Werdine Zuhud lan Ati Kang Lembut (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 97 kali

(Allah kepareng nglonggarake rejeki  tumraping pawongan kang dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira atine kanthi panguripan ana ing  donya. Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa ditandhing karo panguripan akhirat.) (Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).

 

Kanthi nyimak keterangan  kang katur ing ndhuwur bisa dimangerteni, yen (ma­nawa) laku tindak padinan Njeng Nabi  Muhammad upamane ing bab dhaharan mung samadya banget. Iki sing  dituladha­ni dening para pawongan kang lelaku zu­hud. Saliyane bab dhaharan, agemane Njeng Nabi uga banget samadya. Kaya sing dingendikakake dening Abu Burdah bin Al-As’ari, manawa sawijining wektu ‘Aisyah nge­tokake ageman tambalan lan urung (saung) kasur marang aku, dhawuh (ngen­­dikakake), manawa Njeng Rasulullah nalika seda  ngagem ageman loro iki. (HR. Muslim). Kajaba saka iku, ‘Aisyah banjur ne­rusake pangandikane, yen kasur sing ku­lina diagem dening Rasulullah, bahane saka kulit sing diiseni karo sepet (serabut wit kurma).

(a) Laku pedinan para sahabat.

Para sahabat umume, laku tindak  pa­dinan panguripane, nuduhake marang ka­utaman zuhud sarta sethithik banget ngra­sakake manise kemewahan. Tuladha feno­mena laku zuhud sing dicritakake dening Fadloilah bin Ubaid, mangkene:

“Satemene nalika Rasulullah shalat ja­ma’ah karo para sahabat, ana pawongan sing jlungup mureb (jatuh tersungkur), nalika ngadeg wektu shalat, amarga saka ngem­pet padharane (wetenge) luwe ba­nget. Pawongan iku, yaiku para ahli suffah (seke­lompok sahabat sing manggon ana ing gan­dhok (sisi) Masjid, saengga wong Baduwi padha ngucap: “iku mau wong sing ora ge­nah. Sawuse rampung shalat ja­ma’ah, Ra­su­lullah banjur nyedhaki wong sing padha semaput mau, banjur paring  dhawuh:

“Saupama sira kabeh padha manger­teni apa kang sinandi bagian sing sira darbeni  ing ngarsaning Allah, mesthi sira bakal luwih seneng yen sira luwih miskin urip lan luwih susah.” (HR. Turmudzy, sha­heh dening Albani).

Isih ana gandheng cenenge karo pa­nguripaning para sahabat. Ing babagan iki Muhammad bin Sirrin nerangake, ma­nawa dheweke nate sesandhingan karo Abu Hurairah. Nalika iku Abu Hurairah nganggo pangango loro sing bahane saka kapas, sing siji wus suwek, banjur dhe­weke nyelethuk, wah-wah, jebule Abu Hu­rairah nganggo panganggo saka wol. “Ka­mangka aku (Muhammad bin Sirin) nate ambruk (tersungkur) antarane mimbar Ra­sulullah lan kamar Aisyah kanthi setengah rada semaput. Banjur ana pawongan kang teka ngadeg kanthi sikile tumumpang ing  cengelku (tengkukku). Dheweke ngira yen aku iki ora waras. Kamangka aku iki waras tenan. Mung bae, krana aku luwe banget.” (HR. Bukhari).

Semono uga Anas Ibnu Malik nerang­ake, manawa dheweke nyumurupi Umar Ibnu Khaththab, nalika iku panjenengane madeg dadi Khalifah (sak drajat karo Ra’isy, Presiden), nambal agemane, bagi­yan pundhak loro-lorone  karo telung tam­balan. Panjenengane nambali sak lembar ing ndhuwure lembaran liyane. (HR. Bu­khari lan Turmudzy). Mangkono iku laku zuhud Umar bin Kaththab.

 

(3).  LAKU TINDAKE MANUNGSA.

Laku tindake manungsa ing donya  iku bisa dinulu saka rong bregada: Yaiku, sing sak perangan manungsa kang pitaya marang panguripan akhirat. Tegese, sa­wuse panguripan ing donya iki bakal ana panguripan ing akhirat. Hiya ing kene iki manungsa bakal ngundhuh wohing pakarti. Sok sapa wonge sing laku (tumindak) becik, bakal pikoleh ganjaran (pahala), pi­wales becik. Lha saperangan maneh ma­nungsa sing ora pitaya, manawa sawuse panguripan ing donya ki, ora ana pangu­ripan maneh. Mula banjur padha tumindak sak kepenake atine, nuruti kridhane hawa nepsune sarta tansah tumindak maksiyat mburu kesenengan lan Nikmate donya. Pa­wongan kang  darbe kapitayan kang mang­kono iku bakal ngundhuh wohing pakartine, hiya bakal kapatrapan piwales ala kang sak ukur karo maksiyat sing ditindakake. Trep karo dhawuhe Allah, kang mangkene mak­sude: Sak temene tumraping manung­sa kang ora pitaya marang pisowanan kang bakal dumadi ana ing ngarsan­Ing­sun, manungsa marem atine kala­wan urip (panguripan)  do­nya sarta ma­nungsa sing tentrem ayem karo panguripan mau (ing donya) lan wong mau padha tledhor utawa padha nglalekake tandha-tan­dha kekuwa­saan­Ingsun, pawongan kang kaya mangkono mau papane ana ing Ne­raka Jahannam, krana apa kang wus padha ditindakake. (Q.S. Yunus (10) : 78). Hiya wong-wong kang mangkono iku tujuwan uripe, mung kepengin seneng ing donya sarta kanikmatan sak durunge wong-wong mau tumeka pati.

Trep karo dhawwuhe Allah, mangkene maksude: Temen-temen, Allah bakal nglebokake wong-wong kang iman sarta amal kang shaleh menyang su­warga kang dumunung ana ngisore kali-kali mili. Dene wong-wong kafir, sing nikmati kesenengan donya sarta mangan pindha kewan sing padha mangan, lan papane mbesuk dumu­nung ana ing akhirat, ana ing neraka jahannam.” (Q.S. 47:12). (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)