Gamelan Gaweyane Legiyono Tekan Manca Negara
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 157 kali

Sing jeneng kabudayan Jawa, para sutresna PS temtu wis pirsa, yen ditekuni kanthi temenanan, bisa nuwuhake rasa tentrem lan landheping ati. Ora mung kuwi, malah, karana tresna marang seni budaya Jawa kuwi, akeh masyarakat sing banjur ngandelake minangka cagake urip.

Wis ora kaetung maneh seniman lan seniwati kang nyadhong rezeki saka ka­bu­dayan Jawa, embuh kuwi wayang wong, wayang kulit, kethoprak, tari, lan sapanunggalane. Maneka seni budaya mau, ora bakal komplit utawa kaleksanan tanpa anane gamelan. Mula, katone se­pele, perajin gamelan ora bisa diselaki jasane gedhe tumrap lestarine budaya Jawa.

Lha, salah sijine perajin gamelan sing isih eksis mau yaiku Legiyono. Senajan eko­nomi donya rada seret kaya saiki, serete rezeki mau ora dumadi ing papan usahane Legiyono. Mapan ing omahe, Dhusun Pelem Lor RT 03, RW 01, Batu­retno, Banguntapan, Bantul, Ngayogya­karta, Legiyono kebanjiran pesenan gamelan saka maneka papan.

 

Nerusake Usahane Bapake

Legiyono nyritakake, satemene usaha kerajinan gamelan iki sing miwiti bapake, yaiku Daliyo. Critane, udakara taun 1955, yaiku nalika Pemerintah Kolonial Belanda oncat saka Ngayogyakarta, akeh aset sing ditinggal, klebu salah sijine yaiku pabrik gula ing laladan Beran, Sleman, Ngayogyakarta. Ing pabrik gula mau, akeh tinemu mesin lan alat-alat saka wesi lan kuningan.

Kahanan ekonomi sing angel wektu kuwi, ndadekake tinggalan sing ajine ge­dhe kuwi mung ndhongkrok, ora diman­faatake kanthi sakmesthine. Mesin lan alat-alat ing pabrik gula mau ora kopen, lan wusanane dadi wesi rongsokan. Mbaka siji, wesi lan kuningan rongsokan mau padha dijupuki dening warga sakiwa tengen pabrik gula.

“Miturut critane bapak, ana sing ban­jur dilebur digawe pacul. Ana uga sing dijupuk digawe serokan galengan lan alat tani liya­ne,” ujare Legiyono.

Ora ana sing kepikiran nggu­nakake rongsokan wesi mau kanggo bab-bab sing luwih aji maneh. Wek­tu kuwi, Daliyo sing durung palakrama, meneng-meneng duwe pikiran liya meruhi akehe rongsokan pabrik gula kasebut.

Jalaran dianggep rong­so­kan, Legiyono banjur nu­koni wesi lan kuningan sing didu­weki masyarakat kasebut. Temtu kan­thi rega murah. Daliyo wis duwe bayangan, wesi lan kuningan lungsuran pabrik gula mau bakal digawe gamelan.

Zaman semana pancen ora akeh sing ngerti piye carane gawe gamelan. Senajan durung wasis banget, Daliyo sithik-sithik wis ngerti dhasar-dhasare gawe gamelan. Mula, kanthi tekad sing kukuh, Daliyo  wusanane kasil gawe gamelan pirang-pirang set nggunakake rongsokan saka pabrik gula kasebut.

Pranyata, gamelan gaweyane Daliyo disenengi masyarakat. Ora gantalan suwe, Daliyo banjur kondhang minangka perajin gamelan sing mumpuni. Ora mung ing Baturetno lan sakiwa tengene, ananging gamelan gaweane Daliyo kondhang tekan ing sakukuban Bantul.

Kanggo nyengkuyung usahane supa­ya tambah  maju, taun 1957 Daliyo pala­krama karo salah sijining sinden. Pilihane Daliyo ora kleru. Kanthi dibiyantu gar­wane, usaha kerajinan gamelane san­saya ngrembaka, sansaya laris.

Ing taun kuwi, sing pisanan tuku gamelan gaweyane yaiku salah sijining kelompok seni sing kondhang ing Nga­yogyakarta. Bab iki anjalari Daliyo san­saya semangat ningkatake kuwalitas gamelan gaweane.

Saka taun 1957 tekan taun 1963, Daliyo mung direwangi sisihane ang­gone nyambut gawe. Pesenan sing sansaya akeh, ndadekake Daliyo ora kuwagang maneh. Mula, Daliyo banjur golek tenaga anyar kanggo mbiyantu dheweke. Tenaga-tenaga mau dijupuk saka tangga teparone. Idhep-idhep tetulung marang tangga-tanggane sing isih durung cekel gawe.

Lumakuning wektu, usaha minangka perajin gamelan kasebut diterusake anake, Legiyono. Karyawane akeh-akehe uga tangga kiwa tengene. Kabeh karyawane wis dilatih ngenani gamelan. Mula, Legiyono percaya banget marang karyawane.

Kanggo gawe gamelan sing suwa­rane laras, komposisi bahan, ukuran lan kandel tipise kudu pas. Ananging, b­aba­gan nglaras suwara gamelan, Legiyono tetep terjun langsung. Kabeh mau kanggo njaga kuwalitase, supaya pe­langgan ora kuciwa.

 

Tekan Manca Negara

Kanthi dibiyantu 12 karyawane, Legiyono saguh ngrampungake patang set gamelan saben sasine. Sak set ga­melan kuwi yaiku bonang penerus sak rancak 10 iji, kenong sak rancak 5 iji, slenthem 1, gender 1, gambang 1, de­mung 1, saron 2, peking 1, bonang ba­rong sak rancak 10 iji, ketuk 1, kempul 5, suwukan 2, sarta gong 1. Kabeh mau gamelan sing ditabuh nggunakake alat. Dene, sing nggunakake tangan ing antarane yaiku kendhang bem 1, ken­dhang batangan 1 lan ketipung 1. Dene rebab lan siter sarta suling, Legiyono pesen ing papan liya.

Gamelan-gamelan gaweane Daliyo wis sumebar ing ngendi-endi papan sak Nuswantara, kayata Banda Aceh lan Palembang, mligine kanggo Dinas Pari­wisata dan Kebudayaan ing wewengkon dhaerah kasebut. Saliyane kuwi, akeh uga maneka grup Campur Sari sing padha pesen gamelan marang  Legi­yono. Malah, gamelane Legiyono iki, pra­nyata wis tekan negara manca barang, kayata Jerman, Jepang, Malaysia lan Kanada.

Menawa biyen ubarampe bahan gamelan kudu nukoni ing warga sing adol rongsokan wesi, waja lan kuningan, saiki kabeh urusan bahan baku wis ana sing nyetori, yaiku perusahaan saka Surabaya.

Temtu, gamelane kasebut isih durung komplit lan macak yen durung ana aksesorise, yaiku rancak lan gayor sing digawe saka kayu. Kanggo gawe rancak lan gayor, Legiyono nggunakake kayu nangka, senajan satemene kualitas paling apik ya kayu jati. Aksesoris saka kayu kasebut, ukiran lan warnane khas keraton, kayata warna emas, ijo lan abang.

Kanggo ngrampungake sak perangkat gamelan komplit karo rancak lan gayor sing ora ana ukirane, dibutuhake wektu udakara 2 sasi. “Menawa rancak lan gayor kudu diukir, wektune bisa nganti 3 sasi,” akune Legiyono.

Saben sasine, omzete Legiyono anggone gawe gamelan bisa nganti atusan yuta rupiah. Kanthi omzet sing ora sethithik kuwi, Legiyono muji syukur marang sing gawe urip. Ora kanyana, anggone nerusake usahane bapake, tekan saiki bisa kanggo cagak urip. Cagak urip ora mung kanggo dheweke, nanging uga kanggo para karyawane.

(Agung Hartadi)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Minterna wong bener kuwi luwih gampang katimbang mbenerake wong pinter. Nanging mbenerake wong pinter kuwi mbutuhake beninge ati lan jembare dhadha ...

Klik

SUMUR RAHASIA ING PORTUGAL

Bangunan kang kaya sumur iki arane Quinta da Regaleira, yakuwi sawijining taman kang dumunung ing kutha Sintra, Portugal. Taman iki dumadi saka istana lan kapel, sarta pekarangan kang ana tlagane, guwa, sumur, air mancur, lan lurung kanthi konstruksi kang endah. Nanging perangan paling endah saka taman iki ya kuwi Sumur Inisiasi. Sumur iki cukup jeru lan nduweni undhag-undhagan spiral amrih bisa tekan panggonan ngisor dhewe. Ujare ngakeh, ndhisike sumur iki minangka papan ritual masonis. (d/ist)***

Pethilan

Listrik mati nganti dina senen

Kari njaluk ngapura…

Blackout, PLN bakal menehi kompensasi marang langganane kang rugi.

Muga-muga janji iki ora ujug-ujug peteng maneh.

Listrik mati total ing ibukota lan sawenehing kutha.

Peteng, sing katon mung ‘wedhus ireng’.