Watuk Nalika Kesurupan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 101 kali

Watuk Nalika Kesurupan

 

Karang taruna Putra Manunggal lagi wae nang­gap tontonan jaran thik. Tontonan mau dianak­ake kanggo ngramekake acara Suran. Tontonan kang ma­pan ing lapangan cedhak bale desa kasebut kasil narik kawigaten pe­nonton saka njaba desa. Malah wargane dhewe kalah akeh yen diban­dhing­ake saka njaba.

Ana kadadeyan lucu ing tontonan iku.  Sidik, sawe­nehe nom-noman kang omahe ora adoh saka bale desa dumadakan kesurupan. Dheweke klesotan ing latar banjur melu njoged ngleter kaya penari liyane kang ndadi (kesurupan). Nalika arep diusadani, dheweke ora gelem dicekel. Malah ndadi sakarepe dhewe.

“Iki bocah kok angel eram marine.” kandhane Mbah Rono, gambuhe penari jaranan.

Sidik terus njoged ngetutake gendhing sampak. Polahe kang tansaya nganeh-anehi iki ndadekake penonton kang ana kono padha mundur kabeh. Kembang sing dipangan banjur disemburake marang penonton. Mula kanthi dicekel bebare­ngan dheweke kasil digujer.

“Kembang…. kembang…..!” ngono unine Sidik sawise dicekel.

Nalika dicekoki kembang, dumadakan dheweke watuk. Idune muncrat memper wong lara watuk ngikil ngono kae. Sakala wong kang nyekel dheweke padha alok lan mbengok, “Bocah ediaannnn, jebul iki mau mung ngapusi.”

Kabeh mripat tumuju marang Sidik. Ora sithik wong sing padha ndelok melu alok. Yagene ana wong kesurupan kok duma­dakan watuk. Nalika ditakoni, jebul dheweke kepengin bisa ndadi kaya penari-penarine, nanging ora bisa carane. Mula kanthi ndadi apus-apusan kasebut supaya dheweke bakal diakoni sekti dening wong-wong sing nonton. Jebul dudu pangalembana sing ditampa nanging malah guyonan.

“Hoalah Dik, Dik, timbang mangan kembang mbok angur mangan soto,” aloke kanca-kancane.

Gayuh RS-Kecamatan Pulung, Kabupaten Ponorogo

 

 

Sing Ngingu Thuyul Wedi

 

Ing jaman globalisasi kaya saiki pranyata isih ana wong kang golek pesugihan kanthi cara ngingu thuyul. Kaya kang dumadi ing kampungku keri-keri iki, wektu kuwi akeh tangga kang padha opyak yen kalangan dhuwit. Kayata kang Tukimin alok kelangan dhuwit Rp  2 yuta kang disimpen ing laci buffet. Kamangka kang Tukimin duwe butuh arep tilik anake wadon ing Bekasi kang lagi babaran. Dene Yu Ilah kelangan dhuwit Rp 1 yuta turahan blanja saka bojone. Isih akeh warga sing alok kelangan dhuwit antarane Rp 50 ewu tekan Rp 100 ewu.

Senajan ora ana bukti kang cetha, nanging tangga teparo iku umume cubriya marang Mbah Ganes (jeneng singlon). Wong sugih ing kampungku kang gaweyane pendhak esuk lan sore mlaku-mlaku turut lurung, malah tekan wilayah njaban kampung barang. Kocapa, Lik Suti tanggaku kulon omah kelangan dhuwit Rp. 100 ewu kang disimpen ing ngisor bantal. Kanggone Lik Suti kang gaweyane buruh umbah-umbah, dhuwit Rp. 100 ewu iku kegolong akeh. Apamaneh dhuwit kasebut wis diemi-emi arep kanggo nyumbang ing daleme Bu Pipin kang duwe gawe ewuh mantu.

Lik Suti iku wonge lantap lan gampang muring. Weruh dhuwite ilang, tanpa sraba-sraba  banjur marani omahe Mbah Ganes kang kira-kira 100 meter saka omahe. Wektu kuwi Mbah Ganes lagi thenguk-thenguk ing teras ngarep omah. Ujung-ujung Lik Suti teka terus omong karo mentheleng,”Ayo Mbah, dhuwitku dibalekke!”

 Krungu omonge Lik Suti, Mbah Ganes ora mung manggut. Banjur menyat terus mlebu omah. Ora let suwe Mbah Ganes metu karo ngulungake dhuwit Rp. 100 ewu marang Lik Suti. Lik Suti nampani karo sengol terus semparet bablas mulih.

Anehe, sawise ana lelakon kasebut tangga-tangga ing kampungku ora padha opyak kelangan dhuwit maneh. Nalika nuju omong-omongan, Yu Ilah kandha, “Sajake sing ngingu thuyul wedi karo kowe, Lik. Wong kowe galak”.

 Lik Suti mung meneng bae lan ora wangsulan apa-apa. Embuh apa sing digagas, nanging jroning batin tangga-tangga kampungku iku banget nedha nrima marang Lik Suti. Apa tumon, kelangan dhuwit kok nglabrak tangga sing disujanani ngingu thuyul.

Ismadi-Bantul

 

 

Thiwul

 

Tradhisi ing Dhusun Jeruk kang dumunung ana pere­nging gunung iki cukup unik. Wiwitane apa sing dimaksud tetembungan “wis dicepaki sega beras isih kepengin sega thiwul” aku ora mudheng. Nanging bareng bojoku dhines ana kana (taun 1999) lagi ngerti sing dimaksud istilah kasebut, yaiku senajan wis duwe bojo ayu isih golek bojowan sing ayune sangisore bojone.

Jebul tradhisi iku wis lumaku turun-tumurun. Krana iku banjur wis ora dianggep tabu maneh tumrape wong desa kono. Apa merga kuwi wong-wong wedok ing kana  ora nesu yen sing lanang duwe bojowan, aku dhewe ora dhong. Sing cetha yen bojone sing lanang luwih ala pancen ora nesu. Lha yen bojoane sing lanang luwih ayu, krana ing kasunyatan ora ana sing luwih ayu, aku mung bisa ngira yen si bojo asli bakal muring.

Anehe, yen sing wedok babaran, sasuwene senden (selapan ndina), sing lanang nggawa mulih bojowane. Bojowan mau yen awan masakake dene yen bengi dikeloni ing san­dhinge bojone sing sendhen. Apatumon, wis dicepaki sega beras isih kepengin sega thiwul!

Budiono MG-Tulungagung

 

 

 

     

 

 

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Apa gunane kasuksesan yen bab kuwi ora mupangati tumrap kita, keluarga lan wong liya.

Klik

Omah Teko

Kaya apa omah impenmu? Apa sing gaya Eropa kanthi maneka saka ing njerone? Utawa pengin sing gaya minimalis nanging tetep nyaman? Kanthi ndeleng maneka inspirasi ing majalah utawa internet, para maos bisa nggathukake maneka desain saengga muncul gaya omah kang unik lan beda saka sing liyane. Salah sijine yakuwi kaya omah kang modhel teko iki? Mbokmenawa kanthi model teko iki para maos bisa nemokake ‘kehangatan’ ing njerone. (d/ist)***

Pethilan

Korupsi proyek mesjid, bupati Solok Kidul resmi ‘tersangka’

Koruptor Indonesia pancen kendel mesisan keblinger!

Prioritas masyarakat jroning blanja ritel nggeser

Dhuwite dicelengi nggo mudhik

Wong cacah 5 kang dinuga teroris dirangket ing Bekasi

Aja lena…