Upacara Adat Masyarakat Madura
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 94 kali

Bahasa dhaerah ora mung kanggo sesrawungan, ning uga nduweni fungsi minangka ekspresi seni lan wadah bu­daya. Provinsi Jawa Timur ing pungka­sane abad ka-20 dipanggoni luwih saka 34 yuta jiwa, cinathet luwih saka 26 yuta nggunakake basa Jawa, lan luwih saka 7 yuta nggunakake basa Madura. Mula saka iku banjur lair maneka jinis Upacara Adat Madura.

 

Mokka’ Blabhar

Upacara adat temu manten Mokka’ Blabhar yaiku sawijining tradhisi kang kudu ditindakake dening temanten ka­kung kang bakal nemoni temanten putri saperlu masrahake mas kawin sawise ijab kabul. Kanggo nemoni temanten putri kang wis sah dadi bojone, pengan­ten kakung kudu ngliwati blabhar, lan sadurunge ngleboni blabhar kudu bisa mangsuli lan ngerti maknane falsafah kang diajokake dening pihak pengaten putri. Sawise kabeh bisa kejawab lan dimaknai, penganten kakung lagi bisa ke­te­mu karo penganten putri lan sa­banjure masrahake mahare.

 

Nebbus Ana’

Upacara adat Nebbus Ana’ minangka upacara kang ana gandheng cenenge karo mbalekake (ngulihake) anak angkat marang wong tuwa kandhunge, minangka bacute saka upacara Ngala’ Ana’. Upacara iki dileksanakake dening masyarakat Madura. Upacara Nebbus Ana’ bisa dianakake ing rong panggonan, yaiku ing omahe wong tuwa angkat, utawa ing omahe wong tuwa kandhung yen anak wis diwasa utawa wis siap nikah.

Wong tuwa angkat kudu nyiapake ubarampe sesaji arupa kupat legin, kupat sangu, gellung teleng (iwel-iwel), lepet, kembang ramping, lan menyan. Minangka panebus, wong tuwa kandhung kudu nyiapake wedhus, kain putih sakmeter, dhuwit panebus sakmampune, dhuwit bumbu sakmampune, gedhang raja, lan jajan pasar. Musik pangiring ing upacara iki arupa jidhoran utawa rebana kang tembang-tembange nduweni nafas Islam (pojian).

Ing dina pelaksanaan upacara, wong tuwa angkat nyiapake penyambutan wong tuwa kandhung kanthi ngundang sanak kadang lan tangga teparo, kairing kesenian jidhoran. Rombongan keluarga wong tuwa kandhung teka kanthi nggawa bahan mentah sarta sawijining pengada’ minangka juru wicara kanthi prosesi: (1) ucapan sugeng rawuh, (2) srah panampa dhuwit tebusan, lan bahan wentah dening rombongan, sareta (3) ucapan matur nuwun, lan pamitan.

Rombongan wong tuwa kandhung disambut dening wong tuwa angkat lan tamu undangan. Puncak acara iki yaiku nindakake niat (khaul) wong tuwa angkat, lan wong tuwa kandhung kang nate diucapake marang anak. Acara kang narik yaiku rebutan katopa legin (kupat legin) antarane ibu kandhung lan ibu angkat, kang dimenangake dening ibu kandhung. Ibu kandhung ndulang anake, dene ibu angkat sabiyantu nganti purna.

 

Nge-tangeh Karaban Sapeh

Upacara adat Nge-tangeh Karaban Sapeh minangka upacara wiwitan sadurunge pelaksanaan karapan sapi diwiwiti. Upacara iki dileksanakake dening masyarakat Madura kang ma­-pan ing Kabupaten Sampang. Upacara iki dianakake dening kang duwe sapi kang bakal dilombakake, mapan ing omahe dhewe-dhewe. Kang duwe sapi nganakake slametan kanthi ngundang tokoh masyarakat sakupenge, nggelar hiburan rakyat, lan menehi ujub marang kabeh kang terlibat ing acara kerapan sapi dina bacute. Nalika ngleksanakake ngetangeh (mele’an ora turu sewengi natas) sing duwe sapi ora mung nggelar acara hiburan, ning uga ngramut para tamu kanthi mangan lan ngombe. Kelengkapan kang kudu diduweni saben peserta karapan sapi yaiku: (1) sapasang sapi lanang, (2) kleles, alat kang digawe saka kayu, dipasang ing gulu sapasang sapi amrih sapi bisa mlayu kanthi kompak wektu lomba, (3) contangan, alat kang digawe saka pring, kang digunakake kanggo ngesokake jamu menyang cangkeme sapi, (4) jamu kanggo sapi kang bakal dilombakake dumadi saka rempah-rempah, antarane liya sari jahe, kencur, gula abang, lan endhog pitik, (5) dupa lan bedhiang kang dimaksudake kanggo ngusir roh jahat ing sakitere arena lomba, kang dipercaya bisa ngganggu sapi kang arep dilombakake.

 

Sumpah Pocong

Upacara adat Sumpah Pocong yaiku upacara kang nggunakake nyawa minangka taruhane. Upacara iki asring ditindakake dening masyarakat Madura Upacara iki uga minangka peluang tumrap kang ditutuh kanggo mbebasake saka sawijining tuduhan (tuladhane ditutuh dadi dhukun santet) amrih ora dikucilake utawa dihakimi massa. Sumpah Pocong ditindakake kanthi cara nyalatake, ndongakake, lan nyumpah kang ditutuh kang wis dibuntel mori persis kaya wong mati (pocongan), ditindakake ing mesjid utawa langgar kanthi dipimpin dening kyai (kanthi nggawa Al Qur’an) lan disekseni dening warga masyarakat. Yen sing ditutuh bener-bener nindakake kaya sing dituduhake, dheweke bakal dilaknat dening Gusti Allah, yaiku bakal lara lan pungkasane tinggal donya kanthi cara kang ora wajar. Nanging, yen tuduhane salah, dheweke dipercaya bakal bebas saka kematian. Ana saperangan wong kang percaya yen malapetaka iku bakal mbalik menyang wong sing nutuh. (*)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe mapan ing wayah sore, aja ngenteni wektu esuk lan yen kowe ana ing wayah esuk, aja ngenteni wektu sore.

Klik

KAMPUNG INDIA

Kampung Madras mujudake sawijining kampung ing kutha Medan kanthi surasa India kang kenthel banget. Mayoritas pendhudhuk ing kene pancen keturunan wong India Tamil kang agamane Hindu. Ing kampung iki, kita bakal ngawruhi sakehing wong praen India, pakaian khas India, panganan India, perayaan agama Hindu, nganti jeneng dalan kang sarwa India kayadene Jl. Mahayana, Jl. Kalingga lsp. Saengga kaya-kaya kita lagi ora ing Indonesia. Mula ora nggumunake yen kampung iki banjur dijuluki Little India. (d/ist)

Pethilan

Parpol-parpol rebutan mlebu kabinet Jokowi

Lomba nodhong jabatan diwiwiti….

Pascapilpres, koalisi oposisi isih durung jelas

Sing jelas isih padha ‘galau’

Joko Widodo-Ma’ruf Amin disengkakake minangka Presiden-Wapres RI 2019-2024

Sugeng makarya…