Balian Bawo, Seni Tari Kanggo Usada
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 150 kali

Jaman saiki pancen wis maju. Apa-apa sarwa modern. Ora desa ora kutha, sing jenenge ke-milenial-an wis warata. Malah tekan pucuke gunung pisan, penampilan siji-sijine wong wis senada seirama. Apa sing dinikmati wong kutha, bisa uga dirasakake wong desa.

Najan ngono, tradhisi warisan leluhur sing dilakoni turun-temurun tetep wae ora luntur. Ing babagan seni, khususe seni tari, saliyane sing gerake baku, eneng uga sing “disempurnakake” kla­wan maneka-werna kreasi anyar.

Balian Bawo saka warga Dhayak, klebu seni tari sing unik, nyrempet-nyrempet alam gaib, sekaligus spek­takuler. Balian duwe makna tabib/dhu­kun/juru sembuh tradhisionil. Sebutan Balian, ora angger wong isa utawa oleh nglakoni. Balian mono ilmu sing diwa­risake saka leluhur. Leluhur mau uga trah Balian, sing duwe mantra-mantra ti­namtu. Mantra-mantra khusu kanggo ngusadani sakehing wong lara kuwi mung bisa diucapake nalika nambani thok.

“Sadurunge nganakake ritual, kudu diawali kanthi nyiapake pidhudhuk. Pidhudhuk kuwi uba rampe sing sifate wajib yen pengin lumakune ritual lancar,” ujare Inderman utawa Unceh, pedunung asli keturunan Dhayak, menyang para sing nekani adicara mau: “Neng kala­ngan Dhayak Ma’anyan, pindhudhuk sing lengkap dumadi saka beras, talam, sa­sanga, mangkok, piring, gula, janur, be­nang lan lawe,” imbuhe maneh.

Pria prasaja mau nambahi, menawa lagi praktik dadi Balian dheweke dibantu salah sijine kanca sing uga ketu­runan Balian. Asisten Balian iki asring diarani Panganak Hiyang. Panganak Hiyang uga kudu melu nliti sekabehane bahan kanggo pidhudhuk. Sajen/pidhu­dhuk kudu lengkap. Ora kena kurang saithika wae. Yen nganti ora sempurna, rapalan mantra ora bisa diucapake. Akibate, ritual sakral mau bakal wurung kalek­sanan.

“Sesajen kurang komplit, bisa nda­dekake sing duwe kajat-kadhangkala uga balian-ne pisan kesurupan, semaput, malah ana sing nemahi kacilakan. Balian dhewe uga lali karo mantra sing kudu diucapake,” ujare maneh: “Nalika ngra­palake mantra—bamamang-aku nggu­nak­ake basa Bawu, dene urip padinane aku nggawe basa Dhayak Ma’anyan.”

Inti saka rapalan mantra yakuwi ndedonga marang Hiyang Piumbang Jaya Pakuluwi-Tuhan Sing Maha Kuwasa-kanggo keslametane sing duwe karep. Sadurunge rapalan diucapake balian kudu sesambungan secara gaib karo roh para leluhure. Kawiwitan kanthi ngunek­ake klinthing khusus mligi minangka ke­sempurnaane ritual. Prosesi bamamang, sok-sok isa nganti telung jam suwene, gumantung marang kebutuhane sing duwe keperluwan.

Ing zaman saiki, pancen ora mesthi tari Balian Bawo kanggo ngusadani wong lara.

Tari Balian sing asil kreasi seni, di­modhifikasi kanthi gerak-gerak tartamtu, kadhang mung tontonan wae. Ning tari Balian sing “istimewa” kaya kasebut ndhuwur, tetep wae tarlan sakral sing dipercaya keampuhane dening wong-wong sing nglestarekake ilmu leluhur, tradhisi sing ora teyengen kena panase srengenge grujugane udan.

Penyakit sing bisa ditambani werna loro. Nggunakake istilah saiki, penyakit medhis lan non medhis. Yen penyakit medhis, si Balian kanthi gerakan kilat, bisa mencolot saka panggung sing sok-sok dhuwure luwih saka rong meter. Panggung kuwi pancen khusus kanggo ritual. Balian sing mudhun klawan .. sret... sret...mau njur “ngilang”. Embuh neng ngendi tujuwane, sing jelas dheweke durung balik neng papan ritual yen ora nggawa bahan kanggo nambani sing lara.

Wektu sing dibutuhake kanggo ngu­padi srana kesehatan iki, kadhang bisa sakjam utawa luwih. Musik sing ngiringi uga panggah muni. Tetabuhan pengiring kuwi lagi leren menawa prosesi pengo­batan wis rampung.

Penyakit non medhis kena santhet, upa­manya sing lagi nandhang lara mau ditakoni dhisik dening Balian. Penyakit “kiriman” kuwi dibalekake menyang pawongan sing ora nggenah mau apa dipindhah neng kewan. Menawa pilihane pengin “ditransfer” ning kewan, babi apa pitik ngono, Balian kari manut wae. Yen arep dibalekake menyang sing nye­babake penyakit, Balian uga samapta ing karya.

Musik penyembuhan iki, ora mung angger muni. Ana irama utawa ritme khu­­sus. Kliru anggone nabuh, bisa nekak­ake perkara. Proses pengobatan gagal, kadhang-kadhang Balian dhewe sing kena akibat ora becike. Balian bisa ke­surupan sing nrenyuhake. Yen keda­deyan kaya ngene iki kepeksa muncul, alunan musik kudu dibaleni saka ngarep klawan ati-ati. Dikandhung maksud, prastawa kaya mangkono ora dumadi maneh.

Sawise pengobatan rampung, si pasien kudu gelem nuhoni syarat-syarate. Upamane, pasien ora kena metu saka omah paling ora sedina suwene, ora oleh mangan daging kewan sing nggremet, ora kena nampa tamu, swa­sana omah kudu tintrim, tanpa kega­duhan.

Kanggo nengeri yen pasien ora kena “diganggu”, mula dheweke perlu ngen­cepake godhong utawa pang kayu sing nalika dipecok isih urip. Dudu kayu sing gogrog godhonge, apa maneh nganti garing, merga mati pirang-pirang wektu sadurunge. Syarat sing wis ditemtokake ora dipatuhi, adate bisa ndadekake penyakit angel ditambani maneh.

(*)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Minterna wong bener kuwi luwih gampang katimbang mbenerake wong pinter. Nanging mbenerake wong pinter kuwi mbutuhake beninge ati lan jembare dhadha ...

Klik

SUMUR RAHASIA ING PORTUGAL

Bangunan kang kaya sumur iki arane Quinta da Regaleira, yakuwi sawijining taman kang dumunung ing kutha Sintra, Portugal. Taman iki dumadi saka istana lan kapel, sarta pekarangan kang ana tlagane, guwa, sumur, air mancur, lan lurung kanthi konstruksi kang endah. Nanging perangan paling endah saka taman iki ya kuwi Sumur Inisiasi. Sumur iki cukup jeru lan nduweni undhag-undhagan spiral amrih bisa tekan panggonan ngisor dhewe. Ujare ngakeh, ndhisike sumur iki minangka papan ritual masonis. (d/ist)***

Pethilan

Listrik mati nganti dina senen

Kari njaluk ngapura…

Blackout, PLN bakal menehi kompensasi marang langganane kang rugi.

Muga-muga janji iki ora ujug-ujug peteng maneh.

Listrik mati total ing ibukota lan sawenehing kutha.

Peteng, sing katon mung ‘wedhus ireng’.