Sejarah lan Tatarakite Wewangunan Karaton Surakart (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 28 kali

Kanggo negesi makna sejatine Karaton Surakarta ora cukup mung kanthi mriksani sakehing wewangunan sing ana ing kompleks kedhaton lan sajroning tembok Baluwarti. Apa maneh yen mung winates nyawang bleger cakrik arsitekture. Luwih saka iku prayogane uga mangerteni sawernane kabudayan, kalebu tatacara adat istiadat sing tumeka seprene isih diugemi, lan dening karaton isih terus diupadi pangrembakane sarta lestarine. Iki, ora ateges sing siji luwih penting tinimbang liyane. Awit antarane wadhah lan isi kuwi loro-loroning atunggal sing padha wigatine. Wewangunan karaton kadidene salah sawijine wewujudaning kabudayan fisik lagi duwe makna menawa dibarengi marang kabudayan bathin kang tuwuh minangka rohe.

Kanthi mirsani wewangunan wewangunan kang ana ing njero Baluwarti, nggampangake entuk gegambaran kepriye mungguh lumakuning sejarah Karaton Surakarta sairing klawan kemajuan jamane. Kaya kang wis kita wuningan lumantar buku sejarah, Sasedane Sinuhun Sunan Amangkurat Jawa (IV) banjur digenteni putrane sing nomer sepuluh Kanjeng Pangeran Prabayasa iya GRM Sandi sing sabanjure sesebutane kanthi asma Susuhunan Paku Buwono II. Durung suwe anggone lenggah dhampar Kraton Kartasura, dumadi Geger Pacinan Ingkang Sinuhun PB II jengkar saka kedhaton ngungsi tekan Ponorogo. Senajan Ingkang Sinuhun bisa ngrebut baline karaton Kartosura saka tangane pemberontak, nanging kahanane karaton wis morak marik bosah-baseh, rusak modhal madhul ora karuwan. Kahanan papan  kang mengkono wis ora patut maneh yen dianggo papan palenggahane  ratu Mataram jalaran wis koncatan wahyuning kraton. Mula  Ingkang Sinuhun PB II banjur ngutus marang priyagung cacah papat, yakuwi  Raden Adipati Pringgalaya, Raden Adipati  Sindurejo lan Van Hohendorff supaya golek papan anyar kang cocog kanggo mbangun kraton anyar minangka gantine kraton Kartasura.

Sawise ngliwati proses kang dawa, pungkasane kasil dipilih papan kang dirasa cocog, yakuwi mapan ing dhusun Kedhunglumbu, Sala. Lemah kang  separo wujud rawa lan tegal kasebut banjur ditableg, lan wiwit dibangun. Anggone mbangun mbutuh-ake wektu rong taun, yaiku wiwit taun 1743 – 1745. Mula wewangunan sing kasil karampungake nalika iku  mung lagi telu: Langen Kathong (dalem nata), Bandengan (taman Karaton), sarta tratag rambat (pasewakan) kang kabiji paling wigati kanggo nyengkuyung tumapake peprentahan. Kepriye wae iki wis kalebu prestasi ngedab-edabi ngelingi pambangunane mung setaun. Sadurunge bisa mbangun karaton, luwih dhisik kudu ngurug rawa sing ngedhung. Kamangka, rikala semana durung paja-paja ana alat berat kanggo ngenthengake pakaryan kang abot mau.

Sabanjure,  ing dina Rebo Paing surya kaping 17 Sura taun Je 1670 Jawa utawa 20 Februari 1745) kanthi sinengkalan kang unine “Kombuling Pudja Kapiyarsi ing Nata” Susuhunan PB II ngersakake lenggah ing kraton kang anyar. Sakabehe barang pusaka wiwit saka gamelan tumekaning titihan diboyong, klebu wit ringin cilik kembar kang samengko banjur ditandhur ing satengahe alun-alun, reca-reca emas kanggo upacara, pusaka Kyai Pangarab-arab lan pusaka Kyai Butamancak, kitab-kitab pusaka, lan mriyem pusaka Nyai Setomi uga katut diboyong.

 

Perangan Karaton

Wujuding Keraton Surakarta wiwit saka gapura Gladhag nganti Gapura Gadhing mengku pasemon dhewe-dhewe minangka tuntunaning urip. Gapura Gladhag mengku karep Hanggladhag utawa narik menganggo tali tumraping kewan saka pasemon amrih bisa nguwasani hawa nafsu kang dumunung ing badan kita utawa bisaa ngendhaleni marang pepenginan kang kurang prayoga.

Sabanjure Gapura Pamurakan penere sisih elore alun alun gedhe, saka istilah Murak kang tegese ngedum asiling anggone mbeleh kewan buronan marang rakyat, sanajan durung bisa warata sumrambah sakabehing rakyat. Ing kene mengku karep budaya Karaton Surakarta ora dikeparengake ngrayah nanging kudu narima ing pandhum.

 

Alun alun

Saperangan lemah kang bawera sarta dikebaki pasir kanggo wong kang liwat bisa krasa panasing srengenge ing wayah awan, lan adhem ayem ing wayah bengi. Awit saka iku alun alun mengku karep kahanan donya kang anane mung loro, yaiku padhang lan peteng, seneng lan susah, sugih lan mlarat, lsp, dikarepake supaya ora tansah diobat-abitake ing kahanan. Kajaba iku alun alun uga merlambangake longgaring dhadha amrih bisa kagungan ati kang sumeleh

 

Wit Ringin Sakembaran

Ing tengahing alun alun katandur wit ringin loro utawa sakembaran kang digawa saka kraton Kartasura biyene awujud pepethan. Dene kang nandur Pepatih dalem Adipati Pringgalana lan Sindureja saka dhawuh dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwono II sawise boyongan karaton menyang Desa Sala.

Wit ringin kasebut kawastanan Dewandaru lan Jayandaru, minangka lambang pangayoman sarta keadilan, dene nganti tekan seprene akeh  digunakake tumrap rerangkening pasren  temanten awujud Kembar Mayang, kanthi karep murih wong kang nambut silaning akrami bisa ngayomi lan nindakake keadilan sajroning mbangun balewisma utawa mbangun keluwarga. Dadi cetha yen ngawur menawa ana sing ngandhakake yen pasren Kembar Mayang kuwi nulad saka ajaran agama Hindhu. Iki genah toni(waton muni), pasren kembar Mayang iku wulangan saka budaya Jawa asli.

 

Pagelaran Sasana Sumewa

Wewangunan pagelaran minangka papan pasowanan Pepatih dalem klawan nara praja asipat bupati ngrancang sarta ngepyakake Undang Undang Negara. Awit saka iku, papan kasebut kang dikarepake yaiku peraturan peraturan ing praja Kejawen kang diarani Tatakrama lan Kasusilan. Dene kang dikersakake  amrih ing sajroning bebrayan dibutuhake aturan aturan tatakrama sarta kasusilan minangka ciri wancining kabudayan Jawa, kaya kang dipangandikakake dening Sampeyandelem Ingkang Minulya Ingkang Wicaksana Kangjeng Susuhunan Pakubuwono Kaping X, menawa Kuncara Ruming Bangsa dumunung ana ing Luhuring Budaya,

 

Siti Hinggil

Sabanjure saka Pagelaran Sasanasumena mlebu maneh tumuju marang papan kang luwih dhuwur tinimbang alun alun diparingi tenger Siti Hinggil (Sitinggil), mengku surasa sawuse kita bisa ngleksananake tuntunan wiwt saka Gapura Gladhag, Pamurakan, Alun alun. Waringin kurung, Pagelaran banjur munggah pangkat ateges kita nduweni kadewasan ing jiwa yaiku bisa ngendheg sipat gampang muring (nesu). Ana Candhake

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita sukses, bakal akeh ‘kanca palsu’ lan akeh ‘lawan nyata’. Ora usah perduli, tetepa dadi wong sukses apa wae kahanane!

Klik

DESA KANTHI PENDHUDHUK GOLEKAN

Desa Nagoro kang ana ing Jepang ndhisike dipanggoni atusan kepala keluarga. Nanging saikine kabeh mau wis owah. Sing ngenggoni mung puluhan wae, sing liyane wis padha tilar donya. Sing rada aneh saka desa iki, amrih ora sepi merga sithike pendhudhuk, akeh golekan kang dipasang ing ngendi-endi kanthi dipacaki kaya patrape menungsa tenanan. Kaya upamane lagi jagongan, nyapu, nyawah lsp. (d/ist)***

Pethilan

Kekarone capres ajeg nyapa calon pemilih

Wiwit selfie nganti aweh klambi

Anggaran pelatnas seret

Pengin emas, wenehana baki

Bab ngragati partai, parpol siap aweh data menyang KPK

Apik kuwi, katimbang menehi koruptor wae…