WASILAH lan RABITAH
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Tasawuf - Dibaca: 289 kali

Eman banget dene ing kalangane ka­um thariqat, ana wae sing negesi tem­bung wasilah mau mawa teges kongkrit, yaiku bleger titah nyata utawa titah ghaib.

Sejatine wasilah bisa ditegesi mawa teges kang abstrak, yaiku : penyebab sing gawe cedhake manungsa ing ngar­sane Gusti Allah.

Para ahli tafsir Indonesia umume pa­dha negesi wasilah mau : dalan sing nye­dhakake manungsa marang Allah.

Ditegesi penyebab, apa ditegesi da­lan, maksude padha wae, yaiku : TAQWA, BUDI LUHUR LAN PAKARTI UTAMA sing klumpuke dadi sarana cedhake manung­sa ing ngarsane Gusti Allah. Dhasare : Gusti Allah paring ketetapan kang “tak bisa ditawar-tawar”, bilih sing mulya ing ngarsane Gusti Allah iku wong-wong sing padha taqwa.

Mula saka kuwi, dudu amarga saka du­we parantara kang hebat, lan uga dudu amarga tansah nggambarake pasuryane ki guru nalika tahannuts sing dadi sebab mulyane manungsa ing ngarsane Allah swt!

Nalika Nabi Muhammad saw isih su­geng, nate paring nasihat marang putrine kang asma Fatimah. Isine wose bilih Nabi saw ora bisa nulungi Fatimah (ing akhirat utawa pengadilan kiamat), senajan Fa­timah putrine nabi. Fatimah dhewe sing kudu ngudi tansah mlaku ing dalan kang bener (taqwa).

Apa ta sebabe dene ana wae sing ne­gesi wasilah lan rabithah mau sarana kong­krit (maujud)? Iki sejatine mung saka SALAH FAHAM.

Kaya lumrahe ing kalangane kaum thariqat, guru iku tuhu-tuhu wong taqwa kang kena digugu lan kena ditiru. Becik bebudene lan becik pakartine. Teguh imane, kuwat ibadahe, lan kenceng la­kune. Amarga saka kamurahane Gusti Allah, guru sing suci lair batine mau kapa­ringan prabawa nentremake atine liyan, lan kaparingan kawibawane wong kang kacukupan materiil, senajan tanpa kang­gonan emas berlian. Para murid padha tresna asih, linuberan sihe guru. Para murid padha mulyakake, jalaran kinajenan dening guru. Swasana kang becike kaya mengkene iki NANDHES ing atine murid. Swasana kang mengkene iki andadekake para murid banjur duwe pangrengkuh kang ekstrim marang gurune, yaiku : sikepe murid marang guru digawe kaya dene sikepe mayit marang wong sing ngrumat. Keladuke maneh : DUDU TAQ­WA, AKHLAK LAN AMAL SHALEH sing ditin­dakake ki guru sing dieling-eling, nanging rupa pasuryane ki guru mau! Ora maido! Jalaran pancen, luwih gampang nggambarake utawa ngeling-eling rupa pasuryane guru katimbang nggambarake apa maneh nganalisa taqwa, akhlak lan amal shalehe guru.

Tumrap  murid sing nalare urip (kritis, dinamis), lan kang atine lantip (hatinya peka), dheweke luwih merlokake nyonto + menghayati kaanane gurune, katim­bang mung kandheg ing “mengagumi” + “patuh tanpa pikir”. Ngadhepi murid sing “klebu kendho” mengkene iki, dalan kanggo mulang sing gampang dhewe pancen ya cukup akon “membayangkan wajah ki guru”.

Mula ing kalangane kaum thariqat, senajan padha-padha oleh wulangan bab washilah lan rabithah tradisional kaya sing wis katur mau, ana wae ing antarane para siswa sing olehe nggam­barake rupa pasuryane gurune mung satleraman SADURUNGE konsentrasi utawa semedi (tahannuts). Apa sebabe? Jalaran dheweke NGERTI LAN NGALAMI, yen sajerone semedi ATI KUDU DIKO­SONGAKE SAKA APA WAE SING DUDU ASMANE GUSTI ALLAH. Yen klebon apa wae sing dudu asmane Gusti Allah, seme­dine buyar tanpa dadi!

Yen kita kepengin nggunakake washi­lah kang mawa teges kongkrit, kena wae sauger sipate: WASILAH MAU MUNG MBANTU NYUWUNAKE MARANG GUSTI ALLAH, dene sing POKOK iku tetep dhiri kita dhewe. Wasilah mau wis mesthi wae wong (manungsa) sing isih urip. Kita aja nganti ngremehake wasilah sarana TUKU WASILAH NGANGGO DHUWIT!

Ing bebrayan agung, eman banget dene ana wae wong-wong kang “banget materialistise”. Nganti duwe sikep, kaya-kaya doa utawa panyuwune wasilah-wasilah kena dituku! “Si Embah” diprintah kanthi tembung kang alus-alus, supaya apa sing dikarepake bisa klakon : pira wae ongkose ! Dhuwit kanggo slametan, kang­go kurban, kanggo patukon, pira wae dirilakake, angger maksude bisa klakon.

Kuburan-kuburan lan papan-papan wingit padha ditekani. Perlune arep golek wasilah (parantara) sing bisa mujudake apa wae sing dikarepake.

Ing zaman modern, rabitah bisa dia­nalisa mawa ilmu jiwa (psychologi) yaiku nganggo teori bab asosiasi. Yen murid kelingan rupa pasuryane gurune, banjur kelingan marang Gusti Allah. Awit gurune iku sing tansah ndhidhik supaya murid mau tansah eling karo Gusti Allah. Murid sing isih mbutuhake alat asosiasi mengkene iki, kena diarani murid sing kegolong kendho.

Kesimpulan.

1. Wasilah sing mawa teges kongkrit iku wong urip sing dijaluki tulung mbantu nyuwunake marang Gusti Allah. Sing ditulung kudu aktif nyuwun langsung marang Gusti Allah.

2. Wasilah sing mawa teges abstrak iku sebab utawa dalan utawa sarana sing marakake caket karo Gusti Allah. Wasilah abstrak iki ati kang taqwa, budi kang luhur lan tumindak kang utama.

3. Rabithah fungsine mung kadidene alat asosiasi, amarya ki guru kuwat pa­nyakete ing ngarsane Gusti Allah, fihak murid yen kelingan gurune, uga banjur cepak elinge marang Gusti Allah. Rabitah ora ana hubungane karo soal mulyakake ki guru! Sebab kanthi mikuwati taqwane, fihake murid wis teges mulyakake gurune.

Wasana : wallahu a’lam!  q

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)