Prasasti Lingga Desa Kauman Klaten Isih Misteri
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 126 kali

Suwe sadurunge pseudo lingga – lingga semu – mawa aksara Kawi kuwi dijarake ora kopen ana ing omahing war­ga Desa Ngrundul, Kecamatan Kebon­arum, Kabupaten Klaten, Jawa Tengah. Sawise sawetara ahli sejarah lan epi­grafi ngawruhi khabar mau saka media sosial akhir-akhir iki, nembe prasati lingga kasebut oleh kawigaten murwat.

Mungguhing para arkeolog, Klaten duwe teges mligi. Wilayah kabupaten iki diyakini nyimpen situs sarta artefak kuna tanpa wilangan cacahe. Temon-temon ar­keologis kang wis dikawruhi wae akehe prasasat ora kepetung maneh, sumebar wiwit tlatah Wanabaya, Ngupit, Puluh­watu, Karangnangka, bablas ngalor terus mangetan nganti tapel wates Boyolali. Iki lumrah, awit Klaten dumunung cedhak Prambanan, sing ing jaman kunane dinu­ga minangka kuthagara Mdang Mataram.

“Jaman mbah buyut riyin watu lingga niku nggih pun enten mriki,” pratelane Supriyono, warga Dhusun Kauman, Desa Ngrundul, Kebonarum. Nalika sugenge biyen leluhure mau dadi ulu-ulu desa. Sawise tilar donya omahe dibongkar saperlu diwaris salemahe pisan. Merga diprail-prail mau, lingga sing awal mu­lane sumeleh neng tritisan omah lawas banjur dipindhah menyang mburi omahe Supri. “Awit mbah-mbah rumiyin mboten ninggal weling – mbokmenawi pancen mboten sami ngertos – mila kula piyam­bak nggih mboten damang napa pentinge lingga mawa seratan kina niki,” tambahe.

Kajaba lingga, jare Supri, ing tilas pekarangan lawas tinggalane simbahe buyut isih tinemu sawetara kehe fragmen-fragmen watu candhi liyane. Wujud lan ukurane maneka jinis. Watu-watu an­dhe­sit mau ana kang rinengga relief, dorpel (perangan ndhuwur lawangan candhi), sarta blok-blok watu mawa takik utawa lekukan. “Sela-sela ngaten meni­ka sejatosipun sumebar salebetipun area ingkang cekap jembar. Buktinipun ing griyanipun tangga tepalih mriki ugi kathah kapanggihaken sela sajinis,” tuture Supri.

Neng pekarangan ngarep omahe Bu Menuk, tangga sadesane Supri beda dhusun, watu-watu pecandhen kepara luwih akeh maneh gunggung sarta jinise. Kajaba dorpel, uga ana yoni lapik, lan lingga cacah loro. Salah sijine – gemlethak ing sa­cedhak kandhang pitik – isih katon tulisan ringkes ins­kripsine najan kari lamat-lamat, ja­la­ran wis kropos ke­pangan umur. Ke­pa­ra sumur ing ngi­ringan omah lambe saktembok ngisorane pisan migunake blok-blok watu andhesit. Nitik ciri-ciri lekukane, genah iki tilas watu candhi, dudu watu biyasa.

Sairip karo critane Su­pri, Bu Menuk kojah omah kang saiki dipanggoni uga ngadeg neng pekarangan tinggalane simbah buyute. Asmane Wi­ro­dihardjo, pangkate lurah desa Ngrun­dul adoh saduru­nge kamardikan. Sa­elinge kawit dheweke cilik watu-watu kasebut ya wis ana ko­no. Semono uga sumure tetep ajeg, ora tau diowah-owah. “Kinten-kinten mawon sumur niku sing yasa nggih sawargi mbah buyut. Kepara saged ugi malah mbah cang­gah,” pratelane.

Miturut Bu Menuk, jare biyen ana ba­ngunan lawas neng plataran kono. Na­nging bangunan kasebut wis suwe ilang merga dibongkar. Tipake saiki mung kari nyisakake sethithik pasangan bata kuna. “Saged ugi sangandhap bangunan lami wau tasih wonten bangunan langkung sepuh, kados ta candhi, ingkang tasih kapendhem salebetipun siti,” ucape pe­du­nung Dhusun Ngrundul, Desa Ngrundul kuwi.

Dheweke ngaku tau ngalami lelakon aeng. Sawetara taun kepungkur sawe­neh greja ing Klaten mbutuhake watu-watu relik kanggo gawe Guwa Maria mi­nangka kelengkapane ngibadhah. Bu Menuk nuli nawani watu awangun aneh mawa ornament sing ana neng pekara­ngan omahe. Wekasane watu mau kela­kon digunakake dadi salah sijine rereng­gan guwa. Bengine dheweke diprimpeni supaya njupuk bali watu kasebut. “Saplok niku mboten wonten pawongan sing wa­ni kumalancang ngowah-owah sakatha­hing watu-watu kuna niki. Mligine siji nika,” sambunge karo nuding saweneh yoni lapik. Yoni jinis iki bolongane sisih ndhuwur wangun bunder, biyasane kang­go lapik utawa palungguhan reca.

 

Sang Pamegat

Durung ana keterangan gumathok nge­nani ana orane hubungan antarane ling­ga Kauman lan lingga Ngrandul. Sa­cara fisik lingga loro neng omahe Bu Me­nuk, Dhusun Ngrundul, ukurane luwih ci­lik dibandhingake lingga neng omahe Su­pri, Dhusun Kauman. Kajaba kuwi ins­kripsi lingga Ngrandul angel kewaca ma­neh jalaran tatahan tulisane wis padha ilang kepangan umur.

Dene lingga Kauman kondisine relatif isih luwih wutuh. Dedeg dhuwure 82 cm, garis tengah perangan silinder 90 cm, lan sikilan dhasar wangun kothak 28 cm. Inskripsi ing lingga iki dumadi saka 4 larik. Manut Goenawan Sambodo, tulisan mau jangkepe muni: ‘swasti saka warsatita 769 ___pa, cu___tithi pratipada krsna­paksa tatkala samgat andehan manusuk sima’. Tegese kira-kira, ing 769 Saka, tanggal 1 wulan paro peteng, nalika sam­gat andehan ngukuhake tanah sima.

“Taun 769 Saka utawa 847 Masehi iku jamane Rakai Pikatan nyekel pangu­wasa Mdang Mataram (840-856 M),” tambahe lulusan Arkeologi UGM asal Te­manggung kuwi. Dudutane, lingga Kau­man iki mujudake kadidene pathok wates sima – tanah perdikan – sing diku­kuh­ake dening Samgat Andehan. Eman, arane panggonan, desa utawa lokasine sima mau ora sinebut jroning prasasti. “Dadi miturut pandugaku, lingga Kauman iki isih ana pasangane. Yen pathok-pathok lingga liyane mau bisa ketemu ki­raku lokasine tanah sima kang dimak­sudake jroning prasasti kasebut bakal kinawruhan,” sambunge Goenawan.

Banjur sapa Samgat Andehan kuwi? Riboet Darmosoetopo, pakar epigrafi sepuh saka Fakultas Ilmu Budaya UGM njelasake, Samgat cekakan saka Sang Pamegat. Dene Andehan jenenge pawo­ngan. Pamegat, saka tembung pegat, te­gese putus. Jlentrehe, ngendikane Ri­boet, “Sang Pamegat iku jabatan keaga­maan ing jaman Jawa kuna. Kalungguh­ane kalebu dhuwur awit duwe wewe­nang mutusi perkara”.

Pengaruhe Samgat ora mung wina­tes sakwewengkon watak, utawa gabu­ngan desa-desa sing sacara politik di­pimpin saweneh rakai. Minangka pejabat daerah, para kerakaian kasebut kaba­wah panguwasaning nata. “Luwih ce­thane, Sang Pamegat mPu Andehan jro­ning netepake tanah sima kaya sing katu­lis jroning inskripsi lingga semu Kauman bisa dianggep makili kepenti­ngane rakai, utawa malah nata Mdang, Rakai Pikatan,” ngendikane  Riboet Darmosoetopo.

Panjenengane ngrujuk temon sadu­runge arupa lingga mawa inskripsi cacah nenem ing sakitare Demangan, Papri­ngan, Nanggulan sarta Prambanan, kang ing donyaning arkeolog populer disebut Prasasti Salimar. Lingga-lingga mau ce­tha nuduhake wates-wates alas sing didadekake tanah sima. Biyasane jroning netepake areal sima kanthi migunakake pathok-pathok lingga ditemokake istilah srandu. “Kuwi tegese garis bersilangan. Cethane, pathok-pathok lingga kang di­seleh neng titik-titik tinamtu mau yen dita­rik garis diagonale bakal nuduhake wates jembare saweneh sima utawa lemah perdikan,” ngendikane Riboet.

Goenawan Sambodo nambahi, lingga Kauman ngelingake marang lingga Ga­yamprit apadene lingga Ngupit. Prasasti ing lingga Kauman duwe kemiripan karo prasasti lingga Gayamprit sing samengko disimpen neng Museum Radya Pustaka, Sala. Saka segi jarak dununge Dhusun Kauman kena diarani ora sepira dohe karo Desa Gayamprit. Sejene kuwi, pe­nyebutan tokoh Samgat ing kekarone ling­ga rinasa sairip. Prasasti lingga Kau­man katulis jeneng Andehan, dene lingga Gayamprit nyebut Anggehan.

Goenawan durung wani gawe du­dutan apa Sang Pamegat mPu Andehan kuwi uga mPu Anggehan? Sebab, umure prasasti lingga Gayamprit luwih tuwa 13 taun kabandhingake lingga Kauman. “Te­gese, prasasti Gayamprit pantes dinuga ditetepake dening Rakai Garung, nata Mdang Mataram sadurunge dilintir Rakai Pikatan. Dene prasasti Ngupit aciri taun 866 Masehi. Dadi, malah luwih tuwa ma­neh,” ucape.

Krana kuwi, manut panemune arkeo­log asal Temanggung iki, pathok lingga pasangange lingga Kauman perlu dilacak maneh. Sawise ketemu nembe bisa di­ma­ngerteni wates sima sing dimaksud­ake jroning prasasti kasebut. Kanthi mengkonkono kaajab sejarah asal-usule Kabupaten Klaten bisa diwiyak luwih jelas. Pakne Puri (Foto-foto Istimewa)

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kabeh kang kita karepake kudu kita DUWENI, saka ngendi kita ajar IKHLAS.

Klik

ADU DARA

Sawijining petugas lagi naliti dara pos ing Kandhang Nasional Ra¬jamandala, Jl. Mandalawangi, Cipatat, Bandung Barat. Ana 706 manuk dara padha dipasangi cip kanggo persiapan melu Lomba One Loft Race kanthi total jarak 1.750 km. Lomba adu dara iki dibagi jroning 6 tahap kanthi jarak paling adoh 450 km saka Kandhang Nasional Rajamandala mau. Sing dibiji bantere dara nalika tekan dhisik ing kandang kanthi ndeleng sistem radio frekuensi kang dipasang ing cip ing sikile dara mau. (d/ist)***

Pethilan

Partai sarujuk pimpinan MPR ditambah

Dundum kursi ora ana mandhege

Ancaman pidana marang masyarakat ningkat

Sawise suwarane dijupuk saiki rak­yat diancam

Ancaman pidana marang masyarakat ningkat

Sawise suwarane dijupuk saiki rak­yat diancam