Dina Riyaya Nyepi 2019
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 23 kali

Sadurunge dina Riyaya Nyepi taun 2019, wartawan PS ngeterake ibu-ibu PKK Grup Gemolong, Sragen, nekani obyek wisata Denpasar Bali. Wektu itu wartawan PS ditimbali Bu Wakil Pembina PKK didhawuhi ngancani rombongan ibu PKK ing Pulo Dewata. Rikala semana sa­lah sijine ibu PKK (garwane pak Senen­tyo) asli putri Bali jenenge Ni Luh Angga rawari kang ngasta ing Koperasi “simpan pinjam”. Tujuwan  sekawit para ibu-ibu PKK kepingin nyumurupi obyek wisata Bedugul, Tanah Lot, Guwa Gajah, Pura Besakih, Guwa Lawa, Garuda Wisnu Ken­cana. Sarta Trunyan Kitamani, babagan obyek wisata mau tumrap wartawan PS wis pana dhaerah Pulo Bali. Luwih-luwih wartawan Panjebar Semangat duwe penginapan neng Denpasar Bali, senajan mung cilik tur ora pati apik. Sing narik ka­wigatene para ibu PKK mau, ing dina sadurunge Dina Riyaya Nyepi, katon ma­syarakat wewengkon Bali padha sibuk anggone tata-tata kanggo mahar­gya di­na Nyepi. Kegiatan warga Bali, wektu iku kudu nyepakake kebutuhan utawa uba­rampe kanggo keperluane, dina Riyaya Nyepi ing kalodhangan mau, Bu Ni Luh Anggarawati wektu isih ngukuhi pera­dapan agama Hindhu. Kudu nata uba­rampe sesaji kanggo sembahyangan ing pura, saiki jamane wis beda, Bu Ni Luh Anggarawati saiki wis malih dadi wanita “muslimat” mawa krudhung, saploke da­di garwane Senentyo, kang ngasta dadi pengacara. Jroning crita Bu Ni Luh Ang­garawati ngandharake, rikala isih legan (durung duwe garwa) wektu mengeti Riyaya Nyepi bebarengan klayan masyarakat Bali nindakake “Pencaruan Agung”. Kanthi nindak­ake upacara Nyepi, Bu Ni Luh Angga­rawati rikala isih ngrengkuh agama Hindhu Bali, bisa nindakake penge­tan Riyaya Nyepi sing kudu dijunjung dhuwur, trep karo keyakinane se­kawit.

Wektu iku Bu Ni Luh Anggarawati jroning crita ngandharake, penge­tan Riyaya Nyepi, yaiku dina sing pa­ling Agung tumrap para umat Hin­dhu Dharma ing Indonesia. Kanthi njunjung aspek keyakinan, saengga nggawa panguripane para umat Hindhu saya luwih mantep. Upacara ritual lumantar “Tawur Agung”, umat Hindhu padha nindakake peri­badhatan lan ora uwal saka cecawis sesaji. Kanggo renungan suci lan teteki tumuju penyepian, para umat Hindhu ora kena nyambut gawe (ama­ti karya), ora kena mlancong (lelungan) saka ngomah. Kejaba iku para umat Hindhu ora kena adu jago (tabuh rah), kang diarani “Ceremonial Balinese Cooktighting”. Kabeh kudu manut tatanan lan paugeran agama Hindhu. Ing taun iki umat Hindhu Bali, padha mahargya Taun Anyar Saka, kang ditindakake ing saben setaun sepisan, saengga dadi pathokan kalender taunan. Tujuwan kang baku, pengetan Riyaya Nyepi tumrap umat Hidhu Bali kanggo reresik jiwa raga lan nindakake kabecikan kanggo mapag tekane “Tahun Baru Saka 1941” (Ritual Prayascita). Ing saben papan periba­dhatan ing kawasanBali, kabeh kudu nindakake upacara Melasti sing digu­nakake dening agama Hindhu. Saban­jure Bu Ni Luh Anggarawati nambahake katrangan para umat Hindhu kudu ngenut paugeran kang ditemtokake saka rakitan kapiadelan ing Pulo Kahyangan (Bali) “Masyarakat Hindu ing Pulo Kahyangan, kang mengeti dina Riyaya Nyepi wis lumaku ewonan taun kepung­kur”, tandhese Bu Ni Luh Anggarawati ma­rang ibu-ibu PKK.

Ing Pulo Dewata, Pengetan Riyaya Nyepi mujudake takeran panguripan ma­syarakat Bali kanggo golek kamulyaning urip ing alam kasuwargan jati (Nirwana). “Dina Riyaya Nyepi manut kalender tiba tanggal 1 (siji) sasi Kedasa taun 1941 Saka utawa sasi mati kang diarani sasi Catra”, pratelane Bu Ni Luh Anggarawati, sinambi nudingi papan peribadatan ing pura Besakih. Pengetan Riyaya Nyepi dipahargya utawa dipengeti kanthi we­ninge ati suci lan ngilangi loba, kama, kro­dha, moha lan matsarya. “Kabeh aturan mau saka pengetan Riyaya Nyepi kang dadi pathokan saka Kanwil Agama Hindhu Bali”, pratelane Bu Ni Luh Angga­rawati kanthi mantep. Katerangan sate­ruse babagan Riyaya Nyepi mau, ibu-ibu PKK sajake kepranan banget, kacetha akeh sing padha takon kegiatane penge­tan mau.

 

Pencaruan Agung

Jroning Pengetan Tahun Baru Saka yai­ku dina agung tumrap umat Hindhu, mligine ing wilayah Propinsi Bali. Nilai spiritual kang dadi panutane para umat Pulo Dewata, bisa lumaku tekan sepre­ne, malah kepara dadi “kalender Nasio­nal” utawa kalender “penetapan” dina libur. Tumrap para pegawai negeri “selu­ruh Indonesia”, pusat agama Hindhu ing Indonesia mung ing Pulo Bali, engga ke­giatan utawa pengetan Dina Riyaya Nyepi bisa lumaku lancer.

“Hari Raya Nyepi sasi Waisaka utawa sasih Kedasa lan katutup taun 1941 (tanggal 7 Maret 2019) utawa sasi Catra kang diarani wulan mati (Sasih Kesa­nga). Pengetan agama Hindhu ing Bali, ngrunut aturan saka Pariwisada Hindu Dharma kanthi ati seneng sarta ten­trem. Kabeh war­ga masyarakat Bali padha nin­dakake “periba­datan” mengeti upacara ritual Di­na Nyepi kanthi meriah, diajab bisa kanggo ngre­siki rereget jiwa, lumebere aweh pangapura marang sanak kadang lan me­mi­­tran”, andha­rane Bu Ni Luh Anggarawati (mantan penganut Agama Hindhu Bali), wektu ngliris upacara Hari Raya Nyepi taun 2019.

Sabanjure Bu Senentya, nerusake critane, para warga pendhudhuk Bali pa­dha nindakake 4 (patang) perkara sing kudu ditindakake. Sepisan, yaiku Melis utawa Mekiis pas dina pangklong 13 (telulas) utawa tanggal 18 (wolulas) ing taun Waisaka. Tegese bisa kanggo nyucekake arwah para leluhure, pang­lima nganti tumeka bisa ngukuhi paling­gih (papan peribadatan). Kanthi nindak­ake upacara baku menyang segara, kali, tempuran, pesisir lan kabeh mata air kang jumbuh karo paugeran lan tatanan, agama Hindhu. Ping pindhone, nindakake Mencaru utawa upacara Bhuta Yajus Tawur Kesanga. Ngepasi wektu tilem sasih kesanga, wektu iku mujudake pa­nutan (tuntunan) peribadatan. Tumuju tahun baru Saka sing tansah dianti-anti dening umat Hindhu Bali, ing upacara mau ka­tindakake “Paca­ruan Maha Agung”, kanthi tujuan kanggo menehi korban Bhuta Ka­la, supaya ora ngganggu para manungsa. Upa­cara iki mapan ing prapatan pe­dhusunan, sing diarani “Tawur Kesanga” lan ing pura-pura (pa­pan sembahyangan). Rampung upacara mau nuli katindakake upacara “Biakala”, kanthi reresik kalbu dening para Kepala Keluwarga (KK) mligine wong tuwa sing wis pana (Sat Ripus). Manut underan agama Hindhu, warga Bali kudu bisa tumindak becik lan kudu bisa ngilangi tumindak ala (momok). Kapitayan sing kudu ditindakake, ora lingsir saka semedi (sembahyang) lan bisa nggayuh kamul­yane urip, kanthi ritus suci utawa tumin­dak becik. Kaping telune miturut Kepala Pariwisuda Hindhu Dharma Bali kudu bisa nindakake 4 (patang) perkara, yaiku ora kena madhangi papan, ora kena nyambut gawe, ora kena lelungan lan kudu nyingkiri hawa nafsu (malima). Lelaku kaya ngene iki warga Bali padha ngarani “ngembak geni”. Sateruse umat Hindhu Bali kudu sanjan-sinajan (kunjungan) kerabat lan padha mahayubagya tekane Taun Baru Saka. Kunci utawa kudu guyub rukun lan nengenake rasa seneng kang diarani “Dharmasanti” sarta nuwuhake paseduluran kanthi padha dening ngur­mati. Ping pate, para masyarakat Pulo Kahyangan kudu bisa mapanake ritus kertayasa, ritus makarya sarta ritus peri­badatan marang sesembahane Hyang Widi Wasa kang bisa entuk hakiki penye­pian. “Mulane para umat Hindhu kudu tan­sah marhona utawa sumendhe marang Jawata Gung lan bisa nambahi katentreman jati dhiri” mangkono runutan saka Bu Ni Luh Prameswari sinambi nyawang kiprahe para umat Hindhu ing Pura Besakih, sabubare Riyaya Nyepi.

(dewi setyowati)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita sukses, bakal akeh ‘kanca palsu’ lan akeh ‘lawan nyata’. Ora usah perduli, tetepa dadi wong sukses apa wae kahanane!

Klik

DESA KANTHI PENDHUDHUK GOLEKAN

Desa Nagoro kang ana ing Jepang ndhisike dipanggoni atusan kepala keluarga. Nanging saikine kabeh mau wis owah. Sing ngenggoni mung puluhan wae, sing liyane wis padha tilar donya. Sing rada aneh saka desa iki, amrih ora sepi merga sithike pendhudhuk, akeh golekan kang dipasang ing ngendi-endi kanthi dipacaki kaya patrape menungsa tenanan. Kaya upamane lagi jagongan, nyapu, nyawah lsp. (d/ist)***

Pethilan

Kekarone capres ajeg nyapa calon pemilih

Wiwit selfie nganti aweh klambi

Anggaran pelatnas seret

Pengin emas, wenehana baki

Bab ngragati partai, parpol siap aweh data menyang KPK

Apik kuwi, katimbang menehi koruptor wae…