Nalusur Tedhak Turune Ki Ageng Mangir
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 118 kali

Kocap kacarita nenggih Raden Jaka Alit ingkang sasampunipun diwasa jejuluk Raden Angkawijaya yektosipun putra dalem Sri Prabu Brawijaya IV ing Ma­japahit, ingkang miyos saking garwa padmi ingkang sepuh asma Dewi Tapen. Ing taun Dal 1351 sinengkakaken ing ngaluhur gumantos keprabonipun ingkang rama jumengeng ratu ing Majapahit ingkang kaping VII, ajejuluk Sri Prabu Brawijaya V, inggih ingkang pungkasan.  Kagungan garwa padmi kalih, kang sepuh asma Dewi Andarawati inggih Gandura­wati, putri asli saking negeri Cempa, ing wewengkon Tanah Hindhi Kilen. Wondene garwa ingkang enen asma Dyah Wandhan­sari, putri boyongan saking negeri  Wandhan, ugi ing tanah Hindhi. Garwa pangrembe kacariyos kathah, lan ugi sami peputra Putranipun sedaya gung­gung wonten 117. Ingkang Sinu­hun Brawijaya V wau ugi ajejuluk Prabu Brawijaya Dewapati Senapati Ingalaga.

Kapethik urutan para putra, nenggih putra  angka 26 mijil sa­king garwa padmi Ratu Anda­rawati saking Cempa, asma Ra­den Jaka Luhur inggih ingkang ajejuluk Prabu Anom Bondan­surati. Sabedhahipun negara Majapahit, lajeng lolos ngumbara ing tlatah Redi Kidul (Gunungkidul) ing wewengkon Ngayogyakarta samenika, lajeng mertapa ing wukir Tumbal, Karangasem. Katrem ing riku lajeng kamantu dening Buyut Guwa­caka ing padhukuhan Karangasem Redi Kidul (dunung sapunika ing Kecamatan Paliyan, Kabupaten Gunung Kidul)

Prabu Anom Bondasurati lajeng sesilih  asma Panembahan Brawijaya, inggih Pa­nembahan Wanabaya. Tanpantara da­ngu sasampunipun peputra lajeng seda obong, mukswa ing wana Sawar, papan sakidule Karangasem pinggir pesisir tanah Redikidul kebawah Kademangan Blimbing Kabupaten Playen rumiyin. Jaman saniki kabawah Desa Saptasari, kang kawentar kanthi aran Pantai Ngobaran.

Panembahan Wanabaya kasebat tilar putra kakung kalih, tuwin putri setunggal.  Ingkang sepuh asma Raden Jaka Tumbal, inggih Kyai Harya Wanabaya, ingkang sasedanipun ingkang rama lajeng mentar mring dhukuh ing Mangir; putra angka kalih karan Kyai Gusti, inggih Jaka Brubun tetep manggen ing Karangasem lajeng nurunaken trah-tumerah, dumugi Mas Panji Harjadiputra, Panji ing Semanu Redikidul ingkang sepisanan.

Kacariyos putra Prabu Brawijaya ing­kang pungkasan, putra angka 44 ingkang miyos saking garwa pangrembe, asma Raden Jaka Balut, inggih Raden Harya Megatsari, sabedhahing Negari Majapahit ngumbara mangilen lajeng dhedhukuh ing wukir Tanah Mangir, sesilih asma Kyia Ageng Mangir ingkang sepisanan, sarta peputra putri. Raden Jaka Wanabaya (Ra­den Jaka Tumbal) ingkang mentar dhateng Padhukuhan mangir sasedanipun ingkang rama lajeng puruhita mring Ki Ageng Masngir I, inggih ingkang Bapa Pa­man. Boten watawis dangu la­jeng kamantu. Sasedanipun ma­rasepuh, Raden jaka Wana­baya lajeng gumantos asma Kyai Ageng Mangir II.  Peputra kakung ingkang krama pikanthuk putranipun Nyai Ageng Paker. Ing tembe lajeng karan Ki Ageng Mangir III. Ki Ageng Mangir III lajeng peputra Ki Ageng Mangir IV, ingkang gadhah pusaka tumbak dhapur Barukarna, karan Kyai Baru Upas.

Kocap kacarita Kangjeng Pa­nembahan Senopat ing Mataram kang ing tembe seda kajenar tuwin sumare ing Hastana Pura ing Ko­tha­gede, peputra putri saking garwa pangrembe nama Mas Ayu Hadisara (inggih inbgkang kautus mbedhah Kadi­paten Madiun dhuk semanten). Putra putri wau asma  Raden ayu Pembayun, krama pikantuk Ki Ageng Wanabaya, inggih Ki Ageng Mangir IV, ingkang duk samanten mirong kampuh jingga, mbodhan tanpa ratu, boten purun kebawah kaprentah ing Mataram sumadiya mandhireng pribadi. Sedya wau kandheg tuwin wurung jalaran Ki Ageng wuyung kayungyun ing Sang Dyan Pembayun, putra putri Dalem Kang­jeng Panembahan Senopati, ingkang citra­nipun tansah angalela  angaleledhek ing panggalihipun Ki Ageng Wanabaya, kalampahan kagarwa.

Miturut gothekeing ngakathah, duk rikala Raden Ayu Pembayun sampun ngar­tali gangsal candra, sekaliyan garwa sedya sowan caos bekti ing Ngarsa Dalem Kangjeng Panembahan Senopati. Boten kacarita lampahing ing margi, nanging ingkang cetha nalika lumebet ing kadhaton Ki Ageng Mangir IV sampun tanpa rowang, tuwin tanpa dedamel. Wusana kalam­pa­han sowan caos  bekti, na­nging meksa boten katarimah malah kasedanan, kacariyos giniles ing sela gilang. Dha­wuh Dalem layon kasarekaken ing Hastana Kotagedhe. Reh­ne Ki Ageng Mangir sa­najan mantu Dalem ugi tilas meng­sah, mila layon kasarekaken sepalih ing nglebet, sepalih ing njawi tembok cungkuping pasareyan.

Raden Ayu Pembayun ingkang pinuju ngartali gang­sal candra, sasedanipun Ki Ageng Mangir IV lajeng katarimakaken dhumateng pu­tranipun Kyai Ageng Karanglo ingkang se­puh piyambak, nama Kyai Gadama­kutha, kanthi dinawuhan samngsa jabang bayi lair medal jaler kinen nyedhani, kanthi ancas kangge nyures turunipun Ki Ageng Mangir IV.

Wasana ngartali dumuggining mang­sa, jabang bayi lair jaler. Kang ibu seda kunduran. Sajatosipun anggenipun babaran R Ayu Pambayun lajeng seda kun­duran wau amargi kejot nampi pawartos bilih ingkang rama Kangjeng Panembahan Senopati seda kajenar. Kamangka nalika tampi pawarta wau R.Ayu Pembayun nembe kemawon kondur saking kraton marak tuwi rama dalem. Nalika semanten rama Dalem pinanggih sugeng lan mboten gerah. Iangkan punika saking kejoting penggalih anggenipun babaran nama ngrentahakern utawi keluron senajan sampun mangsa lan njalari seda kon­duran. Layon lajeng kasarekaken ing Hastana Karangturi nunggil marasepuh Ki Ageng Karanglo.

Pepesthening pangeran mila beda sanget kaliyan pi­kajening manungsa ing­kang sok kasupen bilih wonten panguwaos ingkang lang­kung Ageng lan Luhur. Sa­king sagedipun Ki Ageng Ka­raglo, bayi lajeng kapasrah­aken ing pinisepuh dhukuh beji ing tlatah Gunungkidul.  Mung aruman embing-embing kabuntel ing gelaran dipun ulesi lajeng kinubur ing dhusun Gelaran, Gunungk K­dul samangke, inggih gela­ranipun Ki Ageng Karanglo anggenipun netepi dhawuhing ratu gustinipun linam­baran raos wals asih. Jabang bayi lestantun wilujeng netepi pepesthenipun Ingkang Maha Kuwaos.

Danguning dangu meh diwasa, pun “Jaka Singidan” kapindhah kasingidaken mring dhusun Wojo tlatah Bagelen (duk semanten kalebet wewengkon Nanggulan Kulon Progo). Sareng diwasa jabang bayi wau sesilih nama Kyai Madusena, seda lan nurunaken wonten ing tanah Wojo Bagelen.

Kyai Madusena peputra Kyai Badranala ingkang mulana tuwin tetruka ing sukuning redi Geyong,  Kuwarasan lajeng pinendhet mantu Kyai Buyun Nayapatra.  Ki Badranala sumare ing sukuning redi Geyong, peputra kalih : 1. Kyai Kretasuta, 2. Kyai Hastrasuta.  Kyai Kretasuta peputra Kyai Curiga, ingkang ugi peputra 2 inggih menika : 1.  Kyai Wangsamaguna inggih Kyai Kre­tadipa. Tuwin 2. Kyai Kretawangsa, Nga­behi ing Panjer, alamipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Amangkurat Agung (I) ingkang sumare ing Tegalarum.

Riakala semanten lolos saking praja Mataram ing Pleret, keseser nalika geger Trunajaya. Ingkang Sinuhun ketlangsur du­mugi ing Panjer. Rehne karaos salit (nge­lak) ngersakakaen ngunjuk lajeng mun­dhut dipun ladosi klapa degan.  Gandheng nalika samanthen mangsa katiga ngerak tuwin angel sanget padhos klapa degan ingkang wonten namung klapa ingkang sampun aking mangka Ingkang Sinuwun kasela ngersakaken ngunjuk, nuli lajeng kaladosan klapa aking wau. Katampi tuwin lajeng kaunjuk kraos seger sanget nda­dosaken suka renaning panggalih Dalem. Saking katarimahipun wiwit semanten Kyai Kretawangsa kapatedhan paring dalem nama Kyai Klapa Aking. Dangunipun dangu aran klapa Aking pangucapipun dados Klapa Aking, lajeng owah dados Kalapak­ing, dumugi sapriki.

Kyai Klapa Aking I peputra Kyai Kreta­wangsa Mandhengis, inggih Kyai Klapa Aking II, peputra Kyai Kretawangsa Su­leman ingkang nggarwa putranipun Kyai Nalapraya ing Gesikan, seda sumare ing Kalijirak, Kebumen. Kyai Kretawangsa Suleman peputra Tumenggung Klapa Aking III ingkang garwanipun tiga inggih menika garwa sepuh putranipun Raden Ngabehi Reksapraja II, inggih Ngabehi ing Sruni. Garwa tengahan putra putrinipun Radebn Tumenggung Arungbinang II, Bupati Wedana  Siti Ageng ing Surakarta, asli Klegen.

Menggah garwa ingkang enem putra­nipun Raden Adipati Danureja II, pepatih Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengkubuwono II ing Ngayogyakarta Hadiningra. Para garwa wau sami peputra sedaya ingkang nurunaken trah-tumerah dumugi sapriki sumebar ing saindenging Nuswantara. Kathah ingkang dados priyayi luhur, sujana-sarjana, sarta kathah ing­kang sami dados manggalaning praja ing negari kita, Republik Indonesia.

Senajan ta wonten kupiya ingkang mbo­ten prayogi, kabukten milih pepesthen ingkang sampun dipun garisaken dening Gusti ingkang Maha Agung punika mboten badhe saged dipunewahi dening titah sa­wantah sanadyan piyambakipun wau ga­dhah panguwaos ingkang linangkung. Tunggak jarak senadyan mrajak nanging manawi kapapral kababat saged sirna. nDilalah tunggak jati semi lan nuwuhaken kajeng jati ingkang radi sejati kados ingkang dipun suwantenaken dening grup band Koes Plus  jaman kawuri : ”Tunggak jarak mrajak, tunggal jati semi. Jati tuwa cagake Pendhapa.....”, (Isti Noegroho)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh-akehe wong nyenengi kaum kang lemah, nanging ngetutake kaum kang kuwat. Tetepa mbela wong-wong kang lemah apa wae kahanane.

Klik

KUDHA NIL ING DHARATAN

Patung unik lan lucu iki mesthi wae digawe dening arsitektur seni profesional. Patung-patung iki digawe kanggo narik kawi gatene wong akeh. Patung-patung iki digawe saunik-unike amrih nduweni daya tarik sekaligus aweh kesan ikonik sawijining kutha. (d/ist)***

Pethilan

Wutuhing bangsa aja dikurbanake jroning masa kampanye

Eling lo, pemilu limang taun pisan mesthi bali maneh

BBM ora kena pengaruh mundhake rega lenga

Kena pengaruhe sik dienteni, ngen­teni coblosan

KPU ngajab ora milih caleg tilas koruptor

Muga-muga caleg liyane dudu calon koruptor