Hastana Laweyan, Papan Sumarene Leluhur Mataram
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 118 kali

Laladan Laweyan, Solo, sasuwene iki pancen luwih kondhang minangka kampung perajin bathik. Laweyan uga dhaerah sing dumunung ing pinggir, ing njaba ‘segitiga budaya’ Solo, yaiku Keraton Kasunanan, Pasar Gedhe, lan Pura Mangkunegaran.  

Senajan kondhang minangka punjere perajin bathik, ananging menawa dionceki luwih permana, ing Laweyan iki pranyata akeh tinemu maneka situs sejarah. Sebut wae Mesjid Laweyan, Langgar Merdeka, Pe­sareyan Pahlawan Nasional KH Saman­hoedi, Pesareyan Ki Ageng Beluk, lan Has­tana Laweyan. Pesareyan sing sinebut pung­kasan iki dikeramatake dening ma­sya­rakat, amarga Hastana Laweyan iki papan sumarene Kyai Ageng Henis, lelu­hure Laweyan.

Menawa dilacak sejarahe, Laweyan satemene kampung tuwa sing wis ana wi­wit taun 1500-an, yaiku wiwit anane Ke­raton Pajang. Ngenani asal muasal jeneng Laweyan dhewe, pranyata banget ndudut ati. Salah sijining versi nyebutake, jeneng Laweyan dikenal karana papan iki papan dununge wong sing sugih (wong Nglawi­yan). Versi liyane ngandhakake, jeneng La­weyan asale saka tembung lawe, yaiku bolah kanggo gawe sandhangan. Ana­nging ana maneh versi sing nyebutake, La­weyan asale saka tembung Laway (basa Sansekerta), sing maknane jisim tanpa sirah.

Miturut versi sing pungkasan iki, Lawe­yan utawa Lawayan yaiku papan kanggo Nglawe, utawa midana marang wong nggunakake lawe. Persise piye anggone midana, pancen ora disebutake. Salah siji­ning sumber tulisan saka Belanda nye­butake, ing jaman Pajang lan Mataram, para bangsawan sing konangan lan diang­gep salah marang Keraton, umume dipi­dana kanthi cara dijiret gulune nganggo tali. Ngrunut saka sumber kasebut, bisa uga pidana arupa nglawe kuwi yaiku njiret gulu nggunakake lawe.

Ing tradhisi lisan cinathet, ana pungga­wa Keraton sing nasibe cilaka kena pidana sing nggegirisi iki. Sebut wae, ing antarane yaiku salah sijining anake putri Paku Bu­wana I, sing nalika dadi selir Sunan Mang­kurat Mas (Sunan Amangkurat III), seling­kuh klawan Raden Sukra, putra Patih Ra­den Arya Sindureja. Tumindak nista kase­but konangan, lan sakloron dipidana pati nggunakake lawe. Loro-lorone disarekake ing Hastana Laweyan iki.

Tembung Laweyan uga ditemokake ing prastawa raja pati sing dialami Raden Pabelan  utawa asring sinebut Kyai Batang. Raden Pabelan diperjaya amarga andhon asmara klawan putri ragil Raja, Raden Ayu Sekar Kedaton. Jisime Raden Pabelan di­buang ing Kali Jenes, persis ing ngarep Hastana Laweyan.

Tembung Lawe-yan uga cinathet ing prastawa Geger Paci-nan. Dicritakake, na­lika ngadhepi kahanan politik sing ora nen­tremake ati iki, Sunan Pakubuwana II ndo­nga njaluk berkah ing pe­sareyane Kyai Ageng Henis, supaya kahana­ne enggal tentrem. Kyai Ageng Henis, sa­temene ora liya sim­bah buyute Sunan Pa­ku Buwuono II. Mula, nalika Sunan Paku Bu­wono mang­kat utawa seda, karana kaha­nane isih durung aman, jisime banjur disa­rekake ing Hastana Laweyan. Mula, Sunan Paku­buwana II uga kondhang kanthi sebutan Sunan Nglawiyan.

Lha, ngenani cikal bakal dumadine La­weyan, tamtu ora bisa uwal saka andhile Kyai Ageng Henis. Nalika isih sugeng, Kyai Ageng Henis ora mung mulang babagan ngelmu agama, ananging dheweke uga nga­jari seni bathik marang santri-santrine. Mu­la, dudu barang kang nganeh-anehi me­na­wa ing Laweyan kondhang minangka kam­pung bathik.

 

Sapa Sejatine Kyai Ageng Henis?

Maneka sumber tulisan nyritakake, Kyai Ageng Henis yaiku puterane Ki Ageng Sela. Kita temtu wis padha pirsa, saking am­puhe, Ki Ageng Sela iki munine bisa nyekel bledheg. Miturut Babad Jawa versi Mang­kunegaran, Ki Ageng Sela palakrama kla­wan Nyai Bicak, putri Ki Ageng Ngerang. Sabanjure kagungan puteri 6 sarta putera ragil kakung, yaiku Kyai Ageng Henis.

Kyai Ageng Henis palakrama klawan  putri sing sabanjure sinebut Nyai Ageng Henis. Anggone bebrayan diparingi putera loro, yaiku Ki Ageng Pemanahan lan Ki Ageng Karatongan. Ki Ageng Pemanahan palakrama klawan Nyai Sabinah, lan di­paringi putra-putri sing akeh, salah sijine yaiku putera nomer 2, kang aran Sutawi­jaya. Sutawijaya iki sing tembe mburine dadi Raja Keraton Mataram pisanan, kan­thi gelar Panembahan Senopati. Dadi, me­nawa dilacak sejarahe, Kyai Ageng Henis iki satemene leluhure raja-raja Keraton Mataram.

Nalika isih sugeng, Kyai Ageng Henis iki pinercaya minangka guru spiritual Ke­raton Pajang. Kyai Ageng Henis uga kanca kenthel klawan Sunan Kalijaga. Lha, ka­rana jasane, dening Sultan Hadiwijaya, Kyai Ageng Henis diparingi lemah perdikan (lemah bebas pajek) ing Laweyan. Ing papan sing sinebut Laweyan iki Kyai Ageng Henis manggon. Lan nalika seda, Kyai Ageng Henis disarekake ing Hastana La­weyan.

Menawa kita arep mlebu ing Pesare­yane Kyai Ageng Henis, kita bakal ngliwati patang gapura utawa lawang. Gapura pisanan mapan ing kidul persis pelataran Mesjid Laweyan. Ing tembok gapura iki, dipasang tetenger jeneng lan tetenger minangka Bangunan Cagar Budaya saka Pemerintah Kutha Solo.

Ing njero tembok iki, kita bakal nemoni pelataran eyup sing ora pati jembar. Sa­banjure, ing sisih kulon pelataran, ana gapura utawa lawang sing kaping pindho. Ing njero tembok mau, kita bakal nemoni anane pendhapa sarta bangsal kanggo ngaso sing padha ziarah. Abdul Azis (60 taun), juru kunci Hastana Laweyan njlen­trehake, pendhapa kasebut anggone mba­ngun udakara taun 1745. Tekan saiki, pen­dhapa kasebut isih asli. “Pendhapa iki pindhahan saka Keraton Kartasura,” im­buhe Abdul Aziz.

Nah, saka kompleks sing ana pendhapa lan bangsal iki, ing sisih kulone ana gapura maneh, yaiku gapura kaping telu. Ing njero gapura iki, ana pesareyan sing jembar ba­nget, isine atusan kijing sing sumebar. Nitik saka bentuke, kijing-kijing kasebut isih durung pati tuwa. Jaman biyen, Abdul Aziz ngandhakake, sapa wae sing arep mlebu pesareyan ngliwati gepura iki, sikile kudu wijik dhisik. Abdul Aziz ora njlentrehake, kena apa bab kuwi saiki ora dilakoni maneh.

Ing njero kompleks pesareyan sing jembar banget iki, isih ana maneh kom­pleks pesareyan cilik sing dikupeng tem­bok. Pesareyan iki mapan ing sisih lor dhewe. Kanggo mlebu ing kompleks iki, kita kudu ngliwati gapura sing pungkasan. Ing ngisor gapura, dipasangi sesaji arupa kembang setaman. Ya ing kompleks iki papan sumarene Kyai Ageng Henis lan para bangsawan sing kinormatan. Para pri­yayi sing sumare ing kene, yaiku saka Keraton Pajang, Keraton Kartosura lan Ke­raton Kasunanan Surakarta.

Kejaba Kyai Ageng Henis, ing kene uga sumare Nyai Ageng Pandanaran (garwa Sunan Pandanaran) lan Nyai Ageng Pati (garwa Ki Penjawi). Loro-lorone ana ing kiwa lan tengene pesareyan Kyai Ageng Henis. Pesareyan telu mau banget dikera­matake. Ing cedhake pesareyan telu mau, tuwuh wit nagasari sing umure padha tu­wane klawan pesareyane.

Ngenani wit nagasari iki, mbok mena­wa wis dadi tetenger tetuwuhan langka ing kuburan-kuburan tuwa lan keramat, yaiku utamane pesareyan tuwa kang ana gandheng cenenge klawan Keraton Mata­ram. Kejaba ing Hastana Laweyan, wit nagasari sing luwih gedhe uga tuwuh ing ngarep gapura pesareyan Panembahan Senopati ing Kutagede.

Nah, kejaba Kyai Ageng Henis, Nyai Ageng Pandanaran, lan Nyai Ageng Pati, ing Hastana Laweyan iki uga isih akeh sumare priyayi kang kinormatan, ing an­tarane yaiku Pangeran Wijil I Kadilangu (pujangga dalem Susuhunan Pakubuwana II), GPH Prabuwinoto (putra ragil Paku Buwono IX), KGPH Prabuwidjojo (putra mbarep Paku Buwono IX), lan uga KGPH Mangkubumi I. Sabanjure yaiku Paku Buwono II (jisime ing liya wektu dipindhah ing Hastana Imogiri), Raden Sukra sing dipidana pati, lan uga Permaisuri Paku Buwono V.

Isih ana maneh priyayi sing sekti lan linuwih sing sumare ing Hastana Laweyan iki. Yaiku salah sijining dhalang Keraton Kasunanan Surakarta sing dipercaya wis tau ditimbali Ratu Kidul. Sabanjure, Kyai Ageng Proboyekso, dipercaya salah siji­ning jin saka Segara Lor, bareng prajurit jin melu mbiyantu njaga Keraton Kasu­nanan Surakarta.

Karana dianggep keramat lan wingit, Hastana Laweyan iki kerep diziarahi ma­sya­rakat saka maneka laladan. Juru kunci Hastana Laweyan Abdul Azis blaka suta, niate sing padha ziarah kuwi temtu kepen­tinge werna-werna. Ana peziarah sing ang­gone teka karana nindakake laku pri­hatin, nenangake pikir ing pesareyan iki.

 “Ora bisa diselaki, wong urip kuwi mesthi kala-kala kesandhung masalah. Embuh kuwi babagan omah-omah, utawa ngenani rezeki sing kurang lancar,” ujare Abdul Aziz. Mula, imbuhe Abdul Aziz, sing ziarah ing Hastana Laweyan iki akeh-akehe karana pengin uwal saka masalah sing nggubet uripe.

Kaya sing dialami dening peziarah saka Magelang iki, sebut wae jenenge Basuki (59 taun), sing ketaman bangkrut anggone bakulan. Basuki nyritakake, ziarah ing pe­sareyane Kyai Ageng Henis nekakake rasa tentrem. Basuki ngerti lan ngrumangsani, ziarah kuwi ora bakal bisa nguwali ma­salahe, ananging dheweke ngrasakake, “Atiku dadi luwih wening ngadhepi pa­coban urip sing abot iki,” ujare Basuki.

Nah, Hastana Laweyan papan suma­rene Kyai Ageng Henis iki mapan ing Kam­pung Belukan, Kelurahan Pajang, Keca­matan Laweyan, Solo. Papane gampang banget golekane. Menawa kepingin ziarah, Hastana Laweyan iki saben dina bukak. Ngenani jeneng Kampung Belukan iki, pranyata ana gandheng cenenge klawan salah sijining pandhita Hindu sing kasek­tene linuwih, yaiku kang aran Ki Ageng Beluk. Ki Ageng Beluk sing wektu kuwi ngrasuk agama Hindu, karana glembukane Kyai Ageng Henis, wusanane malik ngra­suk agama Islam. Sabanjure, Ki Ageng Beluk dadi kanca rakete Kyai Ageng Henis. Malah, wusanane Ki Ageng Beluk andhile uga gedhe tumrap sumebare Islam wektu kuwi. Mula, nalika Ki Ageng Beluk seda, dheweke disarekake ing lor beteng Has­tana Laweyan. Senajan ing njaban beteng, ananging pesareyane Ki Ageng Beluk adohe mung udakara 50 meter saka pe­sareyane Kyai Ageng Henis. * (Agung Hartadi)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang paling hebat pisan kanthi idhe-idhene kang  paling brilian, bisa wae dikalahake de­ning wong kang bo­dho kanthi akale kang kerdhil. Mula tokna idhe-idhe bri­lianmu apa wae ka­hanane.

Klik

JEMBATAN NGISOR KALI

Meh kabeh, yen jenenge jembatan kuwi mlangkring ing sandhuwure banyu. Nanging ora mangkono karo jembatan kang ana ing Fort de Roovere, sacedhake Desa Halsteren, negara Landa iki. Ing kana ana jembatan kang ora mlangkring, nanging peres karo banyune. Jembatan iki pancen nyigar tlaga cilik kang banyune anteng. Dadi…. kapan maneh ya bisa nrabas banyu nanging ora teles?? (d/ist)***

Pethilan

TVRI nyoba ngrombak stigma

Saingane luwih maju banget

Sing manther anggone ngawasi praktek politik dhuwit

Emane dhuwite ora mambu…

Sing lapor SPT adoh saka target

Akeh sing ‘golput’ pranyata…