Potensi Wisata Situs Perigi Purworejo (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 136 kali

Kanggo naliti sejarah asal usule desa Banyuurip, Purworejo, ana dokumen sing bisa dilacak. Salah siji dokumen mau wujude Serat Babad Banyuurip karya Suwita Pawira katiti mangsa 28 Desember 1863. Serat kang tinulis ing abjad Jawa iki wis dialihtulisan Latin dening Rama Witoyo, sesepuh Banyuurip sing pancen dhemen ngleluri budaya lan tinggalane para leluhur Jawa kang wus jumempana ing angin murud ing kasedan jati.

 

Isine Serat Babad Banyuurip

Saperangan Serat Banyuurip sing wis bisa diwaca kanthi gampang dening wong awam gunggunge ana 26 larik. Serat iki nyritakake lakune Raden Jayengkusuma lan adhine sing jeneng Galuhwati sing wis ditundhung saka Majapahit lan ngulandara arah kidul kulon parane. Numpake jaran ulese jamus (klawu). Lakune suwe ngliwati alas wingit ora mangan lan ora turu, adhine mbonceng ana buri. Lakune Sang Rahaden Mantri (iya Raden Jayengkusuma iku) tekan tanah Pagelen (saiki klebu tlatah Purworejo).

Tekane tlatah Pagelen iku jumujud ing dhukuh Ngengrepalakirna (ora kasumurupan apa tegese). Ing papan kono ana watu item adi dienggo papan manekung Kangjeng Pangeran. Adhine kang aran Galuhwati iku asring bebeka (rewel). Digambarake anggone beka iku kanthi njorok-jorokake utawa njengkang-jengkangake kakange amrih anjlok saka watu item sing dienggo semedi kuwi. Sesambate Galuhwati kepengin bali ing Majapahit awit tlatah kono larang banyu. Dheweke ora betah nyegah ngelak.

Disambati adhine kaya kuwi, Raden Jayengkusuma terus mudhun saka anggone manekung. Dheweke ngajak adhine mlaku ngulon golek banyu ing pinggir. Tekan papan pinggir kuwi Raden Jayengkusuma enggal nancepake pusaka wujude keris kang dijenengi Kyai Dhalang. Keris Kyai Dhalang tinarik lan dicublesake kisma (lemah) sakala mancur banyune. Galuhwati terus adus lan ngombe banyu bening kuwi. Papan metune banyu bening mancur iku banjur dijenengi sumber Beji. Galuhwati sing nyekseni.

Bubar iku kekarone bali ing dhepok (papan pemukiman). Nalika iku wis akeh warga desa kang teka ing papan kono. Wong-wong padha nggawa dhahar lan nyamikan. Pinuju wong-wong padha mlumpuk iku Raden Jayengkusuma banjur gawe babad. Papan kono ing tembe yen ana rejane jaman muga dijenengi desa Toya Gesang. Tembung Toya Gesang iku padha karo Banyuurip. “Ris ngandika Jeng Pangran mring kehing jalmi, heh mupakatana, desa iki sun wastani, anamaa Toya Gesang” (baris 16). “Saur manuk wong desa pan ageng alit, dhusun wus mupakat, wus karan desa Banyuurip, kang rayi Sang Dyah winarna” (baris 17). Banjur disebutake maneh ing baris 19 unine “Saur manuk wong desa pan ageng alit, dhusun wus mupakat, wus aran desa Banyuurip, umume wong desa sadaya.”

Digambaraka sing sekawit desa kono cengkar ora ana banyu, sawise ana beji kuwi desa kono banjur akeh sumber banyune. Kang mapan ing dhepok Parigi kuwi sinebut Pangeran Banyuurip. Baris 20 tekan 26 nggambarake Galuhwati sing wis ngancik remaja putri. Ing crita iki umure wis ngancik rolas taun. Galuhwati nyata kenya kang banget sulistya ing warna. Digambarake rema memak kaduk wilis, pideksa semu prasaja. Grana ngrungih larapane lir cendhani. Asta anggendhewa, dariji mucuk eri. Midhangan neraju emas (pundhake kaya timbangan emas). Sisinome micis wutah netra njait tengah amerangka. Waja lir mirah ing akik. Nglimas kumureb bokongnya. Lir ginasur cingkoke Sang Kusumadi, kempol angemanak. Badane gamparan gadhing. Pembayun kadya yun denta. Manut andharane Rama Witoyo ‘denta’ iku lonceng sapi. Yun denta tegese lonceng sapi sing goyang-goyang. Ing kamangka Galuh Wati wektu iku lagi umur 12 taun. Ning mbok menawa beda kahanane wong jaman biyen karo jaman saiki.

Sawijine wektu Raden Jayengkusuma adu gemak mungsuh Ki Manguyu. Ing kalangan adu gemak kuwi, mesthi wae ana totohane. Sing dienggo totohan ora aben­baen. Yen Ki Manguyu gemake kalah mula dheweke bakal masrahake gulune. Raden Jayengkusuma uga masrahake adhine Galuhwati kanggo totohan. Yen gemake Raden Jayakusuma kalah tarung, Galuhwati bakal dipasrahake marang Ki Manguyu. Nyatane gemake Ki Manguyu sing menang mula Galuhwati banjur dipasrahake marang Ki Manguyu dadi bojone. Petilasan Ki Manguyu wujud makam ana ing iring kidul wetan Situs Perigi.

 

Perlu Dikembangake

Situs Perigi satemene duwe potensi wisata kang ngedab-edabi. Ing papan kene saora-orana ana 6 spot kang bisa narik kawigatene para pengunjung yaiku Pasar Senin, Masjid kuna Nurul Huda, Sumur Tinatah, Sumber Beji, Pusat Situs Perigi, lan makam kuna ing kidul wetane Situs Perigi kuwi.

Saka Purworejo kota arah ngidul bakal ketemu Pasar Senen. Disebut Pasar Senen awit pasar iki mung rame yen pinuju desa Senen. Ing papan iki isih akeh tanduran-tanduran lawas lan wit-wit kang jare uripe wis atusan taun. Angger tetep lestari tanduran-tanduran iku bisa dadi pepasren lan daya sengsem marang sapa wae kang teka ing papan kono. Pasar iki mesthine bisa dikembangake dadi sentra perdagangan kerajian, asil tetanen, utawa home industry ing tlatah Purworejo sakiwa tengene.

Ing pangarepane Pasar Senen iki ana masjid kuna. Biyen masjid iku ora ana jenenge. Sawise ketekan rombongan KKN saka Universitas Muhammadiyah Purwokerto, diwenehi jeneng. Mahasiswa UMP sing jenenge Masrukhin Ahmadi menehi jeneng masjid kuwi disebut Nurul Huda. Masjid iki duweni arsitektur sing unik. Ing pangarepane masjid iku ana kolam jembar sing banyune jero lan arang-arang asat. Papan wudhu ana ngisor masjid sacedhake kolam. Iki menehi pemandhangan sing ngresepi ati. Sing unik maneh ompak-ompake masjid iki digawe saka lumping yoni sing wis dikepras pucuke. Iki klebu tinggalan langka.

Maju saka masjid iku bakal tinemu sumber banyu sing diarani Sumur Tinatah.

Kaya dene Beji, Sumur Tinatah uga mujudake petilasan kang wujud sumber banyu bening. Saliyane kanggo ritual ngobong dupa, papan iki uga kanggo keperluan padinan. Rama Witiyo ngandharake tau ana lelakon kang nyalawadi awit jurange sadhuwure Sumur Tinatah tau longsor. Ora kanyana-nyana sawise iku ketekan truk kang mbiyantu wedhi kanggo mbangun papan kono. Anehe jarene sopir kuwi sing prentah ngirim wedhi iku saweneh wanita. Wanita ayu iku menehi dhuwit marang dheweke supaya ngirim wedhi ing Sumur Tinatah. Ora kasumurupan sapa sejatine wanita sing mbiyantu wedhi kuwi. Iku kayadene cerita misteri.

Ora adoh saka Sumur Tinatah iku ana Situs Perigi sing wujud gapura mlebu, pringgitan kanggo pentas wayang kulit, joglo cekli kanggo nyimpen watu lan yoni, lan pekarangan jembar kang isi wit-wit tuwa. Jare kandha wit-wit iku wis umur atusan taun. Ana bekas wit tuwa sing rungkat lan bonggole isih tetep dipajang ing papan saburine joglo. Kahanane edhum eyup awit akehe wit-wit kuna kuwi. Suwasanane pancen tenang adoh saka ramene donya.

Arah kidul belok kiwa mudhun ana sumber banyu sing diarani beji. Nadyan banyune ora bening, sumber iku minangka bukti dumadine lelakon Raden Jayengkusuma nancepake keris Ki Dhalang nganti banyune muncrat. Sing pungkasan, ana kidul wetan Situs Perigi ana kuburan kuna. Ing makam kuna iku ana cungkup makam para sesepuh Banyuurip kang sumare ing papan kono. Nalika Penulis teka ing makam iki ana wit tuwa sing ambruk. Saperangan wit-wit tuwa uga wis wiwit gapuk lan ambruk.

Situs Perigi sakiwa tengene satemene duwe potensi sing kuwat kanggo obyek wisata pasujarahan. Dina ini kahanane isih sarwa prasaja. Umpama ana kang teka ing papan kono mung ngadani ritual sesidheman, mula obyek iki durung bisa disebut minangka obyek wisata spiritual sing onjo. Kanggo pengembangan bisa dipikirake carane nggabungake obyek-obyek kayata Pasar Senen, Masjid Nurul Huda, Sumur Tinatah, Beji, Situs Perigi, lan uga makam kuna sakidul wetane Situs Perigi. Muga­muga dina sesuk bisa dikembangake dening sing kawogan. (*)

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Nalika kowe anyel lan rumangsa gela, mula dina iku satemene kowe lagi ajar bab katumemenan.

Klik

DIGITALISASI WAYANG

Jroning upaya nylametake barang sejarah kayadene wayang, Keraton Yogyakarta wiwit 2019 iki nindakake digitalisasi jroning wujud foto. Kanthi anane wayang digital mula bakal nggampangake masyarakat ndeleng kanthi detail lan rinci Wayang Keraton iki. Dinane iki pihak Keraton Yogyakarta wis kasil nindakake digitalisasi rong kothak wayang kulit saka 14 kothak kang ana. Pancen rada rendhet, merga sak kothak wae bisa ngentekake wektu sasen-sasen, amarga jroning sak kothak kuwi ana atusan wayang kang kudu didigatalisasi siji mbaka siji kanthi detail banget. Asile bisa dideleng ing website kraton jogja.id (d/ist)

Pethilan

Dhuwit ijolan korupsi Rp 477.359 milyar ditampa

Yen dietung siji-siji pirang dina ya kuwi?

Sing nindkake teror nganggo air keras kawiyak

Bisa dikon cuci tangan dhisik kuwi…

Mlebu BUMN, Ahok diajab mundur saka partai

Sing durung-durung wis nulak Ahok, mundur wae saka BUMN