Adipati Kayu Bralit (7)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 192 kali

Sang kala terus lumaksana kaya adat saben tan wanuh mundur. Terus maju. Ninggal dina wingi napaki dina iki lan tumuju dina sesuk. Mula banjur ana unen-unen: dina iki kuwi anak dina wingi lan dadi wong tuwa kanggo dina sesuk. Dina-dina kang lembarane kebak cathetan sing ora nampik lelakon ala lan becik.

Mula saka kuwi tumrap menung­sa kang lumuh njingglengi cathetan-cathetan saka dina wingi, ing meng­kone temtu kesasar-sasar lakune. Mungguh jalarane merga ora bisa maknani uripe. Urip kuwi uruk. Uruk mono wulang. Wulang kang perlu disinau. Lire, cathetan lelakon ala kinarya kaca benggala, cathetan lelakon becik dienik-enik. Tundhone dina sesuk dadi luwih apik tinimbang dina iki.

Kanggo Dyah Warukung, dina-di­nane ketok kaya isi lembaran ca­-the­tan apik. Urip kepama, suman-dhing wanita sulistya, rinengga-rengga raras ruming asmara. Galuh Sekar mula blegering wanita kang andarbeni pirasat aweh nikmat. Nik-mat jroning karonsih. Dedeg piyadeg lencir, kulit kuning ngemu giring, galak ulat, netra anjait lindri, jangga mang-lung, pupune amukang gangsir gek kecete tipis merit. Kang luwih ngetok-ngetoki kuwi andheng-andheng ing sandhuwuring tlapukan mripat te-ngen. O, andheng-andheng ‘guna sak-ti’. Wondene pirasate: limpad ing bu-

di, bisa manjing ajur-ajer, sugih begja.

Kacarita dina kuwi Galuh Sekar lagi lelungguhan neng gadri, gandhok kang ngapit Dalem Keputren. Panya-wange tumlawung adoh. Nrabas endahe patamanan kang asri dening kekembangan maneka warna. Kupu lan kombang rebut unggul ngrungrum kembang­kembang kang angambar arum gandane amrih bisa angisep sari-sarining sari, yaiku madu.

“Hara ta, ngalamun, yaaa!” cluluke Dyah Warukung.

Sanalika Galuh Sekar njingkat saking kagete. Mlengak nggoleki asal-usule swara kang ngaget-ngageti kuwi.

“Ah, Kangmas Warukung!” Galuh Sekar nylemong kawistara angglong. “Huuu, nganti melar sangketku!”

“Apa sing kok penggalih, Yayi Galuh Sekar?”

“Panjenengan, Kangmas. Panje-nengan!”

“Geneya aku?”

“Ujaring para winasis, jare rasa kumanthil-kanthil kuwi dadi punjer underaning kasang-saran. Mangka aku ora bisa selak. Rasaku kedarung kanthil neng panje-nengan, Kangmas Warukung.”

“Apik ta, kuwi. Kaya mimi lan mintuna. Kanthil. Ora bisa ginggang sarambut,” Dyah Warukung ngegongi omonge Galuh Sekar.

Kanyata Dyah Warukung durung gadug nyurasa wasita adi kasebut. Kang wose kahanan kuwi……….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang paling hebat pisan kanthi idhe-idhene kang  paling brilian, bisa wae dikalahake de­ning wong kang bo­dho kanthi akale kang kerdhil. Mula tokna idhe-idhe bri­lianmu apa wae ka­hanane.

Klik

JEMBATAN NGISOR KALI

Meh kabeh, yen jenenge jembatan kuwi mlangkring ing sandhuwure banyu. Nanging ora mangkono karo jembatan kang ana ing Fort de Roovere, sacedhake Desa Halsteren, negara Landa iki. Ing kana ana jembatan kang ora mlangkring, nanging peres karo banyune. Jembatan iki pancen nyigar tlaga cilik kang banyune anteng. Dadi…. kapan maneh ya bisa nrabas banyu nanging ora teles?? (d/ist)***

Pethilan

TVRI nyoba ngrombak stigma

Saingane luwih maju banget

Sing manther anggone ngawasi praktek politik dhuwit

Emane dhuwite ora mambu…

Sing lapor SPT adoh saka target

Akeh sing ‘golput’ pranyata…