Disambangi Kadang Among
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 200 kali

Kaya adate, sadurunge kanca-kanca rawuh, Mas Aji mesthi wis lungguh nylekenuk lesehan neng sandhing lawang. Kanca penulis siji iki kawit biyen pancen paling aktif, paling dhisiplin lan paling sregep ngrawuhi acara sapatemon rutin anggota sanggar sastra.

Saben rong wulan sepisan sanggar sastra Kemuning iki pancen nganakake sapatemon.

Papane gonta-ganti. Kadhangkala neng Kediri, Tulungagung, Blitar, Malang, Trenggalek, Madiun lan Ponorogo. Sapa sing kepanggonan ora dipeksa, sebab metu saka kesadharane dhewe-dhewe. Krana kabeh beya nganakake sapatemon mau mandhiri aliyas tanpa sumbangan saka kanca utawa sanggar. Mula sapa sing siyap dadi tuwan rumah sapatemon anggota sanggar sing cacahe watara seketan kuwi mung kari matur ngono wae marang ketuwa.

Semono uga nalika padha ngra-wuhi papan sapatemon kanthi ngasta mobil utawa nitih motor, kabeh  kudu ngetokake ragad saka kanthonge dhe-we-dhewe. Sebab sanggar sing misine ngleluri lestarine sastra lan basa Jawa iki wiwit biyen pancen non profit. Kas-e cumpen. Sing ana mung semangat saka para anggotane kepengin tansah njejegake kumlebete gendera sastra Jawa. Sok ngonowa ora ana peksan tumrap anggota. Mlebu dadi anggota sanggar tanpa iuran, semono uga nalika wis rumangsa bosen banjur lunga, uga ora diwenehi sanksi.

“Mas Aji kalih sinten?” pitakonku sawise salaman.

“Ijen.”

“Keng Ibu mboten ndherek?”

“Mboke bocah-bocah lagi utheg ngegekake panganan nggo anake sing arep bali nyang Palembang.”

Mas Aji kagungan putra telu. Sing mbarep wis kerja neng Palembang, nomer loro lagi lulus kuliyah pelayaran Semarang, dene sing wuragil lagi semester papat Universitas Negeri Surabaya (Unesa), jurusan basa Jawa. Uger ngrawuhi acara sanggar, biyasane Mas Aji pancen sarimbit karo garwane. Mula bareng katon Mas Aji rawuh ijen, sing daktakokake dhisik dhewe ya garwane.

“Putra ingkang wonten Semarang nika nerusaken kuliyah menapa sam-pun nyambut damel, Mas?” panlesihku.

Putrane Mas Aji sing nomer loro iku aku pancen wis wanuh merga asring ngancani bapake mrana-mrene, klebu yen Mas Aji dhong ngrawuhi sapa-temon sanggar. Gantenan. Yen ora garwane ya putra nomer loro iku sing asring ndherekake. Wektu Mas Aji keserang diabet utawa tensine  dhu-wur, menyang kantor utawa tindak ngendi wae putrane sing umur uda-kara patlikur taun kuwi sing ajeg ngeterake.

“Magang kerja,” jawabe Mas Aji cekak.

“Remen  nggih, Mas, putra-putri sampun sami  mentas.”

Mas Aji manthuk, “Alhamdulillah, Gusti Allah paring.”

 Mas Aji banjur crita  menawa putra ragile sing…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang paling hebat pisan kanthi idhe-idhene kang  paling brilian, bisa wae dikalahake de­ning wong kang bo­dho kanthi akale kang kerdhil. Mula tokna idhe-idhe bri­lianmu apa wae ka­hanane.

Klik

JEMBATAN NGISOR KALI

Meh kabeh, yen jenenge jembatan kuwi mlangkring ing sandhuwure banyu. Nanging ora mangkono karo jembatan kang ana ing Fort de Roovere, sacedhake Desa Halsteren, negara Landa iki. Ing kana ana jembatan kang ora mlangkring, nanging peres karo banyune. Jembatan iki pancen nyigar tlaga cilik kang banyune anteng. Dadi…. kapan maneh ya bisa nrabas banyu nanging ora teles?? (d/ist)***

Pethilan

TVRI nyoba ngrombak stigma

Saingane luwih maju banget

Sing manther anggone ngawasi praktek politik dhuwit

Emane dhuwite ora mambu…

Sing lapor SPT adoh saka target

Akeh sing ‘golput’ pranyata…