Amanat saka Prasasti Talang Tuo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 14 kali

Kerajaan Sriwijaya mujudake salah siji kerajaan maritim paling gedhe kang nate madeg ing bumi nuswantara. Senajan durung kinawruhan ing ngendi kratone, nanging saka sebaran arekeo­logis lan cathethan para pelancong ing jaman kuna. Kratone Kerajaan Sriwijaya dinuga mapan ing dhaerah Palembang.

Gandhenge mujudake salah siji kera­jaan gedhe ing jamane. Mula ora nggu­munake menawa akeh tinggalan kera­jaan Sriwijaya kang sumebar ing sadhe­ngah papan. Senajan saperangan ting­galane akeh sing ora wutuh maneh, nanging ora ateges tinggalan-tinggalan mau tanpa guna. Sing dumadi malah suwalike. Akeh tinggalan saka kerajaan Sriwijaya sing bisa disinaoni amrih ‘resep’ kanggo nggayuh jaman kencana rukminine bisa ditrepake ing jaman saiki.

Ngenani salah siji ‘resep’ saka kera­jaan Sriwijaya iku tinulis ing Prasasti Ta­lang Tuo kang diterbitake Raja Dapunta Hyang Sri Jayanasa ing taun 684 M. Sajro­ning prasasti iku tinemu tembung ‘kemakmuran’ sing dadi pambukaning prasasti. Ngenani kemakmuran sing dikarepake ing prasasti Talang Tuo bisa digayuh nalikane pembangunan kang ditindakake migunakake lan ngecakake konsep kelestarian alam. Tegese pem­bangunan kang ditindakake aja nganti gawe rusake alam.

Prasasti kasebut ngajab amrih pem­bangunan kang ditindakake sabisa-bisane aja nganti gawe rusake lingku­ngan. Iki kudu ditindakake jalaran sing urip ing bumi iki dudu bangsane manungsa wae, nanging bumi uga muj­udake papan uripe makhluk liya kayata tanduran lan kewan. Mula saka kuwi ma­nungsa kang nindakake pem­bangunan kudu bisa nyiptak­ake swasana kang gawe penake sakabehe pihak.

Yen sing kaya mangkene bisa ditindakake tanpa nda­dekake ana pihak sing diru­gekake. Mesthine manungsa bisa urip kanthi laras lan har­monis klawan alam. Saeng­ga bencana alam sing tekane merga tumindake manungsa sing sape­nake dhewe. Bisa disuda lan diendhani. Kang diajab bisa nindakake pembangu­nan kang laras klawan lingkungan ing kene ora mung pihak pejabat lan kalu­warga kerajaan, nanging kabeh pihak sing urip ing wilayahe kerajaan Sriwi­jaya.

Sawetara kuwi diterbitakene prasasti iki uga bisa dadi bukti. Yen raja sing ku­wasa ing kerajaan Sriwijaya ora mung duwe jejibahan kanggo mulyakake war­gane, nanging jinaga lan lestarine alam saisine sing dadi wilayah kekuwa­saane Kerajaan Sriwijaya uga dadi tanggung­jawabe raja sing jumeneng nata.

Pangajab kaya kang tinulis ing pra­sasti Talang Tuo iku ora mung sawates janji. Jalaran raja kang jumeneng nata ing kerajaan Sriwijaya padha ngecakake apa kang tinulis ing prasasti kasebut. Ing prasasti kuwi uga ngemot pembangunan taman Srikerta sing sabanjure luwih kawentar sinebut taman Sriwijaya.

Taman Sriwjaya dhewe ditanduri kanthi maneka tuwuhan kayata klapa, jambe, aren, sagu, pring, wuluh, lan sabangsane. Ing jamane, taman iki dadi acuan pembangunan taman-taman liyane kang ana ing wilayahe Kerajaan Sriwijaya. Saliyane ditanduri maneka tuwuhan, taman-taman ing wilayah Kerajaan Sriwijaya uga dijangkepi klawan bendungan lan kolam. Anane kahanan sing kaya mangkene supaya taman kasebut bisa dadi sarana ciniptane lingkungan sing ora mung dadi papan ngenggar-ngenggar ati kanggone manungsa, nanging taman kasebut uga diajab bisa dadi papan urip sing apik kanggo maneka tanduran lan kewan.

Saliyane nindakake pembangunan taman, raja kang jumeneng nata ngajab amrih tanduran sing ditandur diupakara kanthi becik. Saengga asil saka tanduran mau bisa digunakake kanggo nyukupi kabutuhane wargane. Pangajab sing kaya mangkene dumadi amarga raja kang jumeneng nata ing Kerajaan Sriwijaya padha duwe gegayuhan kang luhur. Tuladhane raja ora pengin rakyate nganti ana sing keluwen, dadi maling, tukang mateni liyan, lan dadi planyahan.

Eloke pesen supaya nindakake pembangunan kang laras klawan alam iki ora mung ditindakake raja kang ngetokake prasasti, nanging raja-raja sabanjure uga padha nindakake pesen kang tinulis ing prasasti Talang Tuo mau. Senajan Kerajaan Sriwijaya ngalami runtuh, ora ateges pesen kang tinulis ing prasasti mau dilalekake.

Babagan iki bisa dibuktekake anane tumindak nyata kang ditindakake -kerajaan liyane sing madeg samungkure kerajan Sriwijaya, tetep ngecakake pembangunan kang njaga lestarine alam. Pembangunan papan suci ing cedhake sumber-sumber banyu mujudake salah siji cara kang ditindakake leluhur jaman semana kanggo njaga kelestariane papan-papan sing ana sumber banyune. Kanthi anane wewangunan suci mau manungsa ora bakal wani tumindak sapenake dhewe.

 

Taman Sriwijaya

Taman Sriwijaya kang disebutake ing Prasasti Talang Tuo iku saora-orane bisa menehi gambaran piye carane nindakake pembangunan kang laras klawan alam. Saengga sing bisa ngrasakake pembangunan ora mung manungsa wae, nanging kabeh makhluk sing urip ing alam padhang iki padha bisa melu ngrasakake. Cekake mukti siji mukti kabeh.

Manut asil penelitiane para ahli sejarah, dinuga wilayah kekuwasaane Kerajaan Sriwijaya wiwit saka Sumatera, Jawa Tengah, nganti Semenanjung Malaysia. Ing jaman saiki akeh tilas  wilayah saka Kerajaan Sriwijaya kang kerep ngalami kerusakan merga tumindake manungsa kang kurang peduli marang lingkungan. Tuladhane kobongan alas lan lahan gambut sing kerep dumadi ing Pulo Sumatera. Dumadine kobongan iki ora mung ngrusak lingkungan, nanging uga melu ngrusak tinggalan arkeologi saka jaman Kerajaan Sriwijaya.

Kanggo ngawekani ilange tinggalan arkeologi saka jaman Kerajaan Sriwijaya lan lestarine alas sarta lahan gambut. Wiwit taun 2016 nganti 2020 Badan Restorasi Gambut lan Tim Restorasi Gambut Provinsi Sumatera Selatan nindakake pendekatan budaya menyang pendhudhuk supaya bisa lan gelem njaga kelestariane situs lan lahan gambut. Langkah kang ditindakake pihak sing sesangkutan klawan pelestarian lahan gambut iki nemtokake limang titik situs tinggalan saka jaman Kerajaan Sriwijaya sing sabanjure dijenengi Taman Sriwijaya.

Kaya dene Taman Sriwijaya sing dibangun ing kalane Kerajaan Sriwijaya isih madeg. Ing tembe situs sing dijenengi Taman Sriwijaya diajab ora mung migunani kanggo manungsa wae, nanging uga kanggo sekabehe makhluk kang urip ing alam padhang iki. Taman Sriwijaya ing dinane iki mujudake kawasan budaya lan ekologi kang migunakake landhesan tinggalan arkeologis saka jaman pra Sriwijaya lan jaman Sriwijaya. Taman iki sumebar ing kabupaten Ogan Komering Ilir (OKI), Banyuasin, lan Musi Banyuasin.

Kalima Taman Sriwijaya iku mau yaiku kapisan Taman Sriwijaya Langpipi-Ketupak sing ing kono nate ditemokake sisa-sisa wangunan, perhiasan emas, manik-manik, prasasti, keramik, pipisan lan piranti kanggo nggawe jamu; kapindho Taman Sriwijaya Riding-Lebunggajah yaiku perangan saka kawasan DAS (Daerah Aliran Sungai) Riding lan DAS Lebung Gajah kang mapan ing dhaerah Simpang Tiga Sakti kang ing kono nate ditemokake perahu lan tempayan saka keramik; katelu Taman Sriwijaya Air Sugihan Kanan kang mapan ing DAS Air Sugihan ing dhaerah Kecamatan Air Sugihan, Kabupaten OKI. Ing papan iki nate maneka tinggalan sing diperkirake wiwit saka jaman Pra-Sriwijaya nganti jaman Sriwijaya. Tinggalan sing ditemokake ing kene kayata sisa-sisa bangunan kayata saka kayu lan, perahu, manik-manik, tembikar, keramik, lan getah damar; kapapat yaiku Taman Sriwijaya Air Sugihan Kiri kang mapan ing DAS Air Sugihan di dhaerah Kecamatan Muara Sugihan, Kabupaten Banyuasin. Ing papan iki nate ditemokake tinggalan saka jaman Pra Sriwijaya nganti Sriwijaya. Tinggalan kuna sing nate ditemokake ing kene kayata sisa-sisa bangunan, perahu, keramik, tembikar, lan manik-manik. Lan sing pungkasan yaiku Taman Pra Sriwijaya Lalan-Sembilang kang mujudake perangan saka DAS Lalan lan DAS Sembilang ing wewengkon daerah Karangagung Tengah Kecamatan Lalan, Kabupaten Musi Banyuasin. Tinggalan sing nate ditemokake ing situs iki diperkirakake saka abad ke-4 Masehi (Pra Sriwijaya). Tinggalan sing ditemokake ing kene yaiku manik-manik, sisa-sisa wewangunan, kemudi perahu, keramik, tembikar, kubur tempayan, sisa-sisa manusia ing jero tempayan lsp.

Kanthi ‘laire’ maneh Tama Sriwijaya ing jaman saiki. Muga-muga wae pesen utawa amanat kang tinulis ing Prasasti Talang Tuo ora mung dicakake ing wewengkon Sumatera Selatan wae, nanging saiba apike yen ing sakabehane wewengkon ing Indonesia lan negara-negara liyane bisa melu nindakake apa kang tinulis ing prasasti Talang Tuo. Saupama kelakon temenan. Kabeh sing urip ing alam donya iki bakal ngrasakake katentreman. Jalaran ora bakal ana memungsuhan antar siji lan sijine. Amarga kabeh pihak padha sibuk mbangun donya sing layak ‘huni’ kanggone kabeh makhluk. Lindu Aji

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita sukses, bakal akeh ‘kanca palsu’ lan akeh ‘lawan nyata’. Ora usah perduli, tetepa dadi wong sukses apa wae kahanane!

Klik

DESA KANTHI PENDHUDHUK GOLEKAN

Desa Nagoro kang ana ing Jepang ndhisike dipanggoni atusan kepala keluarga. Nanging saikine kabeh mau wis owah. Sing ngenggoni mung puluhan wae, sing liyane wis padha tilar donya. Sing rada aneh saka desa iki, amrih ora sepi merga sithike pendhudhuk, akeh golekan kang dipasang ing ngendi-endi kanthi dipacaki kaya patrape menungsa tenanan. Kaya upamane lagi jagongan, nyapu, nyawah lsp. (d/ist)***

Pethilan

Kekarone capres ajeg nyapa calon pemilih

Wiwit selfie nganti aweh klambi

Anggaran pelatnas seret

Pengin emas, wenehana baki

Bab ngragati partai, parpol siap aweh data menyang KPK

Apik kuwi, katimbang menehi koruptor wae…