WR Soepratman Ngenalake Lagu Indonesia Raya sepisanan Kanthi Instrumentalia
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 105 kali

PARA maos temtune mangerteni sapa Wage Rudolf Soepratman. Wartawan kang ngenalake lagu Indonesia Raya ana ing Kongres Pemuda II kang diadani tanggal 17-28 Oktober 1928 ing Jakarta,  kang wektu iku jenenge isih Batavia. Ana kongres iku ana prastawa kang narik kawigaten, saliyane kanthi sumpah pemudha kang kondhang iku. Uga ing kalodhangan iku dikenalake lagu Indonesia Raya. Saka wartawan mudha  kang profesine saben dinane saliyane komponis uga minangka wartawan.

Wage Rudolf Soepratman kalebu mahir mainake biola. Ingga dheweke dadi violis sawijining grup jazz kang jenenge Black and Sweet lan minangka band kang ngisi ing Sociated Bandung. WR Soepratman pancen nduweni gaweyan tetep minangka wartawan ing media Kaum Moedha Bandung. Nanging sambene minangka pemain grup band kang saben wengi nduweni jadwal ngisi ing Sociated. Merga blanjane luwih akeh tinimbang honore minangka juru warta.

Honor minangka wartawan pancen bisa dikandhaake ora nyukupi. Malah ing taun 1925, honore minangka wartawan PAIT (Pers Agentschapt Iondia Timur) durung dibayar, anggone dadi pembantu golek berita. Ingga dheweke pindhah ana ing layang kabar Kaoem Kita Bandung.  Arepa mangkono jagate wartawan ora ditinggalake merga minangka juru warta bisa ketemu tokoh-tokoh gedhe. Arepa dheweke nyambi dadi ‘anak band’ kang bayare luwih bisa dijagakake.

Lagu Indonesia Raya dikenalake sadurunge diwacakake asil-asil Kongres Pemuda II ing Batavia. Lagu iku dikenalake kanthi instrumentalia kanthi iringan biola, kanthi pangajap supaya lagu iku ora mancing keributan karo polisi lan intel kang wektu iku akeh kang teka ing Kongres Pemudha. Merga kongres dening pamarentah kolonial dianggep ‘bibit’ kebangsaan  kang kudu age-age dibesem.

Ana kalodhangan  iku WR Sopratman bener-bener bisa mbius para pemudha kang hadir ing Kongres. Dheweke kang ngagem clana lan jas putih kanthi dhasi kupu-kupu kasil na-rik kawigatene pasarta kongres. Keplok-keplok keprungu nalika dhewek-e ngrampungake anggone ngenalake lagu Indonesia Raya. Malah ana kang suit-suit barang lan njaluk supaya mbaleni anggone ngenalake lagu iku.

Malah lagu-lagu iku ditembangake para hadirin kang ngumpul ing arena Kongres Pemudha II 1928. Engga swasana dadi tambah gayeng. Tanggal 18-20 Mei 1929 ana ing Kongres PNI ing Jakarta lagu iku bali dikenalake maneh kanthi paduan suara. Lagu Indonesia Raya uga diputusake minangka lagu kebangsaan Indonesia.

 

Kolonial Belanda Wiwit Ngalang-alangi

Ana kene pihak kolonial Belanda wiwit ngalang-alangi kumandhange lagu Indonesia Raya. Perusahaan rekaman duweke Tio Tek Hong nyoba ngrekam lagu Indonesia Raya kanthi bentuk piringan hitam (PH) kanthi format 78 RPM. Anggone rekaman wis rampung, honor pemain lan komponis wis dibayar lunas. PH siap didol. Nanging ana putusan kang nglarang dikumandhangake lagu Indonersia Raya, engga akhire peredaran PH WS Soepratman gagal. Malah WR Soepratman tansaya dicubriyani polisi penjajah.

Ya amarga tulisan-tulisan WR Soepratman ing layang kabar dianggep kritis lan asring gawe murinane pihak kolonial. Nanging tulisan lan lagu-lagu Wage Rudolf Soepratman terus metu. Saliyane lagu Indonesia Raya, WR Soepratman uga dikenal nggarap lagu Dari Sabang Sampai Merauke kang judhul awale Dari Barat Sampai Ke Timur. WR Soepratman terus dioyak-oyak lan dicubriyani penjajah Walanda. Engga akhire nganti dadi buron.

Pungkasane WR Supratman mlayu tekan Surabaya, lan ketangkep ing Embong Malang Surabaya, nalika sang komponis lagi mimpin paduan suara ing NIROM Surabaya kang sabanjure dadi RRI Surabaya. WR Supratman akhire ditahan ing penjara Kalisosok, Surabaya. Rebo Wage tanggal 17 Agustus 1938, WR Soepratman tilar donya. Lan disareake ing TPU  Kapas Surabaya, nanging ing taun 1953 dipindhahake menyang sawijining pemakaman ing Tambak Segaran.

Sakwise diakoni pamarentah minangka pahlawan nasional, papan nyarekake WR Soepratman dipindhjah menyang Kenjeran, Surabaya. WR Supratman ing Dhusun Trembelang, Desa Somongari, Kaligesing, Purworejo Jawa Tengah 19 Maret 1903. Bapake asmane Djoemeno Kartodikromo sawijining Tentara KNIL Walanda, ibune Siti Senen. Nanging nalika umur 7 taun dirumat sawijining Opas, polisi jaman Walanda ing Kelurahan Sindurejan Purworejo.

Nalika umur rong sasi Wage Soepratman digawa menyang Jatinegara, Jakarta. Ingga akeh kang ngira Wage Rudolf Sopratman lair ing Jatinegara, Jakarta. Kang wektu iku isih dijenengake Batavia. Jeneng Rudolf ana ing awal jeneng Soepratman merga nalika cilik dheweke melu main tonil ing Makassar. Merga maine apik kanca-kanca nambah jeneng Rudolf marang Wage Soepratman. Jeneng iku kang njalari Wage Rudolf Soepratman kondhang. Mangkono.

(Hamid Nuri)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang paling hebat pisan kanthi idhe-idhene kang  paling brilian, bisa wae dikalahake de­ning wong kang bo­dho kanthi akale kang kerdhil. Mula tokna idhe-idhe bri­lianmu apa wae ka­hanane.

Klik

JEMBATAN NGISOR KALI

Meh kabeh, yen jenenge jembatan kuwi mlangkring ing sandhuwure banyu. Nanging ora mangkono karo jembatan kang ana ing Fort de Roovere, sacedhake Desa Halsteren, negara Landa iki. Ing kana ana jembatan kang ora mlangkring, nanging peres karo banyune. Jembatan iki pancen nyigar tlaga cilik kang banyune anteng. Dadi…. kapan maneh ya bisa nrabas banyu nanging ora teles?? (d/ist)***

Pethilan

TVRI nyoba ngrombak stigma

Saingane luwih maju banget

Sing manther anggone ngawasi praktek politik dhuwit

Emane dhuwite ora mambu…

Sing lapor SPT adoh saka target

Akeh sing ‘golput’ pranyata…