Target
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 41 kali

Wiwit mlebu ruwangan, wong lanang dedeg cen-dhek pawakan lemu kuwi mung lungguh sen­dhen ing kursi ukir. Polatane peteng, sajak lagi mikir sawijining perkara ngremit. Wong la­nang loro lungguh madhep dheweke. Ing ndhuwur meja cuma­wis kopi panas telung gelas sing mentas diladek­ake wanita setengah tuwa.

Kanggo sawetara wektu swasana ing ruwangan kuwi krasa kaku. Wong lanang cendhek lemu du­rung kume­cap, sajak isih ketungkul karo pengangene dhewe. Se­mono uga wong lanang loro kuwi uga mbi­su, ora wani ndhisiki ngomong. Wong-wong kuwi memper reca re­renggan ruwangan.

Wong lanang cendhek lemu nggre-sah. Banjur menyat saka kursine lan jumangkah alon nyedhaki prenahe cendhela. Dibukak ngeblak. Angin wengi nyempyok raine. Nanging ora suwe banjur bali lungguh menyang kursine sekawit.

“Diombe, mumpung isih panas,” ka­wetu guneme karo ngranggeh kopi  ing meja sangarepe. Disruput sithik, sisane banjur diseleh ing papane sekawit. Wong lanang loro sing ditawani manthuk ba­reng. Tangane meh bareng njupuk we­dang banjur diombe.

“Danang, Bayu, kowe ngerti ngapa tengah wengi iki dakceluk mrene?” pi­takone anteb.

Wong lanang loro sing diundang Da­nang lan Bayu ora mangsuli. Pa­nya­wange katujokake marang wong lanang endhek lemu kuwi.

“Bengi iki kowe sakloron dakceluk mrene awit ana masalah sing kudu di­rampungi.”

“Masalah apa, Pak Bramantyo?” pita­kone Danang.

Bramantyo ora age wangsulan. Ta­ngane ngrogoh rokok ing sak clanane. Dijupuk sakler, banjur disumed. Keluke kanggo dolanan. “Ana masalah serius sing kudu dakkandhakake marang kowe sakloron,” kandhane keprungu rada abot.

“Masalah apa kuwi, Pak?” Bayu nle­sih.

Bramantyo tumenga, nyawang  lam­pu kristal ing ndhuwur sirahe “Iki ma­salah sing ora kena disangga entheng.”

“Genahe piye?”

“Masalah iki ana sambung rapete ka­ro proyek infrastruktur ing kutha iki. Pro­yek kanthi anggaran sing ora sethithik kuwi saiki wiwit diuthik-uthik,” Bramantyo nyeceg rokoke ing asbak senajan isih ra­da dawa.

“Sapa sing wani nguthik-uthik, Pak?” Danang  miterang.  

Bramantyo nyawang tajem wong loro ing ngarepe sajak njajagi atine.

“Sapa sing wani nguthik-uthik?” Bayu  ora sranta.

“KPK,” ucape kedher.

Danang lan Bayu sakala njegreg. Le­lorone pandeng-pandengan. Ora nyana yen proyek sing wis dianggep aman kuwi konangan KPK.

“Yen nganti lembaga antirasuah kuwi mlebu tenan, ateges kiyamat tumrap………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita sukses, bakal akeh ‘kanca palsu’ lan akeh ‘lawan nyata’. Ora usah perduli, tetepa dadi wong sukses apa wae kahanane!

Klik

DESA KANTHI PENDHUDHUK GOLEKAN

Desa Nagoro kang ana ing Jepang ndhisike dipanggoni atusan kepala keluarga. Nanging saikine kabeh mau wis owah. Sing ngenggoni mung puluhan wae, sing liyane wis padha tilar donya. Sing rada aneh saka desa iki, amrih ora sepi merga sithike pendhudhuk, akeh golekan kang dipasang ing ngendi-endi kanthi dipacaki kaya patrape menungsa tenanan. Kaya upamane lagi jagongan, nyapu, nyawah lsp. (d/ist)***

Pethilan

Kekarone capres ajeg nyapa calon pemilih

Wiwit selfie nganti aweh klambi

Anggaran pelatnas seret

Pengin emas, wenehana baki

Bab ngragati partai, parpol siap aweh data menyang KPK

Apik kuwi, katimbang menehi koruptor wae…