Ngrangkul Cagak Listrik
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 167 kali

Ngrangkul Cagak Listrik

 

Udakara taun 1975 aku ninggalake kutha kelairanku, Salatiga. Ancasku aku arep ngenger bulik kang ngasta dadi perawat ing Semarang. Ora susah dak critakake kaya ngapa sumedhote ati iki nalika ninggalake kutha kelairan kang ayem tentrem.

Tanpa dakrasa bis PO Adam  kang wektu iku mawa tulisan Cepat jurusan Solo-Semarang wiwit mudhun dalan Gombel kang njuleg. Dakdeleng ing poncod lor katon Pelabuhan Semarang rinengga kapal-kapal gedhe kang ngregunuk ngebaki pesisir. Jam 11.00 punjul sithik bis kang daktumpaki kleser-kleser mlebu stanplat Tegalwareng ing Jalan Sriwijaya.

“No, yen wis tekan Tegalwareng nyabranga dalan. Ngrangkula cagak listrik kang persis ana ana ngarep Bon-Bin Tegalwareng. Aja lunga dhisik yen durung dak parani,” ngono pesene bulik lumantar kertu pos sing daktampa minggu kepungkur.

Nuhoni dhawuhe bulik aku banjur ngrangkul cagak listrik ing ngarep loket kebon kewan. Ana siji loro priyayi kang ngampet guyu meruhi patrapku sing aneh sinawang. Yen ana cewek sakbarakanku sing nyawang karo nyekikik, rangkulanku marang cagak listrik age-age dakculake. Aku ethok-ethok mbenerake tali sepatu. “Bulik kok ya ora teka-teka ya,” aku wiwit goreh.

Aku ndremimil ndonga muga-muga bulik enggal methuk supaya ora kesuwen anggonku dadi tontonane uwong. Sajake dongaku dikabulake Gusti, dakdeleng bulikku mudhun saka bemo. Nuli dakundang asmane. Nalika panjenengane noleh, aku ethok-ethok ngrangkul cagak listrik maneh. Sapatemon iku ndadekake bungahku. Angen-angenku bisa urip ing kutha Semarang gumawang ing mripat. Apa tumon, supaya gampang golek-golekane kok didhawuhi ngrangkul cagak listrik.

FX. Suyatno-Semarang


 

Jamu Pete lan Sate

 

Sumi prawan kang umure ndungkap 40 taun kuwi sida omah-omah oleh Barto (35 taun). Kepriye ketemune wong loro kuwi biyen engga wekasane mutusake rabi, ora ana sing ngerti. Sing genah sawise resmi dadi bojo, saben wengi Sumi kudu siyap ngladeni krodhane Barto.

Kanggo obat kuwat, Barto tuku pete sing wis tuwa sepuluh cacahe. Saben arep saresmi karo Sumi, Barto uga tuku sate. Sawise tekan omah, karo mangan sate, Barto ngemploki pete saeler. Mangka saben pete saeler, isine ana 15-16 iji kathik gedhene sak pentil jambu.

Merga jamu pete lan sate mau Barto kuwat saresmi ping papat jroning sewengi. Suwe-suwe Sumi meteng. Sangang sasi lair anak lanang. Lagi entuk telung sasi Sumi nyusoni anak, Barto wis kebelet ngejak kumpul maneh.

“Emoh, Kang, aku kesel,” kandhane sumi tanpa greget.

Merga kekarepane ditolak, Barto nesu. Apamaneh greng­senge wis tekan mbun-mbunan merga kesuwen ora digu­nakake. Akhire Sumi dipilara, diantemi nganti bengep kabeh. Sumi ora trima. Dheweke banjur gugat menyang pengadilan agama njaluk pegat.

Triwahyono-Godean, Yogya

 


Tinggal Donya Bareng

 

Durung suwe iki ing desaku,  Plumbon, Kabupaten Bantul, ana warta lelayu sing dibiwarakake lumantar corong mesjid.  Wektu kuwi Jumuwah 2 Nopember 2018 sing tinggal donya asmane Pak Sumardiyono, 62 tahun. Tinggal donya merga lara wis sawatara suwe.

 E ora let suwe ana pengumuman saka tangga desa, yaiku Kanoman, yen uga ana uwong sing tinggal donya. Warta dhuhkita kasebut uga dibiwarakake lumantar corong mesjid. Asmane sing tinggal donya Bu Sutiyem, 72 tahun. Tinggal donya  merga gerah sepuh.

 Sawise rinukti kaya satataning wong tinggal donya, jisim loro mau banjur kapikul menyang pemakaman umum ing dina sesuke. Jebul anggone ngubur ing pemakaman sing padha.   Jame ngubur jisim loro mau  padha persis, yaiku jam 13.00 dina Setu tanggal 3-Nopember -2018.

 Lagi kuwi aku weruh ana wong tinggal donya bebarengan lan ngubure uga bebarengan ing jam lan dina sing padha persis. Kadidene warga kampung, aku merlokake tanziyah. Nanging anggonku takziyah ya mung ing daleme almarhum Pak Sumardiyono sing nunggal sadesa. Wondene ing daleme almarhumah Bu Sutiyem aku ora kober takziyah senajan uga tepung nalika panjenengane isih sugeng. Sok ngonowa aku isih bisa melu ngubur Bu Sutiyem awit pangubure layon  uga mbarengi karo pemakamane Pak Sumardiyono ing makam umum kono,

Gunarso Wiyono-Banguntapan, Bantul

 

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang paling hebat pisan kanthi idhe-idhene kang  paling brilian, bisa wae dikalahake de­ning wong kang bo­dho kanthi akale kang kerdhil. Mula tokna idhe-idhe bri­lianmu apa wae ka­hanane.

Klik

JEMBATAN NGISOR KALI

Meh kabeh, yen jenenge jembatan kuwi mlangkring ing sandhuwure banyu. Nanging ora mangkono karo jembatan kang ana ing Fort de Roovere, sacedhake Desa Halsteren, negara Landa iki. Ing kana ana jembatan kang ora mlangkring, nanging peres karo banyune. Jembatan iki pancen nyigar tlaga cilik kang banyune anteng. Dadi…. kapan maneh ya bisa nrabas banyu nanging ora teles?? (d/ist)***

Pethilan

TVRI nyoba ngrombak stigma

Saingane luwih maju banget

Sing manther anggone ngawasi praktek politik dhuwit

Emane dhuwite ora mambu…

Sing lapor SPT adoh saka target

Akeh sing ‘golput’ pranyata…