merga sak kothak wae bisa ngentekake wektu sasen-sasen, amarga jroning sak kothak kuwi ana atusan wayang kang kudu didigatalisasi siji mbaka siji kanthi detail banget. Asile bisa dideleng ing website kraton jogja.id (d/ist)
Dhuwit ijolan korupsi Rp 477.359 milyar ditampa
Yen dietung siji-siji pirang dina ya kuwi?
Sing nindkake teror nganggo air keras kawiyak
Bisa dikon cuci tangan dhisik kuwi…
Mlebu BUMN, Ahok diajab mundur saka partai
Sing durung-durung wis nulak Ahok, mundur wae saka BUMN