Sadranan Kanggo Ngelingake Marang Leluhur
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 103 kali

Saben ngarepe sasi pasa, akeh warga sing padha nganakake ziarah kubur ana ing makam leluhur leluhure. Tradhisi iki adat padatan saben taun kaleksanan ana ing sasi ruwah lan aran tradhisi Sadranan. Tradhisi Sadranan nduweni karep pinangka kanggo ngraketake tali silaturahmi/ngelingake para anak turun marang leluhure. Sacara run temurun, tradhisi iki dianakake ana tlatah ngendi wae, salah sijine kang di enengake saben taun dening warga masyarakat Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali kang mapan ana sak perengan Gunung Merapi iring sisih wetan.

Ana ing pereng Gunung Merapi, penduduk Desa Sukabumi, Sambungreja, Ngepos, Nglantung, Clolo lan Bendosari, nganakake acara Sadranan ing makam Purolayu, papan panggonan punden cikal bakal mbah Ibrahim.

“Ulama kang nate di utus dening Kanjeng Sunan Kalijaga nyebarake siar ana sak piturute pereng Gunung Merapi,” kandhane mbah Warsito, salah sijine pengurus makam punden cikal bakal.

Diceritakake, wiwit esuk warga masyarakat uwis nyawisake sesaji jajan pasar ana ing pendhapa makam. Unike, sesaji jajan pasar kabeh di wadhahi ana njero wadhah tenongan, kang digawe saka nam naman pring. Wadhah tenongan wujude bunder kaya rodha ban mobil, dadi ciri khas ana ing tradisi Sadranan. Senadyan sak iki uwis ana tenongan kang di gawe saka bahan aluminum, nanging wujude tetep ora ngurangi saka asline lan pigunane.

Ana ing njero tenongan pendhudhuk desa menehi manekawerna sesaji, ing antarne wajik ketan, jadah, sega tumpeng, panggang pitik, kerupuk, lawuhan lan sesaji sesaji liya. Saben warga beda beda anggone menehi rerangken sesaji, gumantung kekarepane sing sedhekah. Nanging senadyan maneka werna jinise, mligine sega tumpeng lan panggang pithik, sesaji iki kudu ana ing njero tenongan.

Tradhisi Sadranan ana ing Cepogo luwih rame dibandhingake perayaan Idul Fitri. Amarga warga kang ana perantauan kabeh padha mulih ndesa, sak perlu ngrajut tali silaturahmi marang sanak kadange. Ngrajut tali silaturahmi kanggone warga desa, ora cukup kanggo pawongan kang isih urip, nanging tumrap para leluhur, ngrajut  tali silaturahmi uga wigati. Jalaran ana ing kaprecayan warga desa, roh para leluhur sejatine isih urip ana ing alam kelanggengan. Mula ngrajut silaturahmi sak perlu kanggo ngronce tali rasa marang leluhur.

Tradhisi Sadranan kanggo ngelingake anak turun, menawa pawongan iku nduweni leluhur kang nate mbangun generasi, nate nggawe pranatan lan nate nggawe sejarah ana ing desa. Tradhisi Sadranan ana ing pereng Gunung Merapi bisa kanggo mbangun rasa persatuan lan kesatuan. Ora mbedakake siji lan sijine, ora mbedakake golongan lan agama, kabeh tumpleg bleg dadi siji ana ing Tradisi Sadranan. Makna iki dadi salah sijine alesan nganti tumeka sak iki Tradhisi Sadranan isih tetep lestari dianakake. Wiwit jaman para wali tradhisi Sadranan uwis dilakoni.

“Luwih saka 700 sesaji tenongan saka warga desa dicepakake kanggo Sadranan,” kandhane mbah Warsito.

Dikandhakake, sak bubare ubarampe sadranan didongakake, banjur di diedum kanggo warga masyarakat liya kang ora nduwe, sak perlu kanggo sodaqoh. Ana ing wektu Sadranan, akeh warga sing pada ngalap sawab, nyeyuwun marang Gusti lumantar pundhen cikal bakal, nyenyuwun tansah diparingi bagas waras, lancar rejekine lan penyuwunan liyane.

Anggone nyenyuwun ana ing pundhen cikal bakal, amarga warga desa percaya, menawa Gusti maringi bias  lumantar saka apa wae, bisa saka alam, para leluhur lan apa wae kang kacipta dening Gusti.

Dikandhakake, akeh warga sing kabul penyuwunane ana ing pundhen mbah Ibrahim, ora mung penyuwunan lancar rejekine, nanging pangkat derajat uga ana sing nyeyuwun babagan iki.

Kanggo warga sing uwis kasil panyuwunane, biyasane nggelar slametan utawa keduri ana ing makam. Acara slametan bisa mbeleh wedus, panggang pithik utawa tumpengan sega wuduk, gumantung apa nadare. Salah sijine Triyono, warga desa kang sukses mbukak usaha warung makan ana ing luar Jawa iki ngakoni, kabeh mau ora luput saka sawabe mbah Ibrahim lan usahane kang tekun. Triyono ngakoni, menawa hamung usaha thok durung karuan dhewekke bisa sukses, semono uga kosok balike, menawa hamung sawab  tanpa usaha, niscaya bisa sukses.

Nalika arep budhal ngumbara, Triyono ngalap sawab ana ing makam mbah Ibrahim, amrih usaha kang arep di rintis ana ing luar Jawa sukses lan lancar.

Rong taun ana Lampung, usaha warung mangan duwekke sukses lan ngrembaka dadi gedhe. Mula saben taun bocah iki ora nglalekake balik desa nalika Sadranan. Ana ing desane, Triyono menehi sesaji awujud ingkung pitik cacah sepuluh, jajan pasar tenongan lan sodaqoh marang wong kang ora nduwe. Dhuwit sing dietokake kanggone durung ana sak pirane, menawa dibandhingake berkahe Gusti  kang wus di tampa.

Mula ora nggumun, menawa tradhisi Sadranan luwih rame tinimbang dina bakda Idul Fitri. Tradhisi Sadranan ana ing pereng Gunung Merapi, kaya dene Tradhisi Sadranan ing Desa Pantaran, kang ana ing perengan Gunung Merbabu iring sisih lor. Warga masyarakat ing limang desa sayuk rukun dadi siji ana ing makam caos donga para ahli kubur.

Cacah atusan sesaji kang awujud panggang gucu digelar warga desa ana ing makam keramat Ki Ageng Pantaran lan Nyai Pantaran. Miturut katerangane Sanyoto, juru kunci makam Pantaran, warga menehi aran sesaji sega rasullan. Anggonne ngenengake ana ing makam Pantaran, miturut Sanyoto, jalaran makam Pantaran dadi pepundhen warga desa ing pereng Gunung Merbabu.

Saben ndina warga nggunakake banyu sumber kang nate digawa mbah Pantaran, mula kajaba wujud rasa syukur marang Gusti, warga uga ngaturake panuwun marang alam semesta lan para leluhur kang uwis menehi sawab panguripan saka sumber banyu. Warga uga ngaturake panuwun marang leluhur, anggone njaga keselametan warga desa saka pageblug, lelara lan sengkala kang ora katon.

Mula ora nggumunake, ing sasi ruwah warga padha nyadran ziarah kubur ana ing makam Pantaran, sak perlu ngaturake pandonga marang Gusti, amrih para leluhure di paringi ngapura lan mapan ana ing ngarsane Gusti kanthi kesaenan. Tradhisi Sadranan ana ing pereng Gunung Merapi lan Gunung Merbabu, sejatine dadi sarana warga masyarakat ngraketake anggone bebrayan agung ana ing donya. Bebrayan ora mung tumrap manungsa, nanging bebarayan sak kabehe. Manungsa marang alam lan sak isine, uga manungsa madhep marang kang nyiptakake.

Ana ing tradhisi Sadranan warga masyarakat entuk tuntunan urip, ora mbedakake siji lan sijine, mbangun rasa sosial, ora nglalekake lan ninggal sejarah lan mangerteni rasa kebhninekaan kang sak nyatane.

Ana ing kaprecayan masyarakat Jawa, Sadranan nduweni telung ukara tumrap panguripan. Pinangka kanggo sarana ngraketake tali rasa silaturahmi kang ora pedhot antara sing urip lan sing uwis mati, uga kanggo ngelingake para anak putu jasa bekti para leluhur marang bumi pertiwi. Ana ing tradhisi Sadranan anak turun kang menehi pandonga marang leluhur, di precaya entuk sawab balik saka leluhur.

“Nanging sawab iki ora bisa di sawang sacara kasad, jalaran sawab mau kabeh awujud kerohanian,” pungkase Sanyoto.

(Judiantoro)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kabeh kang kita karepake kudu kita DUWENI, saka ngendi kita ajar IKHLAS.

Klik

ADU DARA

Sawijining petugas lagi naliti dara pos ing Kandhang Nasional Ra¬jamandala, Jl. Mandalawangi, Cipatat, Bandung Barat. Ana 706 manuk dara padha dipasangi cip kanggo persiapan melu Lomba One Loft Race kanthi total jarak 1.750 km. Lomba adu dara iki dibagi jroning 6 tahap kanthi jarak paling adoh 450 km saka Kandhang Nasional Rajamandala mau. Sing dibiji bantere dara nalika tekan dhisik ing kandang kanthi ndeleng sistem radio frekuensi kang dipasang ing cip ing sikile dara mau. (d/ist)***

Pethilan

Partai sarujuk pimpinan MPR ditambah

Dundum kursi ora ana mandhege

Ancaman pidana marang masyarakat ningkat

Sawise suwarane dijupuk saiki rak­yat diancam

Ancaman pidana marang masyarakat ningkat

Sawise suwarane dijupuk saiki rak­yat diancam