Grahana Srengenge
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Ngleluri Tulisan Jawa - Dibaca: 479 kali

Grahana makaten wonten warni kalih. Inggih punika grahana rembulan lan grahana srengenge. Para ahli tatasurya utawi para winasis samangke, sanadyan dereng kalampahan, nanging sampun saged ngawuningani, netepaken bilih benjing ing wulan, dinten, pasaran, saha wanci jam pinten, sampun saged ngawuningani.

Kadadosan punika ugi pirsa sabab-musababipun ingkang sayektos. Para pa­rapsyichlogie alam semesta jaman kita, kalebet tiyang ingkang preduli utawi mi­gatosaken bab kawontenan alam semesta, ugi sampun saget pariksa tumrap sabab-musababipun. Amargi kupiyanipun tiyang Jawi makaten:

Tata, titi, titen, kanthi tlaten aneniteni, pungkasanipun lajeng tita, sarta ugi ang­gadhahi keyakinan badhe wonten kada­dosan punapa, inggih sok sampun sami ngawuningani. Ngantos watak watunipun sadhengah tiyang, miturut wiyosanipun ing wulan, dinten pasaran punapa, sarta wancinipun ugi sampun sami ngawuni­ngani. Wonten ingkang lajeng dipun bukoni utawi kebacut dados primbon.

Pangripta sareng mireng manawi badhe wonten grahana srengenge ing wulan Ma­ret tanggal 9 utawi wulan Jumadilawal wulan Jawi, kepengker lajeng mbikaki buku Primbon, yasanipun para sujana nimpuna ingkang sampun mumpuni ing salwiring reh agal lembat: badhe kathah tiyang ka­petengan panggalih utawi kablinger, lajeng sami tumindak sisip, wekasan sami kataman kasisahan.

Dados kawontenan alam semesta ma­katen sok sampun wonten tandha-tandha ngalamat awon utawi sae. Pangripta taksih emut nalika taun: 1965 kapengker. Ka­dadosan wonten lintang kemukus ingkang sakelangkung nganeh-anehi, laminipun ngantos meh satengah wulan.

Sabibaripun prastawa punika lajeng wonten ontran-ontran: G 30 S, ingkang ang­gigirisi, kasambet wontenipun bena ageng ing kitha Sala, ngantos kalih pratigan kitha Sala kabenan.

Nalika badhe miyosipun Sang Kristus ugi wonten kadadosan lintang johar utawi bintang gejora ingkang nganeh-anehi su­morot ing donya. Dados pranyata bilih kawontenan alam semesta makaten sok mbekta daya pangaribawa, punapa wirasat awon utawi sae.

Tiyang kina ugi sampun pariksa, manawi wonten grahana srengenge makaten, ma­nawi sami mirsani kanthi lalahanan sok saged ngrisak paningal, saged ngantos dados wutanipun. Wekdal samanten de­reng wonten pirantos kados samangke, kangge mirsani kedah mawi kaca tingal cemeng utawi kertas pilem biru.

Lajeng damel athikan cariyos, manawi wonten grahana punika, amargi srengenge utawi rembulan dipun untal danawa. Su­pados sampun ngantos telas, sami ka­dhawuhan miradadi ngawontenaken kothekan gobyog. Priyantun putri sami kothekan mawi lesung, lare-lare lan tiyang jaler sami nabuh kenthongan utawi sak­wontenipun. Sami kuwatos lan ajrih ma­nawi kadadosan srengenge utawi rem­bulanipun dipun mangsa danawa ngantos telas. Donya temtu badhe peteng sa­laminipun.

Dados cariyos punika sanes ngelmu sanyata, intinipun kangge njalani kawilu­jengan, mboten sadaya sami ningali gra­hana ingkang saged mahanani karisakan paningalipun. Sadaya sami katungkul anggenipun kothekan gobyog ngantos paripurna. Langkung-langkung kothekan lesung makaten mawi irama warni-warni sarta karaos laras nengsemaken, lajeng dados tradhisi ngantos samangke.

 

Dawa-Dawa Dinudut

Boten namung bab grahana kemawon kangge njagi kawilujengan, kathah con­tonipun. Upami bibar sami layatan dhateng dalem kadhuhkitan utawi dumugi ing pasareyan (kramat). Manawi dumugi ing griya kedah sami wijik reresik suku dalah tanganipun, amargi tiyang tilar donya ma­katen sok amargi gerah nunulari, langkung-langkung ing kramat (pasareyan), tiyang pejah warni-warni, saged ugi bakteri pe­nyakit punika sumebar ing siti.

Wonten awisan malih, manawi tilem sampun malang ing sangandhaping blandar, mindhak sugih impen. Intinipun boten kok amargi sugih impen, blandar makaten sok kapangan rayap, manawi ngantos pepes ambruk, badhe ngebruki ingkang tilem wonten ngandhapipun. Tumrap dhateng lare alit: aja sok linggih bantal, mengko mundhak wudunen. Tumrap lare alit inggih boten wonten saestu, kuwatos manawi ngantos wudunen ingkang nandhang sakit.

Kawruh kejawen makaten wonten ingkang sipat pemut, ngajrih-ajrih wonten ingkang sipat simbolik utawi pangajap. Namekaken putra ingkang nembe lair kemawon inggih mawi pangajab. Upa­minipun kanamakaken Sugiya, ateges saben tiyang mujek-mujekaken sugih. Nami Suharta kaajab murih sugih arta. Nami Mulyana kaajab sugengipun dadosa tiyang mulya.

Wekdal perang Sambernyawa, para pendherek dalem sami kaparingan asma mawi Jaya, pranyata ing sadhengah papan perangipun pikantuk kaunggulan. Tiyang mantu sok mawi klapa ijem kapasang ing ngajengan, kanthi pangajab supados pangantin sakaliyan tansah klop pemang­gihipun, boten sulayeng damel. Ing nga­jeng pawiwahan mawi tarub janur. Kanthi pangajab sadaya boten wonten aral sa­tunggal punapa. Tarub punika camboran tugel: jangkepipun, tanpa rubeda, mugi-mugi ingkang kawiwaha, ingkang kagu­ngan kersa, ingkang sami hambiyantu saha sadaya para tamu sami manggiha ka­wilujengan boten wonten aral satunggal punapa.

Makaten punika cuplikan sawatawis tumrap kawruh kejawen. Ingkang dereng dumugi sok sami anggegujeng utawi nganggep gugon tuhon. (*)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane