Werdine Zuhud lan Ati Kang Lembut (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 137 kali

(Allah kepareng nglonggarake rejeki  tumraping pawongan kang dikersakakE sarta matesi tumraping pawongan kang dikersakakE. Wong iku gumbira atine kanthi panguripan ana ing  donya. Kamangka panguripan donya iku mung mujudake kesenengan sing sethithik manawa ditandhing karo panguripan akhirat.) (Q.S. Ar-Ra’d (13) : 26).

 

(1). PANGERTEN.

Ing kalodhangan iki bakal diaturake  WERDINE ZUHUD LAN ATI KANG LEMBUT

ZUHUD iku mujudake condhonging ati tumuju marang samubarang kang luwih becik. Iki lelandhesan karo ilmu,  mana­wa samubarang kang ditinggal (ditinggal­ake) iku asor (ina) yen dikukuhi. Lha pa­wongan kang kasinungan (darbe) sipat zuhud iku mangerteni, manawa panguri­pan ing akhirat luwih becik katimbang pang­uripan ing donya. Supaya luwih gam­blang, pangerten donya iku kaya dene (pindha) sak prongkol es sing dipe­pe. Es mau bakal leleh, cuwer yen kata­man panase sengenge. Dene akhirat iku sanepane pindha berlian (permata) sing pangajine utawa regane luwih larang, ora bakal leleh, kanthi kapitayan (keyaki­nan) bakal ana  bedane antarane donya lan akhirat. Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude:

(a) “Nanging sira wong-wong kafir, malah milih marang panguripan donya. Ingmangka panguripan akhirat iku luwih becik tur langgeng.” (Q.S. A’la (87) : 16-17).

(b) “Allah kepareng njembarake reje­ki­ne marang wong kang dadi kepareng­ing karsanE, uga ngrupegakE, lan dhe­weke uga padha bungah-bungah kala­wan panguripan donya, ing mangka pang­uripan donya iku katimbang karo akhirat, ora liya kajaba mung kesene­ngan kang sethithik.” (QS. Ar-Ra’d (13) : 26) .

(c) “Lan ora ana liya, yen panguripan donya iki, kajaba nglalekake lan dedola­nan, lan sanyata negara (ing) akhirat. Iku temen-temen panguripan sejati tur langgeng, manawa dheweke padha ma­ngerteni.” (Q.S. Al-Angkabut (29) : 64).

(d) “Lan pangucape wong kang Muk­min,”  Dhuh mitra golongan kula, mugi andika (sampeyan) sedaya manuta ing kula, sampeyan kula tedahaken dhateng margi ingkang leres. Dhuh mitra kula se­daya, saestunipun barang donya punika namung kasenengan sawatawis! Dene saestunipun akhirat punika negari ing­kang sarwa langgeng”. (QS. Ghafir (40) : 38-39). Ing babagan iki  Rasulullah uga paring dhawuh, sing maksude mangke­ne:

“Manawa panguripan donya iku luwih asor tumraping Allah ngluwihi asore (ina­ne) bangke domba iku tumrap (mung­guhing) sira kabeh.” (HR. Muslim, Abu Dawud).

Ayat-ayat kang katur ing ndhuwur dadi gegebengan tumraping pawongan kang laku zuhud. Kajaba saka iku Rasu­lullah uga wus paring pituduh, sanepane donya lan akhirat iku, mangkene mak­sude:

(a). Sanepane donya iku yen ditan­dhing karo akhirat, kadi dene manawa ing antarane sira kabeh mbledhesake uta­wa nyelupake drijinira menyang se­gara, banjur delengen sepira banyu sing nempel (nemplek) ana driji iku? (HR. Muslim, Turmudzy Ibnu Majah). Sawuse samadya kita mangerteni marang pa­ngerten laku zuhud diaturake tuladha pawongan laku zuhud, bebayane pawo­ngan kang tansah kepencut panguripan donya. Wong-wong kang laku zuhud iku uga ndarbeni karakter ati kang  lembut, antara liya, yaiku sabar lan syukur, wedi marang Allah, tawakal, ikhlas nindakake amal shaleh, hubbullah, lan tansah eling marang pati utamane ngadhepi Qiyamat.

Jlentrehe mangkene:

 

(2).  TULADHA LAKU ZUHUD.

(a). Laku tindak Njeng Nabi Mu­hammad iku nyengkuyung tumrap pa­wongan kang darbe greget saut nindak­ake laku zuhud ing panguripan donya sarta ora nganti ngluwihi wates, ateges iku mung samadya. Iku mau ora ateges winatese bandha-bandhu kang didar­beni. Nanging Allah milih Njeng Nabi Mu­hammad saw. minangka utusaning Allah, supaya dadi manungsa tuladha, sing paling becik ing antarane manungsa. Sa­wijining wektu Umar Ibnu Khaththab ne­rangake, manawa dheweke nate nyu­murupi yen Njeng Nabi Muhammad iku ngencengi padharane (melipat perutnya) sedina methethet, amarga Njeng Nabi saw. ora kagungan kurma sing didhahar. (HR. Muslim sarta Tuyrmudzy). Malah ana riwayat sing nerangake, manawa ku­la­warga Rasulullah ora nate dhahar roti gandum suwene  rong dina (terusan) nganti panjenengane seda. (HR. Bukhari, Turmudzy Ibnu Majah). Kajaba saka iku uga ana riwayat saka Urwah saka ‘Aisyah r.a. ana ing daleme  Rasulullah ora ana sing nyethikake geni (lan ora ana sing  ma­sak). Urwah, ponakan ‘Aisyah mau nyuwun priksa, lajeng punapa bibi, dha­haran kagem bibi dalah sakulawarga? ‘Aisyah nuli maringi pituduh, manawa mung dhahar kurma lan banyu putih. Mung bae Rasulullah kagungan tangga (jiran) sing ndarbeni unta, sing dipurih banyu susune. Tangga mau nyaosi susu unta marang Njeng Nabi. Banjur Njeng Nabi maringi susu unta marang bibine Urwah. (HR. Muslim).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)