Indonesia wis ngalami UGD uwuh plastik
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 86 kali

Uwuh plastik ing negara kita wis ngancik UGD (Unit Gawat Darurat). Menawa kanthong blanja saka plastik ora dilarang, bisa-bisa salumahing segara Samudra Indonesia dikebaki uwuh plastik. Pemerintah lagi nggodhok aturane, kebijakan Pemda-Pemda kanthi kantong plastik berbayar rikala blanja, sengara bisa nyuda pencemaran lingkungan. Ning nutup industri plastik uga ngancam pengangguran.

JAMAN dadi murid (saiki peserta didik – Red) kelas V PGA Negri Yogya­karta taun 1968, seminggu pisan ana mapel PD (Pendidikan Jasmani) mapan ing lapangan Mancasan, Wirobrajan. Gu­ru­ne Pak Pedro Sudjono, kang uga anggota Teater Muslim langganan sinetron TVRI Pusat. Wektune wayah esuk jam 08:00. Olahraga sinambi ngru­ngokake lagu “Walang Kekek”-e Wal­djinah saka radio, jan krasa laras te­menan.

Pak Pedro nate duka marang kancane penulis aran Musiran saka Gunung Kidul, sebab saben mapel PD, mbolos. Pas teka kontan diurus! Geneya pirang-pirang minggu ora melu PD? Wangsulane jujur sajak tanpa dosa, “Kula kulakan plastik wonten peken Beringharjo Pak, badhe kula sade wonten Wonosari.” Tanpa ngang­go ngendika, astane Pak Guru kontan ngeplak sirahe kancaku; plakkkk....

 

Revolusi plastik

Jaman semana sing jeneng plastik pancen isih aran langka, mula diedol ing karang padesan isih akeh sing tuku. Yen mangsa udan kena kanggo kudhungan, gantine godhong gedhang apa senthe. Jaman semana jas udan racake saka karet, diarani mantel. Nanging kandel nggedibel. Beda karo plastik, digawe jas udan entheng lan praktis. Ning ya kuwi, senajan jenenge jas, aja pisan-pisan dienggo kondangan, mengko diarani cah kenthir!

Ngancik taun 1970, revolusi plastik wiwit dumadi. Piranti rumahtangga bangsane rantang, lodhong (toples), piring, gelas, jeriken minyak, kranjang, tas, koper, sandhal, tambang lan liya-liyane; wis padha digawe saka plastik. Bakiak apa gapyak saka kayu wis ora ana, ganti sandal plastik Nilex apa Lily. Wong desa wis wegah gawe tali saka lulup (kulit ari-ne waru), wong wis ana tali plastik rapia, nyaingi rambutan rapia!

Dolanan bocah uga mengkono. Mobil-mobilan, motor-motoran, sepur-sepuran dalah ril-e, topeng-topengan, woh-wohan, batan-batanan, raket dalah kock-e pisan; kabeh saka plastik. Bocah saiki wis ora tepung karo topeng saka kerdus sing dicet abang, manuk-manukan saka lemah. Kabeh mainan weton toko, sing diproduksi masal dening pabrik, dadi luwih murah pancene.

Dalasan piranti pertukangan uga meng­kono. Gorok, gorong sentheng, wa­terpas, tatah, martil, obeng, tang, siku; kabeh saiki gagange uga saka plastik. Sepeda motor dalah mobil, akeh piranti bodi lan asesories-e kabeh saka plastik. Wis ta, apa wae sarwa plastik, nganti beras saka plastik sarta iwak paus mati ing Wakatobi (Sulawesi Tenggara) mer­ga sarapan plastik, nate dadi pekabaran anget.

Mangka sing jeneng plastik mono, uwuhe ora bisa lebur manunggal karo lemah, ora bisa “diurai” basane Indonesia. Manut panemune para ahli, uwuh plastik nembe bisa ancur mbutuhake wek­tu 200 taunan, jalaran plastik iku mujudake senyawa organik kang dumadi saka atom karbon. Krana mengkono yen uwuh plastik produk taun 1970-an, nem­be taun 2170 bisa lebur. Mangka jarene sawenehing Capres, Indonesia wis bubar kukut taun 2030.

Yen uwuh plastik mau kependhem jero, ora nganti ngrusak lemah ing ndhu­wure, klebu tetuwuhan. Sing membe­yani, yen uwuh mau keli mlebu saluran utawa selokan. Lupute gawe banjir, bisa kaya lagu Bengawan Solo-ne Gesang: sampah plastik riwayatmu kini, meng­hanyut sampai jauh, akhirnya ke laut! Wujude wis maneka rupa, ana sing kan­thong, gelas, nganti meja-kursi. Rikala uwuh plastik wis kemplek-kemplek melu ngebaki segara, temahan data Jambeck (2015) nyebutake, Indonesia “juwara” donya kapindho sawise RRT. Uwuh Cina tekan 262,9 juta ton, dene uwuh-uwuh RI sing tekan segara ora kurang saka 187,2 juta ton.

 

Gawe bingunge Aprindo

Rong taun kepungkur, pase sasi Fe­bruari 2017, sewelas kementrian kumpul ing Hotel Borobudur, Jakarta, kanggo ngrembug tumpukan uwuh plastik ing se­gara sing wis ngancik UGD kasebut. Ke­sebelasan kementrian mau yaiku: Ke­menterian Lingkungan Hidup & Kehu­tanan (KLHK), Kementerian Kelautan & Perikanan (KKP), Kementerian Pekerjaan Umum, Kementerian Perindustrian, Ke­mentrian Riset & Teknologi Pendidikan Tinggi, Kementerian Dalam Negeri, Ke­menterian Luar Negeri, Kementerian Pen­didikan & Kebudayaan, Kementerian Pariwisata, sarta Kementerian Perhubu­ngan.

Kejaba kordinasi carane ngendhaleni uwuh plastik, uga aweh edukasi marang bebrayan supaya bisa ngowahi pakulinan mbuwang uwuh, mligine plastik. Sewe­las kementrian rembug bareng amarga kabeh ana sambung-rapete. Tuladhane, tanpa guna Kementrian PU mbangun infrastruktur jalan tol nganti bendungan, yen wekasane rakyat tetep sakepenake mbuwang uwuh. Yen wisnu (wisatawan nusantara) lan wisman (wisatawan man­ca) dadi wegah teka, sing ketaman Ke­mentrian Pariwisata, merga target kun­jungan ora nyandhak.

Kementrian Dalam Negeri melu dijak rembugan kanthi pamrih supaya, wali­kota, bupati nganti gubernur gawe regu­lasi (aturan) kanggo ngendhaleni uwuh plastik. Awit yen ora ana Perda-Perda sing melu ngatur per-uwuhan, rakyat sing arai plastik, tegese tanpa isin mbu­wang uwuh sak enggon-enggon, ora ba­kal ana kapoke. Jer nyatane, senajan ana sanksi denda, tetep padha nyolong-nyolong mbuwang uwuh ing papan sing dadi larangan.

Sapatemon sewelas Kementrian ing Jakarta mau satemene mung kanggo  nyeng­kakake program Kementrian LHK. Sebab taun sadurunge ing ngendi-endi wis ana gerakan perang mungsuh uwuh plastik. Ketitik ing toko-toko lan minimar­ket wong blanja kudu nggawa kanthong dhewe, utawa mbayar saben kanthong plastik Rp 200,- nganti Rp 500,- Ning ya kuwi, program kasebut mung “panas tai ayam” alias mung sakrempyengan. So­ale, timbang ribet nggawa kanthong seka ngomah, ya trima kalah dhuwit Rp 200,-

Pehak Aprindo (Asosiasi Pengusaha Ritel Indonesia) satemene ora mathuk karo SE (Surat Edaran) pemerintah sing ngatur kanthong plastik mbayar kuwi mau. Awit Pemda siji lan sijine banjur pa­dha gawe kebijakan dhewe, sing tumrape Aprindo malah dadi mbingu­ngake. Ana Pemda sing masang rega kanthong plastik Rp 1.500,- nganti Rp 5.000,- ana uga sing babar pisan ngla­rangi kanthong plastik.

 

Pindhane woh simalakama

Temahane aturan saka pemerintah mau dadi rog-rog asem, sedhela katon ana grengsenge, nanging sedhela maneh wis kendho. Kaya sing dumadi ing DKI Jakarta, senajan Pemprov majibake toko-toko lan minimarket nggunakake kantong plastik berbayar, nanging wis nyepakake aturan liya sing luwih galak. Mengkone toko-toko sing nyepaki bungkusan plastik bakal kena denda antarane Rp 5 juta nganti Rp 25 juta.

Mesthine aturan kuwi sing ngecakake ora mung Jakarta, nanging uga daerah-da­erah liyane. Menawa anggota Aprindo sing gunggunge nganti 40.000 saindhe­nge Indonesia kabeh padha niru Jakarta mengkone, istingarah program Kementri­an LHK bakal ana kemajuwane. Awit pe­merintah dhewe ngakoni, bisane mung nyuda produksi uwuh masarakat, dudu ngi­langi babar pisan! Taun 2019 iki upa­mane, Kementrian LHK mung nargetake, bisa ngu­ra­ngi produksi uwuh masyarakat 25 persen.

Yen ndulu data saka Kementrian LHK, produksi lan prediksi uwuh plastik nasio­nal jan ora kodal! Indonesia ing taun 2019 iki, uwuhe bakal tekan 68 juta ton, lan sing saka plastik nganti 9,52 juta ton utawa 14 persen dhewe. Uwuh plastik iki wekasane akeh sing ngebaki segara. Saka 100 anggota Aprindo wae, jroning setaun wis kasil nyumbang uwuh plastik nganti 10,95 juta lembar. Iki padha karo 65,7 hektare kantong plastik utawa ping 60 ambane lapangan sepak bola. Lan yen 40.000 anggota, dadi pira?

Salugune mbrastha uwuh plastik dinane iki padha karo mangan woh sima­la­kama. Dipangan bapak sing mati, yen ora dipangan biyung sing ngemasi. Awit yen plastik dilarangi tumrape wong blan­ja, toging ngendhon bakal mateni pabrik plastik. Suwalike yen dijarke wae, uwuh plastik bisa ngrusak lingkungan lan ma­te­ni titahe Sanghyang Baruna ing segara. Saiki wae wis akeh iwak segara padha mati amarga nggadho sandal jepit lala­pan piring plastik.

Kabare saka Bali wis ditemokake kan­thong ramah lingkungan, amarga baha­ne saka singkong. Prayogane iki bisa di­produksi nasional, dadi garapane pabrik plastik sing bakal nganggur yen plastike dilarangi. Kira-kira iki kapan bisa mau­jud? Mendah asrine segara Indonesia, mideringrat angelangut, lelana nja­jah nagari, mubeng tepining samodra, uwuh plastik sampun sepi…… n

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Apa gunane kasuksesan yen bab kuwi ora mupangati tumrap kita, keluarga lan wong liya.

Klik

Omah Teko

Kaya apa omah impenmu? Apa sing gaya Eropa kanthi maneka saka ing njerone? Utawa pengin sing gaya minimalis nanging tetep nyaman? Kanthi ndeleng maneka inspirasi ing majalah utawa internet, para maos bisa nggathukake maneka desain saengga muncul gaya omah kang unik lan beda saka sing liyane. Salah sijine yakuwi kaya omah kang modhel teko iki? Mbokmenawa kanthi model teko iki para maos bisa nemokake ‘kehangatan’ ing njerone. (d/ist)***

Pethilan

Korupsi proyek mesjid, bupati Solok Kidul resmi ‘tersangka’

Koruptor Indonesia pancen kendel mesisan keblinger!

Prioritas masyarakat jroning blanja ritel nggeser

Dhuwite dicelengi nggo mudhik

Wong cacah 5 kang dinuga teroris dirangket ing Bekasi

Aja lena…