“Aku Kuwi Ya Uwong, Pingin Sekolah Dimen Pinter”
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 91 kali

Adul, Siswa SD Penandhang Disabilitas

Apa sing dialami bocah iki ngiris rasa pangrasa. Sapa wae bakal kegugah em­patine meruhi kahanan fisike kang ora sam­purna. Nanging beda mungguhing sing nandhang. Bocah iku ora tau kok katon suntrut, nangisi awak. Apamaneh nutuh, ora narimakake kahanan sing disengguh wis botsih. Geneya dheweke kok dilairake cacad, beda karo sedulure cacah telu liyane kang kabeh normal?

Jenenge Mukhlis Abdul Kholik (9). Adul, undang-undangane. Ragil putrane Pak Dadan Hamdani (52) lan Bu Pipin (48) kasebut sikile cilik sarta bengkong kiwa tengen kawit dibrojolake neng ndo­nya. Perangan gurung, utawa pita swa­rane uga kena gangguwan. Yeng omo­ngan swarane semu bindheng, ora ce­tha. Menyang ngendi-endi Adul kepeksa mbrangkang. Awit sikile karo pisan kena diarani ora berfungsi, dheweke luwih ngendelake kekuwatan tangane. Supaya ora tatu mlecet kanggo napak, epek-epek tangane karo pisan dinggoni srandhal.

Kecacadan babarpisan ora ndadek­ake Adul minder. Ora neng ngomah utawa sekolahan, bocah siswa kelas telu SDN 10 Cibadak, Kabupaten Sukabumi, Jawa Kulon iki ora tau ketinggalan melu main bal-balan karo kanca-kancane saba­rakan. Najan olehe nendhang nggunak­ake tangan, ora ana istilah handball. Jenenge wae dolanan.

Toleransi murni antar bocah ngono mau – disadari apa ora – imbuh miku­wati rasa percaya dhirine. Disabilitas ora njalari dheweke rumangsa beda sarta disingkirake saka pasrawungan kekan­can. Sedina-dinane ajeg katon gumbira, jumbuh karo donyaning bocah-bocah. Semangate kang makantar-kantar ngadhepi kasunyataning urip iki pantes dadi inspirasi, sarta tinuladha sapa wae.

Jenenge dadi ngetop sawise sawe­tara stasiun televisi nasional durung su­we kepungkur nayangake abote pepa­lang sing kudu diadhepi Adul. Omahe ing Kampung Cikiwul Tongoh, RT1 /RW1, Desa Sekarwangi, Kecamatan Cibadak, Kabupaten Sukabumi, dumunung neng lengkehe Gunung Walat. Esuk budhal sekolah Adul kudu ngliwati dalan lemah ndronjong mudhun menggak-menggok.

Ngepasi nguwot kreteg sesek pring kang leter sandhuwure kali, bocah iki sok ngangkat sikile mendhuwur, mlaku ngang­go tangane. Iki dudu atraksi akro­bat. Nanging, mbokmenawa, ketang ke­sele sawise mbrangkang suwe. Maklum, dohe ngomah menyang sekolahan ana yen 3 kilometeran. Suwalike nalika mulih, dalane dadi munggah. Bisa diba­yangake kaya ngapa lunyune wayahe mangsa rendheng. Bola-bali tiba ke­plorot wis biyasa dialami. Ewadene ka­beh mau ora ngendhokake kekarepane anggone kupiya ngudi ilmu. “Gedhening tekade mau kuwawa ngurubake sema­ngatku,” kandhane Bu Pipin.

Diundang wawancara dening sa­weneh stasiun televisi Jakarta, ibune Adul kuwi blaka kober bingung mikirake ragile mau. Saupama wenang milih ngono lowung Adul ora usah sekolah wae. Pili­han sing disadhari mung arep ngepenakake awake dhewe. Suwa­like, disadari, bakal ngru­gekake tembe mbu­­rine anake. Na­nging yen mengko di­sekolah­ake, apa ora ateges arep mbebarang wi­rang, dadi tontonan lan pepo­yokane bocah-bocah sasekolahan?

Mbarengi Adul tambah gedhe, Pipin dhewe uga imbuh melang-melang. Nganti sawijining wektu Adul kawetu njaluk disekolahake kaya kanca-kancane nunggal kampung kang padha sekolah neng PAUD Cikiwul Tongoh. “Mak, aku iki ya uwong, kepingin pinter,” kandhane. Krungu tembung lugu mengkono atine Pipin kaya sinebit. Tuwuh kesadharan ing batine, “Anakku dhewe kang cacat wae duwe semangat semono gedhene, ku­dune aku, ibune, njurung tekade”. Mung sadurunge ngiyani kekarepane anake, Pipin butuh pepesthen. “Aku luwih dhisik ngubungi pihak sekolahan. Sawise ana jaminan ditampa, nembe Adul tak­dhaf­tarake,” sambunge.

 

Kepingin Kuliah, Dadi Petugas Damkar

Ora krasa rong taun lumaku kebat. Ateges wayahe Adul nutugake pasinaone menyang tataran luwih dhuwur. Pilihane tumiba marang SDN 10, Cibadak. Tetim­bangane, sekolahan kasebut paling ce­dhak karo omahe. Pengalaman sasu­we­ne neng PAUD nuduhake, Adul kejaba  kasil nepakake dhirine uga bisa ditampa dening kanca-kancane tan beda kaya bocah normal liyane.

Kasunyatan iki paling ora nggedhek­ake atine Pipin. Najan mengkono sithik akeh ana rasa mamang. Pipin ngleng­gana wewengkon SD mono luwih jem­bar, ngliputi sakdesa. Beda murid-murid TK kang asale paling mung sakampung, utawa pedhukuhan, engga antarane bocah siji lan sijine racak wis padha tepung. Dadi kena dipesthekake Adul mengko bakal ketemu murid-murid anyar saka kampung liya kang padha dene durung kenale. Mula kaya sing wis ditindakake biyen, Pipin ngalahi merlok­ake nemoni Kepsek SDN 10 Cibadhak. “Tiwas takdhaftarake yen akhire ditulak jalaran sekolahan luwih mrioritasake calon murid normal, harak mesakake anakku,” kandhane.

Tumrape SDN 10 Cibadhak dhewe ora ana keraguan nampa Adul. Pancen sakawit ana pihak-pihak liya kang sate­ngahe nutuh geneya bocah kase­but ora disalurake menyang SLB wae. “Pancen Sekolah Luar Biasa setemene luwih trep kanggo Adul. Dene aku dhewe duwe sawetara alesan. Sepisan, per­timba­nganku ora mung faktor kecacatan, na­nging uga kahanan sosial ekonomine kulawarga. Tak pikir wong tuwane Adul bakal abot nyekolahake Adul menyang SLB sing dununge kepetung adoh. Ka­pindho, semangate si bocah pantes diapresiasi. Katelu, ing babagan pendhidhikan Adul duwe hak kang padha. Ce­kake, ora ana alesan kang­­goku nulak Adul,” prate­lane  Epi Mulyadi, Kasek SDN Ciba­dak 10.

Pamawas mau ora mle­set. Adul kabukten mujudake siswa kang aktif. Sawernane mata pelajaran bisa dikuwa­sani. Uga tugas-tugas seko­lahan dirampungake tan ana sing kecicir. “Adul ora minder srawung karo kanca-kancane. Wanci ngaso, dheweke melu main, dolanan apa wae, karo kanca-kancane,” tambahe Euis Khodijah, guru wali ke­las telu. Ora mung kuwi. Adul uga sregep melu  kegiatan ekstrakuri­kuler, kaya ta Pramuka sarta olah raga. “Pres­tasi belajare kalebu be­cik. Malah nalika kelas siji kasil nggayuh rang­king 5,” ujare Euis.

Kabeh mau tambah neguhake tekade Adul. “Cita-citaku mbesuk dadi Petugas Damkar, Pemadam Kebakaran,” tuture Adul marang saweneh presenter TV. Kajaba iku uga kepingin nutugake sekolah engga lulus kuliah. Pipin dhewe kaya katut kepompa semangate. “Biyen wektu isih kelas siji, lan munggah kelas loro, aku durung tega ngeculake dhewe. Saben ndina – mangkat lan mulih sekolah – Adul ajeg takgendhong,” tuture. Nembe sawise kelas telu, awit panjaluke si bocah, Adul dililani mang­kat lan mulih sekolah dhe­we.

Saka ngomah tumuju sekolahan liwat dalan desa jarake kurang luwih 5 km. Dalane isih lemah lempung tur menggak-menggok, munggah-mudhun. Mbrang­kang dohe semono ora saben wong – apama­neh bocah – kuwagang nglakoni. “Adul jane duwe kursi rodha, sumbangane sawenehe dermawan. Nanging piranti kuwi jelas angel digunakake kanggo nempuh medan sing mengkono abote, gek lunyu pisan wancine mangsa udan. Wong mlaku sikil wae asring kepleset-pleset,” kojahe Pipin.

Beja, saka ntren Unggul Al Bayan, Adul diidini nrabas dalan sidhatan liwat satengahe kompleks sekolah mau. Lu­mayan, jarak sing sekawit 5 km saban­jure mung dadi watara 3 km. Sok-sok, dhong ngepasi wong antuk rejeki rada turah, Adul disangoni dhuwit kanggo ngojek, sing biyasane mangkal neng pinggir dalan gedhe desa. Saka kene sekolahan kari sekilometeran. Ongkos ojek sekali jalan Rp 7.000,-  “Yen saben dina kudu cucul Rp 15.000 nggo ongkos ngojek ya genah ora kuwat. Maklum, bapake bocah-bocah pakaryane mung buruh tukang mecah watu,” ucape Pipin.

Pepinginane sing wis suwe kepen­dhem, bisa ketemu Presiden Jokowi we­kasane kasembadan. Bungahe Adul prasasat ngayang batin. Mbarengi pengetan Hari Disabilitas Internasional (HDI) Tahun 2018 ing Bekasi, Jawa Barat, Adul dipangku Mensos Agus Gumiwang Kartasasmita kelakon disowanake Pre­siden. Marang Presiden Joko Widodo, Adul nyuwun pambiyantu ragad kanggo nutugake sekolah nganti lulus perguruan tinggi. “Aku kepingin dadi Petugas Pema­dam Kebakaran,” kandhane bocah kase­but. Mireng mau Jokowi langsung paring apresiasi kanthi ngacungake jempol tangane karo pisan. Bacute Adul digen­dhong Presiden, diajak ngendhangi para disabilitas pasarta HDI liyane.

(Pakne Puri)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang paling hebat pisan kanthi idhe-idhene kang  paling brilian, bisa wae dikalahake de­ning wong kang bo­dho kanthi akale kang kerdhil. Mula tokna idhe-idhe bri­lianmu apa wae ka­hanane.

Klik

JEMBATAN NGISOR KALI

Meh kabeh, yen jenenge jembatan kuwi mlangkring ing sandhuwure banyu. Nanging ora mangkono karo jembatan kang ana ing Fort de Roovere, sacedhake Desa Halsteren, negara Landa iki. Ing kana ana jembatan kang ora mlangkring, nanging peres karo banyune. Jembatan iki pancen nyigar tlaga cilik kang banyune anteng. Dadi…. kapan maneh ya bisa nrabas banyu nanging ora teles?? (d/ist)***

Pethilan

TVRI nyoba ngrombak stigma

Saingane luwih maju banget

Sing manther anggone ngawasi praktek politik dhuwit

Emane dhuwite ora mambu…

Sing lapor SPT adoh saka target

Akeh sing ‘golput’ pranyata…