Kesenian Rakyat Sukamantri, Ciamis
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 76 kali

Bebegig, Hubungane Karo Alas Kramat Tawang Gantungan

Bebegig, kesenian khas rakyat Kecamatan Suka­mantri, samengko nembe moncer. Seni topeng apaes raseksa sarta maneka ka­rakter monster medeni liyane iki kena diarani dadi salah siji ikone Kabupaten Ciamis, Jawa Kulon. Saben ana event kesenian, atraksi Bebegig ajeg melu tampil, lan bisa dipesthekake paling nyedhot kawigaten. Sukamantri kape­tung kecamatan paling lor, mapan ana gigire Gunung Madati. wewatesan karo wilayah Kabupaten Majalengka. Dohe saka Kutha Ciamis udakara 50 km.

Beda klawan jinis-jinis topeng Panji sing ukurane pas sakrai, topeng Bebegig ora lumrah gedhene. Pisanan biyen, ujaring kandha digawe saka klika kayu. Nut perkembangane jaman banjur migunakake kayu mahoni, utawa albasia glondhongan. Bahan kayu wutuhan njalari  topeng bisa kaentha wangun 3 dimensi,  saengga dadi luwih endah sar­ta ekspresif.

Topeng Bebegig kanggo paraga dewasa abote racak 60 kg. Nyunggi ba­rang semono, gek isih karo linceg-linceg jejogedan, cetha mung bisa ditindakake dening pawongan sing temen-temen wis terlatih. Dene bocah-bocah disedhiyani topeng-topeng rada cilik ‘mung’ bobot 30-an kilo.

Ngelingake marang Leak dalah Ogoh-ogoh Bali, topeng Bebegig gagrag anyar umume uga njupuk rerupan medeni, kaya ta buta, dhemit, barong, kala ma­kara, kewan-kewan mitologi, sarta karakter-karakter sangar sajinise. Ditonton saka cakrik lan bentuke, topeng-topeng Begegig cetha dipengaruhi seni tatah sarta figur-figur wayang golek Sunda. Iki bisa dipahami jalaran Ciamis pancen kalebu wewengkon kabudayan Pasundan.

Murih luwih sereme, topeng Bebegig karias maneka tuwuhan liar. Rambut gimbal ngrembyak dawa dironce saka kembang rotan badhak. Caruluk istilah lokale. Sauntara kuwi gegodhongan hahapaan, waregu – jinise palem alasan – sarta kekembangan bubuay, kasusun memba mekutha. Bahan-bahan iki, kalebu ijuk kawung, utawa duk wit aren, olehe golek neng alas Sukamantri. Terkadhang kudu nglanjak nganti tekan alas Gunung Sawal.

Duk aren digunakake minangka sandhangane paraga Bebegig. Carane, ijuk kawung diblebetake warata badan sakojur. Supaya ora udhar nalika dianggo polah lunjak-lunjak, ing perangan-perangan tinamtu dirut tali singset. Paraga ora perlu ndadak ngliga cucul pakeyan. Tanpa dilapisi kathok-klambi, kena dipesthekake bakal perih kerogen kecocok duk kang landhep nggateli. Kesan sing muncul tan beda gen­­druwo  ngejawantah. Awak ireng ke­bak wulu kasar dhiwut-dhiwut, mata men­dolo, lambe kandel nyengenges ngatonake untu lancip pindha parang curi, siyung modot sagedhang kluthuk.

Saben kumrembyah Bebegig ajeg nuwuhake swara ritmis thung-thong, thung-thong, crang-cring, crang-cring. Uni kuwi asale saka gentha kayu lan gelang klinthing. Gentha, mbokmenawa luwih trep disebut klonthong kalung sapi kanthi ukuran kliwat gedhe – kolothok, istilahe lokal – digandhulake tiba mbokong. Dene klinthingan dianggo gelangan tangan sarta sikil karo pisan, kaya sing biyasa digunakake para penari Ngremo. Ka­wimbuhan iringan sawetara instrument gamelan sarta bedhug, ndadekake atrak­si Bebegig krasa mriyah lan ngundang kawigaten.

 Manut gothek, asal-usule Bebegig rapet gandheng cenenge klawan alas larangan Tawang Gantungan. Uga asring disebut Karang Gantungan, alas jembare 3,5 ha neng  puncake gumuk – dhuwure kira-kira 1.200 meter salumahe segara – iki dipercaya warga Sukamantri tilas karatone eyang Prabu Sampulur. Sugih sumber banyu gung, ilen-ilen saka Alas Karang Gantungan diandelake minangka oncoran pesawahane kawula tani ing sikile gumuk.

Khuwatir sumber-sumber banyu alami kasebut, embuh kapan mengko, bisa wae rusak merga pokale menungsa, Prabu Sampulur nuli pasang walat. “Panjenengane ada-ada gawe  Bebegig. Topeng-topeng klika kayu medeni kuwi, karenggan rambut duk aren, lan ge­godhongan bubuay dalah waregu, di­deg­ake neng wit-witan ge­dhe. Sinawang saka ka­dohan persis dhedhemit nem­be adhang-adhang mang­sa,” ucape Ii Kuswara (50).

 

Disanggarake Neng Kramatan

Cara mau pranyata am­puh kanggo nuwuhake kesan Karang Gantungan iku we­weng­kon wingit, punjer dhangkane mahluk-makhluk alus. Satemah arang ana pawongan kang wani lanyo-lanyo mlebu ngalas. Apa ma­neh kanthi tujuwan gawe rusak. Iki njelasake, geneya sumber banyu ing Karang Gantungan lestari engga seprene. “Nganti saiki warga Suka-mantri isih percaya marang walate Karang Gantungan. Sing sapaa kuma­wani ngganggu tetuwuhan lan wit-witan alas larangan kuwi bakal kena memala, ora slamet uripe,” sambunge Kepala Desa Sukamantri kasebut.

Cucu Panji Suherman (47) nambah­ake, minangka tedhak turune eyang Prabu Sampulur, masyarakat Sukamantri ngrumangsani wajib njaga, nglestarek­ake, lan sabisa-bisa ngrembakakake seni tilaran leluhur mau.  “Meh saben warga duwe topeng Begegig,” ujare. Cucu nga­ku bapak lan simbah-simbahe biyen mu­judake seniman pelaku Begegig. Ketang tresnane marang kesenian iki, dheweke nekad ninggalake pakaryane minangka montir ing sawenehe bengkel mobil neng Bandung.

Taun 2003 Cucu mulih menyang desane, Sukamantri, saperlu adeg Pa­dhe­pokan Baladewa. Saka tangane lair topeng-topeng kreasi. Kabisane mau ditularake marang para kanoman neng desane. “Tanpa regenerasi Bebegig pantes dikhuwatirake bakal cures, kaya sing dialami umume kesenian-kesenian tradhisi,” kandhane.  Ing Sukamantri wektu samengko ana sethithike 5 komunitas kang nguri-uri kesenian tradisi karuhun iki. Saliyane Baladewa, 4 padhepokan liyane yaiku Padhepokan Prabusampulur, Bragajati, Batara, lan Padhepokan Margadati.

Netepi adat kupiya topeng-topeng anyar ora bisa langsung dinggo pentas. Nanging disanggarake luwih dhisik neng kramatan angker telung dina telung bengi. Sawise kuwi diarak rame-rame mubeng desa. Uwal saka ana orane pengaruh kekuwatan magis saka proses laku ritual kasebut, para paraga Begegig racake ngaku babar pisan ora ngrasa kesel lan abot nyunggi topeng bobot 60 kg sasu­wene njoged jam-jaman suwene.

Jare Cucu Panji Suherman, Bebegig satemene istilah lawas kang digunakake masyarakat Jawa Kulon kanggo njenengi memedi sawah panulak ama tetanen. Kaya lumrahe memedi sawah ing sadhengan papan, Bebegig uga dibentuk saka damen kaemba wangun wong-wongan. Liwat tali-tali dawa wong-wongan kasebut bisa diobahake. Saben disendhal, blek, umplung, trontong isi krikil sing gumandhul ing sadawane tali katut gerak, nuwuhake swara rame. Satemah manuk-manuk emprit kang lagi neba nyisili pari, kaget banjur mabur ngadoh.

Kuwi kira-kira sebabe seni Begegig dhek biyen mulane luwih asring digelar nalika wayah panen pari. Nitik aksesori tuwuhan, sarta kolothok kebo kang di-gunakake, seni topeng iki cetha mu-judake tradisi agraris. “Kanggo mbe-dakake, memedi sawah disebut masyarakat begegig ngono wae. Dene seni topeng Begegig dijenengi Begegig Sukamantri, utawa Begegig Nyeker. Awit, paraga pelakune ora srandhalan utawa sepaton, alias sikil cekeran,” ujare.

Cucu nambahake, lebar taun 1945 Begegig Sukamantri ajeg ditampilake pendhak 17  Agustus, jroning rerangken mengeti kamardikan RI. Sing luwih mongkogake, pentas job uga wiwit ndlidir. Undangan ora ngemungake saka pamarentah kabupaten utawa kutha, mligine stlatah Jawa Kulon. Warga sing nembe duwe gawe kajatan uga asring ngundang kelompok Begegig Nyeker.

Najan mengkono, Cucu Panji Suherman blaka, sacara etung-etungan ekonomis seni tradisi topeng Bebegig durung kena kanggo cagaking urip. “Kelompokku rata-rata manggung sepisan saben sasine. Taripe Rp 7 yuta pendhak tampil. Duwit semono kudu dibagi kanggo 12 tumeka 16 penari topeng, 10 pambeksa pendamping, 10 pemain musik pengiring, lan ongkos transport mangkat mulih. Akhire saben anggota nampa sembulih ora mingsra,” tuture.

Ewadene kabeh mau ora njalari dheweke, lumebere para pelaku Bege-gig Sukamantri, nglokro. Kepara dadi pamecut nyipta kreasi-kreasi anyar. Buktine, taun 2006 kepungkur rombo-ngan Bebegig Sukamantri binaane kasil dadi juara umum lan pasarta favorit ing event Kemilau Nusantara, Bandung. Pakne Puri. (Foto-foto Istimewa)

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Apa gunane kasuksesan yen bab kuwi ora mupangati tumrap kita, keluarga lan wong liya.

Klik

Omah Teko

Kaya apa omah impenmu? Apa sing gaya Eropa kanthi maneka saka ing njerone? Utawa pengin sing gaya minimalis nanging tetep nyaman? Kanthi ndeleng maneka inspirasi ing majalah utawa internet, para maos bisa nggathukake maneka desain saengga muncul gaya omah kang unik lan beda saka sing liyane. Salah sijine yakuwi kaya omah kang modhel teko iki? Mbokmenawa kanthi model teko iki para maos bisa nemokake ‘kehangatan’ ing njerone. (d/ist)***

Pethilan

Korupsi proyek mesjid, bupati Solok Kidul resmi ‘tersangka’

Koruptor Indonesia pancen kendel mesisan keblinger!

Prioritas masyarakat jroning blanja ritel nggeser

Dhuwite dicelengi nggo mudhik

Wong cacah 5 kang dinuga teroris dirangket ing Bekasi

Aja lena…