Ketemu Sedulur Jawa ing Landa (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 179 kali

Critane wong Jawa sing ana ing Negara Walanda utawa ing Negara Suriname wis dudu barang kang anyar maneh pancen. Nanging senajan meng­kono, tetep isih ana sing “keslempit” kang durung nate kawedhar kaya ta sing wis tau tak alami iki jenengku Sudirman,

Ya merga nyambut gaweku ana ing perkapalan kang rute pelayarane antar negara, kang ndadekake aku asring lelungan menyang negara manca. Salah sijine yaiku Negara Walanda. Lan ing kana iku mau aku nate kekancan beba­rengan karo wong-wong Jawa sing saiki padha dadi warga Negara Walanda. Kedadean iki pancen wis sauntara suwe, yaiku ing antarane taun pitungpuluhan akhir ngancik wolungpuluhan. Saiki aku wis pensiun lan lagi bisa ngandhakake pengalamanku gegandhengan karo wong-wong Jawa sing ana Negara Walanda.

 

Simbah-Simbah Putri

Tetepunganku karo wong-wong Jawa Landa iki diwiwiti nalika aku dijak kancaku nunggal gawean dolan me­nyang panti jompo. Wektu iku pancen kapal lagi kandheg ana ing Negara Wa­landa. Ana ing antarane kalodha­ngane wektu bongkar muatan, aku dijak kan­caku menyang panti jompo. Sajake dheweke wis nate dolan mrono apa ma­lah kepara nduwe sedulur kang mang­gon ana kono.

O jebul iku panti jompone wong-wong Jawa sing wis dadi warga Wa­landa. Wong-wong iki sing biyen nate ana Suriname. Bareng Suriname dadi Negara kang merdika, banjur romusha saka Jawa iki ditari, apa arep melu dadi warga Negara Walanda apa tetep arep manggon ana Suriname kang saiki wis merdika. Lan sing milih dadi warga Nega­ra Walanda, banjur diboyong menyang Walanda.

Amarga wong-wong Jawa Walanda iki umume agamane Islam, ing panti jompo kono uga ana mushollane. Yen pinuju wektu sholat, wong-wong iki uga padha sholat jama’ah. Nalika aku dolan mrana, sing biasane dadi imam yaiku wong Turki, nanging lagi ana alangan, dadi ora bisa teka, malah banjur aku sing didhapuk kon ngganti dadi imam sholat. Weladalah ... malah ketiban sampur. Ning sing tak gumuni, jama’ahe kok mung simbah-simbah putri, ana ngendi simbah-simbah kakunge?

“Ni, lha kiye kakine padha nangendi?” pitakonku blaka.

“Wis ora ana putu,” jawabe meng­kono.

Nanging aku meruhi ana mbah ka­kung siji, mapane ana mburi lungguh ana kursi lan dheweke dudu wong Jawa, nanging malah wong Landa asli. Miturut critane, amarga dheweke mlebu Islam banjur milih manggon ana panti Jawa Lan­da sing padha-padha Islame. Nalika wis rampung jama’ah, wong-wong iku padha pesen digolekake rukuh (mukena) saka Indonesia. Lan nalika aku arep bali menyang kapal, malah disangoni;

“ Putu, aku ora bisa aweh apa-apa, kiye ana dhuwit nyah nggo tuku jajan!” kandhane prasaja nganggo dialek kebumenan.

Aku trenyuh banget, persis kaya simbah-simbah neng Jawa yen aweh dhuwit marang putune, kamangka iki ana ing negara Walanda. Aku uga bingung, arep daktampik, aku ora penak, mengko gek dadi nglarani ati, nanging yen dak- tampa rasane kok ya ora mentala sena­jan dheweke ya dudu wong-wong sing kecingkrangan uripe ana kana.

 

Kecukupan

Ana panti jompo iki, wong-wong mau manggone omah sapetak-sapetak. Saben-saben sapetak nduweni latar ngarep omah kang ditanduri kembangan lan nduweni uga latar mburi omah. Dadi kaya omah neng jawa lan saben-saben omah uga ana ruang tamune, kamar lan pawon. Ing mburi panti ana gudhang ba­han pangan kanggo umum, lan sapa sing ngersakake pinuju pengin masak dhewe mung kari mundhut, gratis!

Kejaba saben sasi nampa gaji, uga sesasi sepisan ana acara rekreasi, dolan menyang taman-taman rekreasi sing ana Negara Walanda utawa nonton film. Saumpama ora melu rekreasi, tunja­ngan rekreasi iku mau uga ora “gosong”, nanging tetep diwenehake. Babagan kesehatan uga wis ditanggung asuransi. Papan ibadah, klebu gereja uga di­cemepak. Dadi uripe pancen kecukupan. Pamarentah Walanda ngemonah te­nanan.

Malah yen dakbandhingake karo panti jompo ing Negara Singapura, isih lu­wih “manusiawi” panti jompo Jawa-Landa iki. Papan panggonan panti jom­po ing Singapura, wujude rumah flat (rumah susun). Saben-saben wayah esuk, wong-wong iku mau padha mudhun saperlu pepe (dhe­dhe) ana ing taman ngisor kana. Se­na­jan nganggo lif, ning kanggo wong sepuh ya tetep ngrepotake. Ana ta­man ya mung padha dhedhe lungguh dhewe-dhewe meneng-menengan, ora padha kenal. Yen wis krasa panas, banjur bali munggah menyang flate dhewe-dhewe. Apa maneh yen wis ana njero flat, tambah kaya dikurung tenanan. Dadi pancen kasepen banget uripe.

Beda karo panti jompo Jawa-Landa iki. Omah petak dadi luwih nggampa­ngake kanggo sesrawungan karo tangga teparone. Sewektu-wektu kepengin metu uga ora repot. Sesrawungan karo kanca-kanca uga luwih regeng, merga ana acara rekreasi lan uga sholat ja­ma’ah. Malah komunitas Jawa-Landa iki uga nduweni stasiun pemancar radio kang siarane nganggo basa Jawa ngoko modhel Kebumen. Wah, rak ya gayeng tenanan ta?

 

Jawa in Memoriam

Saben telung sasi utawa patang sasi sepisan, kapal panggonanku makarya nduweni jadwal layar menyang Walan­da. Lan wong-wong Jawa-Landa iku seneng banget yen krungu kabar bakal ana kapal kang teka saka Indonesia. Mula yen kapalku teka menyang Walanda, wong-wong Jawa Landa iku ya pada “ma­ngayubagya” ana ing pelabuhan, kaya-kaya wis ora sranta pengin ngerti kabar apa sing digawa saka tanah leluhure.

Kejaba saka iku uga sadurunge wis padha duwe pesenan, dadi ya pancen ngarep­arep bisa kelakon nampa apa sing wis dipesenake sedurunge. Wong-wong Jawa Landa iku disiplin lho, ora ana “jam karet”. Saben teka ing kapalku ana pelabuhan mesthi ajeg, jam lima so­re, banjur janjian kanggo ketemu bareng-bareng, biasane digilir papan panggonane supaya adil.

 

Diincupi

Wong-wong Jawa Landa iku seneng banget yen diajak guneman nganggo Basa Jawa Ngoko dialek kebumenan utawa “ngapak-ngapak” jarene wong Ngayogya. Pancen keh-kehe sing tak temoni iki asale saka Jawa Tengah sisih kulonan. Yen wis kumpul pancen gayeng tenan. Ana-ana bae sing ditakokake utawa sing dikandhakake, aneh-aneh tur  uga lucu.

Upamane, wektu iku ana sing takon mangkene : “Nek panen pari apa isih pada di incupi ?”

Jaman biyen wong ngeneni pari (manen pari) rak isih padha nganggo “ani-ani” angone methiki pari. Dadi pan­cen kaya wong lagi ngincupi kinjeng utawa kupu, amarga kudu diani-ani siji mbaka siji. Lan budaya manen pari nganggo ani-ani iki uga sing wis nglairake lagu “Potong Padi”.

Saiki pancen wis ora model manen pari kanthi “diincupi” kaya mengkono, ora sranta, nanging diganti kanti model “sabetan” utawa sing rada modern ya nganggo “mesin rontok” nanging isih tetep cara manual, amarga dionthel nganggo sikil. Yen ani-ani sing tuman­dang para ibu-ibu, nanging yen model sabetan sing tumandang wong-wong lanang.

Nanging yen dipikir-pikir, budaya ani-ani kuwi sejatine luwih “beradab” dibandhing karo model sabetan. Sebab ana ing budaya ani-ani iku kita anggone methiki pari kanthi cara kang alus kaya-kaya kanthi rasa welas asih. Dene yen model sabetan, ang­gone ngarit wit pari lan ngrontok ga­bahe katon kasar tenan, disabet-sabetake.

Ana maneh sing takon, apa jam­ban ing Jawa kana isih model blum­bang ngana kae? Biyen pancen ngana umume. Nanging saiki ya ora. Wis pada duwe WC (water closed), dadi ora mambu. Aneh ya, ngana kok ya ditakok-takokake barang. (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Minterna wong bener kuwi luwih gampang katimbang mbenerake wong pinter. Nanging mbenerake wong pinter kuwi mbutuhake beninge ati lan jembare dhadha ...

Klik

SUMUR RAHASIA ING PORTUGAL

Bangunan kang kaya sumur iki arane Quinta da Regaleira, yakuwi sawijining taman kang dumunung ing kutha Sintra, Portugal. Taman iki dumadi saka istana lan kapel, sarta pekarangan kang ana tlagane, guwa, sumur, air mancur, lan lurung kanthi konstruksi kang endah. Nanging perangan paling endah saka taman iki ya kuwi Sumur Inisiasi. Sumur iki cukup jeru lan nduweni undhag-undhagan spiral amrih bisa tekan panggonan ngisor dhewe. Ujare ngakeh, ndhisike sumur iki minangka papan ritual masonis. (d/ist)***

Pethilan

Listrik mati nganti dina senen

Kari njaluk ngapura…

Blackout, PLN bakal menehi kompensasi marang langganane kang rugi.

Muga-muga janji iki ora ujug-ujug peteng maneh.

Listrik mati total ing ibukota lan sawenehing kutha.

Peteng, sing katon mung ‘wedhus ireng’.