Kursi iku Ana Tulisane “Criminal” (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 151 kali

Ing bandara, nalika mlaku tumuju me­nyang pesawat, tanganku diborgol. Bareng mlebu pesawaat, borgol dibukak. Aku jebul dipanggonake ana ing kursi mburi dhewe. Aku cingak kaget saun­tara, bareng weruh jebul kursi sing arep tak jagongi iku ana tulisane “criminal”. Waduh bisa dikira penjahat kelas kakap, aku iki? Kamangka aku iki nyolong ya ora, korupsi apa maneh, merjaya wong uga gak kebayang babar blas, njur salahku apa? Ora liya merga aku dadi TKI ilegal ing Korea. Crita TKI ilegal ing Malaysia iku wis biasa, nanging crita TKI ilegal sing tak alami ing Korea, iki dadi luar biasa, merga ora lumrah.

Mula buka ceritane mengkene. Merga ngganggur rada sauntra suwe sak wise bali saka Malaysia, aku kepingin kerja ma­neh, ben duwe dhuwit. Yen wis tau kerja ana ing negara manca senajan ta mung dadi kuli utawa pembantu, umume wis kurang tertarik yen banjur nggolek gawean ing negarane dhewe, kejaba masalah gaji sing kurang menarik uga merga wis kalah saing karo nom-noman sing nembe padha rampung sekolah. Mendhing tetep ing kampung yen ora kerja nang luar negeri maneh, mbuh ker­ja apa mengko?

Wektu iku lagi ngetren nggolek ga­we­an nyang Korea, mbok menawa ke­gawa daya tarike sinetron Korea neng televisi sing lagi rame, bintange ayu-ayu lan cakep-cakep kabeh. Yen alasanku milih Korea, gajine luwih lumayan. Umu­me ngono wong-wong sing pada nggolek kerja nang Korea. Kejaba iku, pengaruh dijak kanca uga iya kanthi alasan pertim­bangan gaji iku mau.

 

“Ranking Nelayan”

Sak wise aku mantep milih kerja nang Korea, aku karo kancaku banjur ndaftar nyang LPK (Lembaga Pelatihan Kerja) ana ing kutha, jarake 16 Km saka kam­pungku. Neng kene diajari bahasa Korea lan diwenehi wawasan budaya Korea. Sak wise rampung melu pelatihan, banjur dianakake tes kanggo seleksi. Dene papan panggonane tes ana ing kutha propinsi, yaiku Semarang. Penga­wase wong Korea asli. Asile tes banjur diranking, kanggo penempatan jenis ga­weane. Gawean sing bisa nampa mung rong werna, yaiku pabrik lan nelayan. Ndhisik ana telu, yaiku; konstruksi. Ning saiki wis diilangi mbuh kena apa, mbok menawa ora bisa nyukupi syarat-syarate, merga luwih abot lan luwih angel kerja­ne. Butuh keprigelan sing luwih mirung­gan.

Asil tes seleksi, rankingku mung “ran­king nelayan”. Dene kancaku, sing bijine luwih dhuwur tinimbang aku, kerjane ana pabrik. Wong pancen nasibe dhewe-dhewe. Merga wektu ndaftar tujuane mung bisa nyambut gawe ketampa nang Korea, dene penempatan iku sakwise ditampa hasil tes seleksine, dadi ya ra cuwa. Wis bisa ketampa wae iku wis bu­ngah rasane. Ora ana gegayuhan kudu kerja iki utawa iku, sing penting Korea.

 

Limalas Jam

Sida kaleksanan aku kerja nang Korea. Dadi nelayan. Aku manggon neng daerah pesisir, ngarep omah segara, mburi omah sawah jejer kampung kana ana gunung, dadi lengkap banget laladan daerah sesawangane tur endah. Merga iki ana ing desa, mula omah penduduke omah biasa, dudu flat kaya neng kutha. Aku manggon jejer omahe bosku. Mung bedane yen bos manggon omah bener-bener omah, dene aku manggon omah container sing disulap dadi kamar.

Dadi nelayan nggolek iwak ing segara mesthi bae iki pengalaman kapisan. Praune bobote 8 ton, dawane kira-kira 8 meter lan ambane 3 meter. Awak kapal paling akeh 4, iku wae bertahap. Kapten kapal siji, wong Korea sing tang­gung jawab marang lakune kapal. Nalika aku nembe kerja, karyawane ya mung aku ditambah Bos. Bareng wis mlaku ana sewulanan luwih, nembe nambah ana karyawan anyar saka Indonesia uga, dadi bertahap. Lan ora let suwe mlebu maneh karyawan saka Indonesia. Dadi kabeh papat tanpa Bos.

Jam papat esuk, kudu budhal golek iwak. Dadi ya ra sarapan, subuhan wae durung. Jalaran iki kapal nelayan sing kegolong cilik, dadi ra adoh lungane nggolek iwak, mung kira-kira 3 km jarake saka pesisir. Kerja nggolek iwak ning segarane, jan-jane ya ra suwe, mung se­kitar telu tekan patang jaman utawa yen wis entuk iwak akeh utawa dirasa cukup ya terus mulih, senajan durung nganti tekan telung jam utawa patang jam, merga kudu terus diolah dadi iwak asin. Jeneng kerja anyaran, dadi ya isih nanak nunuk, nyak nyuk klera-kleru. Apa maneh basa koreane isih winates. Sing baku, kerja nelayan iku ya masang lan “angon jaring”; narik utawa ngulur ja­ring. Banjur bisa utawa paham tali te­mali. Merga basa koreane ya isih wina­tes, salah tampa utawa misscomu­niction ya lumrah. Umpama jaring sing mestine ditarik, malah diulur utawa sebalike. Diseneni bos iku biasa. Ning mung wina­tes ngomel, ora gelem nangani. Tur yen wis omong nesu-nesu ya wis bar, biasa maneh, dadi ra tau “mrenthil kacang” alias mbesengut.

Tali temali iku pokok, kudu bisa tur paham papan kanggone. Aku nate kleru; prau kudune ditambat (diuger) nganggo “tali wangsul” lha malah tak uger ngang­go “tali mati”. Mesti bae nalika kapal wis arep mlaku, aku kangelan tur kesuwen ngudhari taline, mesthi bae aku kena pisuh. Apa ya ra diwuruki tali temali ndhi­sik? Ya diwuruki, ning tekan wektune ka­dhang klalen utawa bingung. Umpane wayah sore diwarahi tali-temali, esuk-esuk jalaran melaut dadi langsung prak­tek lan kudu bisa. Dadi prinsipe mulang; delengen, gatekna kudu bisa, karepe ngono. Ning sing jeneng prigel iku rak saugere tambah wektu pengalaman istilah kerene ya “jam terbang”.

Dene iwak sing digoleki utamane iwak teri. Bubar nggolek iwak, banjur iwak iku mau diolah; digodog sedhela karo diwenehi uyah, banjur dipepe ing panase srengenge. Dene yen udan, di open. Kerja sing suwe ya ngene iki, mepe iwak, diwolak walik. Sing wis siap di dol, banjur di bungkusi uta­wa packing lan nyi­ap­ake uba rampe liyane. Dadi ker­jane te­kan bengi, jam wolu. Yen di­etung, suwene kerja iku saben dinane 15 jam kena diarani non stop.

 

C h u s o k; “rewahan” ala Korea

Merga aku manggon ana ing kam­pung (ndesa), pengalamanku uga pe­nga­laman kampungan. Beda karo sing pada kerja ana ing kutha. Pengalaman kampungan umpamane kejaba kerja dadi nelayan, aku uga nate kerja neng sawah, ngre­wangi bosku. Merga bosku nduwe sawah ana ing mburi omah. Wek­tu iku lagi mangsa panen bawang putih. Sawah neng kana uga padha karo sawah ing Jawa asal kampungku. Dipisah-pisah nganggo galengan. Mung bae, ning kene kabeh penggawean sarwa mesin. Umpamane nyemprot tanduran, ngang­go pesawat “helikopter cilik”. Lha apa kabeh petani padha nduwe pesawat semprot ngana? Ya ora, ning petani ning kene kabeh kudu melu kelompok tani. Kelompok tani sing beber-bener kelom­pok tani, dudu abal-abal ben entuk ban­tuan saka pemerintah, nanging tanjane bantuan dienggo ra nggenah kaya sing asring ing negara kita. Kelom­pok tani iku mau sing nduweni alat-alat berat njur dienggo bebarengan.

Pengalaman ndesa utawa kampu­ngan liyane yaiku pengalaman melu pesta musim panas sing diarani “chu­seok”. Chuseok iku ya meh kaya “ruwa­han” yen ing Jawa; reresik kuburan uta­wa makam, ing sasi Ruwah. Dene chu­seok, “ruwahan” model Korea iki, tumiba ing musim panas. Kabeh anggota ke­luarga besar, teka nglumpuk dadi siji bebarengan ngresiki makam leluhur. Semono uga keluarga besar-keluarga besar liyane. Dadi wektu iku kuburan rame, regeng dening keluarga besar-keluarga besar.

Sakwise rampung resik-resik banjur caos sesaji. Dene sesajine arupa iwak bakar utawa panggang; merga iki dae­rah pantai utawa kampung nelayan, lan buah-buahan. Yen sesaji wis cema­wis ngarep makam, banjur anggota keluarga besar ndedonga siji mbaka siji kanthi mbungkuk ana ing ngarep makam karo nggawa dupa sing wis diobong. Ram­pung ndedonga, sesaji iku mau banjur dipangan bareng-bareng. Bubar iku ban­jur bebarengan menyang omah salah siji anggota keluarga besar, mesthi wae dipilih sing paling sepuh (senior), ningkana pesta­pesta kanthi maneka warna hidangan. Lan ora keri uga ngombe-ngombe minuman keras. Sing pungkasan iku mesthi bae aku ora melu.

 

Miber-miber kaya manuk

Sing jeneng kerja neng ngendi bae pancen ya kesel. Njur yen wis ngaso, kesele ya ilang.

Nanging dudu iku sing dadi masalah. Aku kerja dadi nelayan iki, ora ana libure. Saben dina kerja limalas jam. Ora ana dina libur babarpisan. Dadi aja ngarep-ngarep malam minggu malam panjang. Banjur tuwuh ing pikiranku; piye nek kabur bae ? Apa uga wis siap nanggung resiko sing bakal diadepi mengkone? Bareng wis tapis tak tinting-tinting sak jeroning pikiranku, aku mutusake arep kabur. Kanca kerjaku ana loro. Sing asal Brebes, gelem tak jak. Dene kanca si­jine, asal Idramayu ra gelem dijak kabur, mbok menawa durung cukup simpenane, merga dheweke teka paling keri. Jalaran yen kabur, sadurunge entuk gawean maneh, siap-siap rogoh-rogoh jero celengane.

(ana candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kabeh kang kita karepake kudu kita DUWENI, saka ngendi kita ajar IKHLAS.

Klik

ADU DARA

Sawijining petugas lagi naliti dara pos ing Kandhang Nasional Ra¬jamandala, Jl. Mandalawangi, Cipatat, Bandung Barat. Ana 706 manuk dara padha dipasangi cip kanggo persiapan melu Lomba One Loft Race kanthi total jarak 1.750 km. Lomba adu dara iki dibagi jroning 6 tahap kanthi jarak paling adoh 450 km saka Kandhang Nasional Rajamandala mau. Sing dibiji bantere dara nalika tekan dhisik ing kandang kanthi ndeleng sistem radio frekuensi kang dipasang ing cip ing sikile dara mau. (d/ist)***

Pethilan

Partai sarujuk pimpinan MPR ditambah

Dundum kursi ora ana mandhege

Ancaman pidana marang masyarakat ningkat

Sawise suwarane dijupuk saiki rak­yat diancam

Ancaman pidana marang masyarakat ningkat

Sawise suwarane dijupuk saiki rak­yat diancam